• Tidak ada hasil yang ditemukan

Wiyose Gusti Yesus - MEDIA SABDA

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2024

Membagikan "Wiyose Gusti Yesus - MEDIA SABDA"

Copied!
60
0
0

Teks penuh

(1)

Wiyose Gusti Yesus

Kitab Suci Bocah

nyuguhaké

(2)

Ditulis déning: Edward Hughes Digambari déning: M. Maillot

Dibesut déning: E. Frischbutter; Sarah S.

Diterjemahaké déning: Endang Supardan diproduksi déning: Bible for Children

www.M1914.org

©2011 Bible for Children, Inc.

Kowe duwé hak motokopi utawa nyithak crita iki, waton ora kanggo diedol.

(3)

Ing jaman kuno, Gusti Allah ngutus malaékat Jibril ngrawuhi

sawijining prawan sing

manis, …

(4)

… bangsa Yahudi, jenengé Maria.

(5)

Malaékat mau ngendika,

“Sira bakal duwé anak, lan jenengana Yésus.

(6)

Anakmu iku bakal

disebut Putrané sing Mahaluhur. Dhèwèké

bakal mréntah

saklawasé.”

(7)

“Lho, kadospundi

sagedipun kedadosan?”

pitakonané prawan iku kanthi

gumun.

(8)

“Kula dèrèng kawin,

dèrèng gadhah sémah”

Malaékat ngendika marang Maria

yen anak iku tekané saka Gusti Allah.

(9)

Ora ana manungsa sing dadi bapaké.

(10)

Malaékat mau uga ngendika marang Maria,

yen nak duluré, Élisabèt,

nglairaké bayi

sepisanan bareng wis tuwa banget.

(11)

Iki uga mukjijat. Ora let suwe, Maria

tilik Élisabèt.

Sakaroné

padha memuji Gusti Allah

bebarengan.

(12)

Maria wis

tunangan karo priya jenengé Yusuf. Yusuf sedhih atiné bareng

ngerti yen Maria wis mbobot.

(13)

Dhewèké ngira bapaké bayi sing dikandhut

kuwi mesti priya liya.

(14)

Ing sajrone ngimpi, malaékaté Allah ngendika marang Yusuf yen

anak iku putrané Gusti Allah. Yusuf didhawuhi mbiyantu Maria njaga lan ngrawat

Yésus.

(15)

Yusuf percaya lan manut marang Gusti Allah.

Yusuf uga manut aturaning

negara.

(16)

Amarga ana peraturan negara sing anyar, Yusuf lan

Maria kudu ninggalaké

omahe, ...

(17)

... lunga menyang kutha asal usulé, yaiku Bèthlehèm,

perluné arep mbayar

pajeg.

(18)

Maria wis mèh wektuné nglairaké bayiné.

(19)

Nanging Yusuf durung éntuk

kamar kanggo ngaso.

(20)

Kabèh penginepan

wis kebak tamu.

(21)

Pungkasané Yusuf bisa éntuk sawijining kandhang.

Ya nang kono iku Bayi Yésus lair.

(22)

Ibuné nurokaké Bayi Yésus nang wadhah pakan kéwan, …

(23)

… yaiku panggonan sing biasané kanggo ndokok pangané kéwan.

(24)

Ora adoh saka kono, ana para pangon sing lagi njaga

wedhus-wedhusé sing padha

turu.

(25)

Malaékaté Gusti ngetingal lan ngendika yèn ana kabar

apik banget.

(26)

“Wis lair kanggo sira kabèh, ing dina iki, ing kuthané Dawud,

Juru-Slamet, yaiku Gusti

Kristus.

(27)

Sira bakal ketemu karo Bayi iku, sumèlèh ing wadhah

pakan kéwan.”

(28)

Ujug-ujug, malaékat sing sumorot padhang, tambah akèh

banget, …

(29)

… kabèh padha memuji Allah, tembungé, …

(30)

… “Kamulyakna Gusti Allah ing Ngaluhur lan tentrem

rahayu ing

bumi, …

(31)

… ing antarané manungsa sing dadi renaning

penggalihé Gusti

Allah.”

(32)

Para pangon énggal-énggal lunga menyang kandhang

sing dingendikaaké malaékat.

(33)

Bareng weruh Bayi iku, para pangon banjur padha nyritaaké marang kabeh

wong sing ketemu, …

(34)

… sembarang sing wis dingendikaaké dening para

malaékat bab Gusti Yésus.

(35)

Patang puluh dino sakwisé Gusti

Yésus lair, Yusuf lan Maria nggawa Gusti Yésus menyang Padaleman Suci ing Yerusalèm.

(36)

Nang kono ana wong lanang tuwa jenengé Siméon, memuji Allah amarga Bayi iku wis lair; …

(37)

… kejaba kuwi ana uga wong wadon sing jenengé Hana, uga abdiné Gusi, sing ngaturaké pamatur nuwun kagem Gusti Allah.

(38)

Wong loro mau ngerti yen Yesus iku Putrané Allah,

Juruslamet dijanjèkakésing déning Allah.

Yusuf ngaturké kurban manuk loro.

(39)

Kurban ini pisungsung tumrap kelairan

anak sing kudu diaturaké marang Gusti Allah déning wong –wong sing kagolong miskin, miturut tatacara

adat.

(40)

Ora let suwé,

dikanthi déning

lintang sing istiméwa, …

(41)

… ana Para

Pandhita Ahli perkara

lintang

saka manca, negara ing tanah Wétan,

rawuh ing Jerusalèm.

(42)

“Rajanipun tiyang

Yahudi ingkang

nembé lair punika wonten ing pundi?”

(43)

pamundhut pirsané.

“Kula sami badhé

sujud nyembah ing ngarsanipun.”

(44)

Raja Herodes miyarsa utawa krungu bab

rawuhé Para Pandhita.

(45)

Panjenengané

kuwatir lan wedi banget, banjur

ngendika marang para tamu mau

supaya padha paring kabar yèn wis

ketemu bayi

Yésus.

(46)

“Kula ugi

kepéngin sujud nyembah ing

Ngarsanipun”, mangkono Raja Herodès

anggoné ngapusi.

(47)

Sakbeneré,

Raja Herodès kepéngin

matèni Gusti Yésus.

(48)

Lintang sing istiméwa, nuntun lakuné para Pandhita tekan

sawijining omah sing dienggoni

Maria lan Yusuf karo

Bayi Yésus.

(49)

Para tamu saka adoh iku banjur padha sujud, lan ngaturaké

hadhiyah sing a pik-apik banget,

wujud

mas-masan lan wangi-

wangian.

(50)

Gusti Allah ngélikaké para Pandhita mau

supaya yèn mulih

meneng-meneng waé ora kandha

sapa-sapa.

(51)

Raja Herodhès nepsu banget.

Saka kepenginé nyirnaaké Gusti

Yésus, …

(52)

… raja sing jahat iku dhawuh matèni kabèh bayi lanang ing Bèthlehèm.

(53)

Nanging Herodès ora bisa natoni

Putrané Alllah!

(54)

Sajroné ngimpi Yusuf diélikaké

supaya nggawa Maria lan Yésus

nang panggonan sing aman ing

Mesir.

(55)

Bareng Herodès wis séda,

Yésus

nggawa Maria

lan Yésus mulih saka Mesir.

(56)

Banjur padha netep ing

kutha cilik

jenengé Nazarèt,

cedhak tlaga Galiléa.

(57)

Wiyose Gusti Yesus

Crita saka Pangandikané Gusti, Kitab Suci bisa digolèki ing

Matius 1-2, Lukas 1-2

“‘Kawedharipun pangandika Paduka punika madhangi’.” Jabur 119:130

(58)

cunthel

(59)

Crita Kitab Suci iki nyritaaké bab Gusti Allahé awaké dhéwé sing luwar biasa, sing nitahaké kita kabèh, sing

ngersaaké supaya kowé wanuh marang Panjenengané.

Gusti Allah pirsa yèn awaké dhéwé wis nglakoni prakara sing èlek-èlek, sing disebut déning Gusti Allah, dosa. Ukumané dosa iku pepati, nanging Gusti Allah banget olèhé ngasihi marang kowe, mula ngirim

Putrané Ontang Anting, utawa Putra sing ora ana Tunggale, asmané Yésus, supaya séda disalib. Yesus

diukum sebab dosa-dosamu. Banjur Gusti Yésus wungu manèh saka séda lan kondur menyang Swarga!

Yen kowé pracaya marang Gusti Yésus lan nyuwun pangapura tumrap dosa-dosamu, Panjenengané bakal

maringi pangapura! Panjenengané bakal rawuh lan urip nang atimu saiki uga, lan kowé bakal urip bareng

Panjenengané saklawasé.

(60)

Yen kowé percaya yen iki bener, mara matura marang Gusti mengkéné:

Gusti Yésus ingkang kawula tresnani, kawula pitados bilih Paduka punika Gusti, lan sampun manjalma dados

manungsa supados séda kanggé nyirnaaken dosa-dosa kawula, lan sakpunika Paduka sampun gesang malih.

Mugi rawuha ing gesang kawula lan apuntenana sedaya dosa kawula, supados kawula nggadhahi gesang énggal

ing wekdal punika, lan bénjang badhé sesarengan kaliyan Paduka salaminipun. Mugi mitulungi kawula

supados saged tansah mbangun turut dhumateng Paduka sarta gesang kagem Paduka, dados putra

Paduka. Amin.

Macaa Kitab Suci lan geguneman karo Gusti Yésus saben dina! Yohanes 3:16

Referensi

Dokumen terkait

mengkono mau merga pirsa yèn samasa kowé padha mangan woh kuwi, kowé bakal dadi kaya Gusti Allah, lan ngerti apa sing becik lan sing ala.".. 6 Wong wadon bareng

mengkono mau merga pirsa yèn samasa kowé padha mangan woh kuwi, kowé bakal dadi kaya Gusti Allah, lan ngerti apa sing becik lan sing ala.".. 6 Wong wadon bareng

kaya mangkono iku anggoné padha mikir, Panjenengané banjur ngandika marang para ahli Torèt iku, "Yagéné kowé padha duwé pikiran kang kaya mangkono ing sajroning atimu. 9 Endi

nahan panggalihe maneh ana ing ngarepe kang padha sowan, banjur ngandika seru: “Wong kabeh padha konen metu saka ing kene!” Dadi ing ngarsane Sang Yusuf wus ora ana wong

Larikan sepisan saka tembang Wirangrong ing dhuwur yen ditulis nganggo Carakan sing bener.. Wirangrong kuwi jinise tembang Tengahan, paugerane padha karo

Kesimpulane Tembang, yaiku : 1 Kabeh bocah sing padha sekolah kudu sregep sinau lan aja nakal lan kemaki sombong sebeb iku sing bisa marakke/ndadekke bodho!. Paragraf sing bener

Swarga, Daleme Gusti Allah sing Éndah Crita saka Pangandikané Gusti, Kitab Suci bisa digolèki ing Yohanes 14, 2 Korintus 5, Wahyu 4, 21, 22 “‘Kawedharipun pangandika Paduka punika

Swarga, Daleme Gusti Allah sing Éndah Crita saka Pangandikané Gusti, Kitab Suci bisa digolèki ing Yohanes 14, 2 Korintus 5, Wahyu 4, 21, 22 “‘Kawedharipun pangandika Paduka punika