• Tidak ada hasil yang ditemukan

Swarga, Daleme Gusti Allah sing Éndah - MEDIA SABDA

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2024

Membagikan "Swarga, Daleme Gusti Allah sing Éndah - MEDIA SABDA"

Copied!
54
0
0

Teks penuh

(1)

Swarga,

Daleme Gusti Allah sing

Éndah

Kitab Suci Bocah

nyuguhaké

(2)

Ditulis déning: Edward Hughes Digambari déning: Lazarus

Dibesut déning: Sarah S.

Diterjemahaké déning: Endang Supardan diproduksi déning: Bible for Children

www.M1914.org

©2011 Bible for Children, Inc.

Kowe duwé hak motokopi utawa nyithak crita iki, waton ora kanggo diedol.

(3)

Nalika Gusti Yésus isih nang donya, Panjenengané ngendika marang

para muridé bab Swarga.

Gusti Yesus nyebut iku “Daleme

Ramaku”, lan uga ngendika

yèn ing kono isih akèh panggonan.

(4)

Panggonan sing dingendikaaké Gusti Yésus iku omah gedhé lan apik

banget. Swarga iku luwih gedhé lan

luwih éndah dibandingké omah sing

paling apik nang donya.

(5)

Gusti Yésus ngendika, “Aku lunga kanggo nyedhiyaaké panggonan kanggo kowé.

(6)

Lan yèn Aku wis lunga lan

nyedhiyaaké panggonan kanggo kowé, …

(7)

… banjur Aku bakal teka manèh lan ngajak kowé supaya bebarengan

karo Aku.”

(8)

Gusti Yésus pancèn banjur tindak menyang Swarga sakbubaré wungu saka antarané

wong mati.

(9)

Wektu iku, diseksèkaké déning para murid, Yésus sumengka ing swarga, …

(10)

… banjur ora bisa katon manèh amarga ketutupan méga sing

nampani Panjenengané.

(11)

Wiwit ing wektu iku para wong Kristen tansah padha éling

marang janjiné Gusti Yésus sing bakal rawuh lan methuk dhewèké kabèh.

(12)

Gusti Yésus ngendika yen Panjenengané bakal rawuh

ing wayah sing ora dinyana-nyana.

(13)

Lha priyé dadiné wong-wong Kristen sing mati sakdurungé Yésus rawuh

manèh?

(14)

Kitab Suci nyebutaké yèn wong-wong iku langsung tetunggilan karo

Gusti Yésus. Déné yèn manungsa ora ana ing badan wadhagé ateges padha ana ing

ngarsané Gusti.

(15)

Wahyu Marang Yohanes, yaiku buku pungkasan ing Kitab Suci nyritaaké

marang kita kaya ngapa éndahé Swarga.

(16)

Nanging sing luwar biasa yaiku déné Swarga iku Dalemé Gusti Allah Piyambak. Gusti Allah ana ing endi-endi, nanging Papan Kamulyané utawa Dhamparé Kraton iku ana ing Swarga.

(17)

Para malaékat lan makhluk swarga liyané ngabekti

marang Allah ing Swarga.

(18)

Semono uga kabèh kagungané Gusti sing wis tilar donya

lan mangkat menyang Swarga. Kabeh wong mau ngidungaké puji- pujian

kusus kagem Gusti Allah.

(19)

Ing kéné ana sawenèhing tembung saka nyanyian sing

dikidungaké déning para makluk swarga mengkéné:

(20)

PADUKA PANTES NAMPÈNI PANGWAOS AMARGI

SRANA RAH PADUKA, PADUKA SAMPUN

NEBUS KULA

SEDAYA,

(21)

… INGGIH SABEN SUKU LAN BANGSA, KAGEM

GUSTI ALLAH;

SARTA SAMPUN …

(22)

… NDADOSAKEN KAWULA RAJA-RAJA LAN

IMAM-IMAM KAGEM GUSTI ALLAH.

(Wahyu 5:9)

(23)

Kaca utawa halaman-halaman akir Kitab Suci nggambaraké Swarga kayadéné “Yérusalèm Anyar”.

(24)

Yérusalèm Anyar iku panggonan

sing gedhé, gedhé banget, Bètèngé gedhé lan dhuwur. Témboké saka

watu yaspis,

bening kaya

kristal.

(25)

Pondasi témboké dilapisi sesotya

utawa inten mawarna-warna lan watu adi sing mencorong warnané éndah

banget.

(26)

Saben gapura diwangun saka mutiyara sing gedhé banget.

(27)

Gapura mutiyara sing gedhé iku ora tau tutup. Ayo mlebu, ndeleng

kliling-kliling…

WAH!

(28)

Njeroné swarga jebul luwih apik manèh. Kuthané saka emas murni,

kaya kaca bening. Malah dalan- dalané uga

digawé saka emas.

(29)

Kali sing bening lan éndah banget, sing isiné banyu kauripan, mili saka dhamparé Gusti Allah.

(30)

Ing sapinggiré kali, sisih kana lan

kene ana wit kauripan, yaiku wit sing biyèn tau ana ing Taman Éden. Wit iki sepesial banget.

(31)

Nguwoh rolas who kang beda-beda, lan saben wulan beda-beda wohe.

Lan godhonge wit kauripan iku dingo marekake sakabehing bangsa.

(32)

Swarga ora mbutuhaké srengéngé utawa bulan kanggo madhangi.

Kamulyané Allah piyambak arupa

pepadhang sing éndah, wis ngebaki swarga. Ing kana ora tau ana bengi.

(33)

Kéwan-kéwan ing Swarga uga béda.

Kabèh lulut lan seneng kekancan.

Asu ajag lan cempé mangan suket bebarengan.

(34)

Uga singa sing gagah-kuwat mangan damèn kaya kuldi. Gusti ngendika,

“Ora ana sing natoni utawa

nyirnakaké liyan ing gunungKu kang suci.”

(35)

Yèn kita nyawang sakliling kita, ana prekara sing

ora ana ing Swarga.

(36)

Nang kono kita ora tau krungu wong sing nepsu karo ngucapaké tembung èlèk. Ora

ana wong gelut,

ora ana wong

sing

murka

utawa égois.

(37)

Omah- omah ora perlu dikunci sebab ora ana

maling ing Swarga.

(38)

Uga ora ana wong sing gawéné ngapusi, matèni, tukang

tenung utawa wong- wong jahat liyané.

(39)

Nang Swarga ora ana dosa sethithik-thithika.

(40)

Ing Swarga, bebarengan karo Gusti Allah, ora

ana wong nangis lan ngetokaké luh. Ing donya iki, ana kalané kagungané Gusti padha nangis amarga ngalami urip sing susah banget.

(41)

Ing swarga, Gusti Allah bakal ngelap eluhé nganti garing.

(42)

Ing Swarga uga ora ana pepati.

Umat kagungané Gusti bakal bebarengan terus

karo Gusti saklawasé.

Ora ana susah, ora ana tangisan, ora ana kelaran.

(43)

Ora ana penyakit, ora ana pepisahan, ora ana penguburan utawa layatan.

Kabeh wong ing Swarga tansah bungah-bungah

saklawasé, bebarengan karo

Gusti Allah.

(44)

Sing paling nyenengaké yaiku:

Swarga iku panggonané bocah-bocah lanang

lan wadon

(mesthi wae uga wong

diwasa), …

(45)

… sing precaya yèn Jésus Kristus iku Juruslameté, sarta mbangun turut

marang Panjenengane, yaiku Gusti Yésus

Kristus iku.

(46)

Ing Swarga ana sawijining buku jenengé Buku Kauripan kagungané Sang Cempé. Buku iku kebak

jeneng. Ana sing ngerti jenengé sapa wae

sing ditulis ing kono?

(47)

Jenengé kabèh wong sing

percaya marang Gusti Yésus.

Apa jenengmu ana ing kono?

(48)

Tembung sing pungkasan ing Kitab Suci prekara Swarga, awujud

undangan.

(49)

“Roh lan pengantèn putri iku

ngendika, ‘Mrénéya!’ Lan sapa sing padha krungu munia ‘Mrénéya!’

(50)

Lan wong sing ngelak cikbèn teka.

Sarta sapa waé sing kepéngin, cikbèn njupuk banyuné kauripan tanpa

mbayar.”

(51)

Swarga, Daleme Gusti Allah sing Éndah Crita saka Pangandikané Gusti, Kitab Suci

bisa digolèki ing

Yohanes 14, 2 Korintus 5, Wahyu 4, 21, 22

“‘Kawedharipun pangandika Paduka punika madhangi’.” Jabur 119:130

(52)

cunthel

(53)

Crita Kitab Suci iki nyritaaké bab Gusti Allahé awaké dhéwé sing luwar biasa, sing nitahaké kita kabèh, sing

ngersaaké supaya kowé wanuh marang Panjenengané.

Gusti Allah pirsa yèn awaké dhéwé wis nglakoni prakara sing èlek-èlek, sing disebut déning Gusti Allah, dosa. Ukumané dosa iku pepati, nanging Gusti Allah banget olèhé ngasihi marang kowe, mula ngirim

Putrané Ontang Anting, utawa Putra sing ora ana Tunggale, asmané Yésus, supaya séda disalib. Yesus

diukum sebab dosa-dosamu. Banjur Gusti Yésus wungu manèh saka séda lan kondur menyang Swarga!

Yen kowé pracaya marang Gusti Yésus lan nyuwun pangapura tumrap dosa-dosamu, Panjenengané bakal

maringi pangapura! Panjenengané bakal rawuh lan urip nang atimu saiki uga, lan kowé bakal urip bareng

Panjenengané saklawasé.

(54)

Yen kowé percaya yen iki bener, mara matura marang Gusti mengkéné:

Gusti Yésus ingkang kawula tresnani, kawula pitados bilih Paduka punika Gusti, lan sampun manjalma dados

manungsa supados séda kanggé nyirnaaken dosa-dosa kawula, lan sakpunika Paduka sampun gesang malih.

Mugi rawuha ing gesang kawula lan apuntenana sedaya dosa kawula, supados kawula nggadhahi gesang énggal

ing wekdal punika, lan bénjang badhé sesarengan kaliyan Paduka salaminipun. Mugi mitulungi kawula

supados saged tansah mbangun turut dhumateng Paduka sarta gesang kagem Paduka, dados putra

Paduka. Amin.

Macaa Kitab Suci lan geguneman karo Gusti Yésus saben dina! Yohanes 3:16

Referensi

Dokumen terkait

jujuring ati. Sebab iya srana patrap mengkono kuwi Sang Rama kersa disembah. 24 Gusti Allah kuwi Roh, lan wong sing arep nyembah marang Gusti Allah kudu nyembah Panjenengané

2Gusti Ysus terus molai mulangi murid-murid ngn: 3Beja wong mlarat sing pada njagakk marang Gusti Allah, awit wong sing kaya ngono kuwi sing nduwni Kraton Swarga.. 4Beja wong sing

Sakdurungé nitahaké Adam, Gusti Allah wis nitahaké bumi sing éndah banget, isiné samubarang sing nyata apik tenan.. Mbaka sethithik Gusti Allah ngasta palemahan kang methutuk kanggo

Crita nomer 1 saka 60 .LWDE6XFL%RFDK Q\XJXKDNp 1DOLND$OODK1JDQD·DNp 6DPXEDUDQJ 6DSDVLQJQJJDZp NLWD".LWDE6XFLSDQJDQGLNDQp $OODKQ\ULWD·DNp SL\p PXODEXNDQp DQDEDQJVD

6ZDUJDRUDPEXWXKDNp VUHQJpQJp XWDZDEXODQ NDQJJRPDGKDQJL.DPXO\DQp $OODKSL\DPEDNDUXSD SHSDGKDQJVLQJpQGDKZLVQJHEDNLVZDUJD,QJ NDQDRUDWDXDQDEHQJL *DSXUDPXWL\DUDVLQJJHGKp LNXRUDWDXWXWXS

Bareng weruh Bayi iku, para pangon banjur padha nyritaaké marang kabeh wong sing ketemu, sembarang sing wis dingendikaaké dening para malaékat bab Gusti Yésus... Patang puluh dino

Lintang sing istiméwa, nuntun lakuné para Pandhita tekan sawijining omah sing dienggoni Maria lan Yusuf karo Bayi Yésus... Para tamu saka adoh iku banjur padha sujud, lan ngaturaké

Gusti ngapura Pétrus sing nyélaki Panjenengané, lan ngendika marang para sekabat supaya nyritakaké marang kabèh wong bab Panjenengané.. Sakterusé, Gusti Yésus kondur nang swarga,