• Tidak ada hasil yang ditemukan

Swarga, Daleme Gusti Allah sing Éndah - MEDIA SABDA

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2024

Membagikan "Swarga, Daleme Gusti Allah sing Éndah - MEDIA SABDA"

Copied!
27
0
0

Teks penuh

(1)

Swarga,

Daleme Gusti Allah sing

Éndah

Kitab Suci Bocah

nyuguhaké

(2)

Ditulis déning: Edward Hughes Digambari déning: Lazarus

Dibesut déning: Sarah S.

Diterjemahaké déning: Endang Supardan diproduksi déning: Bible for Children

www.M1914.org PO Box 3BFC

Winnipeg, MB R3C 2G1 Canada

©2011 Bible for Children, Inc.

Kowe duwé hak motokopi utawa nyithak crita iki, waton ora kanggo diedol.

(3)

Nalika Gusti Yésus isih nang donya, Panjenengané ngendika marang para muridé bab Swarga. Gusti Yesus nyebut iku “Daleme Ramaku”,

lan uga ngendika yèn ing kono isih akèh panggonan.

Panggonan sing dingendikaaké Gusti Yésus iku omah gedhé lan apik banget.

Swarga iku luwih gedhé lan luwih éndah

dibandingké omah sing paling apik nang donya.

(4)

Gusti Yésus ngendika, “Aku lunga kanggo

nyedhiyaaké panggonan kanggo kowé. Lan yèn Aku wis lunga lan nyedhiyaaké panggonan kanggo kowé, banjur Aku bakal teka manèh lan ngajak kowé

supaya bebarengan karo Aku.”

(5)

Gusti Yésus pancèn banjur tindak menyang Swarga sakbubaré wungu saka antarané wong mati.

Wektu iku, diseksèkaké déning para murid, Yésus sumengka ing swarga, banjur ora bisa katon manèh amarga ketutupan méga sing nampani Panjenengané.

(6)

Wiwit ing wektu iku para wong Kristen tansah padha éling marang janjiné Gusti Yésus sing bakal rawuh lan methuk dhewèké kabèh. Gusti Yésus ngendika yen Panjenengané bakal rawuh ing wayah sing ora dinyana-nyana.

(7)

Lha priyé dadiné wong-wong Kristen sing mati sakdurungé Yésus rawuh manèh? Kitab Suci nyebutaké yèn wong-wong iku langsung tetunggilan

karo Gusti Yésus. Déné yèn manungsa ora ana ing badan wadhagé ateges padha ana ing ngarsané Gusti.

(8)

Wahyu Marang Yohanes, yaiku buku pungkasan ing Kitab Suci nyritaaké marang kita kaya ngapa éndahé

Swarga. Nanging sing luwar biasa yaiku déné Swarga iku Dalemé Gusti Allah Piyambak. Gusti

Allah ana ing endi-endi, nanging Papan Kamulyané utawa Dhamparé Kraton iku ana ing Swarga.

(9)

Para malaékat lan makhluk swarga liyané ngabekti marang Allah ing Swarga. Semono uga kabèh

kagungané Gusti sing wis tilar donya lan mangkat menyang Swarga. Kabeh wong mau ngidungaké

puji- pujian kusus kagem Gusti Allah.

(10)

Ing kéné ana sawenèhing tembung saka nyanyian sing dikidungaké déning

para makluk swarga mengkéné:

PADUKA PANTES NAMPÈNI PANGWAOS AMARGI

SRANA RAH PADUKA, PADUKA

SAMPUN NEBUS KULA

SEDAYA, …

(11)

… INGGIH SABEN SUKU LAN BANGSA, KAGEM GUSTI

ALLAH; SARTA SAMPUN NDADOSAKEN KAWULA RAJA-RAJA LAN

IMAM-IMAM KAGEM

GUSTI ALLAH.

(Wahyu 5:9)

(12)

Kaca utawa halaman-halaman akir Kitab Suci

nggambaraké Swarga kayadéné “Yérusalèm Anyar”.

Yérusalèm Anyar iku panggonan sing gedhé, gedhé banget, Bètèngé gedhé lan dhuwur.

(13)

Témboké saka watu yaspis, bening kaya kristal.

Pondasi témboké dilapisi sesotya utawa inten mawarna-warna lan watu adi sing mencorong

warnané éndah banget. Saben gapura diwangun saka mutiyara sing gedhé

banget.

(14)

Gapura mutiyara sing gedhé iku ora tau tutup.

Ayo mlebu, ndeleng kliling-kliling… WAH! Njeroné swarga jebul luwih apik manèh. Kuthané saka emas murni, kaya kaca bening. Malah dalan-dalané uga digawé saka

emas.

(15)

Kali sing bening lan éndah banget, sing isiné banyu kauripan, mili saka dhamparé Gusti Allah. Ing

sapinggiré kali, sisih kana lan kene ana wit kauripan, yaiku wit sing biyèn tau ana ing Taman Éden. Wit iki sepesial banget. Nguwoh rolas who kang beda-beda, lan saben wulan beda-beda wohe. Lan godhonge wit kauripan iku dingo marekake sakabehing bangsa.

(16)

Swarga ora mbutuhaké srengéngé utawa bulan

kanggo madhangi. Kamulyané Allah piyambak arupa pepadhang sing éndah, wis ngebaki swarga. Ing

kana ora tau ana bengi.

(17)

Kéwan-kéwan ing Swarga uga béda. Kabèh lulut lan seneng kekancan. Asu ajag lan cempé mangan suket bebarengan. Uga singa sing gagah-kuwat mangan

damèn kaya kuldi. Gusti ngendika, “Ora ana sing natoni utawa nyirnakaké liyan ing gunungKu kang suci.”

(18)

Yèn kita nyawang sakliling kita, ana prekara sing ora ana ing Swarga. Nang kono kita ora tau

krungu wong sing nepsu karo ngucapaké

tembung èlèk. Ora ana wong gelut, ora ana wong sing

murka utawa égois.

(19)

Omah- omah ora perlu dikunci sebab ora ana maling ing Swarga. Uga ora ana wong sing gawéné ngapusi, matèni, tukang

tenung utawa wong-wong jahat

liyané.

Nang Swarga ora ana dosa

sethithik- thithika.

(20)

Ing Swarga, bebarengan karo Gusti Allah, ora ana wong nangis lan ngetokaké luh. Ing donya iki, ana kalané kagungané Gusti padha nangis amarga ngalami urip sing susah banget. Ing swarga, Gusti Allah bakal ngelap eluhé nganti garing.

(21)

Ing Swarga uga ora ana pepati. Umat kagungané

Gusti bakal bebarengan terus karo Gusti saklawasé.

Ora ana susah, ora ana tangisan, ora ana kelaran.

Ora ana penyakit, ora ana pepisahan, ora

ana penguburan utawa layatan.

Kabeh wong ing Swarga tansah bungah-

bungah

saklawasé, bebarengan karo Gusti Allah.

(22)

Sing paling nyenengaké yaiku: Swarga iku panggonané bocah-bocah lanang lan wadon (mesthi wae uga wong diwasa), sing precaya yèn Jésus Kristus iku

Juruslameté, sarta mbangun turut marang

Panjenengane, yaiku Gusti Yésus Kristus iku.

Ing Swarga ana sawijining buku jenengé Buku Kauripan kagungané Sang

Cempé. Buku iku kebak jeneng. Ana sing

ngerti jenengé sapa wae sing ditulis ing

kono? Jenengé kabèh wong sing percaya

marang Gusti Yésus. Apa jenengmu ana ing kono?

(23)

Tembung sing pungkasan ing Kitab Suci prekara Swarga, awujud undangan.

(24)

“Roh lan pengantèn putri iku ngendika, ‘Mrénéya!’.

Lan sapa sing padha krungu munia ‘Mrénéya!’. Lan wong sing ngelak cikbèn teka. Sarta sapa waé sing

kepéngin, cikbèn njupuk banyuné kauripan tanpa mbayar.”

(25)

Swarga, Daleme Gusti Allah sing Éndah Crita saka Pangandikané Gusti, Kitab Suci

bisa digolèki ing

Yohanes 14, 2 Korintus 5, Wahyu 4, 21, 22

“‘Kawedharipun pangandika Paduka punika madhangi’.” Jabur 119:130

(26)

60 60

cunthel

(27)

Crita Kitab Suci iki nyritaaké bab Gusti Allahé awaké dhéwé sing luwar biasa, sing nitahaké kita kabèh, sing ngersaaké supaya kowé wanuh marang

Panjenengané.

Gusti Allah pirsa yèn awaké dhéwé wis nglakoni prakara sing èlek-èlek, sing disebut déning Gusti Allah, dosa. Ukumané dosa iku pepati, nanging Gusti Allah

banget olèhé ngasihi marang kowe, mula ngirim Putrané Ontang Anting, utawa Putra sing ora ana Tunggale, asmané Yésus, supaya séda disalib. Yesus diukum

sebab dosa-dosamu. Banjur Gusti Yésus wungu manèh saka séda lan kondur menyang Swarga! Yen kowé pracaya marang Gusti Yésus lan nyuwun pangapura

tumrap dosa-dosamu, Panjenengané bakal maringi pangapura! Panjenengané bakal rawuh lan urip nang atimu saiki uga, lan kowé bakal urip bareng

Panjenengané saklawasé.

Yen kowé percaya yen iki bener, mara matura marang Gusti mengkéné:

Gusti Yésus ingkang kawula tresnani, kawula pitados bilih Paduka punika Gusti, lan sampun manjalma dados manungsa supados séda kanggé nyirnaaken dosa-

dosa kawula, lan sakpunika Paduka sampun gesang malih. Mugi rawuha ing gesang kawula lan apuntenana sedaya dosa kawula, supados kawula nggadhahi gesang énggal ing wekdal punika, lan bénjang badhé sesarengan kaliyan Paduka

salaminipun. Mugi mitulungi kawula supados saged tansah mbangun turut dhumateng Paduka sarta gesang kagem Paduka, dados putra Paduka. Amin.

Macaa Kitab Suci lan geguneman karo Gusti Yésus saben dina! Yohanes 3:16

Referensi

Dokumen terkait

jujuring ati. Sebab iya srana patrap mengkono kuwi Sang Rama kersa disembah. 24 Gusti Allah kuwi Roh, lan wong sing arep nyembah marang Gusti Allah kudu nyembah Panjenengané

2Gusti Ysus terus molai mulangi murid-murid ngn: 3Beja wong mlarat sing pada njagakk marang Gusti Allah, awit wong sing kaya ngono kuwi sing nduwni Kraton Swarga.. 4Beja wong sing

Sakdurungé nitahaké Adam, Gusti Allah wis nitahaké bumi sing éndah banget, isiné samubarang sing nyata apik tenan.. Mbaka sethithik Gusti Allah ngasta palemahan kang methutuk kanggo

Crita nomer 1 saka 60 .LWDE6XFL%RFDK Q\XJXKDNp 1DOLND$OODK1JDQD·DNp 6DPXEDUDQJ 6DSDVLQJQJJDZp NLWD".LWDE6XFLSDQJDQGLNDQp $OODKQ\ULWD·DNp SL\p PXODEXNDQp DQDEDQJVD

6ZDUJDRUDPEXWXKDNp VUHQJpQJp XWDZDEXODQ NDQJJRPDGKDQJL.DPXO\DQp $OODKSL\DPEDNDUXSD SHSDGKDQJVLQJpQGDKZLVQJHEDNLVZDUJD,QJ NDQDRUDWDXDQDEHQJL *DSXUDPXWL\DUDVLQJJHGKp LNXRUDWDXWXWXS

Bareng weruh Bayi iku, para pangon banjur padha nyritaaké marang kabeh wong sing ketemu, sembarang sing wis dingendikaaké dening para malaékat bab Gusti Yésus... Patang puluh dino

Lintang sing istiméwa, nuntun lakuné para Pandhita tekan sawijining omah sing dienggoni Maria lan Yusuf karo Bayi Yésus... Para tamu saka adoh iku banjur padha sujud, lan ngaturaké

Gusti ngapura Pétrus sing nyélaki Panjenengané, lan ngendika marang para sekabat supaya nyritakaké marang kabèh wong bab Panjenengané.. Sakterusé, Gusti Yésus kondur nang swarga,