• Tidak ada hasil yang ditemukan

Nalika Allah Ngana'aké Samubarang - MEDIA SABDA

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2024

Membagikan "Nalika Allah Ngana'aké Samubarang - MEDIA SABDA"

Copied!
50
0
0

Teks penuh

(1)

Kitab Suci Bocah

nyuguhaké

Nalika Allah Ngana’aké

Samubarang

(2)

Ditulis déning: Edward Hughes

Digambari déning: Byron Unger; Lazarus Dibesut déning: Bob Davies; Tammy S.

Diterjemahaké déning: Endang Supardan diproduksi déning: Bible for Children

www.M1914.org

©2011 Bible for Children, Inc.

Kowe duwé hak motokopi utawa nyithak crita iki, waton ora kanggo diedol.

(3)

Sapa sing nggawé kita? Kitab Suci, pangandikané Allah, nyrita’aké piyé

mula-bukané ana bangsa manungsa.

(4)

Ing jaman kuna-makuna Allah nggawé utawa nyiptaaké manungsa

sepisanan, lan diparingi jeneng Adam.

(5)

Allah ngasta utawa nggawé Adam saka lemah, lebuning bumi. Nalika Allah nyebul napasing urip tumrap

Adam, Adam dadi urip.

(6)

Dheweké manggon ing taman sing éndah banget, jenengé Taman Éden.

(7)

Sakdurungé nitahaké Adam, Gusti Allah wis nitahaké bumi sing éndah banget, isiné samubarang sing nyata apik tenan.

(8)

Mbaka sethithik Gusti Allah ngasta palemahan kang methutuk kanggo

pegunungan lan panggonan rata kanggo pasuketan, …

(9)

… taneman kembang sing arum gandané lan wit-witan sing

dhuwur pangé, …

(10)

… manuk-manuk sing éndah warnaning wuluné lan bangsa tawon sing

mbrengengeng swarané, …

(11)

… iwak paus sing gedhé nganti

kangèlan ngglundhungké badané lan bekicot sing cilik, sing lunyu awaké.

(12)

Saktemené, Gusti Allah nitahaké samubarang sing ana ing bumi

iki – sakabèhé!

(13)

Ing wiwitaning jaman, sakdurungé Gusti

Allah nyiptaaké apa-apa, ora

ana apa-apa kejaba Gusti Allah. Ora

ana manungsa,

panggonan utawa barang-barang.

Babar pisan ora ana.

(14)

Ora ana pepadhang,

lan ora ana pepeteng.

Ora ana ndhuwur lan ora ana

ngisor. Ora ana wingi lang ora ana sésuk.

Sing ana mung

Allah, sing ora ana wiwitané.

Banjur Gusti Allah tumindak!

(15)

Ing jaman kawitan, Gusti Allah nitahaké

langit lan bumi.

(16)

Bumi iku

campur-bawur lan suwung.

(17)

Lan anané mung pepeteng

ndhedhet.

(18)

Gusti Allah banjur ngendika: “Anaa

pepadhang.”

(19)

Lan banjur ana pepadhang. Gusti Allah paring jeneng Raina marang

sing padhang, lan sing peteng diparingi jeneng Wengi.

(20)

Soré lan ésuk dadi dina kapisan.

(21)

Ing dina kapindho, Gusti Allah ngumpulaké banyu sing ana ing segara amba, segara ciut lan tlaga nang sakngisoré langit.

Ing dina katelu Gusti Allah ngendika, “Anaa lemah sing asat.” Lan iya kelakon.

(22)

Gusti Allah dhawuh supaya sesuketan lan kembang-

kembangan padha tuwuh, uga

grumbul

lan wit-witan.

(23)

Lan iya kelakon metu. Lan soré lan ésuk dadi dina

katelu.

(24)

Banjur Gusti Allah

nyiptaaké srengéngé, rembulan lan

lintang-lintang

sing cacahé akèh banget nganti

ora ana sing bisa ngétung.

(25)

Lan soré lan ésuk dadi dina kapapat.

(26)

Sakterusé,

sakèhé makluk ing segara, iwak lan bangsa

manuk ana ing urut-urutan

ciptaané Gusti

Allah.

(27)

Ing dina kaping lima Gusti ngasta utawa nggawé: iwak sing gedhé lan lancip cangkemé kaya

pedhang lan uga iwak sardèn sing cilik,

manuk unta sing

sikilé dawa lan uga manuk prenjak cilik

sing tansah cemuwit-bungah.

(28)

Gusti Allah nyiptakké manéka rupa iwak

kanggo ngebaki banyu ing bumi lan uga

manéka warna manuk supaya

padha ngrasakaké bungah-bungah ing

dharatan, segara lan akasa. Lan soré lan ésuk dadi dina kalima.

(29)

Sakbubaré iku, Gusti Allah ngendika manèh. Pangandikané, “Bumi iki

ngetokna makluk urip mawarna-

warna…” Sakwarnane kéwan ingon- ingon, kéwan rumangkang, lan

gumremet, sarta rèptil banjur ana.

(30)

Ana gajah gedhé sing gawé bumi

kaya horeg, nanging ana uga berang- berang cilik sing repot kaya tanpa mandheg. Kethèk sing dhemen

ngganggu lan baya sing kaku-wagu.

(31)

Uget-uget sing pating kruget lan bajing sing mbeling. Jrapah sing dhuwur sak glagah, lan kucing

nganggur sing senggar-senggur.

Samubarang kéwan diciptaaké déning Gusti Allah ing dina iku. Lan soré lan

ésuk dadi dina kaping nem.

(32)

Ing dina kaping nem Gusti ngasta manèh-lah iki sawijining

prekara sing istiméwa banget.

Samubarang wis sumadhiya kanggo anané Manungsa.

(33)

Wis ana barang sing bisa dipangan ing tegalan lan wis ana kéwan-kéwan sing bisa ngladèni manungsa.

(34)

Banjur Gusti Allah ngendika, “Ayo Kita nggawé manungsa sing

mirib gambar Kita.

Cikbèn dhèwèké nguwasanana sabarang sing ana ing bumi.”

(35)

MANGKONO GUSTI ALLAH NYIPTAAKÉ MANUNGSA MANUT GAMBARÉ GUSTI PIYAMBAK;

(36)

MITURUT GAMBARÉ ALLAH PIYAMBAK, ANGGONÉ NYIPTAAKÉ MANUNGSA …

(37)

Gusti Allah ngendika

marang

Adam: “Apa waé sing sira péngini ing

taman iki olèh sira pangan.

(38)

Nanging

aja mangan saka wit

pangawruhing becik lan ala.

Yèn sira mangan saka wit iku

mesthi sira bakal mati.”

(39)

Banjur Gusti Allah ngendika,

“Ora prayoga manungsa iku yèn ijèn waé.

Sun gawèaké rowang kanggo dhèwèké.”

(40)

Gusti Allah nekaaké sarupané manuk ing awang-awang lan sarupané

kéwan menyang ngarepé Adam. Adam banjur maringi jeneng marang kabèh kéwan iku.

(41)

Adam mesthiné ya wong sing pinter, nganti bisa nglakoni kabèh mau.

Nanging saka ing antarané manuk lan sato kéwan iku ora ana mitra sing cocok utawa sembada kanggo Adam.

(42)

Gusti Allah ndadèkaké Adam turu kepati. Lah, saka wong sing lagi turu

iku Allah mundhut igané siji, banjur Allah mangun Wanita saka igané Adam mau.

(43)

Wanita sing diasta dening Gusti mau cocok banget dadi mitrané Adam.

(44)

Gusti Allah ngasta samubarang sajroné nem dina. Banjur

Allah mberkahi dina kapitu lan netepaké dina iku

dadi dina pengasoan.

(45)

Ana ing Taman Éden, Adam lan Kawa, yaiku bojoné

utawa sisihané, ngrasaaké kabungahan sampurna,

mbangun turut

marang Allah.

(46)

Allah iku iya Gustiné, iya Sing Maha Nyukupi, lan Sahabat

kanggo wong loro iku.

(47)

Nalika Allah Ngana’aké Samubarang

Crita saka Pangandikané Gusti, Kitab Suci bisa digolèki ing

Purwaning Dumadi 1-2

“‘Kawedharipun pangandika Paduka punika madhangi’.” Jabur 119:130

(48)

cunthel

(49)

Crita Kitab Suci iki nyritaaké bab Gusti Allahé awaké dhéwé sing luwar biasa, sing nitahaké kita kabèh, sing

ngersaaké supaya kowé wanuh marang Panjenengané.

Gusti Allah pirsa yèn awaké dhéwé wis nglakoni prakara sing èlek-èlek, sing disebut déning Gusti Allah, dosa. Ukumané dosa iku pepati, nanging Gusti Allah banget olèhé ngasihi marang kowe, mula ngirim

Putrané Ontang Anting, utawa Putra sing ora ana Tunggale, asmané Yésus, supaya séda disalib. Yesus

diukum sebab dosa-dosamu. Banjur Gusti Yésus wungu manèh saka séda lan kondur menyang Swarga!

Yen kowé pracaya marang Gusti Yésus lan nyuwun pangapura tumrap dosa-dosamu, Panjenengané bakal

maringi pangapura! Panjenengané bakal rawuh lan urip nang atimu saiki uga, lan kowé bakal urip bareng

Panjenengané saklawasé.

(50)

Yen kowé percaya yen iki bener, mara matura marang Gusti mengkéné:

Gusti Yésus ingkang kawula tresnani, kawula pitados bilih Paduka punika Gusti, lan sampun manjalma dados

manungsa supados séda kanggé nyirnaaken dosa-dosa kawula, lan sakpunika Paduka sampun gesang malih.

Mugi rawuha ing gesang kawula lan apuntenana sedaya dosa kawula, supados kawula nggadhahi gesang énggal

ing wekdal punika, lan bénjang badhé sesarengan kaliyan Paduka salaminipun. Mugi mitulungi kawula

supados saged tansah mbangun turut dhumateng Paduka sarta gesang kagem Paduka, dados putra

Paduka. Amin.

Macaa Kitab Suci lan geguneman karo Gusti Yésus saben dina! Yohanes 3:16

Referensi

Dokumen terkait

Boekoe-boekoe toneel ikoe ija oega betjik banget; akeh sari- sarine kang apik sarta edi kang hisa dipethik kanggo panggoe- lawenthahe rochani Ian djasmani lichaam en geest kita.. Main

2Gusti Ysus terus molai mulangi murid-murid ngn: 3Beja wong mlarat sing pada njagakk marang Gusti Allah, awit wong sing kaya ngono kuwi sing nduwni Kraton Swarga.. 4Beja wong sing

Crita nomer 1 saka 60 .LWDE6XFL%RFDK Q\XJXKDNp 1DOLND$OODK1JDQD·DNp 6DPXEDUDQJ 6DSDVLQJQJJDZp NLWD".LWDE6XFLSDQJDQGLNDQp $OODKQ\ULWD·DNp SL\p PXODEXNDQp DQDEDQJVD

Crita Kitab Suci iki nyritaaké bab Gusti Allahé awaké dhéwé sing luwar biasa, sing nitahaké kita kabèh, sing ngersaaké supaya kowé wanuh marang Panjenengané.. Gusti Allah pirsa yèn

Nanging sapa sing kélangan uripé nglabuhi aku bakal nemu uripé Kowé perlu ngerti nèk namung ènèng Gusti Allah siji.. Gampangé omong, kowé perlu trésna Gusti Allahmu sakkabèhé lan

Crita Kitab Suci iki nyritaaké bab Gusti Allahé awaké dhéwé sing luwar biasa, sing nitahaké kita kabèh, sing ngersaaké supaya kowé wanuh marang Panjenengané.. Gusti Allah pirsa yèn

Crita Kitab Suci iki nyritaaké bab Gusti Allahé awaké dhéwé sing luwar biasa, sing nitahaké kita kabèh, sing ngersaaké supaya kowé wanuh marang Panjenengané.. Gusti Allah pirsa yèn

Bareng weruh Bayi iku, para pangon banjur padha nyritaaké marang kabeh wong sing ketemu, sembarang sing wis dingendikaaké dening para malaékat bab Gusti Yésus... Patang puluh dino