• Tidak ada hasil yang ditemukan

Waosan I: Kaimaman 19: 1-2, 15-18; Tanggapan: Jabur I;

Waosan II: 1 Tesalonika 2: 1-8; Waosan III: Injil Mateus 22: 34-46

Tujuan :

Brayatipun tiyang Kristen nggadhahi gambaran dhiri ingkang sae satemah kasagedna mujudaken katresnan dhateng sesami kanthi tulusing manah

 Khotbah Jangkep

Pasamuwan ingkang kinasih,

umangga kula aturi raos-raosaken cariyos ing ngandhap punika:

Bu Arif lan Bu Prihatin sampun dangu kekancan sae. Ing sawijining dinten, Bu Prihatin sesambat babagan kawontenan brayatipun ingkang nembe ngalami kesrakatan. Sasampunipun Pak Prihatin seda, piyambakipun kedah nyanggi kabetahaning brayat, kalebet lare-larenipun. Piyambakipun sadeyan roti ing dhusunipun nanging asilipun namung sakedhik. Piyambakipun rumaos minangka tiyang ingkang langkung rekaos tinimbang sedaya tiyang sanes ing alam donya. Nalika mirengaken kotbah babagan “Nresnani Sesami”, piyambakipun nggresula: “Apa mungkin aku bisa nindakake, wong aku dhewe nandhang kesusahan?” Piyambakipun lajeng nyuwun seserepan saking Bu Arif supados brayatipun saged uwal saking kasangsaran. Bu Arif ngaturi supados mbekta beras setunggal kanthong alit lan nyowani saben griya ing dhusunipun saperlu nyuwun pirsa punapa wonten tiyang ing griya-griya punika, ingkang saweg boten ngadhepi prakawis. Bu Prihatin radi bingung. Nanging Bu Arif namung mesem lan nyurung Bu Prihatin supados nyobi nindakaken. Ing salajengipun, Bu Prihatin nyowani saben griya lan nindakaken punapa ingkang dados pitedahipun Bu Arif wau.

Punapa ingkang kedadosan ing salajengipun? Bu Prihatin wangsul malih dhateng griyanipun Bu Arif kanthi taksih mbekta berasipun!

S

Khotbah Jangkep Oktober 2011

Pak Pongah asring ngendikan kathah-kathah wonten ing PA-PA. Piyambakipun kepingin supados ketingal wasis. Menawi wonten tiyang anem ingkang beda pamanggih kaliyan piyambakipun, piyambakipun lajeng duka lan serik dhateng tiyang anem wau.

Malah piyambakipun mbudidaya supados saged mirangaken tiyang anem wau.

Piyambakipun nyebar warta dhateng tiyang-tiyang bilih tiyang anem wau utangipun kathah lan ing satengahing brayat tansah regejegan. Nalika wonten PA babagan

“Nresnani Sesami”, Pak Pongah ngendikan bilih nresnani sesami punika kedah kawujudaken kanthi ndhidhik tiyang-tiyang anem supados ngajeni lan nggadahi suba-sita dhumateng para sepuh lan tiyang-tiyang ingkang langkung wasis. Miturut piyambakipun, boten prayogi menawi tiyang nem nyanggah pamanggihipun para sepuh!

Kados pundi pemanggih Pasamuwan tumrap tindak tandukipun Bu Prihatin lan Pak Pongah? Punapa ingkang ndadosaken Bu Prihatin lan Pak Pongah kangelan nresnani sesami? Wangsulanipun: awit tiyang kekalih wau nggadahi gambaran dhiri ingkang kirang sae! Bu Prihatin nggambaraken dhirinipun minangka ‘tiyang ingkang tansah sisah.’ Pak Pongah nggambaraken dhirinipun minangka ‘tiyang ingkang langkung wasis lan kedah dipun ajeni.’ Ingkang dipun tengenaken namung kabetahan lan kapentinganipun piyambak! Tembenipun, tiyang kekalih wau kangelan migatosaken tiyang sanes!

Pasamuwan ingkang kinasih,

Supados kita saged nresnani sesami kadosdene kita nresnani diri kita piyambak, kita kedah nggadahi gambaran dhiri ingkang sae. Wonten Kaimaman 19: 1-2, 15-18, Gusti Allah nedahaken gambaran dhiri ingkang kedah dipun-gadhahi tiyang Israel. Gusti Allah ngersakaken bangsa Israel supados nggambaraken dhiri minangka ‘bangsa ingkang suci, ingkang nggadahi manah lan tumindak sae dhateng sesami, kalebet dhateng bangsa sanes (ay, 34), ugi kalebet dhateng sedaya tiyang ingkang moyoki bangsa Israel!’

Wonten satengahing gesang bebrayatan lan ing satengahing masyarakat, bangsa Israel kedah mbudidaya ngicalaken raos serik dhateng tiyang ingkang moyoki. Bangsa Israel boten pikantuk males piala kanthi piala! Tinimbang reraosan ing wingking lan nyebar fitnah, langkung prayogi menawi ngudhar raosing manah kanthi jujur lan tinarbuka sarta ngrampungaken prakawis kanthi aben ajengan kaliyan tiyang wau.

Kanthi makaten, gesang tentrem rahayu saged kawujudaken! Bangsa Israel kedah sinau supados saged ngapunteni kalepataning tiyang sanes! Tumraping para hakim, Gusti Allah ngersakaken supados para hakim saged mutusaken prakawis kanthi adil, titis, lan boten kapilut dening pambujuking tiyang-tiyang ingkang saweg nggadhahi prakawis ing pengadilan.

Khotbah Jangkep Oktober 2011 Sedaya punika minangka wujuding gambaran dhiri tiyang Israel: ‘bangsa ingkang suci, elok budinipun lan elok tumindakipun!’

Paulus - sinarengan para mitranipun – lan pasamuwan ing Tesalonika ugi mujudaken kaelokaning gesang. Nalika martosaken Injil ing Tesalonika (kacariyosaken ing Lelakone Para Rasul 16: 1-9), Paulus kadakwa damel rerusuh lan ngudi kauntungan dening tiyang-tiyang ingkang serik dhateng pawartosing Injil. Mila wonten ing seratipun, Paulus negesaken bilih piyambakipun boten nggadhahi pangangkah ngudi rajabrana utawi pamujining tiyang sanes nalika martosaken Injil! Paulus rumaos bingah nalika pasamuwan ing Tesalonika pitados dhateng Paulus lan nulungi piyambakipun satemah saged kauwalaken saking pamoyoking tiyang-tiyang ingkang serik wau! Punika ingkang sangsaya ndadosaken Paulus kepingin sesambetan kaliyan pasamuwan kanthi raket lan kanthi tulusing manah, sami tulung tinulung ing bot-repot! Katresnan ingkang sayektos tuwuh ing antawisipun Paulus lan pasamuwan!

Pasamuwan ingkang kinasih,

Sangsaya cetha kangge kita bilih gambaran dhiri punika boten namung ketingal sae ing njawi nanging tanpa isi! Kathah tiyang ingkang ngetingalaken gambaran diri minangka tiyang alus lan remen tetulung, nanging sejatosipun namung lamis. Ingkang dipun-angkah inggih punika pamuji saking tiyang sanes, rajabrana lan kadrajadan!

Paulus lan bangsa Israel paring tuladha kadospundi nresnani sesami kanthi jujur lan tulusing manah, tanpa lamis! Anamung mijil saking lebeting manah lan kelair kanthi tumindak nyata! Saestu mujudaken kaelokaning gesang!

Pasamuwan ingkang kinasih,

Bok menawi ingkang dados pitakenan ing manah kita inggih punika: kadospundi patrapipun supados nggadahi gambaran dhiri ingkang sae, elok ing budi lan elok ing tumindak? Boten cekap menawi namung kandheg ing pamikir lan kaucap ing lathi.

Contonipun: “Oh, yen ngono aku kudu tansah mikirake yen aku ki wong apik lan seneng tetulung. Lan aku kudu mujudake kanthi tumindak nyata.” Punika pancen pambudidaya ingkang sae! Tiyang-tiyang ingkang wicaksana ing TV asring paring seserepan supados kita nggadahi pikiran sae supados gambaran diri kita sae satemah tindak tanduk kita ugi sae! Namung menawi cekap makaten kemawon, pondhasinipun ringkih! Nalika dipun-poyoki utawi dipun-patrapi siya-siya dening tiyang sanes, kita asring lajeng nepsu, emosi, lan nggadahhi pepinginan males tumindakipun tiyang kadosdene ingkang kita sampun katandukaken dening tiyang sanes dhateng kita!

Juru Mazmur mulang muruk dhateng kita bilih pondhasi kaelokaning gesang kedah dipun-bangun kanthi sesambetan ingkang raket kaliyan Gusti Allah sarta nresnani

Khotbah Jangkep Oktober 2011

titahipun Gusti. Kadosdene wit-witan ingkang wonten ing sapinggiring toya ingkang tansah kaparingan tetedhan saking toya punika, makaten ugi Juru Mazmur pinaringan sabdaning Gusti lan kasagedaken nindakaken pangandikanipun. Sinaosa piyambakipun dipun-poyoki dening tiyang duraka, nanging Gusti Allah ngiyataken piyambakipun supados boten males tumindakipun tiyang-tiyang wau kadosdene ingkang dipun-tampeni Juru Mazmur! Gusti Allah njageni supados manahipun tansah tulus lan tansah luhur budinipun! Lan, kangge Juru Mazmur, gesang ingkang kados makaten punika ingkang kasebat rahayu ingkang sejatos!

Para sedherek,

Sumangga kita nggadhahi gambaran dhiri ingkang sae supados kita ugi saged tumindak sae dhateng sesami,

Sumangga tansah kita lairaken ing manah kita bilih manah lan tindak tanduk kita kedah elok, Sumangga ngraketaken sesambetan kita kaliyan Gusti Allah lan nresnani titahipun Gusti, Namung awit saking kekiyatanipun Gusti, kita kasagedaken nresnani sesami kanthi elok Wasana, sumangga kita sami nggegilut geguritan ing ngandhap punika:

“Neng dalan aku weruh kenya alit

Kadhemen njedhindhil awit klambine kang tipis, Ngarep-arep sethithik panganan lan omben.

Aku matur dhumateng Gusti:

“Kenging punapa Paduka mendel kemawon?

Kenging punapa Paduka boten tumindak punapa-punapa?”

Sawetara Gusti mendel.

Nanging ing wayah wengi, dumadakan Gusti mangsuli:

„Aku uwis tumindak.‟

Aku nitahake sira.”

(Kapendhet lan kasalin basanipun saking buku Chiken Soup for The Christian Soul 2) Sugeng nresnani sesami.

Amin.

Khotbah Jangkep Oktober 2011

 Rancangan Waosan Kitab Suci:

Pawartos Sih rahmat : 1 Petrus 1: 18-19 Pitedhah Gesang Anyar : 1 Petrus 3: 15-17 Pangataking Pisungsung : Ibrani 13: 15-16