Khotbah Jangkep Oktober 2011
Khotbah Jangkep Minggu, 30 Oktober 2011 Pekan Biasa Kaping Tigang Dasa Setunggal (Ijo)
BRAYAT INGKANG NGLAIRAKEN
Khotbah Jangkep Oktober 2011 pameca, pawarta ingkang sae kapratelakaken dhateng ingkang saged nyukani arta, dene pawarta ingkang awon utawi boten sae kaparingaken kangge ingkang boten saged nyukani arta.
Saged dipun-raosaken kados pundi risakipun kapitadosan umat kala samanten.
Umat kapatrapan tumindak boten adil, dipun damel tuna tuwin katindhes. Umat lajeng rumaos tanpa daya, umat namung ngandelaken dhateng pitulunganipun Gusti. Tumrap kawontenan ingkang boten nengsemaken wau, nabi Mikha paring pepenget kanthi keras. Gusti boten badhe mendel. Pamimpin ingkang boten adil lan nindhes badhe kadamel kucem, lan katilaraken dening Gusti lan umat.
Boten tanpa pawadan yen umat nilaraken pamimpin ingkang boten saged dados patuladhan. Gusti Yesus mulangaken bilih piwulang kaliyan patuladhan punika kadosdene arta keping ingkang gadhah sisih satunggal anempel ing satunggalipun.
Inggih punika sababipun Gusti Yesus ngengetaken para sakabat ing bab para ahli Toret lan tiyang-tiyang Parisi. Sanadyan ingkang kawulangaken punika sae, nanging badhe tanpa gina manawi boten kababar ing patuladhan ingkang sae. Gusti nyaruwe kanthi tajem dhateng para pangagenging agami Yahudi wau, ingkang remen nampi pangalembana kanthi mameraken gebyar tata lair kados ta ngagem ageman pandonga lan remen sinebat “rabi” utawi “guru”
Linangkung saking punika, Gusti mulang bilih swasana ingkang prelu kawangun ing tengahing gesangipun umat inggih punika swasananing brayat lan pasedherekan, ing ngriku wonten andhap asoring manah lan silih-angladosi. Inggih ing swasana ingkang makaten punika, sesipataning pamimpin saged kalairaken lumantar patuladhanipun.
Sinten ingkang tuhu iklas ngladosi, inggih punika ingkang pantes dados pamimpinipun.
Patrap ingkang kados makaten punika ingkang kapratelakaken dening Rasul Paul dhateng pasamuwan ing Tesalonika. Rasul Paul nguningakaken kanthi gamblang bilih anggenipun madeg dados rasul boten ngudi dhateng pamrih. Dene manawi piyambakipun leladi kanthi tumemen kangge kabetahanipun piyambak lan pakaryaning paladosanipun, punika kemawon boten kepingin dipun anggep pamimpin.
Piyambakipun langkung remen nyebat umatipun Gusti minangka sadherek, dene tumrap pasamuwan ing Tesalonika sinebat para anakipun. Minangka satunggal brayat, inggih punika brayatipun Gusti.
Pasamuwan ingkang kinasih,
Boten wonten ingkang saged langkung saking kita sesuwun wonten ing masyarakat utawi patunggilan kita, kejawi ndarbeni pamimpin ingkang sejati. Pamimpin ingkang mulangaken piwulang sae, ananging inggih sesarengan kababar kanthi sae ing gesang padintenanipun, ingkang saged tinuladha
Khotbah Jangkep Oktober 2011
Ananging patraping pamimpin ingkang kados makaten punika sanes sesipatan ingkang kabekta saking wiwit lairipun, nanging pinangka satunggaling wewangnan ingkang kawangun lumantar wekdal, panggulawenthah inkang boten gampil. Punapa nelakaken bilih satunggaling pamimpin ingajab saged ngladosi sesaminipun.
Piyambakipun pancen kedah sampun kulina gesang ing tengahing kawontenan ing pundi sadaya tiyang sami dene kulina silih-angladosi. Manawi satunggaling pamimpin dipun gegadhang saged dados patuladhan, punika ateges piyambakipun prelu dipun agengaken wonten ing swasana ing pundi para tiyangipu sami suka patuladhan.
Pasamuwan ingkang kinasih,
Manawi Gusti Yesus mulang dhateng kita supados samidene nganggep sadherek ing antawis kita, tuwin Rasul Paul paring patuladhan menggahing pamimpin kanthi dados bapakipun pasamuwan ing Tesalonika, kinten kula kita saged mendhet sarinipun, bilih boten wonten wadhah sanesipun ingkang trep kangge mbabaraken papmimpin sejati, kejawi brayat. Wonten ing brayat, mirungga brayat Kristen, saben warganing brayat tansah ginulang lan mbabaraken aosing katresnan, patuladhan, lan paladosan tanpa pamrih. Samidene leladi ing antawising warga brayat, para lare kulina asung pakurmat, mituhu lan ngladosi tiyang sepuhipun kanthi sukarena.
Ing babagan patuladhan, pinangka pamimpining brayat, bapa lan ibu prayoginipun tansah paring piwulang lan patuladhan ingkang sae kangge para putra. Sampun ngantos kalampahan kita tiyang sepuh paring tuladha ingkang awon, utawi ngendika dhateng anak: “Le, aja-melu-melu bapak-ibumu iki, bapak-ibumu ora bisa dadi tuladha.” Wonten ing brayat purun boten purun si anak badhe niru patrap pandamelipun tiyang sepuh.
Nalika tiyang sepuh paring tuladha patrap ingkang boten sae, temtu si lare badhe makaten niru wontenipun. Kosok wangsulipun, manawi bapak ibu nelakaken kedaling lesan ing tutur pangandikan, patrap, solah bawa, sopan santun, mbabar manah ingkang adil paramarta, lare badhe nulad. Pakulinanipun anak nulad ingkang prayogi saking tiyang sepuhipun punika ingkang badhe mangun patraping anak dados satunggaling pamimpin ingkang sae benjing ing wekdal ngajeng.
Bapak, Ibu, lan Para Sadherek ingkang kinasih,
Donya punika mbetahaken pamimpin sejati. Sampun kekathahen cakriking pamimpin ingkang namun saged dhawuh, ananging boten saged nindakaken punapa ingkang dipun-dhawuhaken, kepara nindhes tiyang ingkang dipun pimpin. Kita ngajeng-ajeng dhateng pamimpin ingkang andhap asor, purun ngladosi, lan ingkang ing gesang padintenanipun saged tinuladha. Sandyan makaten, kita nglenggana bilih pamimpin
Khotbah Jangkep Oktober 2011 sejati boten jumedhul saking lairipun, ananging satunggaling lakuning gesang ingkang kawangun lumantar panggulawenthahing brayat ingkang sae.
Brayat Kristen, ndarbeni wewengan kangge nglairaken stunggaling pamimpin ingkang sejati ingkang dipun ajeng-ajeng dening akathah. Lah, lajeng kadospundi menggahing brayat kita? Punapa sampun wonten sikep samidene lados-linadosan ing antwaising satunggal lan satunggalipun? Minangka tiyang ingkang jejodhoan, minangka tiyang sepuh, punapa sampun kita babar patuladhan ingkang sae lan prayogi? Minangka tiyang sepuh punapa sampun kanthi pangandikan, patrap lan tumindak ing padintenan yekti saged tinuladha dneing para anka kita?
Pasamuwan ingkang kinasih,
Sumangga kita amangun brayat ingkang dipun kersakaken dening Gusti, ing pundi wonten raos rila kangge silih-angladosi, wonten tetangsulaning sedya badhe tansah samidene suka patuladhan ingkang sae. Inggih brayat ingkang sumanggem nyawisaken pamimpin ingkang sejati.
Gusti temtu nyagedaken kita. Amin.
Rancangan Waosan Kitab Suci:
Pawartos Sih Rahmat : Pitedah Gesang Enggal : Nats Pisungsung :