• Tidak ada hasil yang ditemukan

Campur Kode Penyisipan Frasa bahasa Indonesia di dalam Bahasa Jawa

2) Campur Kode Berwujud Frasa

2.1 Campur Kode Penyisipan Frasa bahasa Indonesia di dalam Bahasa Jawa

(85) Bu Rusti :“Kowe ngapa, Damar, kok melu ibut neng dhapur? Oh, iya ngerti. Kowe mesthi ketarik merga sing dimasak iwak grameh. Kowe rak ahli perikanan.” „Kamu kenapa, Damar, kok ikut ribut di dapur? Oh, iya tahu. Kamu pasti tertarik karena yang dimasak ikan gurameh. Kamu kan ahli perikanan.‟

Damarjati :“Iya, Bu. Nalika praktek ing dhaerah perikanan, aku malah praktek ngolah grameh dhewe, wiwit nyekel ing blumbang nganti akhire nyekel ing piring sawise mateng.”

„Iya, Bu. Ketika saya praktek di daerah perikanan, saya malah praktek mengolah gurameh sendiri, mulai dari menangkap di kolam sampai akhirnya memakan dipiring setelah matang.‟

(MN/SWS/27/2015)

(86) Marta :“Mengko dhisik, aja salah paham ya. Kowe lagi wae teka ing Jakarta, durung ngerti cara-cara uripe wong kene, mligine wong sugih-sugih sing wis sugih bandha.”

„Sebentar, jangan salah paham ya. Kamu baru saja datang ke Jakarta, belum tahu cara-cara hidup orang sini, khususnya orang-orang kaya yang sudah kaya raya.‟

Marsanti :”Maksudmu apa, terangna sing cetha.” „Maksud kamu apa, jelaskan.‟

(87) Marta :“Akeh wong sugih mblegedhu ing Jakarta iki, katone waras-wiris nanging sejatine duwe penyakit, kaya dene penyakit gula darah, tekanan darah

tinggi, lemah jantung, jantung koroner, vertigo, radang lambung lan sabangsane, sing sok ora

kenyana-nyana kumat saenggon-enggon....”

„Banyak orang kaya raya di Jakarta ini, kelihatanya sehat tapi sebenarnya mempunyai penyakit, seperti penyakit gula darah, tekanan darah tinggi, lemah jantung, jantung koroner, vertigo, radang lambung dan lain sebagainya, yang terkadang tidak disangka-sangka bisa kambuh dimana-mana....‟

(MN/SWS/29/2015)

(88) Marta :“Mligi sing dak kandhakake mau, aku ki pancen diwelingi kon nggolekake wong wadon sing gelem ngancani yen pinuju butuh dikancani. Dheweke iku umur seketan taun, wis dhudha wiwit limang taun kepungkur lan ora rabi nganti seprene merga kepengen meleng ndadekake anak-anake. Saiki anake sing tuwa, lanang wis dadi pegawe propinsi ing Semarang. Sing nom wadon, uga wis lulus STAN lan diangkat pegawedhinasperpajakan ing Cirebon. Ing kene iki masalahe, Santi. Dheweke iku duwe penyakit tekanan darah tinggi. Wingi-wingi nalika anake wadon isih kuliyah, nek mrana-mrana dikancani anake. Bareng anake wis diangkat ing Cirebon, ora ana maneh sing ngancani. Mulane dheweke butuh kanca, mung ngancani, Santi, mung ngancani, ora arep diklethak.”

„Khusus yang saya katakan tadi, saya ini memang diingatkan untuk mencarikan perempuan yang mau menemani jika dibutuhkan untuk ditemani. Dia itu berumur 50an tahun, sudah menjadi duda semenjak lima tahun yang lalu dan tidak menikah lagi sampai sekarang karena ingin menjaga anak-anaknya. Sekarang anaknya yang besar, laki-laki sudah menjadi pegawai provinsi di Semarang. yang kecil perempuan, juga sudah lulus STAN dan diangkat pegawai dinas perpajakan ing Cirebon. Di sini ini permasalahannya, Santi. Dia itu mempunyai penyakit tekanan darah tinggi. Kemarin-kemarin ketika anak perempuannya masih kuliah, jika kemana-kemana ditemani anaknya. Setelah anaknya sudah diangkat di Cirebon, tidak ada lagi yang menemani. Maka dari itu dia butuh teman, hanya menemani, Santi, hanya menemani, tidak akan digigit.‟

(MN/SWS/29/2015)

(89) Pak Jolang :“Santi omah iki mentas wae daktuku kanggo awakmu. Wiwit sesuk kowe manggona ing kene. Iku wis dakcepaki motor Yamaha Mio, yen wanci kowe butuh nyang endi-endi lan yen sawanci- sawanci-wanci dak tilpun, kowe bisa enggal teka.”

„Santi rumah ini baru saja saya beli untuk kamu. Mulai besok kamu tinggallah di sini. Itu sudah saya siapkan motor Yamaha Mio, jika sewaktu-waktu kamu ada perlu kemana-mana dan jika sewaktu-waktu saya telfon, kamu bisa langsung datang.‟ Marsanti :”Inggih pak.”

„Iya pak.‟ (MN/SWS/30/2015)

(90) Marsanti :”Wis kebacut nyemplung kali, pisan sing kebroh.” „Sudah terlanjur tercebur ke sungai, sekalian yang basah kuyup.‟

Marta :“Maksudmu apa Santi?” „Maksudmu apa Santi?‟

Marsanti :“Njembarake lapangan kerja.” „Melebarkan lapangan kerja.‟ (MN/SWS/31/2015)

(91) Marta :”Piye karepmu?”

„Bagaimana maksudmu?‟

Marsanti :“Pengin dadi tukang pijet panggilan. Golekna langganan, nek ana sing butuh, aku pethuken mrene. Ning telpuna dhisik, dadi yen Pak Jolang pas ana kene kowe ngerti.”

„Ingin jadi tukang pijet panggilan. Carikan pelanggan, kalau ada yang membutuhkan, jemput saya di sini. Tetapi telfon dahulu, jadi kalau Pak Jolang ada di sini kamu tahu.‟

(MN/SWS/31/2015)

(92) Sekarwangi :”Ha? Njenengan ngerti tenan, Mas?” „Ha? Kamu betul-betul tahu, Mas?‟

Damarjati :“Ngerti Dhik. Pak Jolang ki akrab banget karo bapak, padha dene pegawe kantor perpajakan. Mung pangkate luwih dhuwur. Cethane Pak Jolang ki ndhuwurane bapak. Ngertiku merga bapak crita karo ibu.”

„Tahu Dhik. Pak Jolang itu akrab sekali dengan bapak, sama-sama pegawai kantor perpajakan. Hanya saja pangkatnya lebih tinggi. Lebih jelasnnya

Pak Jolang itu atasannya bapak. Saya tahu karena bapak bercerita kepada ibu.‟

(MN/SWS/33/2015)

(93) Damarjati :“Lupute: dheweke ora ditundhung merga tumindak ala, nanging pancen diniyati lunga saka ngomah. Dheweke mbabu ora kanggo nyambung urip jalaran kepepet, nanging kanggo nggayuh panguripan sing luwih becik. Dene benere: dheweke pancen bener asal saka kulawarga sing duwe martabat, ora kalah karo awake dhewe iki. Bapakne biyen malah

lulusan sarjana, luwih dhuwur tinimbang bapakku

sing mung ahli madya. Bapakne biyen ngasta guru SMA. Upama bapakne isih sugeng, dheweke mesthi ya bisa lulus sarjana kaya aku.”

„Salahnya: dia tidak disuruh pergi karena berlaku tidak baik, tapi memang sudah berniat pergi dari rumah. Dia menjadi pembantu bukan untuk menyambung hidup karena kekurangan, tapi untuk meraih kehidupan yang lebih baik. Lalu benarnya: dia memang benar berasal dari keluarga yang mempunyai martabat, tidak beebeda dengan kita. Bapaknya dulu malah lulusan sarjana, lebih tinggi daripada bapakku yang hanya ahli madya. Bapaknya dulu berkerja sebagai guru SMA. Seandainya bapaknya masih sehat, dia pasti juga bisa lulus sarjana seperti aku.‟

(MN/SWS/34/2015)

(94) Bu Rusti :“Dheweke pancen ayu lan wasis, Damar. Nanging kabeh uwong wis ngerti yen dheweke iku babu. Piye bakal aloke wong-wong mengko. Damarjati sarjana

perikanan, nikah etuk babu. Apa iku penak

dirungu? Beda masalahe yen dheweke ora mbabu. Upamane dheweke bakul ing kios pasar apa

manager toko, njur dadi bojomu. Damarjati sarjana perikanan, nikah entuk manager toko. Rak

penak dirungu, ora entuk babu.”

„Dia memang cantik dan pintar, Damar. Tetapi semua orang sudah tahu kalau dia itu pembantu. Bagaimana kata orang-orang nanti. Damarjati sarjana perikanan, menikah dengan babu. Apa itu enak didengar? Berbeda masalahnya jika dia tidak jadi pembantu. Seandainya dia penjual di kios pasar atau manager toko, lalu menjadi istrimu. Damarjati sarjana perikanan, menikah dengan manager toko. Kan enak didengar, bukan dengan pembantu.‟

Damarjati :“Nek mung ngono we rak gampang ta Bu. Sekar sesuk pocoten olehe mbabu ing kene, terus dakpeke. Rak wis dudu babu meneh ta?”

„Kalau haya begitu saja kan mudah Bu. Besok Sekar berhenti jadi pembantu di sini, lalu saya jadikan istri. Kan sudah bukan pembantu lagi?‟

(MN/SWS/34/2015)

(95) Damarjati :”Kowe kerep mrene ta, Dhik?” „Kamu sering ke sini ya, Dik?‟

Sofi :“Iya, Mas. Meh saben malem Minggu aku mrene.” „Iya, Mas. Hampir setiap malam Minggu aku ke sini.‟

(MN/SWS/35/2015)

(96) Damarjati :”Saben malem Minggu? Njur apa wae sing dituku?”

„Saben malem Minggu? Lalu apa saja yang kamu beli?‟

Sofi :“Ya apa sing daksenengi. Sok klambi, sok sepatu. Pokoke saben ana modhel anyar aku tuku. Koleksi sepatuku lagi rongatus pasang. Aku pengin duwe

koleksi sepatu sewu pasang.”

„Ya apa yang aku sukai. Kadang baju, kadang sepatu. Pokoknya setia ada model baru aku beli. Koleksi sepatuku baru dua ratus pasang. Aku ingin punya koleksi sepatu seribu pasang.‟

(MN/SWS/35/2015)

(97) Sofi :”Apa kudu teka, Mas?” „Apa harus datang, Mas?‟

Damarjati :“Aku kudu teka, dhik. Sabab aku iki konsultan

perikanan ing koperasi kono.”

„Aku harus datang, Dik. Karena aku ini konsultan perikanan di koperasi itu.‟

(MN/SWS/35/2015)

(98) Sekarwangi :”Acara napa?” „Acara apa?‟

Damarjati :“Lha iki, acara minum kopi.” „Lha ini, acara minum kopi.‟ (MN/SWS/35/2015)

(99) Damarjati :“Lha iki, acara minum kopi.” „Lha ini, acara minum kopi.‟

Sekarwangi :“Wah, jan ora mutu tenan. Pacar ayu-ayu kok diklelerake, ditinggal minum kopi. Njenengan ki

nek karo jeng Sofi kae jan harmonis tenan lho, Mas.”

„Wah, tidak bermutu sama sekali. Pacar cantik kok diabaikan, ditinggal minum kopi. Kamu itu kalau sama jeng Sofi harmonis sekali lho, Mas.‟

(MN/SWS/35/2015)

(100) Sekarwangi :”Sing kakung gantheng, sing putri ayu. Dedeg setimbang. Nyandhang nganggo padha dene rapih.”

„Yang lelaki tampan, yang perempuan cantik. Perawakan seimbang. Pakaiannya sama-sama rapi.‟ Damarjati :“Aku yakin, kowe mesthi ngerti yen faktor

harmonis ki ra mung kuwi.”

„Aku yakin, kamu pasti tahu jika faktor harmonis tidak hanya itu.‟

(MN/SWS/35/2015)

(101) Damarjati :”Dhik Sofi dakjak nyang Bogor, gelem?” „Dik Sofi apakah mau saya ajak ke Bogor?‟

Sofi :“Gelem Mas, kapan? Nyang ngendi? Nyang villa? Apa Taman Safari?”

„Mau Mas, kapan? Kemana? Ke villa? Apa Taman Safari?‟

(MN/SWS/36/2015)

(102) Damarjati :”Nyang cedhak Clawi. Nyang lokasi bencana tanah longsor wingi iku lho, Dhik.”

„Ke dekat Clawi. Ke lokasi bencana tanah longsor kemarin itu lo Dik.‟

Sofi :“Ha? Ngapa nyang tanah longsor barang? Arep golek mala?”

„Ha? Ngapain ke tanah longsor? Mau cari bahaya?‟ (MN/SWS/36/2015)

(103) Damarjati :”Ora ketang sithik arep nyuimbang bantuwan kanggo para kurban.”

„Walaupun sedikit mau menyumbang untuk para kurban.‟

Sofi :“Oh, my God. Kok kaya pegawai dinas sosial wae.”

„Oh, my God. Kok seperti pegawai dinas sosial saja.‟

(MN/SWS/36/2015)

(104) Sofi :“Petugas Sosial, LSM, TimSAR lan adate wis ana panitya sing khusus ngurusi iku.”

„Petugas Sosial, LSM, Tim SAR dan biasanya sudah ada panitia yang khusus menangani itu.‟ Damarjati :”Apa salah yen warga masyarakat kaya awake

dhewe iki melu cawe-cawe aweh bantuan.”

„Apa salah jika warga masyarakat seperti kita ini ikut memberi bantuan.‟

(MN/SWS/36/2015)

(105) Damarjati :“Paket sembako wae, Bu. Kurban sing ngungsi ana seketan kulawaraga.”

„Paket sembako saja, Bu. Korban yang mengungsi ada 50an keluarga.‟

Bu Rusti :”Sesuk nggawa satus paket. Karo bantuwan dhuwit. Nek ngono Sekar undangen mrene. Dheweke luwih pinter ngrancang isine paket kuwi.” „Besok membawa seratus paket. Sama bantuan berupa uang. Kalau begitu panggillah Sekar kemari. Dia lebih pintar merancang isi paket tersebut.‟ (MN/SWS/36/2015)

(106) Sekarwangi :“Actingya Mas? Kaya pemain sinetron?” „Acting ya Mas? Seperti pemain sinetron?‟ Damarjati :”Iya.”

„Iya.‟ (MN/SWS/36/2015)

(107) Sekarwangi :“Bangkrut? Lha sababe?” „Bangkrut? Sebabnya apa?‟

Tuminah :“Juraganku ki jebule koruptor. Ditangkep petugas ka-pe-ka, terus kabeh bandhane dirampas negara. Omah pirang-pirang enggon, mobil mewah, simpenan dhuwit ing bank, kabeh entek dirampas. Saiki sing wadon manggon ing omah kontrakan cilik, karo anak-anake.”

„Majikanku itu ternyata koruptor. Ditangkap petugas KPK, lalu semua hartanya dirampas negara. Rumah dibeberapa tempat, mobil mewah, simpanan uang di bank, semua habis dirampas. Sekarang istrinya menempati rumah kontrakan kecil dengan anak-anaknya.‟

(MN/SWS/37/2015)

(108) Damarjati :“Siji, rupane ayu. Ibu pirsa dhewe.” „Satu, wajahnya cantik. Ibu tahu sendiri.‟

Bu Rusti :”Iya. Nek nggon rupa aku ora maido. Upama para

bintang sinetron sak Jakarta iki diklumpukake

kabeh, ayake mung siji loro sing ayune timbang karo Sekarwangi. Terus apa meneh?”

Iya. Kalau masalah wajah aku tidak protes. Seandainya para bintang sinetron se-Jakarta ini dikumpulkan semua, mungkin hanya satu dua yang kecantikannya seimbang dengan Sekarwangi. Lalu apa lagi?

(MN/SWS/38/2015)

(109) Damarjati :“Papat, pinter ngurus rumah tangga. Meh telung taun ana kene, urusan pangan sawutuhe kok pasrahake dheweke, lan Ibu ora tau kuciwa.” „Keempat, pandai mengatur rumah tangga. Hampir tiga tahun ada di sini, mengurus makanan seutuhnya Ibu pasrahkan padanya, dan Ibu tidak pernah kecewa.‟

Bu Rusti :”Bener, Damar.” „Benar, Damar.‟ (MN/SWS/38/2015)

(110) Bu Rusti :“Lha iku bener. Terus kekurangane? Kekurangane mung siji thil: dheweke iku babu. Jujur wae, Damar, sing kok kandhakake iku mau kabeh bener lan ibu ngakoni tenan. Nanging dheweke iku babu, kabeh warga pada ngerti iku. Rasaku kaya ngganjel banget yen krungu wong ngomong : Damarjati Sarjana Perikanan, anake Pak Pratama, entuk babu. Apa kowe duwe cara kanggo ngatasi bab iku?”

„Iya itu benar. Lalu kekuranganya? Kekuranganya hanya satu: dia itu pembantu. Jujur saja, Damar, yang kamu katakn tadi itu semua benar dan ibu benar-benar mengakui. Tapi dia itu pembantu, semua warga mengetahui itu. perasaanku seperti mengganjal sekali jika mendengar orang berbicara: Damarjati Sarjana Perikanan, putra Pak Pratama, sama pembantu. Apakah kamu mempunyai cara untuk mengatasi hal itu?‟

Damarjati :”Wis dakpikirake, Bu, sabab aku ya wis ngerti perasaane Ibu.”

„Sudah saya pikirkan, Bu, sebab saya juga sudah tahu perasaan Ibu.‟

(MN/SWS/39/2015)

(111) Bu Rusti :“Ya wis. Ning apa kowe yakin bakal bisa entuk gaweyan dadi guru?”

„Ya sudah. Tapi apa kamu yakin akan bisa mendapat pekerjaan sebagai guru?

Damarjati :“Insya allah bisa Bu, waton mbudidaya. Sesuk iki, rong ndina aku ana Bogor nekani temu karya para

pamiyara iwak dharat. Sesuk arep dakperlokake mampir nyang kampus IPB nemoni dekan. Arep nglamar dadi asisten dhosen ing kana.

„Insya Allah bisa Bu, asalkan berusaha. Besok itu dua hari saya ke Bogor menghadiri temu karya para pemelihara ikan darat. Besok saya sempatkan mampir ke kampus IPB menemui dekan. Saya akan melamar jadi asisten dosen di sana.‟

(MN/SWS/40/2015)

(112) Kepala Sekolah :“Para sedulu kabeh, mligine para kanca- kanca guru padha isih eling, almarhum Pak Wasita biyen guru sing pinter, sregep, lan gedhe labuh labete marang sekolahan lan masyarakat. Aku bungah banget dene puta putrine sing dhek semana isih cilik, saiki wis tuwuh dadi wanita diwasa sing ayu lan duwe

jiwa mandhiri, katitik bisa adeg rumah

makan sing gedhe lan apike kaya ngene. Mula ayo padha bebarengan ndonga, muga almarhum tansah ayem tentrem ing alam

barzah lan rumah makan iki bisa mekar

ngrembaka, dadi kondhang sawewengkon kene lan sakiwa tengene.”

„Para saudara sekalian, khususnya para teman-teman guru semua masih ingat, almarhum Pak Wasita dulu guru yang pintar, rajin, dan berpengaruh besar terhadap sekolahan dan masyarakat. Saya senang sekali kini putra putrinya yang dulu masih kecil, sekarang sudah tumbuh jadi wanita dewasa yang cantik dan mempunyai jiwa mandiri, telihat bisa mendirikan rumah makan yang besar dan bagus seperti ini. Maka dari itu mari bersama-sama berdoa, semoga almarhum tenang di alam barzah dan rumah makan ini bisa berkembang jadi terkenal di daerah ini.

(MN/SWS/43/2015)

(113) Damarjati :”Iya Bu. Nanging yen mengko Ibu niliki Bapak sing dherekake sapa?”

„Iya Bu. Tapi nanti kalau Ibu ingin menjenguk Bapak siapa yang mengantarkan?‟

Bu Rusti :“Wis aja mikir kuwi. Iku perkara gampang. Mengko aku arep langganan ojeg, saben dina methuk aku mrene. Andum gawe, Nak. Saiki kowe meleng mikir awakmu, golek dalaning rejeki apa

wae sing kok antebi amrih ing tembe uripmu bisa mulya. Aku yakin kowe bisa, Nak. Dene Ibu, sajrone Bapakmu nglakoni ukuman, Ibu tetep ana kene. Saben dina niliki Bapakmu supaya ayem atine. Dhuwit lan barang sing isih didarbeki cukup dakenggo urip nganti Bapakmu bebas telung taun maneh. Mobil pribadimu kuwi gawanen. Yen sawanci-wanci butuh dhuwit rada akeh, mobil iku bisa kok dol.”

„Sudah jangan memikirkan itu. itu masalah gampang. Nanti aku akan berlangganan ojek, setiap hari menjemput aku ke sini. Berbagi pekerjaan, Nak. Sekarang kamu mikir dirimu sendiri, mencari jalan rezeki apa saja yang kamu inginkan agar besok hidupmu bisa nyaman. Aku yakin kamu bisa, Nak. Sedangkan Ibu, selama Bapakmu menjalani hukuman, Ibu akan tetap di sini. Setiap hari menjenguk Bapakmu supaya tenang hatinya. Uang dan barang yang masih dimiliki cukup untuk hidup sampai Bapakmu bebas tiga tahun lagi. Mobil pribadimu itu bawalah. Jika sewaktu-waktu butuh uang yang agak banyak, mobil itu bisa kamu jual.‟ (MN/SWS/44/2015)

(114) Damarjati :“Kathah sanget. Masarakatipun kula cocog. Sistem

penerangan, angkutan, sesambungan liwat telpun,

sampun mboten kathah bentenipun kalihan kitha. Lan ingkang paling penting: kula menika lulusan

perikanan. Dhaerah mriki menika cocog sanget

kangge usaha perikanan. Kula kepengin atur conto dhateng para petani ngriki perkawis miyara grameh. Sinten ngertos mbenjing saged ningkatake tataran gesangipun petani lumantar usaha menika.” „Banyak sekali. Masyarakatnya saya cocok. Sistem penerangan, angkutan, sambungan melalui telepon, sudah tidak banyak bedanya dengan di kota. Dan yang paling penting: saya adalah lulusan perikanan. Daerah ini cocok sekali untuk usaha perikanan. Saya ingin memberi contoh kepada para petani di sini tentang memelihara ikan gurameh. Siapa tahu besok bisa meningkat kehidupan petani melalui usaha tersebut.‟

(MN/SWS/45/2015)

(115) Marsanti :”Kok ora munggah kaji pisan, Mas?” „Kenapa tidak sekalian naik haji saja, Mas?‟

Marta :“Suk wae nek wis duwe bojo, arep dakjak bareng pisan nyang tanah suci.”

„Besok saja kalau sudah mempunyai istri, akan saya ajak bersama sekalian ke tanah suci.‟

(MN/SWS/47/2015)

(116) Damarjati :“Ana dhawuh apa Bu? Oh aku kelingan... La rencanane Ibu piye... o, iya mengko dak pethuk nyang Jakarta Bu, aja nyepur... aku wis tuku mobil anyar... Toyota Avanza kaya mobilku biyen... iya... iya bu... sungkemku Bu.”

„Ada perintah apa Bu? Oh saya ingat...lantas rencana Ibu bagaimana...oh, iya nanti saya jemput ke Jakarta Bu, jangan naik kereta...saya sudah membeli mobil baru...Toyota Avanza seperti mobilku dulu...iya...iya Bu...salamku Bu.‟

(MN/SWS/49/2015)

(117) Marta :“Aku lagi mikir carane, Dhik. Wong aku ora ngingu blumbang dhewe. Ning sadurunge dakcekelake grameh, ayo dakjak priksa kesehatan nyang puskesmas dhisik.”

„Saya sedang berpikir caranya, Dik. Kan saya tidak punya kolam sendiri. Tetapi sebelum saya tangkapkan gurameh, ayo saya ajak periksa kesehatan ke puskesmas dulu.

Marsanti :“Kok ndadak priksa kesehatan barang. Aku ki sehat ora apa-apa, mung sok-sok krasa rada mungkug-mungkug arep mukok.”

„Kenapa harus periksa segala. Aku iki sehat tidak kenapa-kenapa, hanya kadang-kadang agak mual-mual mau muntah.‟

(MN/SWS/50/2015)

(118) Marsanti :”Neng ndi le nyekel grameh?” „Menangkap guramehnya dimana?‟

Marta :“Neng gone perikanan Minakerti ing Sabranglor. Mengko aku dak kandha karo sing duwe yen aku pengin nyekel dhewe.”

„Di tempat Perikanan Minakerti di Sabranglor. Nanti saya yang bilang sama yang punya kalau saya ingin menangkap sendiri.‟

(MN/SWS/50/2015)

(119) Damarjati :“Alamat sing ditinggalake biyen pancen genah tulisane, nanging bareng dakgoleki mrana tetela ora ana. Kae alamat palsu. Cilakane maneh nomer hape-ne ya wis ora bisa daksambung, sajake wis ganti nomer liya. Gandheng jarene ing desa arep bukak rumah makan, aku njur ampyak awur-awur,

pirang-pirang rumah makan dakleboni, daktakokake sapa sing duwe. Tetep ora ketemu. Akhire aku mupus, bisa uga sekarwangi pancen dudu jodhoku.”

„Alamat yang ditinggalkan dulu memang jelas tulisannya, tetapi setelah saya cari ke sana ternyata tidak ada. Itu alamat palsu. Celakanya lagi nomer hapenya juga sudah tidak bisa saya hubungi, sepertinya sudah ganti nomer lain. Katanya setelah di desa akan membuka rumah makan, lalu aku tidak tanggung-tanggung, beberapa rumah makan aku masuki, aku tanyakan siapa yang punya. Tetap tidak ketemu. Akhirnya aku menyerah, bisa juga Sekarwangi memang bukan jodohku.‟

(MN/SWS/51/2015)

(120) Marsanti :“Sekar, aku ora niyat nyampuri urusan pribadimu. Upamane kowe pancen wis duwe pacangan liya, iku urusanmu lan hakmu, aku ora wenang elik-elik. Nanging aku biyen dadi seksi janjimu marang Mas Damar, sing kok ucapke ana ngarepku, ana ngomahku. Mula aku nggugat kowe: kudu nemoni Mas Damar, njaluk ngapura luputmu patang prekara mau. Supaya Mas Damar lega atine lan rumangsa wis genah nasibe, ora terus-terusan sedhih lan bingung nggoleki kowe.”

„Sekar, aku tidak berniat mencampuri urusan pribadimu. Seandainya kamu memang sudah punya pasangan lain, itu urusan dan hakmu, aku tidak berhak menghalangi. Tetapi aku dulu jadi saksi janjimu kepada Mas Damar, yang kamu ucapkan di depanku, di rumahku. Maka dari itu aku menggugat kamu: harus menemui Mas Damar, mmeminta maaf

Dokumen terkait