BAB IV PIREMBAG
D. Filosofi Mrapen Abadhi Katilik Saking Dhasar Agami
Miturut ( Endraswara, 2006 : 24 ) ngandharaken bilih mistik kejawen wonten ing pundi – pundi dhaerah. Nalika kapitadosan bebrayan Jawi makempal dados setunggal, pramila boten bentenaken kapitadosan tiyang sanes. Ingkang wigatos bilih bebrayan Jawi nindakaken spiritual jawi. Amargi kapitadosan punika mawerni – werni agami kados Islam, Kristen, Katolik, Hindu, Buddha, Santri, Priyayi, saha Abangan. Sedaya punika pirantos ritual mistik kejawen.
Miturut Ibu Ribudiyati ngandharaken bilih asringipun kalampahan upacara ritual punika dinten Jum’at Kliwon saha kathahipun wulan Sura surya kaping 1 – 10. Tiyang ingkang rawuh inggih punika saking dhaerah mriki kitha Pati, Jepara, Rembang. Dhaerah kilen inggih punika kitha Weleri, Kendal, Pekalongan. Dhaerah saking kidul inggih punika kitha Yogyakarta, Solo, Sragen. Limrahipun ingkang rawuh inggih punika bebrayan Jawi ingkang sampun nate ing Mrapen Abadhi.
Andharan Ibu Ribudiyati inggih punika.
Jum’at Kliwon kangge upacara ritual. Masyarakat yakin batu bobot dikeramatkan. Bulan Suro tanggal 1 – 10 full yang berkunjung. Biasanya yang berkunjung orang – orang lama. Mriki orang Pati, Jepara, Rembang. Kilen: Weleri, Kendal, Pekalongan. Kidul : Yogya, Solo, Sragen ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Prakawis punika bebrayan Jawi sampun kathah pitados ing Mrapen Abadhi. Anggenipun upacara ritual ing Mrapen Abadhi punika caranipun benten – benten. Saderengipun badhe ngawontenaken upacara ritual kedah matur rumiyin dhumateng juru kunci supados dipunajari tata cara kados pundi nindakaken
upacara ritual. Saumpami boten matur dhumateng juru kunci rumiyin, samangke upacara ritual ingkang dipuntindakaken saged klentu.
Tata cara ingkang asring dipuntindakaken dening bebrayan Jawi ngawontenaken upacara ritual ing Mrapen Abadhi, miturut Ibu Mutakiyah minangka juru kunci ing Mrapen Abadhi ngandharaken bilih, tiyang ingkang nate mendhet latu saking dhaerah Semarang, Bandung, Kudus. Limrahipun saderengipun mendhet latu punika dipunwontenaken slametan. Tiyang ingkang dherek slametan bebrayan sakiwa tengenipun Mrapen Abadhi. Ambengan ingkang sumadya inggih punika tumpeng, lawuhan, pitik ingkung, wuh – wuhan.
1. Tata cara upacara ritual mendhet latu abadhi
a. Salam dhumateng Sunan Kalijaga salajengipun salam dhumateng Kyai Mrapi saha Nyai Mrapi.
b. Maringi sekar ing latu. Sekar ingkang dipunginakaken inggih punika mawar, cempaka, kenanga.
c. Ngobong kemenyan ing inggilipun latu.
d. Niat mendhet latu kangge prakawis ingkang dipunpikajengaken. Tuladha niat mendhet latu mrapen kangge damel restaurant ingkang kawitan.
e. Dedonga ingkang dipunpikajengaken dipunsebataken. f. Mendhet latu abadhi.
Andharan Ibu Mutakiyah inggih punika.
Tata cara upacara ritual di Mrapen Abadhi untuk mengambil api mrapen yaitu salam buat Sunan Kalijaga, Kyai Mrapi dan Nyi Mrapi, menaburkan bunga mawar, kenanga dan cempaka kemudian obong kemenyan, niat mengambil api untuk keperluan apa. Misal untuk mengambil api mendirikan restaurant yang pertama, selanjutnya berdoa dan mengambil api mrapen ( Surya wawan rembag : 25 Mei 2010 ).
Menawi upacara ritual umat Buddha miturut Pendeta Soejito Kusumo pirantos ingkang dipunginakaken kangge upacara ritual inggih punika.
a. Patung Buddha
Tegesipun Sang Buddha ingkang kinurmatan. b. Lilin
Tegesipun lilin ingkang saged madhangi manah. Kathahipun lilin wonten gangsal. Gangsal lilin kasebat anggadhahi teges kesaean, setya, sregep, suci, saha greget.
c. Sekar ingkang dipunginakaken napa kemawon. Tegesipun sekar punika boten abadhi kados manungsa samangke seda.
d. Toya
Tegesipun barang ingkang suci. e. Wuh – wuhan
Tegesipun barang ingkang boten abadhi. f. Dhupa
Tegesipun wewanginan.
Andharan Pendeta Soejito Kusumo inggih punika.
Patung Buddha maknanya sang Buddha yang dihormati. Lilin ada 5 macam yang artinya penerangan, kebajikan, setia, suci, dan semangat. Bunga mempunyai makna tidak abadhi seperti manusia tidak abadhi. Air maknanya suci. Buah maknanya jaga tidak abadhi. Dupa maknanya wewangian. Buah dan bunga yang disediakan untuk upacara ritual apa saja ( Surya wawan rembag : 25 Mei 2010 ).
Tata cara upacara ritual ingkang dipuntindakaken inggih punika saking pinten majelis umat Buddha ngawontenaken upacara ritual kaliyan ngungelaken mantra – mantra. Tuladhanipun majelis umat Buddha Sangha Trevada ngagem
basa pali saha sansekerta. Salajengipun dedonga dhumateng Sang Buddha. Menawi sampun rampung upacara ritual sedaya majelis umat Buddha mendhet latu ing Mrapen kanthi sesarengan. Latu Abadhi punika dipunasta ing Candhi Borobudur kangge prosesi Waisak tumrap umat Buddha.
Andharan Pendeta Soejito Kusumo inggih punika.
Walubi kan terdiri dari berbagai majelis. Jadi yang ikut melakukan upacara ritual perwakilan dari berbagai majelis. Caranya masing – masing majelis melakukan upacara ritual secara bergiliran dan mengucapkan mantra – mantra. Seperti Sangha Theravada mereka menggunakan bahasa pali dan sansekerta. Selanjutnya berdoa kepada sang Buddha. Kemudian perwakilan majelis mengambil Api Mrapen secara bersamaan. Setelah itu api di bawa ke Candi Borobudur untuk prosesi Waisak bagi umat Buddha ( Surya wawan rembag : 25 Mei 2010 ).
2. Tata cara upacara ritual ngangkat sela bobot
a. Salam dhumateng Sunan Kalijaga salajengipun salam dhumateng Kyai bobot saha Nyai Bobot.
b. Maringi sekar ing sela bobot. Sekar ingkang dipunginakaken inggih punika mawar, cempaka, kenanga.
c. Niat ngangkat sela bobot. Tuladha niat ngangkat sela bobot kangge daftaraken pegawe polisi.
d. Dedonga ingkang dipunpikajengaken dipunsebataken.
e. Ngangkat sela bobot. Tumrap tiyang jaler ngangkat sela bobot kanthi lenggah sila, menawi tiyang estri ngangkat sela bobot kanthi samparan kalih dipuntumpuk.
Andharan Ibu Mutakiyah inggih punika.
Kalau watu bobot upacara ritualnya, Salam untuk Sunan Kalijaga, Kyai Bobot dan Nyai Bobot, duduk bersila, menabur bunga mawar, kenanga dan cempaka. Kemudian berziarah atau kirim doa. Niat mengangkat batu bobot, misal untuk mendaftar polisi. Berdoa apa yang diharapkan dan mengangkat batu bobot ( Surya wawan rembag : 25 Mei 2010 ).
Miturut Rubiatno : 12 tata cara ingkang badhe ngangkat sela bobot inggih punika.
1. Matur kaliyan juru kunci. Juru kunci ing Mrapen Abadhi punika larenipun Ibu Parminah. Dados juru kunci punika dipungilir setunggal minggu. Salajengipun juru kunci maringi tata cara badhe dedonga.
2. Anggadhahi ancas ingkang teteg ananging boten kangge nyobi. Kangge upacara ritual ngginakaken sekar antawisipun mawar, cempaka, kenanga supados selanipun anggadhahi kekiyatan magis. Jalaran niat utawi kapitadosan bebrayan punika kedah kiyat sanget, pramila sela bobot saged kaangkat.
3. Ngangkat sela bobot tumrap tiyang jaler punika lenggahipun sila, menawi estri samparan kalih dipuntumpuk. Salajengipun ndedonga punapa ingkang dipunpikajengaken saha pasrah dhumateng Gusti Allah.
Ngangkat sela punika saged kaangkat kanthi enteng, ugi saged awrat sanget. Selanipun kaangkat pikajengan ingkang dipunsuwun saged kagayuh. Menawi boten pikajengan ingkang dipunsuwun boten saged kagayuh. Bebrayan Jawi menawi boten kasil ugi wonten ingkang mangsuli malih ngangkat sela. Prakawis ingkang njalari boten kaangkat selanipun inggih punika.
a. Syaratipun kirang jangkep.
Prakawis punika amargi boten beta sekar, saha niatipun kirang mantep. b. Namung nyobi ngangkat sela.
Prakawis punika amargi boten gadhah ancas dados namung nyobi kemawon. c. Kirang konsentrasi anggenipun dedonga.
Prakawis punika amargi tiyang ingkang ngangkat sela bobot piyambakipun bingung ing prakawis ingkang badhe dipuntindakaken saha prakawis ingkang dipunsuwun punika inggih sanget. Kados nyuwun dados presiden.
3. Tata cara upacara ritual mendhet toya sendhang dhudha
a. Salam dhumateng Sunan Kalijaga salajengipun salam dhumateng Kyai Sendhang Dhudha saha Nyai Sendhang Dhudha.
b. Maringi sekar ing toyanipun sendhang dhudha. Sekar ingkang dipunginakaken inggih punika mawar, cempaka, kenanga.
c. Niat mendhet toya sendhang dhudha. Tuladha niat mendhet toya sendhang dhudha kangge ngobati sakit gatel.
d. Dedonga ingkang dipunpikajengaken dipunsebataken. e. Mendhet toya sendhang dhudha.
Andharan Ibu Mutakiyah inggih punika.
Kalau di sendhang dhudha salam kepada Sunan Kalijaga, Kyai Sendhang Dhudha dan Nyi Sendhang Dhudha. Setelah itu menabur bunga mawar, kenanga, cempaka. Niat mengambil air sendhang dhudha, misal niat mengambil air untuk mengobati sakit gatel. Berdoa menyebutkan keinginan yang diminta. Selanjutnya mengambil air untuk sendhang dhudha ( Surya wawan rembag : 25 Mei 2010 ).
Miturut Bapak Suhadi minangka tokoh agami ing Dhusun Mlatih, Desa Manggarmas, Kecamatan Godong, Kabupaten Grobogan ngandharaken bilih kapitadosan ing Mrapen Abadhi punika wonten werni kalih. Sepisan punika gumantung tiyangipun. Menawi dipunpenggalih punika kalebet syirik. Ananging punika gumantung niatipun. Kaping kalih inggih punika Mrapen Abadhi namung patilasan Sunan Kalijaga. Dhasar agami nyuwun ing sela bobot minangka nindakaken syirik. Manungsa namung nyuwun pikajengan dhumateng Gusti Allah supados ingkang nindakaken upacara ritual dipunpenggalih kangge nyaketaken dhumateng Sunan Kalijaga.
Andharan Bapak Suhadi inggih punika.
Kepercayaan wonten werni kalih. Sepisan dilihat perilaku orang, sifatnya syirik, tapi semua tergantung niatipun. Amal biniyah. Mrapen niku situs peninggalan Sunan Kalijaga. Dari segi agama minta sama batu syirik. Tinggal kita ke Mrapen mendekat dengan Sunan Kalijaga diperbolehkan tapi minta sama Allah dimaksudkan dekat dengan Sunan Kalijaga ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Miturut Bapak Mukmin minangka tokoh agami ing Dhusun Mlatih, Desa Manggarmas, Kecamatan Godong, Kabupaten Grobogan ngandharaken bilih prakawis ing Mrapen Abadhi punika kalebet syirik. Bebrayan Jawi ngangkat sela bobot punika dipunsamiaken kaliyan Gusti Allah. Bebrayan Jawi ing Dhusun Mlatih, Desa Manggarmas, Kecamatan Godong, Kabupaten Grobogan punika aliranipun ahli sunnah waljamaah saha satus persen agaminipun Islam. Dados bebrayan Jawi namung pitados dhumateng Gusti Allah. Menawi wonten tiyang ingkang pitados gegayutan Mrapen Abadhi punika dipunanggep sae. Kula
piyambak boten pitados amargi punika nindakaken syirik. Nyeyuwun napa kemawon dhumateng Gusti Allah.
Andharan Bapak Mukmin inggih punika.
Percados geni, watu mangke ing mriku nyekuthoake Gusti Allah. Nyembah watu disameake kaliyan Gusti Allah. Seratus persen umumipun masyarakat ing mriki Islam. Seratus persen aliranipun ahli sunnah waljamaah. Boten agami boten aliran sanes. Percados kaliyan Gusti Allah melulu ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Kapitadosan ing Mrapen Abadhi punika wonten ingkang pitados saha boten ingkang pitados. Menawi wonten tiyang ingkang pitados punika gumantung kaliyan kapitadosan piyambakipun. Manunggaling kawula ing Gusti punika namung manembah dhumateng Gusti Allah. Menawi agami Islam punika namung ngajaraken nyeyuwun punika namung dhumateng Gusti Allah.
Sedaya nasib sae utawi boten punika saking Gusti Allah. Amargi pagesangan minangka sangkan paraning dumadi. Kawitan saha pungkasan ing pagesangan dipunwangsulaken dhumateng Gusti Allah. Pramila manungsa punika kedah menggalih kanthi lebet sanget kedadosan ing Mrapen Abadhi kados mekaten. Manungsa punika wonten ingkang nyiptakaken, semanten ugi Mrapen Abadhi punika wonten ingkang nyiptakaken. Manungsa menawi sampun kemutan dhumateng Gusti Allah, bebrayan Jawi punika boten nindakaken prakawis syirik ing Mrapen Abadhi.
Upacara ritual punika cara supados saged nyaketaken dhumateng Gusti. Ananging ing upacara ritual ing Mrapen Abadhi punika nyebataken Sunan Kalijaga saha sapanunggalanipun. Amargi piyambakipun inggih punika waliyullah ingkang caket kaliyan Gusti.
Manunggaling kawula ing Gusti inggih punika nyaketaken dhumateng Gusti Allah. Saumpami manembah ing sanesipun punika kalebet syirik. Sejatosipun bebrayan Jawi punika kedah upaya nindakaken pikajengan ingkang dipunsuwun kanthi saestu saha ndedonga. Ndedonga punika nyuwun dhumateng Gusti Allah boten nyuwun ing Mrapen Abadhi.