• Tidak ada hasil yang ditemukan

Juru Patanya :

Dalam dokumen AAK culture library I Javanese Manuscripts (Halaman 22-40)

“Sarehning ing lami-laminipun kula dereng nate sumerep saha mireng, ingkang binasakaken nama aji asmaragama punika warni punapa, sarta patrap pangangge anggenipun nandukaken kados pundi ?”

Sang Murwenggita :

“Manawi tanglet kawujudanipun warni punapa punika kula dereng terang, amung kinten-kinten ingkang nama aji asmaragama wau bok manawi tegesipun makaten : aji punika tegesipun kaaji-aji rerenggan (52) utawi pakurmatan, dene asmara tegesipun sengsem, sanggama salulut, dene ingkang binasakaken salulut wau tegesipun pepuletan, momoran utawi kekumpulan. Dados pikajengipun ingkang binasakaken aji asmaragama wau bok menawi boten klintu anggen kula mastani rerenganing sengsem, pepuletan amoring jalu lan wanita.”

Juru Patanya :

“E...., e..., boten nyana pisan-pisan, yen ingkang binasakaken aji asmaragama punika patrap amoring jalu lan wanita. Duk wau saking panginten kula warni dedamel, curiga utawi sayaka, wangsul bab patrap amoring priya lan wanodya teka mawi rerengan nami aji asmaragama punika kados pundi pangetrapipun?.”

Sang Murwenggita :

“Sayektosipun kula dereng terang, bebasan inggih sagaduk-gaduk (53) ing manah kula badhe mratelakaken, ananging sarehning medal saking kinten-kintening panggagas bilih wonten geseh sulayaning suraos utawi kithal kiranging tembung, boten langkung nyuwun pangapunten sarehning patrap amoring jalu lan wanita limrahipun binasakaken wados, sakalangkung saru yen kemelokaken prayogi jroning pratela dinapuring panca kara, kinarya warananging pamicara, campuhira kasebut ngandhap punika :

Lampahing asmaragama, kalamun pasta purusa dereng kiyat lan santosa, ing driya aywa kasesa, nandukaken pancakara, kang mangkono wau mbok manawa, blenjani neng wiwara, dayane datan widada, temah dela (gela) kang wardaya, terkadang amanggih ewa, lan wanita lawannya, marga tan kapadung karsa, riwas wadi wus kabuka wekasan tan mantra-mantra, tumimbang serenging (54) driya, wangune salah mangkana, yeka kena ing rubeda, aran katitih asmara, awit dereng abipraja, duk wau kagyating pasta, iku uga mbok manawa lagya kaserenging daya, mung sengseming driya harda, sinerus lumaksana, kasengka mangsa ing yuda, marma dayane sapala, tan lama nulya marlupa, kacarita inggih punika, awit rahsa tuwin jiwa, dereng winengku samya dening prabanira Hyang Pramana.”

Juru Patanya :

“Amit kisanak, nyuwun pangapunten, kula nyelani cariyos sakedhap. Sarehning boten wonten tiyang sanes, kula badhe matur sampeyan ananging kadamela wados bebasan suket godong aja krungu sayektosipun kula punika golongan kerep kepranggul dhateng tindak ingkang makaten, ananging ing sarehning bodho kirang pambudi, dados datan mawi dipun-nganglangi dhateng nalar-nalaripun saben-saben kepanggih sabab ingkang (55) makaten, lajeng kepanduk ing raos pegel utawi anyeling manah kawimbuhan sanget lingsem saupami wujuding pasta purusa punika boten gegandhengan kaliyan angga kita, bok manawi lajeng kula gebagi sanalika, supados lajeng kapok lan mituruta, sareng pakewed panggenanipun ing wekasan amung muring-muring ananging boten kantenan ingkang kula rengoni, pramila kula sareng mirengaken cariyos sampeyan ingkang binasakaken tembung katitik asmara, punika kados pundi tegesipun?.”

Sang Murwenggita :

“Yen sampeyan tanglet tegese utawi werdi bab tembung basa sastra kawi sapanunggalanipun, punika ing sayektosipun kula rak dereng sumerep sarta dereng terang menggah patitisipun, dene anggen (56) kula cariyos sadata wau sayektosipun saking aneniru, nurut serat uatawi anurut cariyos liyan, dene bilih sampeyan sidanak, kersa teges utawi werdi bebasan ing sawonten-wontenipun kula inggih angaturi kasebut ing ngandhap punika :

Kala wau ingkang sampeyan tangletaken tembung katitih asmara, mbok manawi wewijanganipun makaten : katitih punika tegesipun kalindih utawi kaendih, werdinipun kadesek, kasesek, kaseselan, katumpangan utawi kasoran, dene tembung asmara tegesipun birai, brangta utawi kasengsem. Dados pikajengipun tembung katitih asmara wau mbok manawi katumpangan utawi kasoran ing sengsem.”

Juru Patanya :

“Kisanak, menggah kasenengan ing alam donya punika punapa wonten ingkang (57) ngungkuli malih kados senenging priya dhateng wanodya, tuwin wanodya dhateng priya teka wonten tembung katumpangan utawi kasoran ing sengsum.”

Sang Murwenggita :

“Yen menggah kasenengan ing alam donya, punika kula boten saged amestani, dumunung wonten pinaringipun piyambak-piyambak, dene ingkang binasakaken katitih asmara wau sebab kalindih ing rubeda, menggah kawujudan ingkang asring murugaken dhateng tumanduking asmara, kinten-kinten kathahipun gangsal golongan, pepencaran kaperang dados kalih dosa bab, kapratelakaken kados ing ngandhap punika :

1. Golongan yen kepanduk : 1. Arip, 2. Sakit, 3. Luwe, 4. Susah.

2. Golongan yen kepanduk : 1. Geg, 2. Neg, 3. Gigu, 4. Elik. 3. (58)Golongan yen kepanduk : 1. Mutung, 2. Kapok, 3.

Kawus. 4. Merang.

4. Golongan yen kapanduk : 1. Jeleh, 2. Manuh, 3. Kemba, 4. Bosen.

Menggah pepacaring rubeda kalih dasa bab wau upami pinuju tumanduking salah satunggil, mbok manawi punika inggih dumunung wonten sesirikan busananing sarira, kadosta dhateng raga, driya jiwa sesaminipun sanadyan tumadukipun amung dhateng tri busana, yen menggah tetabetanipun bok manawi inggih tumus dhateng dunung kekayanganing prasa, utawi rahsa, pramila duk wau daya sarenging driya, ingkang tumus ing pasta purusa kirang santosa karana dereng kawinbuhan saking daya kridhaning prasa, utawi rahsa, amargi prasa utawi rahsa : katitih (59) brangta kasengsem saweg pinuju ngraosaken tumanduking rubeda wau ing salah satunggilipun.

Kajawi ingkang kasebut ing inggil, wonten malih kalebet rubeda ingkang asring murugaken tumanduking asmaragama, ingkang binasakaken kasor prabawa wonten kalih bab kados kang kasbut ing ngandhap punika :

1. Yen priya boten kepadan karsa, ingkang solah asmaragama.

2. Saking sabab boten nunggil bangsa prasaning rahsa utawi rahsaning rahsa.

Dene ingkang binasakaken kasor prabawa wau mbok manawi patrapipun makaten, empaning cipta boten kapandan dening mapaning pramana, ing wekasan prasa tuwin rahsa katamaning raos welas utawi engah, inggih rubeda patrap makaten wau ingkang binasakaken tumanding kang sanes bangsa.

(60) Juru Patanya :

“Sareng kula sampun mirengaken bab rubedaning asmaragama ingkang kasbut ing inggil wau, sadaya lajeng kapanduk narimah ing manah, layak awis saged kaleksanan, kerep kuciwanipun jalaran saking kathahipun rubeda ingkang murungaken, dene rubeda kathahipun samanten wau murih sageda sumimpang setiyaripun kados punapa?.”

Sang Murwenggita :

“Prasajanipun kisanak, yen kagungan sampeyan punika saupami yen sinentor ing udaka wimba, tegesipun sinentor ing toya padasan sampun boten kersa wungu, punika sampun boten kenging dipunsetiyari malih, sesaminipun upami suku dipunwastani apus utawi tali, pikajengipun lemes dados tali saestunipun boten kenging kadamel lumampah, dene yen

boten tumindakipun wau manawi amung jalaran saking kenging rubeda, (61) kados ingkang sampun kapratelakaken ing inggil wau, kinten-kinten mbok manawi setiyaripun kedah maluya krida, wewijanganipun tembung wau, amaluya tegesipun memulih, krida tegesipun gagas utawi osik pikajengan kedah amemulih dhateng ngujar gelenging prasa tuwin rahsa, bilih katarimah saged golong gumelening prasa tuwin prasa, mbok manawi lajeng saged lumaksana, kang tanpa sangsaya.

Pramila pamilihing kedah ngatos-atos, karana bilih kaleresan angsal wanodya ingkang prasaning rahsa, ingkang nunggil bangsa, punika lajeng nggendam langgengin asmara, saniskaraning rubeda, temah mahanani susila pamoring lulut, awit binuka langgening pramana, dene ingkang binasakaken susila pamoring lulut wau, woring sekaliyan binuka tanpa rubeda, amung pinanggih seneng pareng.

(62) Juru Patanya :

“Sarehning dereng sumerep nalar-nalaripun dados namung kapanduk eram tuwin gumuning manah, kadosta : namung kapanduk gela, ewa, cuwa, jinja sesaminipun kalih dasa bab wau, teka kalajeng boten tumindak ingkang binasakaken daya santosaning pasta purusa punika warni punapa?.”

Sang Murwenggita : ... ... ... ... Juru Patanya : “... ... pangraos cuwa, engah, utawi cengah, alawanan kaliyan wanita ingkang sanget kuciwa (64) ing warni, inggih boten kapanduking raos gela, ewa, kemba lelawanan kaliyan wanita ingkang gandanipun awon, inggih boten kapanduking raos, geg, gigu, elik, punika ingkang sanget nggumunaken, dene anggenipun saged sumingkir nyimpang pepalanging jurang, sageda dhateng sakathah ing rubeda punika mugi kawastanana priya ingkang gadhah lampah makaten wau, punapa pancen boten kadunungan apiking pangraos utawi raos, punapa pancen tanpa sebut.”

Sang Murwenggita :

“Priyan ingkang gadhah patrap makaten wau inggih leres gumunaken anggenipun sumimpang saking rubeda, katandha saben-saben tumanduk dene widada saged gembira ing asamarangipun, ing mangke kula cariyos kangge timbangan minangka saksi, supados katingala nalar-nalaripun, kinten-kinten priya ingkang (65) makaten punika kados sujanma ingkang binasakaken lembon, inggih punika sujanma ingkang karem sanget dhateng nendra, mila binasakaken karem sanget margi tanpa mawi mangsa, saben dinten netranipun karaos sanget arip, kadereng kumedah anendra, sarta boten mawi milih tuwin anampik ing dunung, bebasan inggih sadawah-dawahing badanipun inggih lajeng saged nendra tur kalayan sakeca, terkadang ngantos kelantur ing wanci, wonten malih sesaminipun sujanma ingkang binasakaken anggrangsang ing dremba, inggih punika sujanma ingkang ngangsa-angsa karem ambukti, mila binasakaken karem boten mawi mangsa, saweg tuwuk teka kadereng kedah anedha, tanpa mawi pilih tampik ing tetedhan, bebasan ing sawonten-wontenipun inggih purun bukti tur kalayan eca terkadhangan ngantos kelanduk ing taker, (66) punika saking kinten-kinten kula piyambak, bab asmaragama wau bok manawi inggih boten aprabeda. Samangke sareng katitik saking lelampahanipun para sujanma ingkang remen dhateng bukti, utawi sujanma ingkang remen nendra kados-kados inggih sampun terang, priya ingkang gadhah kelakuwan tanpa tampik dhateng wanodya wau mbok manawi inggih pancen karem dhateng raosing asmara.”

Juru Patanya :

“Yen saking pamanggih kula kados-kados inggih sampun leres, janma priya ingkang tanpa tampik wanita punika. Jalaran saking karem asmara. Sapunika kula pitanglet saking pamanggih sampeyan piyambak kenging dipun wastani priya ingkang boten kadunungan apiking pangraos utawi raos, punapa priya tanpa sebut sarta kelakuan makaten wau sae punapa awon?.”

Sang Murwenggita :

“Kisanak, dunungipun wanita ingkang makaten wau yen kula kapurih mastani, nyuwun pangapunten ingkang kathah-kathah, senadyan dipun peksa kalayan santosa meksa mopo boten saged amratelakaken, awit kula sampun sumerep yen sampeyan piyambak inggih sampun saged mastani

dunungipun priya ingkang makaten wau, saestu inggih terang yen tanpa sebut jalaran saking anggenipun sanget ngungun dhateng sabiyantuning daya ingkang ngangsa-angsa karem dhateng asmara ngantos kalimput, boten ngalih dhateng sakathah ing rubeda ingkang dados sesirikaning busana. Suwawi kisanak sami nggalih ingkang sampun kula sipati kemawon, pinten-pinten kathah ing priya ingkang sami nandhang sangsara inggih jalaran saking penyakiting senggama wau (68) kinten-kintening manah kula, mbok manawi punika inggih jalaran wektu sanggama, kapanduking rubeda sesirikan busana, boten mawi milih nampik ing dunung, mangka ingkang dipun dunungi nalika nendra wau, kang talemek nuju wonten barang ingkang gateli kadosta : uler, rawe, kemaduh, semut, klabang sesaminipun, rak inggih badhe kapanduk damel sesakiting seliranipun. Punapa malih sujanma ingkang karem ambukti tanpa tampik ing tetedan kadosta : pepedes, kekecut, lelegi, sesepet, utawi gurih sesaminipun tanpa mawi kagalih panedhanipun, sarampunging panedha mbok manawi inggih kraos, tumrap (69) penyakiting sariranipun. Suwawi kisanak, kula aturi mestani piyambak sadaya pakareman ingkang dadosaken kasangsaraning sarira punika kenging dipun wastani awon puna sae?.”

Juru Patanya :

“Sampun kaping rambah-rambah anggen kula pitanglet dhateng lare ingkang saweg umur kawan tahun tur wicantenipun taksih pelo, suprandosipun teka saged amestani bab pakareman ingkang dadosaken sengsaraning badan punika boten pakoleh, kilap pamanggihipun lare wau, kula boten terang. Dene yen kula kaliyan sampeyan, sarehning janma sampun sepuh sarta priksa ing nalar, kilap anggenipun mastani saestunipun amung dumunung wonten ing batos kemawon, yen ta menggah saking panampining manah kula, cariyos sampeyan bab (70) katitih ing asmara utawi priya ingkang tanpa tampik wanita, kados-kados inggih sampun terang. Sapunika saking atur pamuji kula saupami pinareng karenan ing panggalih, kisanak kersa anglajengaken cariyos malih bab tumanduking asmaragama ingkang tanpa sangsaya, saiba badhe bingah ing manah kula.”

Sang Murwenggita :

“Kisanak inggih prayogi, bilih kersa mirengaken lahiring gagasan, sagaduk-gaduking manah kula dumugekaken

cariyos malih bab tumaduking asmaragama ingkang tanpa sangsaya, inggih punika nami susila pamoring lulut tuwin babar langgen mangsah ing pancakara, kinarya warananing pamicara kados ing ngandhap punika :

(71) Kalamun pasta purusa wus kiyeng kiyat santosa, kwehning daya wus samekta, iku nulya tindakena umangsah ing ronanggana, sayekti datan kuciwa tumempuhing banda yuda. Nanging ta dipun prayitna, ing tindak ajwa sembrana, gyaning bakal nuju prasa, mring wanita mengsahira, supaya leganing driya, wruhanta dipun waspada,jroning pasti kono ana musthikaning rasa mulya, rineksa para jawata, aram sanghyang Utapatra, utawa Sanghyang Gambira, dumunung wuri puruna, yen tinempuh dening gada, watakira prasanira, nuli bebantuning prapta, pepinginan ing jro baga,ingaran Sanghyang Asmara, sesilih Hyang Cakra, kang abipraya saraya, wimbuh keri griminira, anarik daya ajunya, mring Sanghyang Purnamasangka, ya Sanghyang Asmara Tantra, utawa Sang Kamajaya. Pameying rahsa mangkana, srana ngagema (72) wisaya, pratingkah ukeling pasta, kacarita solahira, duk murwani lumaksana, karsa pepucuking yuda, kwehning daya saniskara, ajwa sineru sarosa, ing tindak kesah saranta, pangangkah amung muriha, keri prasaning wanita, kalamun wus sawetara, jumpuhing prang lama-lama pepalu tumempuhira, pininda upama gada, tinangkis ing bada baya (tameng) saking rosaning panggad, kuwating panangkisira, wekasan metu dahana, mubal sumundul ngakasa, sesumuke nemu pega, kukus katut samirana, prapta tumaduking prasa, kekerining mengsahira, gumiringing saya dadra.

Gantya wau wanita, denya gadah banda yuda, mubal metuning dahana, semrambah ing sarira, tan kuwawa anahana keri gumrining prasa, saya harda ngambra-ambra, wantu wataking wanodya, yen wus liwung kridhanira, (73) ing budi datan saranta, sigra amusti sanjata, warastra mangka pusaka, teturunaning sang jawata, ganjaran Hyang Girinata, piningit sajroning baga, yeka kang hru baru nastra, sumembur metu tirta, toya lir yiyiding mina, kumembeng sajroning baga, angelem pasta purusa.

Wau ta sir pasta, silem kinelem ing tirta, tan mantra ririna ing solah saya gembira, anebur ing barunastra, lir ombak samodra bena nganggen lumut satepinya, samodra karoban

toya, nempel ngumpul lir tinata, bebarising warhat bala, kadi gelar cakra byuha, bondhot bebudheting pasta, ning tan surut saya rosa, liwung pamukireng yuda.

Mangkya gantya kacarita, remening prang bratayuda, anulya ana suwara lamat-lamat kapiyarsa, surasa asung wasita, wiyose kadya mangkana, e kulup sira sang pasta, poma (74) ngger dipun prayitna, panarik sendaling gada, maju miwah undurira, papane lunyu sedaya wus tan kena tinulaka, wit iluning barunastra, saya dres panyemburnya, dene nemu lumaksana, lamun lena pasti ina, yen kepleset ansahira, rebabe nindihi gada, katikel dadya rubeda ing jro aran roga brata, pileg ing kadadeyanya, adate ingkang mangkana, benjang maning lamun yuda, tumus mahanani roge, tumular mring pasti baga, yen iku tan sinucekena, ing sawusing pancakara, manawa pasta purusa kataman ing roga jaba, ubengan ing aranira. Kang iku den engetana, tembe sakaro tan kena, yen maning mangsah angayuda, kalamun durung nirmala, kudu temen tinumana, waluya sakalihira, mangka ujaring salaka, yen priya anandang raga, kaprenah jro pasti boga, lamun harsa (75) mangsah yuda, yoga rumuhun seniya, prelu nurutna memala, murih ajwa tumular, mring wanodya mengsahira, lan kulup sira weruha, adat wataking wanodya, yen wus ngedalaken tirta, kang kadi yiyiting mina, gumringinge saya harda, mempeng dereng ngireng prasa, kawistara sarabira, kiyat kiyeng saliranya, sawanda kejeng sedaya, dene lamun wus mangkana, sira darbeya sedya, tetulung mring mengsahira, tumraping asmara tantra, tan liya amung wisaya, solahing pasta purusa, sinengkakna pamukira, tempuh pamukuling gadha, kang ajeg lan den kerepna, kalawan dipun waspada, amawasa ing sasmita, adat wantuning wanita yen wus liwung pamuhira, nulya agawe lelewa, pratingkah solah ing angga, wit saking kirang prasaja, sejatine karsanira, biyantu solahing pasta, kinen nuju amrenakna, mring dununging prasanira, kang supaya tinrajanga, (76) sinenggol pucuking pasta, ing kono dipun turuta, sakarsanireng wanodya, yen pinareng datan lama, wanita amudar prasa, yekti ana wataranya, gara-gara jroning baga, anyendhol pucuking pasta, iku saka kira-kiram laraping reca gupala, kabukaning kang wiwara, jenenging Hyang Kamajaya, aliya tandha mangkana, kang sayekti kawistara, kawawas sawarnanira, ing hangga sakojur wanda, angler kaoncatan yitma, lesu ngalumpruk marlupa, kadi-kadi tan

kuwawa, anyandhang enaking rahsa, sesambate melas arsa, karya trenyuh ing wardaya.”

Yen tan menggah tetakeran, panimbang mendhet saking tepa, pamawas wujuding warni, panuja kaleganing wanita ingkang makaten wau, kados-kados sampun nyekapi, pratandha dene sang wanita sampun kapanduking marlupa sariranira, ewa semanten sarehning tetakeraning (77) panggalih manungsa punika beda-beda, wonten ingkang sanget karsa, wonten ingkang amung sawatawis, trekadangan asring wonten priya ingkang muda tama, tegesipun priya ingkang taksih katabetan lare, tuwin busuk tumandukipun amung kangge memainan, nalar ingkang makaten punika, mboten kenging dinugi, amung gumantung wonten seneng lan keparingipun priya piyambak, wondene menggah patrap salebitipun sanggama wau, priya kedah mawas ulat lirining wanita punapa dene saliranipun piyambak, yen sampun kapanduking panggalih : lega, carem, tuwin marem sesaminipun upami tiyang nenedha, karaos sampun tuwuk, duk wau sang wanita amudhar prasa, priya anyarengana sami wedalipun, dene manawi panggalihing priya taksih kapanduking raos cuwa, utawi gela, jalaran saking (78) kirang lega, punika pamudar ing prasa priya sampun anyarengi, nanging menggah leksananing patrap ingkang mekaten wau, priya asring kapanduk ing raos kadi kalayu pamudharing prasa punika dipun gantosa ing pamaretipun. Dene anggenipun kesesa wau awit kadereng wiyosipun Hyang Kamajaya, punika tinulaka dening japa mantra, kados ing nngadhap punika :

Kedah manggen wonten gajeging gela, sampun kadamel lega, prasaning rahsa badeh rasa kawudhara, ing riku wujuding wisaya, sang pasta purusa kedah kakendelaken rumiyin dumunung wonten sajawi, utawi salebeting wiwara punika gumantung wonten seneng lan pinareng ing kalih-kalihipun, sarehning sang wanita duk wau wus saweg kaleson sayah denira panca kara, priya darbeya sedya jangkah tindak utami tetulung dumateng mengsah, paring usada mrih (79) waluya kasrakat ing salira denya ketiban gada, punika usadanipun kedah tinuju ing prana (ati), dene lelantaran tumandukipun wau kalayan angagema sarana kados ing ngandhap punika : Dingin tembung manuhara, manis sedheping wicara, lelewa solahing angga, lan kedap liringing netya, tuwin den biyantono, ing solah ukeling pasta, agugah kerining prahsa,

kedah sareh tindakira, datan kena daya-daya, bok manawa pinarengna, usada saged tumama, tumanduk marang ing prana (ati), suka giranging driya, sumarambah ing sarira, nirmala temah waluya, ngadeg malih kasarangnya, tandangira lir raksasa, kadi arsa amemangsa, kang priya tanggap prayitna, ing solah datan prabeda, kedah nuju ing prasa, kadi duk wau bebuka, klawan priya engeta, wewadine sang wanita, darbe aji suksmayana, (80) dumunung thelenging baga, yeka kang krasa, anyendol pucuking pasta, lamun harsa mungkasana, kono kerep den godan, ing adate datan lama, raksasa nulya palastra.makaten ing salajengipun ngantos kaping pinten rambahan, dene manawi dampun kraos marem ing panggalih, yen wanita amudar prasa, priya kedah nyarengana sami wedalipun, mbok manawi inggih punika ingkang binasakaken priya widagda nuju prasa, tuwin undagi ing asmaragama, wondene enggal lan danguning wanci nalika prang bratayuda wau, punika boten kenging dinugi, muhung gumantung wonten seneng lan peparengipun piyambak-piyambak.”

Juru Patanya :

“Elo, boten nyana, yen dangu-dangu kisanak lucu, kok sampuna kula sumerep rumiyin wiwitaning rembag, bab asmaragama sarta ing ngandhap sampun mawi anyebutaken yen (81) wanita amudar prasa, priya kedah tanggap anyarenggana, kula meh pangling boten sumerep pisan-pisan seg, kula wastani sampeyan wau anyariyosaken serat wiwaha, perangipun Prabu Nuwatakawaca, dene teka mawi anyebutaken lir buta mangsa daging satra darbe aji sukmanyana.”

Sang Murwenggita :

“Sampun klentu panampi, tembung makaten wau gagasaning manah kula piyambak, dene kok pejah gesangipun boten prabeda sami dumunung wonten ing lak-lakan.”

Juru Patanya :

“Leres kisanak, boten aprabeda sami dumunung wonten ing cetak, kaot ngandhap kaliyan nginggil, kula sampun midangetaken cariyos gagasan sampeyan bab asmaragama kasebut ing inggil wau saking pamanggihing manah kula inggih sampun ajeng sanget, kados-kados (82) panguja kalenganing wanita samanten wau inggih sampun anyekapi katandha saking saliranipun sampun kapanduk ing marlupa,

kados saupami kasengkakaken malih langkung saking punika anggenipun panca barkah, bok manawi lajeng kataman rubeda sesirikaning busana temah akarya roganing hangga. Ananging kula mangke ngengetaken, duk wau pratelan rumeksaning pawestri sampeyan sampun nyebutaken, suraosing serat Paniti Sastra nyebutaken awit saking pangandikanipun Maha Prabu Widayaka (Ajisaka), sadaya pakareman tuwin ing atasing asmaragama satunggal janma pawestri sesaminipun kaliyan priya wolu, punapa malih pangandikanipun Wara Dewi Drupadi, boten wonten wanodya tuwuk ing kakung, wasana tumraping asmaragama wau daya kekuwataning wanita kenging binsakaken mung sapele, teka boten pisan pisan tumimbang kekuwataning (83) priya, duk wau nalika saweg sapisan warninipun sang wanita kados

Dalam dokumen AAK culture library I Javanese Manuscripts (Halaman 22-40)

Dokumen terkait