• Tidak ada hasil yang ditemukan

Sang Murwenggita :

Dalam dokumen AAK culture library I Javanese Manuscripts (Halaman 40-63)

“Saweg sepisan punika kula (101) nyumerepi anggenipun ceples kaliyan tembunging paribasan yen tumrap tiyang gadhah damel kadosta : metu ing sasaminipun, binasakaken sinsing-sinsing wekasane teles utawi malih tembung ngirit-irit wekasane dadi ngorot-orot, yen tembung paribasan wau tumrap penganten estri makaten lengkak-lengkok wekasane ngumbah katok, ing sayektosipun kisanak, kula punika dereng sumerep sarta dereng terang dhateng nalar ingkang makaten wau, dene sampeyan karsa cariyos tetempilan, liripun cariyos saking aneniru kados ing ngandhap punika : Kasebut wonten wewijangan ngelmi, ingkang kaping nem dipunwastani kayektening kahanan Kang Maha Suci, inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Betal Mukadas awit dene pamejangipun ambuka kodrat iradating Pangeran (102) kang Maha Suci sejati, anggenipun kersa jumenengan maligening Dad, minangka Betullah katata wanoten konthpling manungsa, punika sejatosipun inggih dados pitedahan kayektening kahanan satunggal-satunggal anandakaken kalarating Dad kang Maha Mulya, lajeng boten kenging ewah gingsir saking ing kahanan jati, kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping nem nukilan amendet saking kitab Insan Kamil mratelakaken wewangsiting Pangeran kana Maha Suci sejati, dhateng Kangjeng Nabi Mukammad Rasulullah ayat ingkang kaping tiga, kajarwakaken makaten : sejatine ingsun nata malige ana ing sajroning Betalmukadas iku omah enggoning pasucian ingsun, jumeneng ana kontholing Adam, kang ana ing sajroning konthol iku pringsilan, kang ana sajroning pringsilan iku nutpah, iya iku mani, sajroning mani iku madi, sajroning madi iku manikem, sajroning manikem (103) iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun, ora ana Pangeran iya ingsun, Dad kang anglimputi ing kahanan jati jumeneng ana ing sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar awal ing kono wahananing Alam Akadiyat, Alam Wahdat, Alam Wahkidiyat, Alam Arwah, Alam Misal, Alam Ajsam, Alam Insan Kamil.

Juru Patanya :

“Kisanak, menggah cariyos sampeyan wau saking pamanggih kula sanadya ingkang mirengaken sampun kawilang sujanma winasis, utawi lantip ing budi, mbok manawi inggih boten

saged mangertos, saupami kisanak karsa nggenahaken suraos ing kitab ingkang kajarwakaken makaten wau, (104) saiba badhe lega lan bingah ing manah kula.”

Sang Murwenggita :

“Yen kula piyambak sayektosipun dereng sumerep, amung nyariyosaken menggah dalil pangandikaning Pangeran Kang Maha Suci ingkang makaten wau, sampun dipun werdeni dening para sujanma ing tanah Jawi, inngih punika satunggaling priyantun nama Raden Ngabehi Ronggowarsita pangkat Kaliwon, minangka pujangga amardi basa ing Nagri Surakarta Hadiningrat, kasebut wonten ing Serat Wirid Hidayat Jati ingkang mawi tinengeran ing tau Jawi ranta warna sinuta salebetin alip : 1779, kacariyos dunungipun makaten :

1. Konthol punika woyosipun kahananing Betulmukadas, tegesipun griya ingkang sinucekaken.

2. Pringsilan punika kahananing purba (105) katumusan saking kahananing birahi, dados bebukaning asmara nala, inggih punika sengseming manah.

3. Mani, punika kahananing kantha, katumusan saking wahananing hawa, dados bebukaning asmara tura, inggih punika sengsem ing pandulon.

4. Madi punika kahananing warna, katumusan saking wahananing karsa, dados bebukaning asmara turida, inggih punika sengseming pamireng.

5. Wadi punika kahananing ripa, katumusan saking wahananing cipta, dados bebukaning asmara nada, inggih punika sengseming sapocapan.

6. Manikem, punika kahananing suksma, katumusan saking wahananing pangrasa, dados bebukaning asmara tantra, inggih punika sengseming pangrasan.

7. (106) Rahsa, punika kahananing atma, katumusan saking wahananing ises, dados bebukaning asmaragama, inggih punika sengseming salulut.

Dene menawi sampeyan kisanak, mundhut cetanipun sarta genahipun babar pisan makaten : yen konthol tuwin pringsilan rak inggih kesagetan upami mundhut genahipun malih :

1. Mani punika sajatosipun kama, ingkang taksih dados toya, warninipun surat biru.

2. Madi, punika sarining mani, warnanipun surat dadu. 3. Wadi, punika sarining madi, warninipun surat jenar.

maya-maya kadi retna.

5. Nukat gaib, tegesipun wiji pepinisan, inggih punika sarining rahsa sejati.

6. Johar awal, tegesipun sesotya ingkang wiwitan, inggih punika manik, dados embaning rahsa sejati.

“Kados pundi kisanak, manawi sampun terang ing suraos wujut tuwin warni ingkang makaten wau salebeting guwa garba ketingal marongkol punapa manyutu?.”

Juru Patanya :

“Kisanak sapunika sampun terang sanget ing pinampi kula, duk kala wau kacetakna bilih ingkang kaprtelakaken punika bab kama kula sampun mangretos leres boten katingal manyutu, jalaran warni toya kados bangsanin seni sasaminipun, sareng kama wau (108) sampun korut kaluntur saking priya anjog dumunung guwa garbaning wanita, punika salajengipun kados pundi ?.”

Sang Murwenggita :

“Kala wau ingkang pungkasan nyebutaken johar awal tegesipun sesotya ingkang wiwitan, inggih punika manik dados embaning rahsa sejati sampun dumunung wonten guwa garbaning sang wanita, ing riku lajeng wahananing alam pepitu binasakaken martabat kasebut ing ngandhap punika : 1. Alam Akadiyat wahananing kendel utawi ngadeg, inggih

punika wanita meteng yen saweg sewulan, ing tembung Arab binasakaken Lhatakyun, tegesipun dereng sanyata ing kahananipun.

2. Alam Wahdat, wahananing meteng sawg (109) kalih wulan, yen tembung Arab Takyun Awal, tegesipun wiwit sanyata ing kahananipun.

3. Alam Wahkidiyat, wahananing meteng saweg tigang wulan, ing tembung Arab binasakaken Takyun Sani, tegesipun dene sampun sanyata ing kahananipun.

4. Alam Arwah, wahananing meteng saweg kawan wulan ing tembung Arab binasakaken Akyan Sabitah, tegesipun sanyata tetep ing kahananipun.

5. Alam Misal, wahananing meteng gangsal wulan ing tembung Arab binasakaken Akyan Karijiyah tegesipun sanyata tetep ing kahananipun, sampun andarbe sipat ananging taksih upami kemawon.

6. Alam ajsam, wahananipunmeteng saweg (110) nem wulan ing tembung Arab binasakaken Ajyan Mukawiyah,

tegesipun sanyata gesang ing kahananipun sampun darbe asma bebayi lajeng karkat saged ebah.

7. Alam Insal Kamil, wahananing meteng sawg pitung wulan ngantos ing dalem wolung wulan dumugi sangang wulan ing tembung Arab binasakaken Akyan Maknawiyah, tegesipun sanyata kawedar ing kahananipun jumeneng sampurnaning manungsa, sampun darbe pakarti, sedya badhe lahir wonten ing alam donya.

Wonten malih pralambang, mbok manawi inggih yasanipun para sujana ing kina-kina TanahJawi, inggih pasemon pangudining pangawruh, tumrap dhateng tiyang makaten wau, bilih sampeyan kersa mirengaken (111) suraosipun kados ing ngandhap punika :

Yen priya lan wanita anggenipun sami sahresmi pamudharin prasa sesarengan, woring kama mangka pinareng dening Pangeran Kang Maha Mulya badhe nitahaken manungsa, punika woring kama wau lajeng kendel dumunung wonten guwa garbaning wanita, binsakaken garbini inggih punika meteng.

Yen sewulan dipun upamekaken kadi kusuma hanjrabing tawang tegesipun kados sekar sumebar wonten ing ngawang-awang. Yen saweg kalih wulan dipun upamekaken kadi bremara angajab ing tawang tegesipun kados kembang nelon ing tawang. (112) Yen saweg tigang wulan dipun upamekaken kadi isining bumbung wuluh wung-wang tegesipun kados isining bumbung wuluh ingkang tanpa ros. Yen saweg sakawan wulan dipun upamekaken kadi tapaking kontul nglayang ing tawang tegesipun kadis tapaking peksi kontul kang mabur wonten ing awang-awang. Yen nem wulan ulan kaupamekaken kadi cantuka kinemulan ing wismane tegesipun kados kodok kinemulan ing elengipun. Yen pitung wulan ngantos ing dalem wolung wulan dumugi sangan wulan (113) kaupamekaken kadi sujalma lumpuh angideri jagad, tegesipun kados tiyang sukunipun lumpuh nanging saged angideri jagad.”

Juru Patanya :

“Kisanak, mangke rumiyin, kula dereng mangretos cariyos sampeyan wau bab kama, sareng korut saking priya katampen baganing wanita, ingriku wanita lajeng meteng ngantos saged wujud warni jabang bayi, punika kisanak ingkang dadosaken

kodhenging manah kula, inggih jabang bayi wau asalipun saking pundi?, teka lumebet guwa garbaning wanita, mugi-mugi sampeyan danganangan karsa paring jarwa sanyata iba bedhe leganing manah kula.”

Sang Murwenggita :

“saking kinten-kintenan manah kula bebasan ngawur, kilap leres kilap boten ingkang lajeng dados jabang bayi bok manawi inggih kama ingkang saking (114) priya wau.”

Juru Patanya :

“E...., e..., kala wau kawujudaning kama sampun kapratelakaken ing ngajeng terang toya balaka, mokal sanget yen sageda dados jabang bayi, kaliyan malih kisanank, suwawi sami kagalih, yen kama wau ingkang dados jabang bayi, punapa sebabipun duk maksih wonten guwa garbaning priya salaminipun teka boten saged dados jabang bayi.”

Sang Murwenggita :

“Sareng kiosanak wicantenan ingkang makaten dangu-dangu kula gumujeng tetukulaning panggagas saiba saenipun saupami wonten priya garbini. Ing mangke kula nyariosaken Serat Widyakirana, pangarangipun Raden Mas Ngabehi Wiryokusuma mantri langgen praja ing Mangkuneran Surakarta Hadiningrat kados ing ngandhap punika :

(115) Ing bab kaping gangsal nyariosaken salebeting jaman Dwaparayoga, tegesipun jamaning kamokalan ing riku para manungsa wiwit suda ing kasektenipun, sami ngangge badan karsa awit anedha wowohan, tutuwuhan ing siti wekasan ing salami-lami karsa saya tumangkar sami nuwuhaken akal, dados sacumbananipun lan wanita sami alampah raga, sang wanita inggih mawi sarana anggarbini, menggah tumurunipun wiji wau kacariyos bilih manungsa namakaken enenging cipta dangunipun boten kirang sapandurat (sagadag kendeling tiyang gegineman kanthi memanah). Punika daya panggendenipun daweg kuwawa nirik wiji, sumusuping wiji punika lajeng kuwawa mor sarahsa kalawan pramana, kuwawa rumesep mring utek lajeng rembes dhateng panon, ingkang dipun wastani panon punika toya sari sesarining uteg ingkang dumunung wonten (116) satelenging manik, kataman panusuping wiji, panon boten kawawa temahan kawedalaken ingkang temtu lajeng wuwuh karsa dhateng sajumbana, yen cinegah punika mimbuhi dhateng urubing pramana tuwin

mimbuhi muncaring pangeksi, yen kalajengaken sacumbana saestu lajeng dados putra.”

Juru Patanya :

“Kisanak, menggah gumuning kula inggih bab kama wau, punapa tunggilipun toya seni punapa tunggilipun toya idu, punapa tunggilipun erah, teka lajeng dados jabang bayi.”

Sang Murwenggita :

“Duga sampeyan kisanak, kula dareng ngertos, yen ngraosaken suraosing serat wirit, ingkang sampun kula cariyosaken ing ngajeng wau yen kawalik makaten :

Ingkang rumiyin Johar Awal, tegesipun sesotya ingkang wiwitan. (117) Kalih Nukat gaib, tegesipun wiji pingitan. Tiga Manikem, punika saking kinten-kintening manah kula ampasing Nukat Gaib. Sekawan Wadi, punika kinten kul ampasing Manikem. Gangsal Madi, punika kinten kula ampasing Wadi. Nenem Mani, punika kinten kula ampasing Madi. Boten langkung kula sumangga anggen sampeyan mestani, punapa tunggilipun idu, punapa tunggilipun seni. Juru Patanya :

“Kula dereng saged amstani, awit dereng sumerep asaling toya seni wau saking punapa ?,”

Sang Murwenggita :

“Bilih kersa medal saking kinten-kintening manah kula, bok manawi makaten : sujanma punika yen nedha, samubarang ingkang katedha kinten kula lajeng kinukut (118) dening rahsaning pramana, ingkang dumunung wonten antaraning telak lajeng tinarik dumunung ing uteg, ing riku lajeng kuwasa sumebar sumrambah ing jasad sedaya, dene kasaring tetedan wau lajeng katampen dening waduk lajeng kapingta-pinta, ingkang warni amapsa dados sesuker, ingkang warni toya dados seni punika.”

Juru Patanya :

“Sapunika kula sampun mangretos, dados kama punika pancen terang sanes kaliyan bangsanipun seni, ananging ta sarehning bab kama wau warni toya blaka teka lajeng saged warni jabang bayi, punika kados pundi pratingkahipun?.”

Sang Murwenggita :

“Kisanak, kula anyariyosaken Serat Widyakirana wau, ing bab kaping sekawan anyariyosaken ing Alam Tirtayoga, amiraos tetesing kasidanjati (119), miturut suraosing Serat Ciptapsara wewarahipun Dewi Rukmawati, inkang lajeng kinarang dening Begawan Parasara ing Nretawu kala ing jaman Buda, suraosing karingkes kados ing ngandhap punika :

Wiyosipun, ingkang rumiyin Sanhyang Pramana punika bilih kataman ing daya asrep taksih pengkuh ing kahananipun, yen kataman ing daya pepanas temah kumringet, menggah kringet wau inggih punika ingkang dipun wastani mani, ing mangke mani ing saben kenging daya asrep lajeng pupul, manawi kenging dayaning pepanas kuwawa amer, menggah aner tuwin pupuling mani wau lajeng mahanani kumulut, kumuluting mani punika dipun wastani jantung, sareng jantung kenging dayaning pepanas darbeni kringet, kringetipun jantung wau kuwawas mahanani amperu kalih dumunung sakiwa tengening jantung, makaten ugi sedaya kahananing (120) jerowan, awitipun inggih saking jantung, ing salami-lami jantung kuwawa ambabaraken bayu oto, sungsum sapanunggilanipun praboting anga sakojur wanda, sampurnanipun warni gumana, bok manawi inggih punika ingkang kacariyosaken warnining jabang bayi wau, ewa dene menggahing panampi suraos ingkang makaten wau kula sumangga ing sampeyan piyambak.”

Juru Patanya :

“Mangke ta kisanak, kula kirang terang, kula wau wiwitan ingkang rumiyin piyambak Sanghyang Pramana, ingkang binasakaken Sanghyang Pramana punika punapa?”

Sang Murwenggita :

“Yen sampeyan pitanglet inggih kasebut ing Serat Widyakirana wau, ingkang nama Sanghyang Pramana punika, panuksmaning Sanghyang Tripurusa, ingkang nama Sanghyang Tripurusa punika tegesipun santosaning campuran tetiga, (121) ingkang binasakaken campuran tetiga wau yen tembung jawi kawastanan Trimurti, tegesipun alus tetelu, yen ing tembung Sangskrit kawastanan : a, u, ma, tegesipun a = latu, u = toya, ma = angin. Suwawi kisanak, badhe tanglet punapa malih, sampun galih pakewet saha sampun galih kuwatos, sarehning punika jaman kreta boten-botenipun yen kula badhe nepsu utawi ngamuk.”

Juru Patanya :

“Duk kisanak, mugi-mugi sampun kalintu ing panampi, anggen kula matur pitangklet sadaya wau boten saking nyengklong utawa jual wetak prasajanipun manah kula, pancen dereng paring pangapunten ingkang kathah-kathah, suwawi ta (122) kisanak kagalih, kados pundi anggenipun boten pakewet ing manah, anggen kula mirengaken cariyos sampeyan wau kadosta : kala wau mratelakaken cariyosipun martabat pepitu, sareng dumugi nem wulan jabang bayi wonten ing wetangan ing tembung Arab binasakaken Akyan Mukawiyah, tegesipun sanyata gesang ing kahananipun sampun darbe asma nama bebayi, lajeng karkat saget ebah, mangga kisanak, sinten tiyangipun ingkang boten kodeng nampeni suraos ingkang makaten wau, liripun kadosta : jabang bayi sareng dumugi nem wulan wonten wetangan dumugi gangsal wulan upami pejah boten saged ebah punapa sebabipun saged mindak ageng / ngantos dumugi nem wulan.”

(123) Sang Murwenggita :

“E...., e... saweg punika kula nyumerepi manungsa watak lingsang, boten ketang brindil wuluning buntutipun angger saged kenging wujuding yuyu ingkang wonten salebeting eron, makaten upamenipun menggahing patrap punika, samangke kula cariyos minangka wonten salebeting isining uwoh, dene uwoh wau kawastanan nama klungsu duk nalika wiji taksih wonten salebeting klungsu punapa kenging dipun wastani gesang ing uwit asem utawi uwit asem gesang, dene wiji ingkang wonten salebeting klungsu boten kenging dipun wastani pejah, pratandhanipun manawi kadeder lajeng tukhul. Dados yen makaten menggahing tetelanipun saking kinten-kintening manah kula, duk nalika wiji taksih (124) wonten salebeting klungsu inggih sampun kadunungan gesang, ananging kasebut gesanging wiji utawi wiji gesang, dene bilih sampun thukul tegesipun menthongal saking cangkoking klungsu, punika saweg kenging dipun wastani gesanging uwit asem utawi asem gesang, bok manawi wijining manungsa wau kula boten badhe mestani memper, inggih namung pepiridaning nalar kemawon kados inggih boten prabeda.”

PUPUH IX Juru Patanya :

“Menggah ing nalar-nalaripun kisanak, kados inggih leres, ananging duk nalika dados wiji punika gesang saking punapa utawi salajengipun dados jabang bayi punapa gesang saking pundi?.

Sang Murwenggita :

Kisanak, mugi sampun kalajengaken angrembag prakawis punika, semunipun saya rempit piniteta samanten kemawon, (125) sinten manungsa ingkang saged sumerep sarta mangretos dhateng pitangletan ingkang kados makaten wau, ananging kula inggih boten pisan-pisan bebasan ngepak utawi ngilani dhateng sakathah-kathah ing para sujana, bok manawi inggih wonten ingkang pinareng saged kabuka ing kawicaksananipun, sarehning kula lan sampeyan sami sujanma nom, tegesipun manungsa ingkang apes, tiwas kaplengkang tur baoten saged dumugi, paribasanipun makaten : peksi cocak sedya ngunthal elo saking pundi marginipun saged kalampahan, pramila bilih kula kisanak, bab ing nalar elok lan langka wau boten susah kagalih mindak andamel ribeting tur tanpa damel, boten angsal paedah punapa-punapa, cekakipun, bab rembag aluran ing ngajeng prayogi kasigeg sampun kadugek-dugekaken kacariyos boten sae rumaos bab ngelmi wau prayogi rembag gegujengan binasakaken cariyos ngayawara, katimbang anginem awoning liyan.”

Kula gadhah cariyos tembung pepiridan saking tembung Arab, kados prayogi yen kamirengaken kados ing ngandhap punika :

Dlil punika anedhahaken pangandikaning Pangeran Kang Maha Sukci Sejati dhateng Kangjeng Nabi Mukhammad Rasulullah. Kados punika mratelakaken wewulang pangandikanipun Kangjeng Nabi Mukhammad Rasulullah dhateng para Sekabat.

(127) Ijmak punika ngumpulaken wewijangan pangandikanipun para waliyullah. Kiyas punika mencaraken wewarah pangandikaning para pandhita sadaya punika sami dados pambukaning kekeran, ingkang medaraken rasaning gaib sajatosipun ngagesang supados waskita ing gesangipun,

wekasan saged sampurna ing sangkan paran. Menggah bebukaning cariyos ingkang rumiyin mendet saking kekiyasan murad lan maksuding suraosipun nukilan, serahing Kitab Dakaikul Akaik kacariyos tegesipun alus sejati utawi sejating alus.

Wonten malih mendet saking kekiyasan murad maksuding suraosipun alusing carita utawi caritaning kahalusan. (126) Kitab kekalih wau condong ing suraosipun Kangjeng Nabi Mukhammad Rasulullah ingkang kawejangaken dhateng Sayidina Ngali, kinen angestokaken ananing dat ingkang kasbut ing dalil sepisan, wangsiding Pangeran Kang Maha Suci Sejati, kajarwakaken kados ing ngandhap punika :

Sejatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dingin iku ingsun ora ana Pangeran liya nanging ingsun, amartani ing asmaningsun, amratandhani ing afngalingsun sejatine Dat Kang Maha Suci anglimputi ing sipat ingsun mratandhani ing afngal ingsun. Juru Patanya :

“Kisanak, kula kuwatos manawi lepat anggenipun anjarwakaken tembung Arab wau, margi kula titik suraosipun kados kirang sarta taksih (129) kacaruban tembung Arab sakedhik, kadosta kala wau nyebutaken sadurunge ana apa-apa, kang ana dhisik iku ingsun, lo, punika tembungipun wau rak taksih wonten kajengipun, ingsun sinten, utawi malih ingkang nama Dat, sipat, afngal punika warni punapa?.”

Sang Murwenggita :

“Yen saking pamanggih kula anggenipun anjarwakaken wau boten lepat, nanging kula titik kados sampun limrah, bab serat-serat tembung Jawi utawi kitab-kitab tembung Arab, punika suraosipun kathah ingkang pasemon, menggah jangkepipun ing pangretos kedah nyumerepi sekawan prakawis lafil, makna, murad, maksud yen sampeyan bedhe nyumerepi terangipun kasebut ing Serat Wirid yasanipun Kyai Ageng (130) Mukhammad Sirullah ing Kedungkol kados ing ngandhap punika :

Ingkang binsakaken ngandika ora ana Pangeran nanging ingsun menggah ing sajatosipun Dat Kang Maha Suci punika inggih gesang kita pribadi, sayekti katitipan rahsaning Dat Kang Maha Agung anglimputi ing sipat punika inggih rupa

kita pribadi sayekti kawimbuhan warananing Dat kang elok. Hanartani asma, punika inggih nama kita pribadi, sayekti kaaken, pasebutaning Dat kang wisesa.

Amratandhani afngal, punika inggih solah bawa kita pribadi, sayekti nelakaken pakartining Dat kang sampurna. Mila ing bebasanipun, wahananing Dat punika anyamadi sipat, sipat punika hanartani asma, asma punika mratandhani afngal, (131) afngal punika dados wahananing Dat.

Dene Dat anggenipun nyamadi sipat, punika upami madu lawan manisipun, sayekti boten kenging kapisahaken. Dene sipat angonipun hanartani asma, punika kadi surya lawan sorotipun, sayekti boten kenging yen kabedakna. Dene asma, anggenipun mratandhani afngal punika upami kadi paesan kang ngilo lawan wayanganipun, sayekti sasolah bawanipun kang ngilo wewayangan anut kemawon.

Dene afngal, anggenipun dados wahananing Dat punika kadi samodra lawan ombakipun, sayekti wahananing ombak anut saking rehing samodra.

Dene ing sejatosipun ingkang nama Dat punika tajalining Mukhammad. Sejatosipun ingkang nama Mukhammad punika (132) wahananing cahya kang nglimputi ing jasad dumunung wonten ing gesang kita, inggih punika gesang piyambak boten wonten ingkang gesangi, mila kawasa ningali, miyarsa, gonda, angandika, angraosaken saliring rahsa, punika saking kodrating Dat kita sadaya, tegesipun makaten : Dating Pangeran Kang Maha Suci punika anggenipun ningali tanpa netra, ananging mokal manawi wuta, inggih punika muhung saking angageming netra kita. Anggenipun miyarsa tanpa karsa, ananging mokal manawi tuli, inggih punika muhung saking angageming grana kita. Anggenipun ngandika tanpa lesan, ananging mokal manawi bisu inggih punika muhung saking angagemi lesan kita. Anggenipun ngraosaken saliring rahsa tanpa dunungan, ananging mokal manawi sunya, inggih punika muhung dumunung wonten ing (133) pangraos kita.” Juru Patanya :

“Leres kisanak, suraosipun Serat Wirit wau terang sanget, menggah pangawruh ingkang makaten punika naminipun kawastanan ngelmi punapa?, sarta kalawan kathah nyebutaken tembung kita, punika tegesipun kados pundi?.”

Sang Murwenggita :

“Menggah pangawruh makaten wau kacariyos kawastanan wisikan ananing Dat, dene yen sampeyan pitanglet tembung kita saking kinten-kinten kula tetimbanganing tembung ingsun tegesipun sami amestani Aku, dene wijangipun makaten : tembung ingsun tegesipun aku nanging Gusti, yen tembung kita tegesipun aku nanging kawula.”

Juru Patanya :

“Kisanak, kadosta wonten tembung ingkang rumiyin ingkang sapisan siji, utawi satungal punika rak tembung cacah anelakaken badhe wonten tunggilipun, kalih, (134) tiga saurutip[un, duk kala wau sampun nyebutaken dalil ingkang ... kaping kalih punika kados punapa ?.”

PUPUH X Sang Murwenggita :

Leres kisanak, wonten ugi mendet nukilan saking sorahing kitab Dakaikkul Akaik utawi kitab Dakaikul Ikbar, tunggilipun kasebut ing ngajeng wau, dalil ingkang kaping kalih condong

Dalam dokumen AAK culture library I Javanese Manuscripts (Halaman 40-63)

Dokumen terkait