Dinten Nahad pendhakipun, langitipun ketingal sumilak resik. Dalunipun mentas jawah, dados wit-witan sami ketingal seger, godhongipun ngrembuyung ijem royo-royo, adamel sekecaning paningal. Margi-margi katingal resik, boten mblethok. Hawanipun sekeca, prayogi sanget kangge ngenggar-enggar manah.
Den Bei Asisten-wedana sakaliyan tuwin putranipun medal dhateng margi ageng, lampahipun lon-lonan, sajak badhe sanja.
Rapingun sumerep Den Bei Asisten-wedana sakaliyan tuwin putranipun putranipun tindakan, manahipun seneng sanget. Lajeng ngungak dhateng margi ageng, Den Bei Asisten-wedana sampun boten ketingal. Enggal-enggal madosi rencang estri pun Saliyem. Sareng pinanggih, saweg nyapu wonten emper wingking, dipun-takeni:
“Yem, Yem!”
“Wonten menapa, Mas Rap?” “Ndara Seten wau tindak pundi?”
“Kala wau Ndara Den Ayu ngendika ajeng tindak Kemantren-guron.” “Yen tindak sanjang niku asring dangu napa boten?”
“Adate ngantos setengah kalih welas saweg kondur.” ‘Dados ngantos dangu?”
“Enggih! Ndara Den Ayu niku awis-awis tindakan. Nanging yen empun kersa tindakan, enggih sok mremen-mremen kados alang-alang kobong.”
“Tiwas kebeneran!” “Dospundi ta?”
Rapingun kesah, mlebet dhateng kamaripun. Boten dangu medal, ngangge sruwal dril ajen cekak, rasukan namung rangkepan, silakaken dumugi sikut, gulonipun dipun-bikak cara Amerikan, mawi nyangking dhadhung bago ageng, panjangipun nem meter; tanganipun kiwa nyangking sarungan kendhali kabekta dhateng gedhogan. Lajeng wangsul malih mendhet pisang, perlu kangge makani Hel kados adat saben.
Hel sampun wanuh dhateng Rapingun. Mila sareng Rapingun dhateng, lajeng gereng-gereng, endhasipun dipun-anglungaken ing slarak kaliyan ngambus-ambus tanganipun Rapingun, dene pisang dereng dipun-tedahaken. Rapingun lajeng mepet ing gedhogan. Sirah lan badanipun dipun-ambus-ambus sadaya, kados adata saben. Hel gentos dipun elus-elus saking cithak ngantos dumugi ing jalakipun. Samangke cetha bilih Hel boten namung wanih kemawon kaliyan piyambakipun, nanging kenging dipun-wastani sampun anjilma.
“Wah gumun aku, Hel kena di-gunani Mas Rap!” “Ta ngandel boten saniki sampeyan?”
“Enggih empun!”
“Guna-guna niku sing mandi dhewe sambang sesrawungan, bisa nuju prana.”
Hel inggih lajeng tutut, kendel kemawon kaliyan nedha pisang, telas dipun-sukani malih. Sadangunipun Hel nedha pisang, gulunipun dipun-puk-puk, dipun-jak rembagan mawi tembung manuara, dipun-sukani ulat manis. Mila sanadyan kapal bandhol, Hel inggih lajeng tutut, kendel kemawon kaliyan nedha pisang.
Rapingun lajeng ngetrapaken dhadhung ing gulunipun Hel kanthi lon-lonan. Sadangunipun Hel nedha pisang, cangkemipun dipun-lebeti kendhali malih, tres lan pangen. Sareng sarungan sampun kaetrapaken, tangsul uwang dipun-eslupaken ing timangan. Dhadhung lajeng kaslobokaken ing gelanganing kendhali kiwa-tengen, kaubedaken malih kaliyan dhadhung ingkang saking gulu, murih gelangan boten mlesed ngiwa utawi nengen. Rantening kendhali ters dipun-pasang.
Sareng Hel kraos cangkemipun kerih ing kendhali, lajeng budi, palanging gedhogan dipun-pengkali. Nanging sarehning sampun dipun-wekani, mila boten nguciwani. Polahipun Hel kados badhe mlumpat-mlumpata, nanging slarakipun dipun-kerepi manginggil, mila namung gidro-gidro kaliyan mengkal-mengkal kemawon.
Kreta sumerep polahipun Hel kados makaten wau ajrih, maras, simelang.
“Ampun Mas Rap, ampun. Riyin mawon di-limani, kok saniki ajeng di-ijeni. Blai mengke!” “Di-ijeni pripun, ta. Rak enggih di-loroni ta kalih sampeyan.”
“Ah, boten janji ! Kula boten saguh lo Mas Rap. Riyin mawon sing tiyang kathah, kula boten wantun; mung mendhetake lapak thok. Saniki melih mung sampeyan ijen, wantuna. Mangka sampeyan kulinane mung kalih oto mawon sing boten saged mengkal. Boten, boten saestu lo!”
“Sampeyan mung nyekeli mawon, kula sing nglapaki.”
“Enggih, ning nek sampeyan sing nyekeli, mesti nurute.”
“Ah, boten estu lo Mas Rap. Wong nyawa mung siji jare arep di-enggo dolanan. Gumampang sampeyan niku.”
Rapingun namung gumujeng kemawon mireng wangsulanipun Kreta kipa-kipa wau. Kreta tansah ngulataken Hel, uger Hel mbekos, Kreta kaget, sajak badhe mlajeng kemawon. Ing batos Kreta nemtokaken yen Hel mangke badhe ucul lan dados damel. Boten sande piyambakipun meksa tumut ngrekaos, mila manahipun tansah sumelang kemawon.
Tangsul bago ingkang saking kendhali, dipun-wedalaken nglangkungi slaraking konten, terus kaulur, katangsulaken ing wit sawo manila ingkang sampun ageng, kaprenah satengen gedhogan. Slaraking konten wonten tiga. Slarak ingkang ngandhap piyambak dipun-bikak. Slarak nginggil pantekipun lolos, nunten slarak kabikak sareng. Sami sanilaka Hel mlumpat saking gedhogan kados sima nubruk mangsan. Makaten ugi Krerta, enggal mlajeng nebihi gedhogan, dhateng panggenan ingkang mboten mbebayani. Manahipun trataban, tangan lan sukunipun sami dhredheg.
Dumugi plataraning gedhogan Hel bigar, badhe terus mbandhang, nanging boten saged, jalaran dhadhung, kendhali, lan witipun sawo sentosa sanget.
Rehning anggenipun mbandhang kecuwan, Hel lajeng nglumba-nglumba, nendhang-nendhang, nubruk milar ngiwa-nengen ngubengi wit sawo. Rapingun lajeng murugi wit sawo, dhadhung damel longsor klowonganipun. Hel mubeng-mubeng, dhadhung boten saged nggubed. Polahipun Hel ngedab-edabi sanget. Sakedhap kemawon plataran sakubenging wit sawo sampun dados kados paculan.
Rapingun ketingal bingah. Saben polahipun Hel ketingal kendho, lajeng dipun-opyak-opyak mawi wilah panjang. Sampun temtu kemawon Hel lajeng ngetog karosanipun malih. Satengah jam kemawon Hel sampun adus kringet. Sareng sampun sejam, Hel tandangipun ragi kendho. Dhadhung lajeng katarik mepet wit sawo. Sareng congoripun Hel sampun mepet wit sawo, lajeng kaerut mepet, ngantos Hel boten saged ndhangak utawi ndhingkluk.
Hel ketingal tutut, lajeng dipun-epuk-epuk, wiwit saking sirah dumugi ing jalak. Sareng tangan dumugi ing geger, Hel kraos keri, badhe nggiwar, nanging boten saged. Dados namung suku wingking kemawon ingkang minger adegipun.
Ingkang makaten wau mratandhani bilih Hel badhe angel dipun-abah-abahi. Rapingun lajeng nindakaken reka-daya. Sukunipun Hel ingkang ngajeng sisih kiwa dipun-cepeng, kajunjung, katekuk mepet kaliyan pupunipun, lajeng dipun-tangsuli. Dados Hel adegipun namung kasanggi suku tiga.
Hel polah, badhe uwal, nanging inggih namung mugat-muget kemawon, amargi suku ingkang tumapak namung tiga, tur congor sampun mepet wit sawo. Mila prasasat boten saged ebah.
Kreta sumerep kawontenan wau suda sumelangipun, lan pitados yen Hel badhe kenging dipun-abah-abahi pun Rapingun.
Rapingun lajeng mendhet slebrak, katumpangaken ing gegeripun Hel. Hel kendel kemawon. Lapak lajeng katumpangaken, kapepetaken majeng, murih boten ngewahaken kencenging amben. Amben katangsulaken ngantos kenceng, karangkep kalih. Lajeng dipun-rangkepi malih amben gendhong. Sanadyan Hel ngetog budinipun, amben boten saged kendho lan pedhot.
Lis ingkang satunggal kaetrapaken ing kendhali pangen ingkang dipun-slurupi dhadhung wau; satunggalipun malih kaetrapaken ing kendhali tres. Sanggawedhi kaukur cekapan panjang-celakipun. Lis katangsulaken ing gelangan pongoling lapak. Dhadhung ing gulu ingkang kaslurupaken ing kendhali pangen, inkang katangsulaken wit sawo, dipun-uculi. Hel kraos longgar saking wit sawo, lajeng budi. Nanging meksa boten saged, jalaran sukunipun ingkang satunggal dereng dereng tumapak, taksih katekuk, dipun-tangsuli. Dhadhung lajeng kaubedaken ing gulu.
Rapingun wiwit rata-rata badhe numpak. Lis kapendhet saking gelangan lapak, kacepeng tangan tengen, tangan kiwa nyendhal tali wangsul ingkang ngerut suku kaliyan pupu. Sukunipun Rapingun sampun tumumpang ing sanggawedhi. Sareng lan tumapaking suku ingkang kaerut, Rapingun sampun tumumpang ing lapak, suku tengen mancat sanggawedhi sisih tengen. Tangan kalih nyepengi lis. Sami sakala Hel nglumba, njondhil kaliyan nyepak ngiwa-nengen, nubruk-nubruk, lan badhe mbandhang, amargi sadangunipun Hel dipun-abah-abahi, punika prasasat ngaso, dados napas pulih kados waunipun malih. Mila badhe binger malih. Nanging lis kapekak, dados kadung, namung nglumba-lumba kemawon. Rapingun kejawi ngengeti rupaking papan, jalaran wonten pekarangan, mila kajarag supados Hel suda kekiyatanipun dening anggenipun nglumba-lumba, awit badhe ngambah margi ageng, kathah
tiyang mlampah.. Samangsa kekiyatanipun suda, tandangipun inggih suda, dados boten patos mbebayani. Lan malih kangge anjagi sampun ngantos Hel pedhot napasipun. Awit kathah kemawon kapal Sandel ingkang mbandhang lajeng ambruk terus pejah. Makaten wau jalaran saking lepatipun ingkang numpak, dening kirang dugi-dugi, dumeh kapalipun kiyat mbandhang kemawon.
Kreta sumerep Rapingun kabekta nglumba-lumba Hel, manahipun geter, badanipun ngoplok, kuwatos mbok-bilih Rapingun kecilakan. Sarehning boten saged nulungi, tur Rapingun inggih boten betah dipun-tulungi, Kreta namung ngetut wingking saking katebihan kemawon.
Sareng Hel anggenipun nglumba-lumba lan bigar sampun radi kendho, lis dipun-inger. Hel terus dhateng margi ageng, ngener mangaler dhateng Candirata. Lis dipun-kendhoni, Hel mlumpat lajeng njongklang medhar, badanipun nguler-kilan, mbandhangipun dipun-ketog saestu. Kreta nututi dhateng margi ageng, nanging namung sumerep sageblasan. Rapingun sampun boten ketingal.
Ing ngriku ugi kathah tiyang ingkang sami ningali. Sanadyan Rapingun sampun boten ketingal, tiyang-tiyang boten enggal sami kesah, malah sami rembagan ngraosi tindakipun Rapingun wau. Wonten ingkang nglepataken, wonten ingkah nutuh. Nanging ingkang kathah sami ngalem. Ewadene sadaya wau boten sepen was-sumelanging manah. Langkung-langkung Kreta, namung tansah bingung kaworan maras thok, boten ngretos kadospundi murih Rapingun saged wilujeng.
Mbandhangipun Hel sampun angsal tigang pal, dereng ketingal kendho. Rapingun pancen saged ngereh dhateng kapal, dhasar tatag tur prayitna. Mila sanadyan mbandhangipun Hel kados mimis, tur wonten margi ageng, ingkang sanadyan boten nama rame, nanging boten sepen, inggih wilujeng.
Sareng lampahipunnyandhak kawan pal, lis kapepeg, Hel purun kendho, lajeng mlampah drap. Angsal saepal malih lis dipun-pepeg malih, lampahipun dadhos adheyan. Tindak makaten wau minangka kangge ngasokaken Hel. Sareng lampahipun dumugi dhistrik Candirata, kringetipun kados dipun-sokaken, sami urut suku. Nanging wantering manahipun Hel dereng mantra-mantra suda, ketitik saking raosing lis.
Saking pangangkahipun Rapingun, lampahipun Hel badhe dipun-kendhokaken malih. Lis lajeng kapepeg malih. Nanging boten kendho, malah badhe mbandhang. Rehning ing ngajeng
marginipun badhe nekuk lan njuleg, tur wonten kretegipun ciyut, panyepengipun lis kendhali tres dipun-rosani. Hel nglumba, meh ngadeg jejeg, kupingipun njepiping, bekas-bekos kaliyan gebres-gebres, mratandhani yen muring. Panyepengipun lis terus dipun-pepeg, awit ngengeti rumpiling margi. Sareng lampahipun sampun nglangkungi margi ingkang njuleg lan kreteg ingkang ciyut, lis dipun-longgari, malah dipun-gedheg sawetawis. Hel lajeng mbandhang. Marginipun tansah minggah-mandhap. Saben badhe minggah, lis dipun-gedheg. Sampun temtu Hel ngetog kakiyatanipun. Sareng lampahipun angsal tigang pal malih, Hel ketingal kendho. Sanadyan kasereg, lampahipun inggih namung drap. Ing ngriku nyata yen Hel sampun lemper saestu. Sakedhap malih lampahipun Hel dados adheyan. Dumugi onderdhistrik Bejen, Hel purun dipun-kendelaken. Rapingun mandhap. Hel dipun-epuk-epuk lan dipun-jak wicanten mawi tembung manis.
Boten dangu Hel ketingak gambira malih. Rapingun enggal nyengklak. Lis kaputer, badhe wangsul. Hel lampahipun drap,nanging kala-kala taksih purun ngosog. Sanadyan mekaten sareng lampahipun angsal tigang pal malih, drapipun inggih lajeng kendho, dados drap alus. Boten dangu dumugi Candhirata malih.
Saking Candirata marginipun mayat. Saking kajengipun Rapingun, murih Hel kapok anggenipun purun mbandhang, lis lajeng dipun-gedheg malih. Hel inggih lajeng mbandhang. Dereng angsal tigang prasekawan pal sampun malih drap. Hel dipun-gedheg malih. Lajeng mbandhang malih. Nanging saweg sawetawis tebihipun inggih dados trap malih. Makaten wongsal-wangsul, ngantos Hel ketingal lemes. Wiwit punika Hel kalampahaken alon-alon ngantos saepal tebihipun, minangka kangge ngaso. Yen mentas mlampah alon-alon, lajeng dipun drapaken. Makaten gontas-gantos. Sareng meh dumugi Ngadireja, saking katebihan Rapingun sumerep Kreta mlajeng methukaken. Kala semanten lampahipun Hel adheyan. Sareng kepethuk Kreta, Hel mandheg greg. Rapingun panjenenganipun lis mawi tangan kiwa, tanganipun tengen mendhet kacu kangge ngusapi kringetipun ingkang pating dlewer ing rai lan ing gulu, kaliyan mesem-mesem.
Kreta pitaken sami gugup:
“Rak boten napa-napa ta, Mas Rap?” “Enggih napa-napa mawon.”
“Onten mawon alangane.”
“Yah Mas Rap ki, di-takoni tenan kok geguyon.” “Lah pripun ta?”
“Napa boten manggih kasangsaran?”
“Nek kasangsaran boten. Mung alangane, teng Bejen pancene kula ngelak banget, nanging boten bisa tuku wedang.”
“Nek mung ngoten mawon nggih boten dadi napa. Kuwatos-kula boten kanten-kantenan kok.”
“Ndara Seten napa empun kondur?” “Saweg mawon.”
“Napa boten ndangu?”
“Ndangu. Malah kula di-dhawuhi ngrumiyini; Ndara Seten ajeng mapag ngangge oto.” “E lah, empun kula-ngriyini mawon.”
Hel angsal ngaso sakedhap, dipun-dhedhet lisipun, lajeng drap memet. Sareng meh dumugi sajawining dhusun, Rapingun sumerep oto Overland dhateng, nanging lajeng mandheg. Boten dangu ketingal Den Bei Asisten-wedana mandhap saking oto. Hel dipun-pepeg, lampahipun dados macan nubruk. Dumugi ngajengipun Den Bei Asisten-wedana, Hel dipun-endhegaken. Upas ingkang kalih sami ndherek sami mlongo, taksih linggih ing bak wingking. Den Bei Asisten-wedana dhawuh supados Rapingun terus wangsul. Lis lajeng kadhedhet, Hel mlampah, ngentrag, sontan-santun kaliyan macan-nubruk. Tiyang-tiyang sami cingak dene Rapingun saged wangsul kanthi wilujeng. Punapa malih sumerep lampahipun Hel sajak gumagas. Mangka lampah makaten wau namung tumprap kapal ingkang sampun mbangun-turut lan sampun dipun-ajari.
Yektosipun, meh sadaya kapal Sandel ingkang wanter manahipun, temtu saged lampah makaten punika, uger ingkang numpaki prigel anggenipun ngolahaken kendhalinipun, saged anjumbuhaken kaliyan panggraitaning kapal.
Raden Ayu Asisten-wedana kaliyan Raden Ajeng Supartienah sami ngadheg wonten longopan Asistenan. Raden Ayu Asisten-wedana tansah nyawang kemawon dhateng Rapingun, sajak ngandhut sumelang. Sareng lampahipun sampun celak sumerep boten wonten tandha-tandhanipun kasangsaran, lajeng mesem-mesem. Ewadene inggih taksih ngandhut sumelang. Makaten wau ketitik saking pasemonipun. Rapingun lajeng tumungkul, ngenut lampahing kapal. Den Bei Asisten-wedana ngenut wingking.
Dumugi ngajeng longopan, Rapingun badhe mandhap. Den Ayu Asisten-wedana sumingkir kaliyan ngendika:
“Wis terus bae!”
Kapal terus dipun-tumpaki dumugi ngajeng gedhogan. Den Bei Asisten-wedana sekaliyan tuwin putranipun lan Kreta ugi sami nututi.
Rapingun mandhap kaliyan mesem-mesem, ndadosaken ayeming panggalihipun Den Bei Asisten-wedana sakaliyan tuwin putranipun dalah Kreta.
Dhadhung ingkang wonten gulunipun Hel dipun-uculi, kendhali tres tuwin lis kendhali pangen thok. Dhadhung katangsulaken wit sawo, cekak. Lapak ugi kabikak, namung slebrak ingkang boten, dipun-ambeni gendhong, boten patos kenceng, malah kepara logro.
“Ta, Ta, Kreta!”
“Onten napa, Mas Rap?”
“Tulung sampeyan pendhetake banyu saember!” “Enggih.” Kreta lajeng majeng.
Den Bei Asisten-wedana ndangu: “Banyu arep kanggo apa, Rap?”
“Badhe kangge ngumbah suku lan lambenipun Hel.” “Ora susah. Ngasoa dhisik. Wis tinggalen bae!”
“Nuwun, Ndara! Menika perlu sanget kula-tindakaken. Pun Kreta temtu boten purun, tur inggih dereng temtu yen ngretos.”
“Perlune apa?”
“Perlunipun supados boten konus panggraita lan kakiyatanipun.” “Apa iya?”
“Inggih. Amargi pun Hel nembe ketaman pangreh ingkang awrat sanget tur ngethog lampah.”
“Kowe tekan ngendi?” “Dumugi Bejen, Ndara.”
Raden Ayu Asisten-wedana nyambeti:
“Bocah sembrana temenan! Besuk aja sok nekat ngono kuwi, Rap!”
“Kula boten nekat, Ndara, malah ngatos-atos. Sadaya ingkang badhe kula lampahi, kula-manah rumuyin. Lan malih kula-tandhing kaliyan badan-kula.”
“Kowe mono pinter nek omong. Aku iki sing dadi wong-tuwa, atiku ora karu-karuwan.” Rapingun kendel kemawon, nampeni ember isi toya saking Kreta, terus ngumbah suku lan lambenipun Hel. Sareng sampun rampung ember kasukakaken Kreta kapurih mangsulaken.
“Hel napa boten di-ombeni, Mas Rap?”
“Saniki boten. Mengke nek kringete empun asat, awake empun adhem kaya waune, lagi kena di-ombeni, di-uyahi sethithik.”
“Wis Rap! Kana ndang salina panganggomu. Nek wis ndang menyanga gadri buri kana. Kowe arep tak-landrat.”
“Inggih, Ndara.”
Den Bei Asisten-wedana sakaliyan tuwin putranipun lajeng dhateng gadri wingking, sami lelenggahan.
Rapingun terus dhateng kamaripun peerlu ngusapi kringet lan santun pangangge, ngangge sarung lan rasukan cina.
Saweg kemawon medal saking kamar sampun dipun-sengkakaken dipun-ken boten susah mawi iket. Rapingun lajeng ngadhep, sila wonten pojokaning gadri kados adat saben.
Raden Ayu Asisten-wedana taksih ketingal sumelang dhateng tindakipun Rapingun ingkang mentas dipun-lampahi. Laajeng ngandika:
“Iki lo Rap, rujak nangka-sabrang karo es!”
“Nuwun, Ndara!” Rapingun nampeni gelas, lajeng linggih ing panggenanipun malih.
Sarehning ing meja ngriku namung kantun kalih gelas, dipun-dhep Den Bei Asisten kaliyan Raden Ajeng Tien, Rapingun enggal-enggal matur:
“Menika rak kagem panjenengan, Ndara.” “Ora, wong aku ra seneng kecut-kecut.”
Anggenipun mangsuli makaten wau pamrihipun supados Rapingun purun ngombe kanthi boten kogel manahipun.
“Inggih.” Lajeng dipun-ombe telas setengah gelas.
“Ngene Rap! Besuk maneh kowe ora kena nunggangi Hel. Aku ora eman menyang kowe, eman menyang Hel.” Makaten wau kaliyan mbesengut, ingkang ateges ngeman dhateng Rapingun.
“Boten, Ndara! Benjing-enjing pun Hel temtu boten purun mbandhang.” “Kowe ki sok gumampang; wong jaran edan kok……”
“Ora Bu. Pancen bener kandhane si Rap. Bungahku, ora kok jalaran si Hel, bakal dadi jaran becik, nanging, jalaran si Rap mulih kanthi Slamet.”
“Wong bocah kaya ngono di-rewangi, Bapakne kuwii!” “Ora ngrewangi, mung sabenere.”
Raden Ajeng Supartinah nyambeti:
“Iki maneh, sing bocah melu nutuh. Mau rak wis padha di-rembug. Yen aku nyrengeni Rap, ora padha arep ngrewangi, jebul malah aku sing di-krubut.”
Sadaya lajeng sami mesem.
Raden Ayu Asisten-wedana nlajengaken pandangunipun: “La, awakmu apa ora ana sing krasa lara, Rap?
“Boten, Ndara.”
“Aja goroh, lo. Yen ana sing krasa lara, kaki Sungep tak undange, tak-kon mijeti.”
“Nuwun, Ndara! Nanging yen boten saben dinten numpakipun Hel, ngantos pun Hel dados sae saestu, badan-kula inggih kalajeng sakit, Ndara!”
“Ah, kowe mono, di-kandhani malah ndadra. Wis kana ngaso!” “Inggih, Ndara.”
“Rujake apa uwis ko-entekake?” “Sampun.”
“Maneh apa? Yen maneh si Yem tak-kon nggawekake maneh.” “Sampun, Ndara.”
Rapingun lajeng murugi Hel ingkang tansah gereng-gereng, kringetipun sampun tuntas, badan sampun asrep, slebrak lajeng kabikak. Dhadhung ingkang katangsulaken ing wit sawo lajeng dipun-uculi, namung dipun-kalar saha dipun-cepengi kemawon. Hel mebeng-mubeng thakur, lajeng gulung. Sareng sampun kaping kalih: tangi, dipun-ombeni toya sarem, meh telas saember. Lajeng kalebetaken ing gedhogan, pakean kabikak.