• Tidak ada hasil yang ditemukan

PEKEN MALEM ING MAGELANG

Dalam dokumen Ngulandara (Halaman 36-45)

Dinten Sebtu jam gangsal sonten ing ngajeng Kamantren-guron Parakan wonten oto Overland kendel, tendhanipun kabikak. Inggih ing ngriki punika pondhokanipun Raden

Ajeng Supartienah. Raden Ajeng Supartienah punika dados guru H. C. S. partikelir ing Parakan.

Sanadyan oto wau boten nama enggal, nanging kabekta saking saening pangrimat, taksih ketingal sae. Cetinipun kinclong-kinclong, dereng ngantos ingkang babak, tandha yen panggenipun ngatos-atos. Wengkuning radiator kinclong-kinclong, boten wonten blentongipun. Swantening motor ingkang lugunipun pancen kasar, saged alus, amargi keseleresan panyetelipun klep. Pipa pambucal klep dipun-santuni modhel enggal, swantenipun langkung bening. Mila sanadyan golongan oto mirah, nanging ketinggal ngresepaken. Sopiripun ngadeg wonten sakiwaning oto, ngentos ingkang badhe numpaki. Saking salebeting dalem wonten swantenipun priyantun taken dhateng sopir :

“Rap ?” “Nun.”

“Lo ibu endi?”

“Boten tindak, amargi radi puyeng.” “Dhawuhe kepriye?”

“Dhawuhipun, menawi panjenengan estu badhe tindak dhateng Magelang, kadhawuhan tindak piyambak. Menawi boten, inggih kadhawuhan kondur.”

“Mangka aku wis ngaturi layang Bu Mantri-gudhang. Yen ora sida sowan, rak dadi pangarep-arep.”

“Bab menika nyumanggakaken.”

“Ya wis terus bae. Mengko jam-jam sewelas mulih. Rak bisa : ta ?” “Saged, uger boten kedangon wonten peken-malem.”

Raden Nganten Mantri-guru nyelani :

“Jeng Tien, ingkang ibu menapa boten estu tindak?”

“Boten, amargi miturut sanjangipun Rapingun, ibu saweg radi puyeng. Mangka kula sampung kelajeng ngaturi serat dhateng Bu Mantri-gudhang Magelang.”

“Lajeng kadospundi? Temtunipun dipun-ajeng-ajeng.”

“Inggih, mila kula badhe dhateng Magelang. Mangke jam-jam sewelas wangsul, terus dhateng Ngadireja.”

“Boten kondur mriki?” “Boten Bu.”

“Sampun ta mangga gek tindak, mumpung taksi radi siyang, mangke saged enggal kondur.” “Mangga ta kaliyan Ibu!”

“Jeng Tien ki kok aneh, genah keng bapak saweg sakit ngaten kok. Upami keng Bapak boten saweg sakit, kula inggih ndherek. Malah keng bapak piyambak terkadhang inggih klayu.”

“Inggih sampun ta : Bu.”

“Inggih mangga, ndherekaken wilujeng. Welingan-kula sampun kesupen lo : Jeng!” “Inggih Bu.”

Rapingun ngadeg wonten sangajengipun konten oto ingkang wingking. Sareng sumerep Raden Ajeng Tien badhe numpak, kontenipun lajeng kabikak. Raden Ajeng Tien lajeng numpak. Suku kiwa mancad pancadan, tangan kiwa cepengan awak-awakaning oto, murih kekahipun, dene tangan tengen nyangking tas arta. Saweg kemawon suku tengan kaangkat badhe minggah dhateng oto, ketanting ….. meh dhawah, dipun-sarengi jelihipun Raden Ajeng Tien kaliyan Raden Nganten Mantri-guru : “E-e-e-e  e-e-e !” Tas dhawah, awit tanganipun gap-gapan pados cepengan. Uwaling tas tanganipun ceg nyandak pundhakipun Rapingun ingkang tengen. Semanten ugi Rapingun, sumerep ketantingipun Raden Ajeng Tien, ceg tanganipun kiwa nyandhak bangkekanipun Raden Ajeng Tien. Tanganipun Raden Ajeng Tien ingkang nyepengi awak-awaking oto uwal, dados badhe kelumah. Sareng punika ugi Rapingun nyandhak cangklakanipun Raden Ajeng Tien, terus kajunjung kaselehaken. Dados boten estu dhawah. Rapingun lajeng mendhet tas ingkang dhawah. Raden Nganten Mantri mlajengi, nyikep Raden Ajeng Tien saking wingking.

“Adhuh ngger! Tujune di-paringi slamet. Dospundi ta Jeng, kok le ora ngati-ati kuwi!” Criyos mekaten wau kaliyan megap-megap, kabekta kaget lan uwasing manah.

Raden Ajeng Tien mangsuli kaliyan mesem :

“Anu kok Bu. Menika wau keplesed, sinjang radi ribed.”

“Sukur ta sukur! Samenika lenggah ngajeng kemawon, sampun lenggah wingking, ingkang momong boten marengaken.”

“Menapa inggih ta Bu?”

“E, nggegaa kemawon dhateng tiyang sepuh. Lan malih wonten wingking anginipun sumribid. Yen wonten ngajeng rak boten.”

“Ngaten menika ……….”

“Sampun ta Jeng, boten dados menapa!”

“Ibu ki kok aneh. Mangke rak dipun-wastani babu. Sabab limrahipun ingkang linggih jejer sopir menika babu.”

“Ingkang mastani babu kemawon sinten. Angger tiyang rak sampun sami mangretos yen Jeng Tien menika guru pamulangan partikelir ing Parakan.”

“Inggih ingkang ngretos Bu, ingkang boten?”

“Cekakipun Jeng, menawi nuruti ujaring tiyang boten rampung-rampung. Ingkang perlu pados wilujeng.”

Raden Nganten Mantri lajeng mbikak kontening oto ingkang ngajeng. Raden Ajeng Tien kaduwa majeng dhawuh dhateng Rapingun :

“Nak Rap!” “Kula, Ndara?”

“Nika bantalan sing onten bak wingking di-pindhah ngajeng.” “Inggih.”

“Lo, tasipun wonten pundi, Jeng?” “Menika dipun-openi, Rap.”

“Menika Ndara.” Tas dipun-aturaken Raden Nganten Mantri, terus dipun-sukakaken Raden Ajeng Tien.

“Sampun ta mumpung taksih padhang. Empun nak Rap, sing ati-ati, nggih. Mengke nek mriksani pasar malem sampeyan kudu ndherekake.”

“Inggih.”

Rapingun lajeng minggah ing bak ngajeng sisih tengen. Linggihipun mepet nengen, ing pangangkah sampun ngantos nggepok badanipun Raden Ajeng Tien. Mangka kawontenanipun bak taksih kobet. Dados ingkang mekaten wau boten sanes namung kangge rumeksa ing bendara lan netepi tatakrama.

Sareng oto sampun dipun-setater, Raden Ajeng Tien pamit sapisan malih dhateng Raden Nganten Mantri :

“Sampun inggih Bu!”

“Inggih, ndherekaken wilujeng.”

Oto mlampah alon-alon, amargi taksih wonten ing kitha radi rame, tur marginipun ciyut. Rapingun linggihipun kados dipun-pantek. Pamawasipun dhateng margi kados dene tiyang ingkang sinau nyetir, ketingal ajrih.

Oto dumugi sawijining kitha, lampahipun kawan dasan kilometer. Linggih lan patrapipun Rapingun taksih ajeg. Sareng oto sampun nglangkungi kitha Temanggung, Raden Ajeng Tien rumaos boten sekeca sumerep patrapipun Rapingun kados makaten wau, awit ketingal rekaos sanget. Lajeng wicanten :

“Rap, lungguhmu kok sajak rekasa temen!” “Boten Ndara, sampun sekeca.”

“Ketingalipun saged ugi makaten, nanging yektosipun boten, namung saking sangeting pangatos-atos kula kemawon.”

“Pangati-ati sing kaya ngono rak malah mbebayani.”

Rapingun kendel kemawon, jalaran yektosipun pancen inggih makaten. “Ora Rap! Kowe kuwi rak sumelang yen nganti tak-arani kurang tatakrama, ta?”

“Boten Ndara, Kilap kenging punapa, raosing manah-kula kok kedah ngatos-atos kemawon, beda kaliyan adat saben.”

“Saking bangeting pangati-atimu, ndadekake rekasaning pikirku. Aku ora mentala weruh wong ngrekasa, sing pancene bisa nyingkiri kanthi ora ndadekake sabab apa-apa.”

“Panggalih ingkang sekeca kemawon, Ndara. Kula sampun kulina makaten punika.”

“Sanadyan kowe wis kulina, nanging aku kang durung kulina weruh wong sing ngrekasa kaya kowe ngono kuwi. Mulane lungguha kaya adat saben bae.

“Inggih, Ndara.”

Rehning Rapingun rumaos abdi, ingkang kedah manut sadhawuhing bendaranipun, lajeng ngewahi polatanipun, kadamel ndhangak sawetawis. Dene tangan taksih mringkus, linggihipun taksih ngulet mepet nengen.

Mangka leresipun tiyang nyetir oto punika badanipun kedah kobet, suku saged tumandang punapa mesthinipun.

Linggihipun Rapingun punika tumrap oto ingkang mlampah limrah, sarta ingkang boten wonten punapa-punapanipun pancen boten makewedi. Nanging yen wonten bebaya, sukunipun tengen lajeng boten kenging kangge ngerem punapa mesthinipun. Pedhaling kopeling inggih tebih saking suku kiwa. Mila patrap makaten wau boten prayogi tumrap tiyang nyetir oto.

Raden Ajeng Tien ngretos, bilih wangsulanipun Rapingun punika namung nyakecani manah. Mila lajeng kepeksa nindakaken reka-daya sanes :

“Wis Rap, mandheg dhisik!” “Inggih, Ndara.”

“Rehne aku ora mentala weruh rekasaning awakmu, apa maneh nyumelangi, aku arep nunggang otobis bae, kebeneran mburi kae ana otobis sing arep menyang Magelang.”

“Sampun Ndara Ajeng!” “Ya, ben.”

“Kula mangke rak dipun-dukani ingkang rama.” “Lah jeneh, lungguhmu kok kaya ngono,” “Inggih ta sampun, kula ndherek.”

“La yen ngono atiku ya mantep.”

Linggihipun Rapingun mingser wonten sawingkingipun setir leres, ketingal sekeca kados adat saben.

Sareng ngancik kitha Magelang, lampahipun kadamel kalih dasa kilometer, kala-kala gangsal welas kilometer. Kala semanten sampun jam setengah pitu. Urubing dilah listrik sauruting margi ageng lan ing toko-toko sakiwa-tengenipun margi adamel reseping paningal. Wujuding barang-barang dalah tokonipun pisan mindak sae lan ngengreng.

Dumugi ing alun-alun papan panggenanipun peken-malem ingkang kinubeng ing pager, ketingal semorot pating glebyar dening dilah listrik ingkang tanpa wicalan. Wuwunging griya-griya ingkang inggil-inggil ketingal sajawining gedheg, pinajang ing dilah listrik mancawarni, adamel reseping paningal lan anarik tetiyang ing jawi.

Ing sapinggiring margi ageng tansah ndilir tiyang ingkang mlampah ngener dhateng panggenanipun peken-malem. Dene ing tengah kebak tetumpakan andhong, dhemo, oto lan sanes-sanesipun. Mila lampahing oto kapeksa rindhik, malah kala-kala kepeksa kendel sabab ngentosi selaning margi. Rapingun matur dhateng Raden Ajeng Tien :

“Keparengipun miyos pundi, Ndara?”

“Terus bae metu pasar, ngiras ndeleng toko-toko.”

Oto terus ngidul, lampahipun saya rindhik, amargi ing ngriku saya rame. Dumugi prasekawanan peken, oto menggok ngilen. Boten dangu dumugi ing griyanipun Den Bei Mantri-gudhang ing kapung Bayeman.

Griyanipun Den Bei Mantri-gudhang punika wonten pinggir margi ageng, lataripun wiyar, oto saged mlebet dhateng plataran.

Sareng oto dumugi ing plataran, Den Bei Mantri-gudhang sakaliyan methukaken, dhasar sampun wetawis dangu anggenipun ngajeng-ajeng. Raden Ajeng Tien mandhap, oto dipun-pinggiraken. Raden Ayu Tien Mantri-gudhang enggal-enggal pitaken.

“Lo, Ibune endi : Tien ?” “Boten sowan, Bu !”

“Layangmu rak nyebutake yen karo Ibumu ta ?”

“Inggih. Nanging kala wau ngendikanipun ragi puyeng.”

“Olehe ngarep-arep wiwit awan mau jare. Wis ayo mlebu dhisik !”

“Inggih.” Raden Ajeng Tien karangkul ingkang Ibu kabekta mlebet. Den Bei Mantri-gudhang sumerep Rapingun badhe dhateng griya wingking medal ngiringan, lajeng dipun-undang :

“Sampun Ndara.” Rapingun dhateng wingking medal ngiringan terus linggih ing amben ingkang wonten emper pawon, kados adat saben yen ndherek bendaranipun sowan mriku. Den Bei Mantri-gudhang nututi medal gadri wingking, terus ngundang Rapingun :

“Nak Rap !” “Nun.”

“Ngriki mawon sing rada padhang !” “Sampun ngriki kemawon, Ndara !”

Raden Ayu Mantri-gudhang lajeng murugi Rapingun, tanganipun dipun-gered. Rapingun kepeksa boten suwala.

“Empun, linggih ngriki. Nek di-kandhani wong-tuwa kuwi mbok sing nurut. Lah kok malah ngentol.”

Rapingun namung mesem kemawon, kaliyan nggered kursi dipun-tebihaken saking meja. Den Bei Mantri ugi lajeng linggih.

“Lah rak ngono, dadi lega atiku !”

“Pancen nak Rap kuwi sugih lelewa kok Pak. Mula aku kudu njenggung bae.” “Nak Rap ! Sampeyan niku rak kula anggep anak kula dhewe ta : nak !”

“Boten Ndara. Tiyang kula menika abdi, boten kumedah dipun-anggep-anggepa.”

“Pancen kula empun ngerti, yen nak Rap boten njaluk di-anggep anak, nanging kula duwe panjaluk teng sampeyan, puruna kula anggep anak.”

“Kula sinten Ndara ! namung sopir kemawon.” Raden Ayu Mantri nyambeti :

“Ampun sing sopir, nadyan nak Rap niku kere upamane, wong kula kepengin nganggep anak ; janji nak Rap boten nampik rak kena-kena mawon ta.”

“Kula boten pisan-pisan nampik lubering sihipun para bendara. Nanging makaten wau saged ugi ndadosaken kemeren lan ewaning tiyang sanes.”

“Nek kula-nuruti, ati-kula niki saben dina meri ajegan, dene tiyang-tiyang nika sami gadhah oto apik-apik lan sugih bandha, kula kok boten.”

Den Bei Mantri nyambeti :

“Sakniki kula ajeng blaka teng sampeyan, nak Rap. Dhimas Seten empun ping tiga raosan teng kula, benjing yen pindhah seking Ngadireja, sampeyan ajeng di-giyarake dadi putra-angkat. Dene sranane, panyebut-sampeyan teng dhimas Seten sakaliyan “Ndara” niku kudu ilang, malih “pak lan ibu.” Upama di-walik saniki, mesthine gawe kageting tiyang kathah.”

“O, Ndara. Kok semanten kersanipun Ndara Seten dhateng kula. Saestu kula boten saged nglampahi. Leres wiwit kula ngabdi sampun ketuwuhan manah ajrih asih lan sumungkem dhateng Ndara Seten sagarwa putra.”

“Boten bisane dospundi ?”

“Raos lan pademelan kula …….” Dereng dumugi lajeng kapedhot, dening Den Bei Mantri nyelani :

“Isin ta, dumeh sopir ! Ampun ngoten nak Rap. Ajining wong niku boten mung dumunung teng pangkat mawon. Tindak tanduk lan luhuring budi, niku saged njunjung aji.”

Raden Ajeng Tien nyambeti :

“Rehning Pak-gedhe sampun mbikak wewados menika, kula mewahi sekedhik.” “Iya, priye Tien ?”

“Saking kersanipun Bapak lan Ibu, pun Rap badhe kadhawuhan nyambut damel madeg piyambak. Yen seneng dhateng oto, badhe dipun-pundhutaken malih kalih, kadhawuhan damel taksi. Rap namung ngepalani kemawon. Dene yen seneng dagang, inggih badhe dipun-paringi pawitan. Dene yen kepengin dados lurah dhusun, samangsa wonten lowongan badhe dipun-magangaken. Badhe dipun-sedhiyani sekedhikipun tigang ewu.”

“Lo, nak Rap. Nek kula di-arani damel-damel. Kejaba niku, kula dhewe enggih gumun, dene kula weruh teng sampeyan kok kaya kena daya pangaribawa, brol tresna kula metu.” Rapingun tumungkul kemawon, rumaos isin.

Raden Ayu Mantri-gudhang nyelani ; nyapih ginem : “Wis, saiki dhahar bae dhisik, ya Tien !”

“Kula boten Bu, taksih tuwuk !” “Iki rak mangsane mangan, ta !”

“Inggih, nanging kala kula badhe pangkat, mawi nedha rumiyin.” “Ya wis nak Rap bae.”

“Nuwun Ndara.” “Isin apa priye ?”

“Boten. Tiyang wau wangsul kula ndherek Ndara Seten sampun jam setengah sekawan, jam sekawan kula nedha ; ngantos sepriki taksih tuwuk.”

“Yen ngono ya wis, mengko bae lebar nonton.” “Inggih.”

“Ning mengko aja padha dhahar neng restoran.”

Den Bei Mantri sakaliyan lajeng sami dandos. Lajeng bidhal. Dumugi Ngalun-alun Raden Ajeng Tien nyukani arta kertas dasanan salembar dhateng Rapingun.

“Rap, iki lo tukua karcis !”

“Inggih.” Arta dipun-tampeni, terus tumbas karcis. Boten dangu wangsul, ngaturaken karcis lan arta susukipun.”

“Punika Ndara karcisipun, punika susukipun.” “Karcise gawanen, dhuwite kandhuten.” “Inggih.”

“Sampun mangga : Pak, mlebet.” “Ayo.”

Sadaya lajeng sami mlebet ing peken-malem. Ing peken-malem ngriku sampun rame sanget. Sadaya tetingalan sampun sami wiwit. Bango-bango sesadean lan mainan sampun kathah ingkang sami ngrubung. Sadaya tiyang sami ketingal bingah lan gambira. Para neneman sami ketingal berag. Sadaya sami migatosaken dhateng kawontenan ing ngriku. Namung tukang sebrot ingkang boten migatosaken dhateng endah lan adining peken-malem, ingkang kaincer boten sanes namung para ningali ingkang mangangge sarwa pangaji, ngulataken lenanipun.

Warni-warni solahipun para ningali, wonten ingkang dhateng bangsa kagunan, wonten ingkang dhateng toko-toko, wonten ingkang ningali setambul, kethoprak, ringgit tiyang lan sanes-sanesipun. Makaten ugi Raden Ajeng Tien ingkang dipun-eteraken uwakipun sakaliyan lan Rapingun, mubeng-mubeng malih neningali ingkang maedahi dhateng badanipun, kadosta : barang dedamelanipun para murid Siswarini; pamedal dhusun, pitik-iwen lan sanes-sanesipun. Dangu-dangu lampahipun dumugi ing satunggiling griya ingkang jrambahipun kadamel panggung cara Pasundhan. Wonten ngriku Den Bei Mantri ngajak kendel, amargi kraos sayah. Sadaya inggih lajeng sami kendel.

Griya panggung wau rinengga-rengga sarwa asri, nglebetipun isi gangsa. Panabuhipun rempeg, boten wonten ingkang kesilep, dhasar pasindhenipun mateng dhateng wirama. Emanipun dene klenengan ingkang semanten ematipun kok dumunung wonten ing peken-malem.

Sadangunipun Den Bei Mantri kendel, dumadakan gagasanipun kewedhar : “Wadhuh, nikmat kok semene.”

“Pak-gedhe, kados ngaten menika menapa sae?”

“Wong swara kok sae, nek aku sing ngarani ya kepenak.”

Mangsuli makaten wau kaliyan mesem-mesem, dening manahipun kepranan dhateng swantening klenengan. Mila anggenipun mirengaken dipun-mataken saestu.

“Bapakmu mono Tien, angger mireng klenengan karo di-sindheni, ora enget apa-apa, ora rumangsa tuwa.”

“Ibune kuwi, wong ora ngrasakake emating wirama. Apa kuping kuwi ana nom ana tuwa. Saya tuwa saya berag menyang swara sing……..”

“Wis ayo Pak, iki Tien ngajak mrana.”

“Mengko dhisik ta, kae lo lagi tekan : e ala, ha i lola ; nek nganti kecer marahi ora bisa turu.”

“Apa gendhing kuwi ana pal-palane ta pak, lah kok tekan : e ala, kuwi ?”

“Ora ngono, gendhing Lambangsari kuwi angger tekan sendhon ngana kae, dhemenku ora jamak.”

“Sampun ta Pak, mangga ngaso !”

“Iki rak wis ngaso, tur panggonane sela, dhasar ora pati padhang.”

“Ngatena menika boten saged linggih. Prayoginipun samenika mriksani setambul utawi ringgit tiyang, ngiras ngaso.”

“Tumrap aku sing wis tuwa, nenonton kuwi satemene wis ora pati mungguh !” Raden Ayu Mantri nyambeti kaliyan ngoso :

“Yah, bapakne ki kok aneh, olehe alot kuwi, rak padune digondheli gong. Saiki rak lagi momong bocah, lah kok nganggo senenge dhewe.”

“Lo, rekane mono momong ngiras dhemen dhewe.”

“Sesuk bengi yen arep nuruti kersane dhewe mangsa bodhoa.”

Rapingun lan Raden Ajeng Tien namung tansah gumujeng, ngretos yen uwakipun saweg kerem ing pakareman. Sanajan kanthi alot, Den Bei Mantri kepeksa nuruti.

“Ayo ta. Nanging nek nonton setambul aku trima ngenteni kene bae, sabab kupingku ora pati jodho.”

“Semune pak-gedhe ki fanatik banget karo klenengan.”

“Ora jeneng fanatik, wong nek ora jodho kuwi mundhak dadi mala.” “Sampun ta mangga !”

“Ayo.”

Sadaya lajeng sami mlebet dhateng bangsal ringgit tiyang, linggihipun ing klas setunggal. Badhe wonten lose (loge) dipun raos kirang sekeca awit kemelokan sanget.

Dalam dokumen Ngulandara (Halaman 36-45)

Dokumen terkait