• Tidak ada hasil yang ditemukan

Nlesih Sejarahipun Grebeg Sekaten

Dalam dokumen Diktat ekspresi lisan 1 (Halaman 50-57)

GITA WICARA ING SARASEHAN TUMANGKARING AGAMI ISLAM

J. Nlesih Sejarahipun Grebeg Sekaten

Assalamu’alaikum wr. wb.

Ing sarasehan punika kawula kadhapuk supados mratelakaken sejarahipun gubeg sekaten. Mugi-mugi para rawuh sedaya kepranan ing galih. Nlesih

sejarahipun grebeg Sekaten menika saged kalacak wiwit saking adegipun Kraton Demak Bintoro.

Nagari Demak, ingkang Kolifah dalah kanayakanipun sami tetiyang Islam punika, inggih wajib sami ngluhuraken dinten ageng Islam. Gelaring pamiluta wau, mapan sanget lamun katangguhna wanci mulyakaken dinten ageng Islam. Dede dinten ageng Islam ingkang wajib kamulyakaken, inggih punika: dinten ageng Idzulfitri (tanggal l wulan Syawal), dinten ageng Idzul adha (tanggal 10 wulan Besar) lan dinten ageng maulid Nabi (tanggal l2 wulan Rabiulawal = Mulud).

Gelaring lampah ingkang katangguhaken kaliyan mulyakaken dinten ageng wau, katindakaken kaping tiga ing dalem setaun, sampun nama nyekapi. Dene ingkang kadamel ageng-agengan, katangguhna ing dinten maulid Nabi. Jer punika nama pengetan ngluhuraken miyosipun = (maulid) Kangjeng Nabi Muhammad s.a.w. panutaning agami.

Tumindaking pasamuwan mulyakaken dinten ageng wau larasipun kalayan tata praja, antawis pitung dinten saderengipun tempuking damel, para abdidalem Bupati pasisiran sanjawining nagari, sami katimbalan mara seba kanthi upacara ngiras pantes ngaturaken bulu bekti wulu wedaling bumi wawengkonipun, minangka sumungkemipun dhateng Ratu Kolifahipun. Salebetipun ngleremaken sarira dumugi tempuking damel, para Bupati pasisiran saandhahanipun, sami katata makayangan ing pasebanipun piyambak-piyambak satepining alun-alun. Makaten punika ugi mengku wigatos agunging prabawa lan kawiryaning nagari.

Para abdidalem Pangulu saandhabanipun, sami kadhawuhan caos dzikiran ing masjid ageng kaliyan suka sesuluh bab agami dhateng tetiyang kathah. Sanginggiling wiwara masjid, sineratan lafal-lafal daliling kitab suci al- Quran. Panindak punika, mengku kajeng, bilih tetiyang ingkang mlebet medal ing wiwara, sampun sami kaprabawan (kungkulan) kumaraning agami Islam. Ing plataraning masjid, cinawisan sidkah (sedhekah) ambengan sekul ulam pepanganan tuwin arta ingkang winangun sesajinipun tetiyang agami Buda sami sesaji dhateng para panutanipun. Nunggil wanci kaliyan pasebanipun para abdidalem pasisiran wau. sinarengan ungeling gangsa ageng ingkang tinabuh ing bangsal Sripenganti. Ing wanci bakda Isya, gangsa ageng kalih rancak, kausung dhateng masjid ageng nglangkungi alun-alun, samargi-margi tansah tinabuh. Wonten ing plataran masjid ageng, gangsa ageng kalih rancak wau, kaprenahaken ing bangsal kiwa tengening wiwara, salajengipun tansah katabuh gegiliran siang dalu. Yensiang wiwit enjing dumugi wanci sholat luhur, yen dalu wiwit bakda ngisa' dumugi bedbug dalu.

Saking suwaraning gangsa wau, tetiyang kathah ageng alit jaler estri ingkang sami mireng, tamtu rebut dhucung sami andhatengi. Amargi kajawi pancen remen dhateng laras wiramaning gangsa, ugi sami nginten: bilih punika karameyan kangge ngluhuraken para dewa panutanipun. Sasampunipun nyumerapi wujuding ambengan sedhekah ingkang kawangun sesaji wau, tetiyang kathah tamtu sangsaya ageng kapitadosanipun. Ing ngriku lajeng dipun sulang-sulangaken sarona sesorah bab sahadat barkah manfaatipun ngalindhung dhateng agami Islam. Sabakdanipun dipun sesorahi, tetiyang kathah sami dipun dumi

sedhekah ingkang sampun dipun cawisaken. Nanging, saderengipun sedhekah dipun bae waradin, ambengan kedah dipun dongani sarana donga Arab, tetiyang kathah kapurih sami ngamini. Ingkang sami ngamini punika, suraosipun: sampun sami ngakeni dhateng Allahu Ta’ala, para Malaekat, para Nabi tuwin para rasul. Dene tetiyang tuwin lare-lare ingkang sampun kapilut manahipun dhateng wewarahipun agami Islam, ing ngriku lajeng kapurih nglampahi sunat rukuning agami saking ingkang gampil-gampil sah bakunipun kemawon rumiyin. Inggih punika sarana ngucapaken kalimah syahadat tuwin kapagas ikutipun ingkang damel mambeging sesuker toya sene.

Tetiyang ingkang sampun ngakeni: boten wonten Pangeran ingkang wajib sinembah kalayan sejatining panembah (panembah ingkang kandhas ing batos) saha ngakeni: bilih Kangjeng Nabi Muhammad s.a.w. punika rasulolah (utusaning Allah) sarana ngucapaken kalimah syahadat = syahadataini = kalimah kalih punika, menggahing kukumipun, inggih sampun tetep tiyang Islam). Makaten ing salajengipun, saben dinten tansah dipun wonteni sedhekah tuwin sesorah. Dumugi tempuking dinten ageng, sadaya para abdi dalem prajurit nyutra tamtama sarageni sapanunggilanipun, sami kadhawuhan baris ing alun-alun sikep kapraboning aprang minangka upacara. Ing alun-alun jinajaran bandera lelayu payung agung sinelingan rontek umbul-umbul minangka pratondha sapangkonpangkoning prajurit dalah manggalanipun.

Wiwit enjing, Sri Sultan Syah Ngalam Akbar ingkang minangka Kolipahipun para ummat Islam, miyos tinangkil ing pasewakan mangagem kaprabon Narendra, kaayab para biyada cethi, manggung ketanggung, jaka

palara-lara sami ngampil upacara kapraboning Nata sewaka. Minangka ajat dalem Narendra ing dinten maulid Nabi, saking kadhaton dipun wonteni sedhekah awujud tumpeng ageng-ageng ingkang karembat tetiyang kathah kabekta dhateng masjid ageng. Agenging tumpeng sedhekah wau, sageda ngantos ketingal saking katebiban.

Ngajengaken wanci sholat luhur, Sri Sultan tedhak dbateng masjid miyos ing alun-alun, ginarebeg para biyada ingkang sami ngampil upacara. Dumugi masjid ageng, Sri Sultan angimami sholat 1uhur, para abdidalem methakan sami makmum. Sabakdaning sholat lubur, ajat dalem lajeng kinepang para kawula, ingkang andongani abdi dalem Pengulu ageng. Wekasaning pasamuwan dinten ageng maulid Nabi, dipun kurmati sarana ungeling kalantaka mawantu, binarung tetabuhan slompret tambur gong beri tuwin ungeling gangsa ingkang barung lan dreling sanjatanipun para prajurit sarageni. Sapurnanging drel kalantaka, karameyan bibaran, para mara seba kalilan wangsul sowang-sowang. Karameyan hariyadi ingkang katindakaken dados upacaraning praja makaten wau, tumrap nagari Bintara ingkang dados pepucukipun kerajaan Islam dumunung ing telunging tanah kabudan, badhe mengku prabawa pinten-pinten ingkang ageng sanget manfaatipun.

Kadosta: Ingkang baku, perlu kangge milut manahipun para kawula supados ngrasuk agami Islam. Makaten punika tamtu anjalari setya-sumungkemipun dhateng Ratu Kolifahipun, salajengipun ugi anjalari tata raharjaning praja. Saking sakedhik saged ambrastha kamosrikanipun tetiyang kathah. Tindak makaten punika, nama wajid ing atasipun tetiyang Islam (Amar

ma'ruf, nahi mungkar = Ajak-ajak ing kabecikan, nyegah panggawe luput). Nyupeketaken para abdidalem Bupati pasisiran saandbabanipun. Anggegala para prajurit supados tansah sayaga ing damel prayitna ing kewuh. Wajib ing atasipun praja Islam, kedah suka sedhekah dhateng para kawulanipun. Wajib ing atasipun nagari Islam kedhah mulyakaken dinten ageng agaminipun. Sadaya wau tamtu badhe mahanani kuncaraning praja anggenipun ngayomi para nara praja sakawulanipun.

Wondene sesuluh ingkang katandukaken dhateng para ummat ingkang sampun ngambah tarekating agami, lajenging panggayuh dhateng hakekat ngantos makrifat, panetahipun amung cekap sarana pralambang tuwin pralampita kemawon. Jer prakawis hakekat makrifating agami, pancen boten saged tinedahaken kanthi makna ing sesami. Dumuginipun ngambah hakekat tuwin makrifat, namung kedah saking pambudinipun piyambak sarana pitedah ngambah margi ingkang leres (tarek = tarekat). Para Rusul (utusan) wenangipun namung nedahaken margining pangudi ingkang leres (tarek) saba ngamping-ampingi lampah.

Kasebuting serat Titiasri sekar macapat karanganipun R.P. Jajengwirata cithakan taun 1925, sareng tetiyang kathah sami mireng suwaraning gangsa ngrangin ngumandhang, sepuh-anem jaler-estri ageng alit lajeng sami byuk-byukan murugi prenahing karameyan. Ing ngriku lajeng dipun sesorahi bab agami Islam. Sakendeling sesorah, para mukmin lajeng andongani ambengan sedhekah ingkang sampun kacawisaken. Tetiyang kathah kapurih ngamini. Sarampunging

donga, ambengan tetedhah lajeng kaedum ing akathah. Satirahing katedha ing ngriku, sedhekahan wau sami kabekta mantuk kangge angsal-angsal brayatipun.

Tirahan tetedhan ingkang sami kabekta mantuk punika, saking wewarahipun para mukmin, sami kaanggepa: barkahipun para Nabi Wali, Nanging kelanturing tembung lajeng dados: brekat. Tetiyang kathah ingkang sampun tumelung manahipun dhateng wewarah Islam lajeng sami dipun tuntuni ngucapaken kalimat syahadat = Syahadataini. Inggih makaten punika bebukanipun wonten karameyan syahadataini. Pikajengipun: karameyan ingkang kangge nyahadataken tetiyang kathah. Kalanturipun lajeng dados karameyan

sekaten.

Kacariyos, saking dayaning gelar utami ingkang kawiyos saking kawicaksananipun Kangjeng Sunan Kalijaga wau, kala samanten ugi lajeng wonten pinten-pinten tetiyang jaler estri sepuh anem sami ngrasuk agami Islam, sinangkan saking tuntunan ingkang gampil-gampil. Lare-lare jaler ugi boten sekedhik ingkang purun nglampahi khitan. Makaten ugi lare-lare estri ugi kathah ingkang sami purun nglampahi sunat. Kosok wangsulipun, para kawula ingkang taksih puguh manahipun ngandhemi agami Siwah utawa Buda, inggih boten kirang-kirang anggenipun nandukaken panjamah dhateng iguh gelaring nagari ingkang makaten wau. Ing salajengipun, karameyan syahadataini ingkang bebukanipun kados kasebut nginggil, lestantun katindakaken ngantos sapriki. Para Panjenengan Nata Jawi ingkang minangka Kolifahipun para ummat Islam, ngantos turun-tumurun saha pindhah-pindhah kadhatonipun, ugi tansah nalurekaken. Makaten punika, lajeng kenging kagerba, bilih adeging paprentahan ing Nuswa Jawi pancen adhadhasar agami Islam, Mila jejulukipun para Nata Jawi

ugi sinebut: Ngabdur Rachman Sayidin Panatagama, amargi: kajawi jumeneng Nata masesani pusaraning nagari ugi jumeneng Kolifah. Awit saking punika, sanadyan ing Nuswa Jawi samangke ugi sampun kathah kitha-kitha ingkang ageng lan rame, punapa dene dumadosipun karameyan syahadatain sapriki sampun mahatus-atus taun, ewa dene, ingkang wonten karameyan syahadatain punika, meksa namung tetep ing telenging kerajaan Jawi (Surakarta lan Ngayogyakarta). Amargi, kitha utawi nagari ingkang kayumenengan Kolifah, ugi namung ing Surakarta lan Ngayogyakarta.

Hambok bilih menawi dipun andharaken, taksih kathah sanget ingkang perlu dipun uningani. Pramila cekap semanten rumiyin. Sanes wekdal saged kasambet malih. Nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

Dalam dokumen Diktat ekspresi lisan 1 (Halaman 50-57)

Dokumen terkait