• Tidak ada hasil yang ditemukan

Diktat ekspresi lisan 1

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "Diktat ekspresi lisan 1"

Copied!
78
0
0

Teks penuh

(1)

Diktat

EKSPRESI LISAN I

DR. PURWADI, M.HUM

PENDIDIKAN BAHASA DAERAH

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA

(2)

PURWAKA

Diktat punika karumpaka kangge pasinaon Mata Kulian Ekspresi Lisan I ing Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta.

Wondene ingkang dados garapan ing salebeting seratan punika kadosta gladhen pranata adicara, tata sasana, tata wicara, tata busana, tata sastra, lan tata swara. Kajengaken sanguning para juru pamedhar sabda, wedharing seserepan dalah pamarsudining basa kangge ngungak mekaring jagad enggal. Kanthi mekaten titi laksana adicara saged lumampah kanthi gancar.

Wedaling diktat punika kaangkaha saged nglancaraken kridhanipun para kadang mahasiswa ingkang nembe ngangsu kawruh. Wusana mugi rahayu ingkang sami pinanggih. Matur nuwun.

Yogyakarta, 10 November 2011

(3)

ISINIPUN BUKU KALENGGAHANIPUN JURU PAMEDHAR SABDA ... 10

A. Katrangan Pamedhar Sabda ... 10

B. Ngudi Sumbering Pangawikan ... 11

C. Syarat Sarananipun Pamedhar Sabda ... 14

D. Tuk Sumberipun Kapustakan Jawi ... 16

BAB III JEJERING SESORAH ING BEBRAYAN JAWI ... 20

A. Wedharing Seserepan ... 20 ULAR-ULAR ING UPACARA TETAKAN ... 29

A. Nindaaken Syariat Agami ... 29

B. Ndherek Wejanganipun Nabi Ibrahim ... 30

C. Piranti Kangge Tetakan ... 33

D. Ngreksa Kayuwananipun Tetakan ... 35

BAB V GITA WICARA ING SARASEHAN TUMANGKARING AGAMI ISLAM . 38 A. Tumangkaring Agami Islam ... 38

B. Nyengkuyung Kraton Demak Bintoro ... 40

C. Lelandhesan Daya Kawicaksanan ... 45

D. Nlesih Sejarahipun Grebeg Sekaten ... 48

(4)

BAB I

GLADHEN PRANATA ADICARA

A. Mandhegani Acara

Lampahing acara ingkang karancang kanthi premati. Badhe kacepeng jumbuh kaliyan tujuanipun, sauger ingkang mranata punika mumpuni. Pranata adicara ingkang trampil, rikat, trengginas mesthi ngentheng-ngenthengi ingkang kagungan karsa. Punapa malih pahargyan katindakaken mawi ragat tikel-matikel, jejering pranata adicara kedah sembada. Wedaling mragat sampun muspra, supados mboten damel kuciwa. Pramila tandangipun pranata adicara kasuwun ingkang temen-tumemen.

Langkung prayogi menawi pranata adicara saderengipun makarya ndherek ngiguhaken rancangan. Amargi rata-rata ingkang kagungan kersa dereng pengalaman nindakaken pawiwahan. Pratelan saking pamedhar sabda dalah juru pranata adicara cetha damel ayemipun ingkang kagungan dalem. Manah gupuh, kisruh lan ewuh pakewuh adhakanipun nyalirani sinten kemawon ingkang kagungan hajad.

(5)

para kadang ingkang kagungan kersa, menawi pahargyan ingkang katindakaken nuwuhaken arum kuncaraning kulawarga.

Sepinten bombonging penggalih, jalaran pawiwahan saha pahargyan punika wonten gandheng cenengipun kaliyan harkat, martabat saha derajat. Bebrayan Jawi asring nyebat njaga praja. Ingkang mengku suraos ngreksa yuwananing asma. Kangge nyembadani kuncaraning brayat ageng, ingkang kagungan kersa sampun ndhadhani kehing prabeya ingkang tanpa wilangan. Minangka jejering pangarsa pawiwahan, pranata adicara jamak limrah menawi mrantasi pakaryan lan sesanggeman.

B. Sangunipun Pranata Adicara

1. Tata Sasana

Sasana tegesipun papan saderengipun nindakaken jejibahan. Pranata adicara prayogi nyumerepi papan pahargyan. Kanthi mekaten rerakitaning acara saged kajumbuhaken kaliyan kawontenan. Kados pundi bebrayan ing kanan keringipun papan ingkang kangge acara. Ugi pakaryan dalah kalenggahanipun ingkang sami ngestreni pawiwahan. Andhap inggiling pangkat drajat saestu mahanani ulat patrap lan pangucap.

2. Tata Wicara

(6)

Menggahing priyagung luhur sampun tilar wosing pitutur. Ing madyaning para winasis wedaling wicara langkung sae menawi patitis. Ing madyaning kawula dasih saestu cocok kaliyan raos kaswasih.

3. Tata Busana

Ajine dhiri saka lathi, ajine raga saka busana. Wulangan warisan leluhur punika lumampah ngantos ing jaman samangke. Raga ingkang karengga mawi busana edi peni mahanani pakurmatan saking asanes. Busana edi peni boten kedah mubyar lan awis reginipun. Ingkang wigatos jumbuh kaliyan kawontenan. Pahargyan penganten magepokan kaliyan busana ingkang ngemu suraos suka parisuka. Wondene tiyang ingkang ndherek upacara resmi pemerintahan, ugi mligi busananipun.c ak-cakanipun busana pancen benten-benten keperluanipun. Tiyang sripah mesthi ngagem busana ingkang katingal swasana duhkita.

4. Tata Sastra

(7)

5. Tata Swara

Swara ingkang gandem marem racak-racakipun gampil nuwuhaken raos kesengsem. Nut jaman kelakone, swara ngumandhang ing pawiwahan amargi kabantu piranti mirunggan. Teknologi lan kemajuan jaman ingkang wonten gegayutanipun kaliyan tata swara, saged dipun pirsani ing sadhengah papan. Sanadyan mekaten tetp mboten pareng gumantung kaliyan teknologi. Sinau ugi pangusi tetap kedah peng-pengan. Boten kepareng kendho. Mekaring teknologi mlampah sareng kaliyan pambudi.

C. Maneka Warna Upacara

Menggahing bebrayan Jawi, upacara adat sampun katindakaken kawit kuna-makuna. Kanthi pangajab murih karaharjan, ngendhani coba lan bilahi. Mila saweneh gadhah pemanggih kedah nindakaken, umumipun ingkang nyengkuyung upacara adat para sesepuh ingkang taksih pana dhumateng tata cara Jawi. Ngugemi upacara adat ateges ngleluri budaya adiluhung.

Kasebat upacara adat Jawi ingkang taksih lumampah kadosta mantenan, supitan, mitoni. Saben daerah gadhah cak-cakan upacara piyambak-piyambak. Atur uninga bilih upacara adat punika mboten pareng jor-joran. Amargi saged nyebabaken cecongkrahan antawisipun para kadang, katindakaken kanthi prasaja kemawon. Menawi tujuan sampun kacepeng, menika winastan sae sanget.

(8)

pahargyan penganten kadamel genah lan genep. Para juru pamedhar sabda, pranata adicara lan juru sesorah manteb sanget sampun nyinau buku menika supados langkung jembar wawasanipun.

Perlu kawuningan malih kagem sedherek pranata cara ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan upacara sripah. Kedah atos-atos lan momong raos. Mliginipun tumrap para kadang mitra ingkang kecalan warga. Trap-trapanipun atur sageda mimbuhi kapitayan. Syukur bage ngentheng-ngenthengi ingkang nembe nawung dhuhkita. Dipun wanti-wanti uculing wicara mboten pareng ngebot-boti. Menapa malih nambah ngrepoti. Pramila sinau tata basa ingkang nuju prana dadosa kawigatosan.

Panindaking upacara ingkang magepokan kaliyan pengetan langkung gampil. Kadosta pengetan dinten kamardikan, tanggap warsa, paguyuban, rembag dhusun lan sapinunggalanipun waton dipun jumbuhaken kaliyan wosing gati, menika saged kawastanan sae. Angger kulina kemawon sadhengah tiyang tartamtu saged anglampahi sampun tidha-tidha ing galih supados gancar lancar cak-cakanipun minangka dados pangarsaning adicara.

D. Ngesti Mekaring Kabudayan

(9)

ingkang sapunikanipun dipun wastani Bathara Guru. Bangsa Indhu ingkang dhateng kantun, punika bangsa ingkang agami Buddha Mahayana.

Bangsa kalih golongan wau anggenipun murih jembar saha lebet pamulangipun babagan agami dhateng tiyang Jawi, utawi dhateng pranakanipun, sami ambekta serat bab agaminipun piyambak-piyambak. Mangka serat-serat wau kinten-kinten mawi basa Sansekerta. Amila tiyang Jawi, sanadyan boten kathah, inggih wonten ingkang nyinau basa Sansekerta. Sareng tiyang ingkang sampun saged dhateng kawruh Indhu rumaos kapeksa utawi sedya mulang Sansekerta, inggih lajeng ngangge basa Jawi, nanging sampun kelajeng kecampuran tembung-tembung Sansekerta sawatawis kathah, kangge nerangaken bab utawi barang ingkang dereng wonten jawinipun. Saya malih sarehne kala jaman semanten punika sajakipun, sinten-sinten ingkang sumedya dados guru, utawi kepengin dipun-wastani tiyang pinter, kedah saged basa Sansekerta, dados lebetipun tembung-tembung Sansekerta dhateng basa Jawi saya kathah sanget.

(10)

serat-serat punika, kajawi satunggal kalih ingkang badhe kapratelakaken ing ngandhap, prasasat boten wonten kakantunanipun. Serat-serat bektanipun tiyang Indhu ingkang agami Siwah, punika tilasipun kenging dipun wastani kathah. Kadosta serat Mahabarata, Ramaya, lan sanes-sanesipun malih.

Serat Mahabarata ingkang dipun cariyosaken damelanipun resi Wyasa, jawinipun Abiyasa, punika wosipun nyariyosaken lalampahanipun para Pandhawa saha para Korawa. Ing samangkenipun wonten ing tanah Jawi dados lampahan wayang purwa; nanging inggih kathah ewah saha wewahipun (Poerbatjaraka, 1964). Serat Ramayana punika kacariyosaken damelanipun bagawan Walmiki; menggah ing panangguh, sepuh serat Ramayana katimbang serat Mahabarata. Nanging serat Ramayana punika wonten ing tanah Indhu kagolong kitabipun bangsa ingkang agami Wisnu. Benjangipun serat menika dipun jarwa kanthi nami Serat Rama (Yasadipura I, 1912).

(11)

Temtunipun seratanipun saya lami saya ewah, wiwit wangun Indhu tulen ngantos dumungi wangun ingkang kangge ing jaman samangke, dene ewahipun wau namung saking sakedik sanget. Papan ingkang tulen saking jaman kina, ingkang pinanggih wonten seratanipun Jawi, punika wujud tugu sela utawi balebekan tembagi. Wonten ugi ingkang awujud balebekan mas utawi salaka. Menggah ingkang tumrap sela utawi tembagi, punika ingkang kathah-kathah ngemot piyagem paringipun satunggaling ratu dhateng sawenehing dhusun, kaparingan wewenang ngadeg piyambak, tegesipun kaparingan autonomie, kadosta wenang boten ambayar pajeg dhateng nagari; wenang mendhet pajeg dhateng tiyang ingkang dudunung salebeting dhusun ngriku saha neda beya dhateng sawarnining pakaryan ing salebeting wewengkonipun, utawi beya lebet wedaling dadagangan.

(12)
(13)

BAB II

KALENGGAHANIPUN

JURU PAMEDHAR SABDA

F. Katrangan Pamedhar Sabda

Langkung rumiyin ing kalodhangan punika badhe kapratelakaken bab kawruh Pamedhar Sabda. Nami jamak limrah bilih Pamedhar Sabda punika dados sesuluhing bebrayan. Amargi ing sadhengah papan, priyagung ingkang kapatah dados Pamedhar Sabda tansah mbabar maneka warni kawruh. Sedaya sesulang ingkang kawedhar lajeng tumanem ing telenging sanubari para pamirsa lan pamiyarsa. Jejeripun juru Pamedhar Sabda saged winastan guru, ingkang pantes dipun gugu lan dipun tiru.

Pramila juru Pamedhar Sabda ugi katelah sesepuh miwah pinisepuh. Amargi menggahing tiyang kathah, Pamedhar Sabda punika sayektos tikel matikel sangunipun. Kawruh agaminipun mitayani, tata basanipun genep, tata sastranipun jangkep. Ulah kridhaning seni budaya sarwi mumpuni. Tata susilanipun damel nuju prana. Boten mokal menawi pasrawunganipun jembar. Ing pundi kemawon panggenanipun kuwawi nuwuhaken pribadi ingkang kawentar.

(14)

boten ketinggalan kaliyan ombaking seserepan, langkung utami menawi kersa asring maos lan bawa raos.

Ibarat juru masak, tambah pepak bumbunipun, tartamtu mimbuhi sedhepipun dhedhaharan. Sedaya gegayuhan luhur kala wau badhe kasembadan, sauger mempeng reka dayanipun, gembleng tekadipun. Kalampahan sang juru Pamedhar Sabda kaparingan jejuluk oboring jagad raya, ingkang tansah ngesti kawruh rahayu.

G. Ngudi Sumbering Pangawikan

(15)

betahipun. Ewa dene, ambak-ambak namung prakawis panindak, kathah-kathahipun meksa kawengku ing wasesaning kodrat. Adhakanipun, uger dhalangipun sae, ringgit-ipun inggih bregas, wiyaganipun inggih wasis-wasis.

Manawi ngengeti pengetan ing ngajeng, ing kinanipun, ingkang nyarirani andhalang punika sang Prabu Suryamisesa piyambak. Makaten punika, sanajan kala semanten umbarampening pedhalangan tamtu dereng sarwa sampurna kados ing jaman sapunika, nanging ing atasipun jaman semanten, pandhalangipun sang Prabu, tamtu sampun boten kirang mumpuni. Malah saking daya prabawanipun sang Prabu, tumanemipun tetingalan ringgit purwa dhateng para ningali, lajeng dados pembanguning batos ingkang gandheng kalayan agami.

Tumrapipun dhalang sapunika, menggah ing wawasan, lepasing pangudi dhateng kridhanipun andhalang, limrahipun namung dumugi matenging kagunan ingkang saget nuwuhaken woh tumraping kalahiran. Makaten punika, bakuning ngelmunipun ingkang dados sanguning panindak, sampun kapathok dados kalih bab. Inggih punika: wadhah lan isi. Wadhah mengkoni gangsal prakawis, inggih punika: Janturan, pikajengipun: cariyos candraning nagari sarta ringgit. Gendhing, pikajengipun: lebda dhateng gendhing, sulukan, pathetan sapanunggilanipun. Banyol, pikajengipun: saget damel sanggitan lelucon. Antawacana, pikajengipun: saget milah-milahaken solah, ginem tata trapsila satunggal-tunggaling ringgit, ngetrepi kalayan wanda semunipun piyambak-piyambak. Sabetan, pikajengipun: trampil nyolahaken ringgit manut wanda semunipun piyambak-piyambak.

(16)

damel getaping ringgit ing kalanipun nawung gita. Nges, pikajengipun: saget damel raos trenyuh ing kalanipun ringgit kataman sungkawa. Sem, pikajengipun: saget damel raos prenes. Udanagari, pikajengipun: saget ngetrapaken empaning tanduk tumrap unggah-ungguhing ringgit dhateng satunggal lan sanesipun. Tutuk, pikajengipun: jangkep sarta wijang caking pandhalang ing dalem sadalu.

Bakuning ngelmu pedhalangan kalih bab ingkang mengku sawelas prakawis wau, sanajan bab janturan punika jembaripun sampun momot bab palupining ulah kaprajan dalah pambeganipun satunggal-tunggaling ringgit ingkang ugi dados palupining lelabetan, puna dene saperang-peranganing ngelmu wau inggih saget kajembaraken manut kalebdan saha kawicaksananipun ki dhalang. Nanging ngengeti purwanipun wonten tetingalan ringgit besutan ing jaman Demak, langkung utami malih manawi wadhahing ngelmu wau, dipun wewahi satunggal prakawis malih. Inggih punika bab: agami (Bratadiningrat, 1990). Yen makaten, wadhah lan isi lajeng timbang sami mengku nem (6) prakawis. Malah bab agami ingkang ing ngriku dhapur wewahan punika, sageda kabelet bab ingkang baku. Wondene pandhapukipun makaten:

(17)

H. Syarat Sarananipun Pamedhar Sabda

Raden Ngabehi Ronggowarsito paring wejangan babagan tata gati ingkang wonten gandhengipun kaliyan pawiyatan. Wondene syarat sarananipun guru utawi Pamedhar Sabda kados ing ngandhap punika.

1. Paramasastra

Tegesipun bangkit dhateng ulah gelaring sastra.

2. Paramakawi

Tegesipun bangkit dhateng ulah gelaring basa Kawi. Katetangi tangisira,

sira sang paramengkawi, kawilet ing tyas duhkita, kataman ing reh wirangi, dening upaya sandi,

sumaruna anerawung mangimur manuhara, met pamrih melik pakolih,

temah suka ing karsa tanpa wiweka. 3. Mardibasa

Tegesipun bangkit dhateng ulah gelaring tata basa ingkang indah. Ing antara sapangu,

Pangungaking kahanan wis mirud, Morat-marit penguripane sesami, Sirna katentremanipun,

(18)

4. Mardawalagu

Tegesipun bangkit dhateng ulah gelaring lagu utawi gegendhingan. 5. Awicara

Tegesipun bangkit dhateng ulah gelaring tata wicara.

6. Mandraguna

Tegesipun bangkit dhateng ulah gelaring kesenian lan kagunan. Hawya pegat ngudiya ronging budyayu,

margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos.

7. Nawungkridha

Tegesipun bangkit dhateng ulah gelaring kawruh lungit. Neng jroning madya akhir.

Wiku sapta ngethi ratu (1877) Adil parimarmeng dasih, Ing kono karsaning Manon.

8. Sambegana

(19)

I. Tuk Sumberipun Kapustakan Jawi

Ing ngandhap punika badhe kababar ombakipun kapustakan Jawi, kados ingkang sampun dipun pratelakaken dening Swargi Poerbatjaraka. Panjenenganipun sarjana martapi ingkang kasusra ing jagad raya. Malah pikantuk gelar Empu Jawi Kina. Pratelanipun kados mekaten.

Ingkang dipun-wastani kapustakan Jawi, punika sadaya serat-serat carita, dongeng-dongeng ingkang ngangge basa Jawi. Wondene basa Jawi punika kagolong basa Austronesia; inggih punika basa-basa ingkang kangge sawarnining bangsa pribumi ingkang dudunung ing kapulowan iring kidul-wetaning jagad Asia: wates ler wiwit pulo Formosa mangidul; wates kilen wiwit pulo Madagaskar bablas mangetan ngantos dumugi jagad Amerika kidul iring ingkang kilen. Sarehne nama Austronesia punika boten patos kerep kapireng, ing ngriki kula-santuni nama Indonesia (Poerbatjaraka, 1964). Nalika taun 1884 Dr. Brandes saged nerangaken bilih bangsa-bangsa kasebut ing nginggil wau ing jaman kinanipun sanget, basanipun satunggal; katrangan punika mawi landesan panandinging basa-basa wau. Nalika tahun 1889 Dr. H. Kern ngudi malih ing bab tatandhinganing basa, ngantos saged nerangaken bilih asal-usulipun bangsa wau, kala taksih kempal ngangge basa satunggal, wonten ing tanah Cempa, ing samangke kalebet tanah Indo Cina. Malah saking pangudinipun P.W. Schmidt kenging dipun kinten-kinten bilih asal-usulipun bangsa Indonesia punika kala kinanipun sanget, saking Asia tengah.

(20)

Bab punika boten namung angsal paseksen saking panandhinging basa kemawon; pangudinipun Dr. Van Stein Callenvels, Dr. Van der Hoop lan sanes-sanesipun ing bab dadamel sela; pethel sela, bedhor sela sapanunggilanipun, inggih ugi nedahaken, bilih pokok tanahipun bangsa Indonesia punika ing tanah Cempa, malah radi ngaler ngilen sakedik, dados ing tanah Cina iring kidul. Ing satunggaling wekdal, kinten-kinten kala tahun 1500 saderengipun taun Masehi, bangsa Indonesia wau buyar saking pokok padunungipun dhateng pulo-pulo punika.

Ingkang temtu inggih kedhesek dening sanes bangsa saking ler utawi saking kilen. Sesampunipun buyar, bangsa wau lajeng manggen sagolong-golong wonten ing pulo ingkang dipun dunungi enggal. Awit saking pisah panggenan, danguning dangu sagolong-golongipun wau lajeng boten mangertos dhateng basanipun golongan sanes; sabab pepecahaning basa wau lajeng tuwuh piyambak-piyambak. Basa Indonesia ingkang wonten tanah Filipina dados basa Filipina, ingkang wonten tanah Jawi dados basa Jawi, Sunda lan Madura, makaten salajengipun. Kados punapa sipatipun basa Jawi ing saderengipun kedhatengan tiyang Indhu, punika boten wonten tilasipun; awit kinten-kinten bangsa Jawi kala jaman semanten dereng gadhah aksara. Wondene aksara Jawi ingkang dumugi sapriki taksih kangge, punika kala rumiyinipun aksara Indhu bektanipun bangsa Indhu ingkang sami dhateng wonten ing tanah Jawi, kinten-kinten kala wiwitanipun taun Masehi.

(21)

dagangan kaliyan bangsanipun piyambak, sapanunggilanipun. Wondene ingkang dipun angge punika basa Sansekerta punapa basa Indhu sanesipun, punika boten terang; ewasemanten wonten ancer-anceripun sakedik, inggih punika seratan ing tanah Jawi ingkang pinanggih sepuh piyambak, punika basanipun basa Sansekerta. Sareng dangu-dangu tiyang Indhu wonten ing tanah Jawi rabi tiyang Jawi, lajeng anak-anak, tamtunipun anak-anakipun wau basanipun inggih basanipun biyungipun, utawi basanipun rencangipun dolan, inggih punika lare-lare Jawi deles. Danguning dangu, sareng bangsa Indhu paranakan ing tanah Jawi sampun saya kathah, lajeng wonten golongan ingkang basanipun padintenan basa Jawi, nanging kecampuran tembung Sansekerta saking bapak-bapakipun. Wondene sinyo-sinyo saha noni-noni Indhu wau sampun layak kemawon bilih ing sasaged-saged sami dipun ajar maos lan nyerat aksara Indhu, dening bapakipun piyambak-piyambak; sareng sampung kathah pranakan ingkang saged maos saha nyerat aksara Indhu, lajeng wonten, ing sakawit namung kados coben-coben, seratan Indhu kangge nyerati basa Jawi.

(22)
(23)

BAB III

JEJERING SESORAH

ING BEBRAYAN JAWI

J. Wedharing Seserepan

Tembung sesorah punika mengku suraos wejangan, wedharan, wulangan, pitutur, pituduh, ular-ular, seserepan, kawruh, kawignyan saha kawasisan ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan olah kridhaning mbabar ngelmu. Estunipun babagan sesorah saged dipun pratelaaken kanthi jembar, amargi garapanipun ugi wiyar. Panlesihipun prayogi sanget menawi kawiwitan saking sejarah budaya, laksitaning basa sastra, tumangkaring kagunan seni, kalajengaken owahing swasana kawontenan ingkang nembe lumampah.

(24)

Saking tlatah Jawa Tengah, budaya Jawi lajeng ngener ing tlatah Jawi Wetan. Kebudayaan Jawi ugi sangsaya ngrembaka. Kathah pustaka-pustaka agung anggitanipun para pujangga. Kasebat Empu Kanwa ingkang ngripta Serat Arjuna

Wiwaha rikala jamanipun Raja Airlangga. Malah Sinuwun Prabu Darmawangsa

Teguh mandhegani sumebaring kitab-kitab parwa ingkang mendhet saking

Layang Mahabarata. Ugi Empu Sedah lan Empu Panuluh misuwur nyipta Serat Baratayuda. Empu Darmaja damel Serat Gathutkacasraya. Dene Empu Prapanca

yasa Serat Negarakertagama. Empu Tantular nganggit Serat Sutasoma. Para pujangga punika kawentar dados cundhakaning sarjana winasis, ingkang ugi kasusra minangka saka guruning Kraton Medhang, Kahuripan, Kedhiri lan Majapahit.

Duk nalikaning Kraton Demak Bintara dados punjering papan tumangkaring Agami Islam ing Tanah Jawi, budaya kina ingkang sampun wonten lajeng kasalarasaken kaliyan nuting jaman kelakone. Para wali ugi damel reriptan ingkang kajumbuhaken kaliyan budaya Jawi kanthi bumbon ingkang boten nrajang wewalering agami (Jayasubrata, 1917). Ringgit wacucal dados srana piwucaling Agama Islam. Gamelan lan karawitan keseselan gendhing-gendhing dalah lelagon ingkang ngemu suraos keislaman. Kanjeng Sunan Kalijaga, minangka tetungguling wali sanga marisaken lelagon Ilir-ilir, ingkang kondhang kaonang-onang ngantos ari kalenggahan punika.

(25)

anggenipun nguri-uri kabudayan Jawi (Bratakesawa, 1952). Sedaya para narendra gung binathara nglegaaken urun udhu bahu suku saha panemu. Keplalah kathah sang Katong ugi adhapuk pujangga. Reriptanipun dados tuk sumbering piwulang luhur menggahing kawula dasih warata sanagari.

K. Pamarsudining Basa Sastra

Para sarjana winasis jalma martapi ingkang ngrumpaka endahing basa sastra mawi pustaka maneka warni. Tiyang Jawi ingkang wiwit kina makina bangkit ulah gelaring tata haksara, pramila ugi prigel nyerat kangge ngedhari miwah ngudhari wohing angen-angen. Lumantar serat-serat Jawi punika cipta grahitaning manah tumuli kawedharaken. Owah gingsiring jaman tansah dipuncathet, murih boten ngantos kalepyan. Ngungak jaman kawuri kaleksanan kanthi terang trewaca. Mapag mekaring jagad anyar ugi boten kacipuhan. Sedaya kalawau dados gampil, amargi tiyang jawi gadhah simpenan ingkang awujud seseratan. Kitab-kitab kina ingkang kaserat mawi aksara Jawi saged kapriksan ing Musium Sana Budaya, Radya Pustaka, Reksa Pustaka lan Widya Pustaka.

(26)

Ing sadhengah papan pawiyatan, buku tata sastra punika dados cepenganipun para guru ingkang nggulawenthah putra siswanipun.

Sarjana basa sastra Jawi sanesipun inggih punika ingkang minulya Ki Padmosoekotjo. Labuh labet ingkang kaparengaken dhumateng sagunging bebrayan Jawi satuhu pantes sinudarsana. Buku-buku kawruh basa Jawi sampun rinipta. Ing babagan kawruh paramasastra, Ki Padmosoekotjo mempeng sanget. Cengkok, lagak, lagu, lageyaning tetembungan dipun pratelaaken kanthi titis patitis. Ing babagan sastra pedhalangan sampun kababar pitung jilid buku mawi irah-irahan Silsilah Wayang Purwa Mawa Carita (Padmosoekotjo, 1960). Sumbangan ingkang wigati tumraping jagad pakeliran.

Mliginipun seni pakeliran, hambok bilih Ki Siswoharsoyo dados panyerat pakem pedhalangan ingkang pilih tandhing (Siswoharsoyo, 1953). Para penyerat pakem salajengipun meh ngemperi gagrak Siswoharsayan. Saget kawastanan pakem jangkep. Amargi tuntunan, sulukan, janturan, dhodhogan, kepyakan, sabetan, jejeran lan sanes-sanesipun ingkang magepokan kaliyan seni pewayangan dipun jlentrehaken kanthi gamblang. Tuladha pakem anggitanipun inggih menika tuntunan pedhalangan lampahan Wahyu Purba Sejati. Wondene Serat Bimapaksa karipta dening Ki Siswoharsoyo mawi sekar macapat.

(27)

matikel. Serat Pustaka Raja Purwa ingkang gunggungipun kirang langkung 9 jilid ugi sampun karampungaken. Kitab-kitab Mangkunegaran lan Ranggawarsitan malah dipun garap mawi pratelan ingkang langkung genep lan jangkep. Tiyang Jawi jamak limrah menawi atur panuwun.

L. Kagunan Adi Luhung

Pang-panging budaya Jawi sangsaya dangu sangsaya ngrembuyung ing madyaning pasrawungan agung. Wohing budaya Jawi kalawau mbabar kagunan adi luhung. Menggah kagunan adi luhung inggih punika wedharing raos ingkang mbabar kaendahan. Endah menggahing panca ndriya, endah menggahing rasa jiwa. Sauger mahanani gesang langkung eca, sakeca lan pana, ateges kagunan kala wau saestu inggil bobotipun. Amargi ugi kathah seni entheng-enthengan ingkang tundhonipun ngajak kesasar. Ing salebeting bebrayan kathah pagelaran seni ingkang malah damel swasana dados ribet, nyebabaken tukar padu lan pasulayan. Punika genah seni ingkang kosong bobotipun. Pagelaran seni kados punika prayogi dipun gantos mawi seni adi luhung kemawon.

(28)

watak wantu wandaning wayang. Iringan kerawitan punika mimbuhi gagah, mewah lan megahing pakeliran sedalu natas.

Sanadyan sampun dangu lan kapetang lawas, seni pedhalangan tetep lestari ngantos ari kalenggahan punika. Ing gunung agunung, dhusun ngadhusun, kitha ngakitha, gampang sanget pinanggihan kaliyan pagelaran wayang purwa. Kawula alit lan priyagung luhur ingkang ngembat kendhalining praja guyub rukun sesarengan mirsani caking pakeliran. Ngantos enjang gagat rahina, ketingal menawi para pamirsa dangan ing panggalih, manah suka parisuka.

Wulangan, wejangan, wedharan saking seni pedhalangan sayektos damel pasugataning batos. Raos miraos ingkang kasarira lan kajiwa ing salebeting pagelaran ringgit wacucal estu nambahi mentesing piwucal. Paripurna anggenipun mirsani caking pakeliran ngantos wanci enjang malah mimbuhi jangka jangkah. Langkah langkung madhep, mantep lan menep. Bebrayan agung wusana sangsaya padhang jenggilang kados pinapak obor sewu.

M.Mekaring Jagad Anyar

(29)

pamedhar sabda tuwin juru sesorah prayogi menawi tansah nggembleng dhiri kanthi pinten-pinten seserepan.

Tumangkaring kabudayan, ngrembakaning kagunan miwah ngesing kaendahan saestu langkung wigatos menawi sinartan landhep tanceping seserepan dalah pengalaman. Undhaking ilmu, tikeling laku sarta keplasing panemu badhe sumebar warata kanthi mitayani, waton linambaran olah nalar saha panaliten ilmiah. Srawung ing tingkat internasional ingkang wiyar tebanipun perlu juru wicara utawi diplomat ingkang mumpuni. Sarana gladhen lan panaliten tartamtu nuwuhaken raos pitados tumraping bangsa asanes. Kejawi daya ketrampilan ingkang ngegungaken kridhaning olah panca ndriya, bab oleh nalar punika ugi nami wigatos. Perlu dipun ambali malih, bilih nyugata kabudayan lan kagunan prayogi kasalarasaken gladhen tuwin panaliten.

Wawasan ingkang cekap menggahing budayawan, seniman lan sastrawan badhe nggancaraken pasrawungan. Gesang punika dumados saking maneka warni golongan bebrayan. Drajat lan pangkat tartamtu kemawon mbenten-mbentenaken tata srawung. Among tani, among dagang, among layar gadhah budaya ingkang boten sami. Saben golongan sinartan budaya lan adatipun. Mila perlu patrap momong, momor lan momot. Tetiganipun minangka sangu srawung sambang sambung ingkang mbabar bebrayan guyub rukun, manunggal lan mong-ingemong.

(30)

ing alaming bumi nuswantara ingkang nyepeng sesanti kala wau kathah wilujengipun. Samad-sinamadan antawisipun budaya satunggal lan satunggalipun nambahi kukuh bakuhing negeri Indonesia. Ingkang sampun limrah, sesanti tilaranipun Empu Tantular katampi kanthi tinarbuka, lega legawaning manah dening sangyaning para titah.

Juru sesorah saged migunaaken sesanti menika ing salebeting ngayahi jejibahan. Raos kebangsaan ugi dados kewajibanipun para juru sesorah murih jayaning bangsa lan luhuring negara. Kanthi mekaten juru sesorah badhe pikantuk jeneng jenang, kuluk puluk, wong wang. Ateges kalenggahanipun juru sesorah pancen wigatos, kangge urun kasantosaning lahir lan batos.

N. Tuntunan Pustaka Sesorah

Saestunipun buku ingkang nembe kawaos punika karacik kados andharan ing nginggil. Kapurwan saking tumapaking sejarah budaya Jawi. Undha usuking basa sastra ugi kapratelakaken. Kagunan adi luhung sawetawis kapacak kanthi katrangan ringkes, nanging mentes. Katrangan mekaring jagad anyar jumbuh kaliyan nut jaman kelakone.

(31)

Ukara-ukara ingkang karumpaka saperangan kapendhet saking tetembungan ngoko, madya lan krama. Estunipun punika naming tuladha. Cak-cakanipun saged kadamel luwes murih sekecanipun pawiyatan. Malah saperangan bab kadamel kados tiyang ingkang nembe nindakaken sarasehan. Tundhonipun supados langkung ketingal edi peni. Conto-contonipun saged kawastanan pepak. Upacara adat, pahargyan temanten, temu trah dipun kantheni papan, sejarah lan silsilahipun.

(32)

BAB IV

ULAR-ULAR ING UPACARA TETAKAN

E. Nindaaken Syariat Agami

Assalamu’alaikum wr. wb.

Katur dhumateng ngarsanipun para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat sinudarsana. Langkung rumiyin mangga kita sami muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Mirah. Salam lan rahmat mugi tansah konjuk dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad Saw.

Ing kalodhangan menika keparenga kawula atur pratelan ingkang wonten gandhengipun kaliyan upacara tetakan. Menggah sunat utawi sunah punika tembung Arab. Kajenging suraos, meh radi memper kalayan tembung kautamen. Dene sunat ingkang dipun kajengaken ing ngriki, inggih punika: sunat ingkang tumindakipun saengga wajib tumrap bangsa Nuswantara punapa dene tetiyang Islam sadonya pisan.

Kelanturing panganggenipun tembung sunat wau, adhakanipun namung katandukaken dhateng lare-lare estri, inggih punika : lare-lare wau sami kabelek kendhanganipun tipis ingkang anggandheng lamben alit kekalih, ing salebetipun lamben ageng kekalih ing kuwadonan. Dene paedahipun, samangsa lare wau dumugi wancining tarap, wedaling sesuker saking nglebet supados saged gampil sarta boten sakit.

(33)

rowan-rowan mawi nyedhahi sanak kadang ahli waris sarta tangga tepalih. Nanging, sajatosipun, bab bedhahing kendhangan tipis wau, sanadyan boten sarana kabelek, kabekta saking dayaning kodrat, lare saya diwasa, kendhangan saya tipis, tur kadhang dereng ngantos wancining tarap, kendhangan sampun bedhah piyambak, ingkang ngawaki malah sok boten kraos. Wondene purwanipun ing nuswa Jawi wonten tata cara sunatan makaten wau, sajatosipun namung tuwuh saking kawicaksananipun para Wali dadosa srana anggenipun badhe ngislamaken tetiyang kathah.

Kados mekaten kala wau menggah rembaganipun bab tetakan ingkang kasambetaken kaliyan panindaking syariat agami Islam. Pungkasaning atur mugi sami rahayu ingkang pinanggih. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

F. Ndherek Wejanganipun Nabi Ibrahim

Assalamu’alaikum wr. wb. Kawula nuwun.

Sanggyaning para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Ing kalodhangan punika badhe karembag babagan tetakan ingkang ndherek wejanganipun Kanjeng Nabi Ibrahim as.

Tata cara tetakan utawi sunatan tumrap lare estri kasebut ing serat Guna

Cara Agama, manawi katandukaken dhateng, lare jaler, limrahipun dipun

(34)

panindak, inggih punika: lare-lare jaler dipun pagas ikutipun ingkang ambungkus sirahing pastapurusa, ngantos sirah wau ketingal moncek boten kabungkus malih. Liripun kelantur, jalaran : Dipun wastani tetak, sebab: kapagas (kakethok) peranganing badan ingkang awujud pucuk. Dipun wastani supit, sebab: pamagasing ikut, ing ngriku, mawi migunakaken pirantos ingkang wujud supit. Winastan Islam (dipun Islami), sabab nalika badhe kapagas ikutipun, lare punika mawi dipun tuntun ingucapaken kalimah sahadat (rukuning agami Islam). Saking katerangan punika, mila tembung-tembung ingkang kangge mastani tumindaking tata cara wau, tetela kirang trep. Dene wastanipun ingkang sekawit inggih punika: kitan.

Wondene paedahipun tata cara kitan punika, perlu kangge anjagi karesikan saha kasarasan. Sawanci lare sampun akil balig, lan badhe sholat, pastapurusa punika supados gampil dipun resiki. Punapa dene, samangsa lare sampun diwasa manawi nandukaken hardaning birai, ugi gampil dipun resiki, boten gampil dipun susuhi wiji sesakit.

Sakawit, ingkang ngutamakaken tata cara sunat lan tetak punika namung agami Islam. Sarta, sunat ing ngriku, inggih tetep namung sunah (sanes wajib). Mila salugunipun, upami boten nglampahi sunat utawi tetak, ugeripun resikan, inggih boten dosa menggahing agami. Nanging manawi purun nglampahi, menggahing agami lajeng pikantuk ganjaran. Mila tembung sunat wau, kula wastani radi memper kalayan suraosipun tembung kautaman.

(35)

kawenangaken boten sisah nglampahi kitan. Suraosipun kadis punika, sampun cetha cocog kalayan katerangan wau, bilih wigatosing tetak punika, perlu kangge anjagi kasarasan. Mila dumugi samangke, para dokter ugi ngleresaken wontenipun tata cara wau.

Sarehne kitan lan sunat punika kajawi nglampahi sunat rukuning agami Islam ugi perlu anjagi kasarasan, mila juru netaki anggenipun nindakaken wajib, prayoginipun inggih tansah ngengeti perlu-perlu wau. Liripun: saben-saben, inggih kedah suka tuntunan kalimah sahadat dhateng lare ingkang dipun tetaki. Punapa dene, pamagasing ikut kedah kaangkah sirahanipun sampun ngantos saged wangsul nlakup sirahing pastapurusa. Dados sasampunipun tetak, sapunika lajeng lestantun moncer.

Kamajengan samangke, para sadherek juru rawat ingkang sampun gadhah partisara babagan kasarasan, ugi sami nindakaken netaki. Panindaking damel netaki para sadherek punika, tumraping kasarasan tamtu sampun nama nyekapi. Saya utami malih, manawi dipun jangkepi kalayan suka wejangan kalimah sahadat. Dados lajeng tetep: dhukun tetak ingkang mumpuni. Emanipun, ingkang kathah-kathah meksa dereng dumugi samanten.

(36)

kathahipun wedaling rah, ngantos larenipun sok klemper. Ugi wonten ingkang ikut wau boten kapagas nanging samung kabelek murih enggala saras. Kados mekaten kalawau pratelan ingkang kapacak ing serat Guna Cara Agama. Kawula cekapaken semanten langkung rumiyin seserepan bab tetakan. Mugi ndadosaken kawuningan. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

G. Piranti Kangge Tetakan

Assalamu’alaikum wr. wb.

(37)

waras-wiris lajeng kapagas wantahan punika, sanadyan lare ing ngriku sampun pawitan tekad. ing raos meksa memelas. Jer nyatanipun tamtu karaos sakit.

Awit saking punika, mila kita lajeng tuwuh gagasan ngarang seratan punika, ing pangangkah sageda dados ancer-ancering panindak ingkang radi patitis. Dene wawatonipun kajawi sampun kapratelakaken ing ngajeng, ugi mirid saking; andharaning serat titiasri ingkang dapur ngonceki suraosipun babad Demak. Bab gandhengipun kalayan kasaran, ugi saking, pangawikan warni-warni praktik ingkang sampun kula tindakaken piyambak. Nanging, tuladha-tuladha ing ngriki namung nuladhani murih gampilipun katindakaken ing padhusunan tuwin pakampungan kemawon. Inggih punika, Bong kedah gadhah: a. Peso alit, gunting, japit sekedhikipun kalih, sogok (sande). b. Chloroethyle, spiritus fortijor, boorwater, boorzalf, dermatol, kapuk, verband, sadayanipun kedah resik (steril).

Sadaya prabot punika saged tumbas dhateng toko jampi (Apotheek), ugeripun nerangaken kanggenipun, tamtu pikantuk. Yen badhe nindakaken netaki, langkung rumiyin Bong kedah nyawisaken pirantos-pirantos wau. Boorzalf ingkang sampun kaledre ing gaasverband kaangkaha cekap kangge nutupi (ambuntel) tatuning pastapurusa ingkang badhe kapagas. Tanganing Bong saha pastapurusa ingkang badhe kapagas sanadyan ketingalipun tamtu sampun resik, naging kedah kagosok ing spiritus fortijor sarana kapuk sekedhik. Perlunipun, yen ing ngriku wonten bacterien (bibit penyakit ingkang alus sanget, sageda pejah dening dayaning spiritus.

(38)

anna Muhamadur Rasullolah. Sasampunipun makaten lajeng matrapna sogok. Prenahipun ing salebeting ikut sajawining sirah pastapurusa ing prenah nginggil. Pucuking sogok kaangkaha papak lan cibiring pastapurusa. Sasampunipun makaten lajeng matrapaken japit sajawining ikut sawingkingipun sogok. Tangan kiwa (Bong) nyepengi sogok lan japit, tangan tengen ngeceri Chloroethyle ing pastapurusa ingkang badhe kapagas, ngantos kuliting ikut punika ketingal pethak, perlunipun kangge ngicali raos sakit. Sasampunipun makaten lajeng kapagas.

Pamagasipun ing antawising sogok lan japit. Sasampunipun kapagas, ikut ingkang tatu pagasan, kacalikna mundur ing guluning pastapurusa, lajeng dipun wur-wuri dermatol kapara radi kandel nunten dipun tutup ing boorzalf ingkang sampun kaledre ing gaas kala wau terus dipun blebed : rampung.

Pratelan ing nginggil punika kapendhet saking katranganipun Swargi Ki Siswoharsoyo, ingkang satuhu lebda ing babagan kasusastran Jawi. Panutuping atur, mugi-mugi pratelan sapala punika wonten ginanipun. Nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

H. Ngreksa Kayuwananipun Tetakan

Assalamu’alaikum wr. wb.

Katur dhumateng para lenggah ingkang nembe mangayu bagya sarasehan ing dinten punika. Wondene pratelan ingkang badhe dipun rembag kanthi irah-irahan Ngreksa Kayuwananipun Tetakan.

(39)

Godhonging T kasabukaken ing bangkekan, sukuning T kangge ngaweti pastapurusa lajeng kasuwelaken ing gathukan godhong T wau. Punapa malih, sasampunipun kablebed wau, lare punika prayogi lajeng tileman kemawon. Paedahipun dermatol ing ngriku, kajawi mepeti wedaling rah, ugi ngenggalaken garinging tatu. Dados inggih ngenggalaken saras. Dene boorzalf ing ngriku, paedahipun: samangsa blebed kabikak, supados boten kelet kalayan tatunipun.

Kajawi dermatol, jampining tatu enggal punika, ngangge Perubalsem inggih sae. Nanging, Perubalsem punika, nalika katamakaken, mahanani raos perih sekedhik. Ing pangalaman kita piyambak, kajawi dermatol lan Perubalsem, tatu dipun jampeni mawi bubukan Zulfatiasol punika, kenging kita wastani setijap banget. Mila yen saged pikantuk (tumbas) tatuning kethokan wau, inggih prayogi yen dipun jampeni bubukan Zulfatiasol kemawon. Nitik andharan punika, sajakipun kados rebyeg sanget. Nanging sajatosipun boten makaten. Ugeripun sampun sarwa cumawis, wiwit mulang kalimah sahadat ngantos masang T verband wau, salebetipun tigang menit kemawon tamtu rampung. Pirantos-pirantos, tanganing Bong lan pastapurusa kedah resik. Mejang kalimah sahadat. Masang sogok lan japit. Namakaken Chloroethyle. Magas ikut Tatu kacalikaken mundur, dipun jampeni lajeng kaverband.

(40)

manawi Bong piyambak boten saged nandangi sabab tebih dumuginipun, cekap nilari jampinipun kemawon kalayan weling (nuturi) dhateng larenipun, lare tamtu saged nindakaken.

Kala-kala sok mranggguli lare ingkang ikutipun nglebet kraket kalayan sirahing pastapurusa. Yen wonten lare ingkang makaten punika, ngengeti perluning tetak kasebut ngajeng, supados pastapurusa saged kaleksanan moncek, pamagasing ikut, kapeksa kedah neset ingkang kraket wau. Nanging manawi panesetipun punika boten sarana prabot ingkang nyocogi (trep) sarta jampi ingkang ngicalaken raos sakit, inggih mesakaken larenipun ingkang nglampahi. Mila manawi Bong mrangguli kawontenan ingkang makaten, prayoginipun lajeng ngrembagana kemawon dhateng lare saha tiyang sepuhipun. supados lare punika dipun suwunaken pitulungan tetak dhateng dokter. Para dokter tamtu boten badhe kewran anggenipun nindakaken sarana pirantos jampi-jampi ingkang ngetrepi.

Ki Siswoharsoyo paring pratelan kanthi wijang sarta gamblang ing pustakanipun serat Guna Cara Agama. Pustaka kalawau sampun misuwur sanget. Ing pungkasaning atur, mugi sami raharja sedayanipun. Nuwun.

(41)

BAB V

GITA WICARA ING SARASEHAN

TUMANGKARING AGAMI ISLAM

G. Tumangkaring Agami Islam

Assalamu’alaikum wr. wb.

Kawula nuwun, keparenga matur dhumateng ngarsanipun para sepuh lan pinisepuh ingkang satuhu kinurmatan. Tuwin para pangembating praja ingkang dahat sinuba kastawa. Sugeng pepanggihan wonten ing titi laksana hadicara sarasehan ingkang hangrembag Wejanganipun Para Wali Ing Tanah Jawi.

Para ahli sejarah amratelakaken bilih kitha Bagdad kabedhah dening wadya bala saking negari Tiongkok dumados tahun 1258. Nalika semanten tlatah Bagdad kawentar kasebut minangka punjering kawruh saka kabudayan Islam. Wiwit tahun 1258 punika, sasampunipun angrasuk jaman kencana rukari ingkang laminipun 7 abad, danguning dangu pusat kabudayan Islam lajeng surut, larut, kerut, tilem, ngglenggem lan surem.

(42)

Golongan kekalih, saudagar miwah sarjana ulama punika nyengkuyung jumenengipun keprabon Trah Majapahit, Raden Patah, anglenggahi dhampar kencana ing Kasultanan Demak Bintara. Handhangkandhungipun jalma sulaksana ingkang kasuwur katelah Wali Sanga ugi gumreget, gumregut lan gumregah pacak baris magepokan kaliyan trah-tumerahipun agami Islam.

Kathah sanget reriptan ingkang kawarisan dening pra sarjana sujana ing budi ingkang sampun cinandhi ing ngawiyat, anyunari ing alam kelanggengan. Warni-warni karyanipun, rupi-rupi pamanggihipun. “Qur’an Suci Jarwa Jarwi

dalah Tafsiripun ingkang Kajarwakaken” dening R.Ng. H. Minhadjurrahman

Djajasugita sarta M. Mufti Sharif, punika nama jamak limrah menawi kauningan dening bebrayan Jawi, langkung-langkung para putra wayah.

Wiyosipun “Qur’an Suci Jarwa Jarwi dalah Tafsiripun” punika saged dipunibarataken margi gelap pinapak obor sewu. Nuswa Jawi nami begja kemayangan lir pendah kejugrugan gunung sari, kebanjiran segara madu. “Qur’an Suci Jarwa Jawi” ingkang karembag punika kenging kalenggahaken jejering pusaka minulya ingkang pantes pinundhi-pundhi.

Kados pundi keunggulan lan kaluhuranipun garapan pustaka punika, hambak bilih saged kapratelaken mawi perangan. Unggah-ungguhing basa. Katilik saking lagak lagu lageyaning basa, prangripta sayekti priyantun ingkang mumpuni ing bab ulah gelaring kayunan basa kasusastran. Tata basanipun gancar lancar, bobot kasusastranipun ganep jangkep, amila andadosaken rakitan ingkang edi peni.

(43)

pangripta punika taksih dharahing ngaluhur, trahing kusuma, rembesing madu, wijining atapa, tedhaking andana warih, inggih punika warga kraton Surakarta Hadiningrat (Paku Buwana IV, 1925). Perlu kawuningan, saderengipun revolusi kamardikan ’45, kraton Surakarta punika mempeng sanget anggilut mekaring kabudayan, kayunan, lan kasusastran. Saget karebat para pujangga linangkung ingkang mijil saking dhatulaya Surakarta: Kyai Yasadipura, R. Ng. Ranggawarsita, KRT Kusumadilaga, Sinuwun Paku Buwana IV lan Ki Padma Susastra. Ing kiwa tengenipun awal abad 20, tlatah Surakarta ugi dados kiblatipun pergerakan nasional. Kuncara sinebat Syarikat Dagang Islam (SDI) ingkang dipunpandhegani dening Kyai Haji Samanhudi.

Cekap semanten atur pambuka kawula. Mugi-mugi sarasehan ingkang badhe ngrembag Wejangan Para Wali ingkang binabar ing pustaka Guna Cara

Agama yasanipun Bapak Ki Siswoharsoyo sageda lumampah kanthi gancar lan

lancar. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

H. Nyengkuyung Kraton Demak Bintoro

Assalamu’alaikum wr. wb.

Para lenggah ingkang minulya. Ing ari kalenggahan punika badhe ngrembag sejarahipun para Wali Sanga ingkang nyengkuyung Kraton Demak Bintoro. Wejangan kalimah sahadat punika, tumrap tata cara sunatan tetakan ing nuswa Jawi lajeng dados perlu ingkang baku.

(44)

Menggah gancaripun reringkesan makaten: Samukswanipun Prabu Brawijaya Nata binathara ing Majapait ingkang wekasan, paprentahan ing nuswa Jawi kang dhedhasar agami Buda sampun cunthel. Dene ingkang jumeneng Nata masesani paprentahan ing nuswa Jawi sajajahanipun, ajejuluk: Sultan Syah Ngalam Akbar, timuripun kekasih Raden Patah, angadhaton ing Demak utawi Bintara. Raden Patah punika ugi Putranipun sang Prabu Brawijaya ing Majapait. Nanging miyosipun wonten ing Palembang tanah Sumatra. Mila makaten, jalaran nalika sang prameswari dewi Dwarawati (ibunipun Raden Patah) saweg ambobot, saking kaparengipun Prabu Brawijaya, sang putri punika lajeng katrimahaken dhateng sang Adipati ing Palembang : Arya Damar.

Sabab makaten wau, wiwit timur, Raden Patah sampun boten sumandhing ing rama Nata Prabu Brawijaya ingkang agami Buda. Kosok wangsulipun, inggih wiwit timur wau, Raden Patah anggung tampi wulangan agami Islam remen puruhita dhateng para Wali. Malah puruhitanipun Raden Patah dhateng para Wali punika lajeng dados sarana ageng tumrap tumangkaripun agami Islam ing nuswa Jawi.

(45)

Surabaya. Dene ingkang rayi (Raden Timbul) kapurih lajeng suwita dhateng Majapait. Dados sadherek kalih punika, kala samanten lajeng pepisahan, Gancaring cariyos, Raden Timbul ingkang suwita dhateng Majapait, dangu-dangu saged katarimah lajeng kawisudha dados Adipati ing Terung anama Adipati Pecatandha. Dene Raden Patah sinau nglajengaken nyantri dhateng Ampel, puruhita dhateng Sunan Giri. Ing alami-lami, sareng panggilutipun agami Islam sampun rinaos cekap, saking pitedahipun Sunan Ampel, Raden Patah lajeng bebadra babad wana ingkang winastan: Glagahwangi bawah kabupaten Jepara. Boten antawis lami, wana Glagahwangi, lajeng reja, boten namung dados padhusunan kemawon, nanging sampun prasasat kitha kabupaten. Tetiyang ingkang tumut bebadra ing ngriku sami sayuk sumungkem nglampahi sarak rukuning agami Islam.

(46)

lajeng kaaken putra sang Prabu, jer sang Prabu lajeng enget dhateng garwanipun ingkang katrimakaken dhateng sang Adipati Palembang saweg pinuju anggarbini. Salajengipun, Raden Patah malah kawisudha dados Adipati ing Bintara saha pinaringan asma Adipati Natabrata, kawenangaken mangangengi tetiyang ingkang sampun ngrasuk agami Islam.

Kacariyos, ing alami-lami sang Adipati Natabrata sang saya ageng prabawanipun. Tetiyang ing laladan Bintara ingkang ngrasuk agami Islam sami rapet sumungkem sabaya pati dhateng Sang Adipati. Saking pambombongipun para wali, sang Adipati lajeng jumeneng Sultan, ajejuluk Syah Ngalam Akbar angadhaton ing Bintara (Demak).

Kocap kacariyos, sang Nindyamantri ing Majapahit rekyana patih Gajahpremada. Sareng mireng bilih sang Adipati ing Bintara jumeneng Sultan kanthi pambiyantunipun para wali, sang rekyana patih lajeng beboleh dhateng Sang Prabu (Prabu Brawijaya) badhe nyepeng Raden Patah ingkang sampun tetela nedya ngendhih nagari Majapahit. Prabu Brawijaya marengaken aturing patih. Gancanging cariyos, patih Gajahpremada lajeng ngirid wadya sikep dedameling ngayuda, nglurug dhateng Bintara. Sri Sultan ing Bintara ugi ngajangi dhateng ing mengsah. Ramening perang, patih Gajahpremada kasambuting pupuh lena ing palagan. Sasirnanging patih Gajahpremada, para wadya Buda saking Majapahit sisanipun ingkang pejah lajeng teluk dhateng Bintara.

(47)

Tindakipun sang Prabu numpal keli mangetan, sareng dumugi tanah Banyuwangi lajeng pisah kalayan Nayagenggong, jalaran : sang Prabu lajeng kersa kawejang tarekating agami Islam.

Dumugi samanten wekasanipun karaton ing Majapait utawi wekasanipun paprentahan ing nuswa Jawi ingkang adhedhasar agami Buda. Sasirnaning kraton Majapait, sampun madeg kraton Demak adhedhasar Islam. Mila adegipun kraton Islam ing Demak kala samanten, nama dumunung ing alam pepucuk ingkang wonten telenging laladan kabudan. Sanadyan kala samanten ugi sampun kathah para kawula ing pasisiran ingkang ngrasuk agami Islam, nanging para kawula ingkang golongan ageng, meksa taksih puguh ngrungkepi agami Buda. Mila jejibahan pangreh praja kala samanten, gawat sanget. Jer para kawula dereng saged sayuk tunggil piyandel tunggil agami.

Lampahing kapradatan saha pancasaning kukum adil, taksih karoban pamisesa, dereng saged netepi para marta, Amargi : runtuting pagadilan kateranganing saksi dakwa tuwin pradata, dereng jumbuh nunggil agami.

Awit saking punika, rembag ing parepatanipun para Wali ingkang pinanggih ing karampungan, sarana ingkang wigatos amrih tata raharjaning nagari, namung kedah ngislamaken para kawula sadayanipun. Cekap semanten atur kawula. Hambok bilih wonten kirang langkungipun, keparenga paring pangaksami. Nuwun.

(48)

I. Lelandhesan Daya Kawicaksanan

Assalamu’alaikum wr. wb.

Para rawuh ingkang dahat sinuba kastawa. Ing ari kalenggahan punika kawula kapatah mratelakaken sejarahipun para Wali ingkang tansah alelandhesan daya kawicaksanan. Kala samanten, Kangjeng Sunan Kalijaga ingkang lebda dhateng geliting golongan kekalih (kabudan tuwin kaislaman) usul rembag ing madyaning parepatanipun para Wali. Suraosing usul wau, kirang langkung makaten :

Pangudi ingkang saged ngungkih puguhing manahipun para kawula ingkang taksih kandel piyandelipun dhateng agami Buda, murih puruna pitados lajeng ngrasuk agami Islam, kedah sinangkan saking gelar utami ingkang saged nuju prana. Gelar utami ingkang saged nuju prana punika, kedah mirip tata - caranipun tetiyang kathah ingkang gandheng kalayan kapitadosaning agaminipun lami. Tuntunan Islam ingkang katandukaken dhateng tetiyang kathah, kedah sinangkan saking sekedhik, ngantos tetiyang kathah rumaos gampil tuwin entheng pangrasukipun agami Islam.

(49)

eklasing manah, inggih sampun tetep manjing hukum Islam, pitados dhateng Kalifahipun, mituhu dhateng paprentahan ingkang anjalari tata raharjaning nagari.

Sanadyan purnanipun ngrasuk agami Islam punika kedah binudi sarana sarengat, tarekat, hakekat ngantos makrifat, punika rembag ing wingking. Boten sisah kapardi dening panuntuning agami, yen para umat sampun sengsem sayektos dhateng hakekating agami, tamtu sami ngudi piyambak dhateng mukmin ingkang pinareng dados panutan. Wondene tata cara ingkang dados kapitadosanipun tetiyang Buda punika, inggih punika : 1. bab sesaji, 2. kekutug dupa ratus, 3. bab karameyan ngemba karameyanipun para dewa sasembahanipun. Bab sesaji minangka puja ngeningaken cipta nika mengku karsa ngupados wewengan pikantuka bab ingkang sampun saha badhe linampahan. Punika kabudiya saking sakedhik ngantos dados tumindaking sholat wajib.

(50)

ngleledhek rawuhipun para dewa ingkang katarimah lelabetanipun. Priya ambeksa nampeni pangledeking waranggana, linariyan para santana warga ingkang winastan tayuban, punika ingkang kaemba lenggotbawanipun para dewa ingkang winiwaha.

Tatacara makaten punika, tumrap agami Islam, tetela dhawah kukum musrik sarta karam. Mila saking sekedhik kedah binudi icalipun. Nanging caranipun pangudi sagedipun kedah damel, kedah kanthi kawicaksanan ingkang saged mranani manahipun tetiyang kathah. Tatacara ingkang gandheng kalayan piyandelipun tetiyang agami Buda tigang prakawis wau (samadi, sesaji, karameyan) manawi kapirid kangge gelaring lampah kawicaksanan, tamtu badhe ageng manfaatipun. Amargi, pambudi punika nama sinangkan saking idheping piyandel. Nanging, pamiridipun ing ngriku kedah kasirik ingkang dhawah karam.

Sarehning wigatos ingkang kedah tumunten kasembadan punika prakawis para kawula enggala sayuk mituhu dhateng paprentahan praja, gelaring lampah, pamiluta badhe ngislamaken para kawula wau, inggih kedah katindakaken sarana upacaraning praja. Kados mekaten kala wau pratelan sapala kawula. Mugi ndadosaken kawuningan. Nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

J. Nlesih Sejarahipun Grebeg Sekaten

Assalamu’alaikum wr. wb.

(51)

sejarahipun grebeg Sekaten menika saged kalacak wiwit saking adegipun Kraton Demak Bintoro.

Nagari Demak, ingkang Kolifah dalah kanayakanipun sami tetiyang Islam punika, inggih wajib sami ngluhuraken dinten ageng Islam. Gelaring pamiluta wau, mapan sanget lamun katangguhna wanci mulyakaken dinten ageng Islam. Dede dinten ageng Islam ingkang wajib kamulyakaken, inggih punika: dinten ageng Idzulfitri (tanggal l wulan Syawal), dinten ageng Idzul adha (tanggal 10 wulan Besar) lan dinten ageng maulid Nabi (tanggal l2 wulan Rabiulawal = Mulud).

Gelaring lampah ingkang katangguhaken kaliyan mulyakaken dinten ageng wau, katindakaken kaping tiga ing dalem setaun, sampun nama nyekapi. Dene ingkang kadamel ageng-agengan, katangguhna ing dinten maulid Nabi. Jer punika nama pengetan ngluhuraken miyosipun = (maulid) Kangjeng Nabi Muhammad s.a.w. panutaning agami.

(52)

Para abdidalem Pangulu saandhabanipun, sami kadhawuhan caos dzikiran ing masjid ageng kaliyan suka sesuluh bab agami dhateng tetiyang kathah. Sanginggiling wiwara masjid, sineratan lafal-lafal daliling kitab suci al- Quran. Panindak punika, mengku kajeng, bilih tetiyang ingkang mlebet medal ing wiwara, sampun sami kaprabawan (kungkulan) kumaraning agami Islam. Ing plataraning masjid, cinawisan sidkah (sedhekah) ambengan sekul ulam pepanganan tuwin arta ingkang winangun sesajinipun tetiyang agami Buda sami sesaji dhateng para panutanipun. Nunggil wanci kaliyan pasebanipun para abdidalem pasisiran wau. sinarengan ungeling gangsa ageng ingkang tinabuh ing bangsal Sripenganti. Ing wanci bakda Isya, gangsa ageng kalih rancak, kausung dhateng masjid ageng nglangkungi alun-alun, samargi-margi tansah tinabuh. Wonten ing plataran masjid ageng, gangsa ageng kalih rancak wau, kaprenahaken ing bangsal kiwa tengening wiwara, salajengipun tansah katabuh gegiliran siang dalu. Yensiang wiwit enjing dumugi wanci sholat luhur, yen dalu wiwit bakda ngisa' dumugi bedbug dalu.

(53)

sedhekah ingkang sampun dipun cawisaken. Nanging, saderengipun sedhekah dipun bae waradin, ambengan kedah dipun dongani sarana donga Arab, tetiyang kathah kapurih sami ngamini. Ingkang sami ngamini punika, suraosipun: sampun sami ngakeni dhateng Allahu Ta’ala, para Malaekat, para Nabi tuwin para rasul. Dene tetiyang tuwin lare-lare ingkang sampun kapilut manahipun dhateng wewarahipun agami Islam, ing ngriku lajeng kapurih nglampahi sunat rukuning agami saking ingkang gampil-gampil sah bakunipun kemawon rumiyin. Inggih punika sarana ngucapaken kalimah syahadat tuwin kapagas ikutipun ingkang damel mambeging sesuker toya sene.

Tetiyang ingkang sampun ngakeni: boten wonten Pangeran ingkang wajib sinembah kalayan sejatining panembah (panembah ingkang kandhas ing batos) saha ngakeni: bilih Kangjeng Nabi Muhammad s.a.w. punika rasulolah (utusaning Allah) sarana ngucapaken kalimah syahadat = syahadataini = kalimah kalih punika, menggahing kukumipun, inggih sampun tetep tiyang Islam). Makaten ing salajengipun, saben dinten tansah dipun wonteni sedhekah tuwin sesorah. Dumugi tempuking dinten ageng, sadaya para abdi dalem prajurit nyutra tamtama sarageni sapanunggilanipun, sami kadhawuhan baris ing alun-alun sikep kapraboning aprang minangka upacara. Ing alun-alun jinajaran bandera lelayu payung agung sinelingan rontek umbul-umbul minangka pratondha sapangkonpangkoning prajurit dalah manggalanipun.

(54)

palara-lara sami ngampil upacara kapraboning Nata sewaka. Minangka ajat dalem Narendra ing dinten maulid Nabi, saking kadhaton dipun wonteni sedhekah awujud tumpeng ageng-ageng ingkang karembat tetiyang kathah kabekta dhateng masjid ageng. Agenging tumpeng sedhekah wau, sageda ngantos ketingal saking katebiban.

Ngajengaken wanci sholat luhur, Sri Sultan tedhak dbateng masjid miyos ing alun-alun, ginarebeg para biyada ingkang sami ngampil upacara. Dumugi masjid ageng, Sri Sultan angimami sholat 1uhur, para abdidalem methakan sami makmum. Sabakdaning sholat lubur, ajat dalem lajeng kinepang para kawula, ingkang andongani abdi dalem Pengulu ageng. Wekasaning pasamuwan dinten ageng maulid Nabi, dipun kurmati sarana ungeling kalantaka mawantu, binarung tetabuhan slompret tambur gong beri tuwin ungeling gangsa ingkang barung lan dreling sanjatanipun para prajurit sarageni. Sapurnanging drel kalantaka, karameyan bibaran, para mara seba kalilan wangsul sowang-sowang. Karameyan hariyadi ingkang katindakaken dados upacaraning praja makaten wau, tumrap nagari Bintara ingkang dados pepucukipun kerajaan Islam dumunung ing telunging tanah kabudan, badhe mengku prabawa pinten-pinten ingkang ageng sanget manfaatipun.

(55)

ma'ruf, nahi mungkar = Ajak-ajak ing kabecikan, nyegah panggawe luput). Nyupeketaken para abdidalem Bupati pasisiran saandbabanipun. Anggegala para prajurit supados tansah sayaga ing damel prayitna ing kewuh. Wajib ing atasipun praja Islam, kedah suka sedhekah dhateng para kawulanipun. Wajib ing atasipun nagari Islam kedhah mulyakaken dinten ageng agaminipun. Sadaya wau tamtu badhe mahanani kuncaraning praja anggenipun ngayomi para nara praja sakawulanipun.

Wondene sesuluh ingkang katandukaken dhateng para ummat ingkang sampun ngambah tarekating agami, lajenging panggayuh dhateng hakekat ngantos makrifat, panetahipun amung cekap sarana pralambang tuwin pralampita kemawon. Jer prakawis hakekat makrifating agami, pancen boten saged tinedahaken kanthi makna ing sesami. Dumuginipun ngambah hakekat tuwin makrifat, namung kedah saking pambudinipun piyambak sarana pitedah ngambah margi ingkang leres (tarek = tarekat). Para Rusul (utusan) wenangipun namung nedahaken margining pangudi ingkang leres (tarek) saba ngamping-ampingi lampah.

(56)

donga, ambengan tetedhah lajeng kaedum ing akathah. Satirahing katedha ing ngriku, sedhekahan wau sami kabekta mantuk kangge angsal-angsal brayatipun.

Tirahan tetedhan ingkang sami kabekta mantuk punika, saking wewarahipun para mukmin, sami kaanggepa: barkahipun para Nabi Wali, Nanging kelanturing tembung lajeng dados: brekat. Tetiyang kathah ingkang sampun tumelung manahipun dhateng wewarah Islam lajeng sami dipun tuntuni ngucapaken kalimat syahadat = Syahadataini. Inggih makaten punika bebukanipun wonten karameyan syahadataini. Pikajengipun: karameyan ingkang kangge nyahadataken tetiyang kathah. Kalanturipun lajeng dados karameyan

sekaten.

(57)

ugi sinebut: Ngabdur Rachman Sayidin Panatagama, amargi: kajawi jumeneng Nata masesani pusaraning nagari ugi jumeneng Kolifah. Awit saking punika, sanadyan ing Nuswa Jawi samangke ugi sampun kathah kitha-kitha ingkang ageng lan rame, punapa dene dumadosipun karameyan syahadatain sapriki sampun mahatus-atus taun, ewa dene, ingkang wonten karameyan syahadatain punika, meksa namung tetep ing telenging kerajaan Jawi (Surakarta lan Ngayogyakarta). Amargi, kitha utawi nagari ingkang kayumenengan Kolifah, ugi namung ing Surakarta lan Ngayogyakarta.

Hambok bilih menawi dipun andharaken, taksih kathah sanget ingkang perlu dipun uningani. Pramila cekap semanten rumiyin. Sanes wekdal saged kasambet malih. Nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

K. Sumebaring Kalimat Sahadat

Assalamu’alaikum wr. wb.

Katur dhumateng sagunging para sarjana winasis ingkang sampun pana ing piwulanging agami. Ing kalodhangan punika kawula badhe matur bab sumebaring kalimat syahadat ing tanah Jawi.

(58)

awujud gelar utami kemawon. Malah saben-saben meksa taksih katingal tabet-tabetipun nalika gelar ingkang wiwitan. Kadosta: Saben karameyan syahadatain meksa taksih wonten tetiyang ingkang merlokaken kekutug tuwin sesaji sekar ing sacelaking gangsa ageng ingkang kangge ngramekaken syahadatain kados sacaranipun tetiyang agami Dewa utawi Buda. Malah ugi boten kirang-kirang ingkang sami mastani, bilih ingkang nama sekaten punika inggih gangsa ageng laras pelog paraboting karameyan wau. Perlu-perlu ingkang baku wau, saya dangu malah saya kesilep dening gelar. Sagolonganing ummat Islam ingkang mulat ing gati, tur kadhang lajeng sami nindakaken sesorah wewarahing agami, nanging katingalipun malah boten gandheng babar pisan kalayan jejering karameyan praja wau. Kamajenganing kathah dhateng karameyan wau, ingkang dhawah madya lajeng mujudaken pekening padagangan saha kebaring kagunan lan kabudayan warni-warni. Nanging ingkang akathah-kathah malah lajeng wujud tetingalan ingkang cengkah kalayan saraking agami. Kadosta: lotren, ngabotohan, sulapan.

(59)

ingkang lajeng dipun dongani cara Arab. Tembung wajib ingkang pikajengipun: kedah dipun lampahi sarana sedhekah lan zakat wau, kalanturing panulad, wajib dipun wujudi arta kangge ngepahi kaum ingkang andongani.

Pakurmatan ungeling bedhil abebrondongan barung lan ungeling gangsa saha slompret tambur gong beri ingkang bebukanipun kangge ngurmati dinten ageng maulid Nabi nyarengi ngislamaken tetiyang kathah, salajengipun tinulad para kawula dumugi sapriki ugi taksih tumindak. Ing pakampungan tuwin padhusunan, saben wonten tiyang gadhah damel nyupitaken anakipun, ingkang sami kasembadan, adhakanipun ugi mawi karameyan sarana ungeling gangsa saba ambrondong mrecon. Tular-tumularing panulad wau malah lajeng dados tatacara. Perlu-perlu ingkang baku kados isining usulipun Kangjeng Sunan Kalijaga kasebut ngajeng, malah sampun kesilep babar pisan.

Dene ingkang kathah-kathah, pasamuwan wau ugi dipun ramekaken sarana tetingalan wayang purwa. Mekaten kala wau babaran bab sumebaring kalimat syahadat ing salebeting upacara sekatenan. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

L. Wejangan Wirid Hidayat Jati

Assalamu’alaikum wr. wb.

(60)

Serat menika warisanipun para Wali ing Tanah Jawi. Pramila cocok sanget kangge waosan luhur. Ing pangajap sageda mangertosi babagan ngelmu kasampurnan lan sangkan paraning dumadi.

Punika warahing Hidayah Jati, ingkang nedahaken dunungipun pangkating ngelmi makripat, medal saking wirayating wiradat, wewejanganipun para wali ing Tanah Jawa. Sasedanipun Kanjeng Susuhunan ing Ampeldenta, sami karsa ambuka wewiridan ingkang dados wijining wewejanganipun suraosing ngelmi kasampurnan piyambak-piyambak.

(61)

Ingkang kaping kalih : Ing saangkatan malih kala jaman akhiripun nagari ing Demak dumugi ing Pajang, para wali ingkang karsa amejang inggih namung wolu : Kanjeng Susuhunan ing Giri Prapen: wewejanganipun wisikan ananging Dat. Kanjeng Susuhunan ing Darajat: wewejanganipun wedharan wahananging Dat. Kanjeng Susuhunan ing Atasangin: wewejanganipun gelar kahananging Dat. Kanjeng Susuhunan ing Kalijaga: wewejanganipun pambukaning tata malige ing dalem Betalmakmur. Kanjeng Susuhunan ing Tembayat: kalilan dening Kanjeng Susuhunan ing Kalijaga amiridaken wewejanganipun pambukaning tata malige ing Betalmakmur. Kanjeng Susuhunan ing Padusan: wewejanganipun pambukaning tata malige ing dalem Betalmukadas. Kanjeng Susuhunan ing Kudus: wewejanganipun panetep santosaning iman. Kanjeng Susuhunan ing Geseng: wewejanganipun sasahidan.

(62)

Menggah wewejangan ingkang sampun kaimpun dados satunggal wau wiyosing sami, asal saking nenukilan bangsaning kitab tasawup sadaya. Urutipun satunggal-satunggal asasandhan daliling ngelmi minangka pitedahan anggenipun mratelakaken pangandikaning Pangeran Kang Mahasuci dhateng Kanjeng Nabi Musa kalamullah, manawi manungsa punika minangka kanyataning Dat Kang sifat Esa. Makaten wau ingkang kawedharaken dados witing ngelmi makripat, dados wewiridaning para Nata, para wali kala ing kina, lajeng dipun kiyas dhateng para pandhita dados bebukaning wewejanganipun piyambak-piyambak.

Sareng kaimpun dados satunggal saking karsa dalem ingkang Kanjeng Sultan Agung ing Matawis punika mupakatipun suraosing ngelmi makripat ingkang kawejangaken sadaya. Wekasanipun ing ngalami-lami wewejangan wau punika wijang malih kados sanes-sanes suraosing pangawikan, margi saking kathahipun para wicaksana ingkang dados guru sami ambabaraken wewiridanipun piyambak-piyambak. Wonten ingkang miridaken praboting ngelmi makripat kamawon, malah terkadang wonten ingkang amedharaken patrapipun ngelmi telek kaliyan ngelmi patah sapanunggilipun ingkang bangsa ngelmi sesorongan sadaya. Mila samangke dipunparsudi dhateng Kyageng Muhammad Sirullah ing Kedhungkol, inggih punika sakiduling Kedungpanganten, mawi ketengeran ing taun punika : Rongsogoto Wargo Sinuta, salebeting Alip, 1779 kadhawahan ilham linilan dening Pangeran Kang Maha Suci anata urut-urutaning ngelmi makripat, serat andunungaken ing murad maksudipun pisan anurut wewejangan wolung pangkat kakumpulaken dados satunggal, kados ing ngandhap punika.

(63)

ing dalem daliling ngelmi ingkang wiwitan, nukilan saking warahing Kitab Hidayat Haqaiq, amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, makaten jarwanipun : Sejatine ora ana apa-apa: awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji: kang ana dhingin iku ingsun, ora ana Pangeran Nanging Ingsun: sajatine Kang Maha Suci anglimput ing Sipat Ingsun, anartani ing asman-Ingsun amratandhani ing apngal Ingsun.

Wedharan Wahananging Dat. Wejangan punika dipun wastani Wedharan Wahananging Dat, awit dene pamejanganipun amarah urut-urutan dumadining Dat, sipat, wahanipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping kalih, nukilan saking sarahing Kitab Daqaiqul Haq. Amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun : Sajatine ingsung Dat kang Amurba Amisesa kang kawasa anitahaken sawiji-wiji, dadi padha sanalika, sampurna saka ing kodrat-ingsun. Ing kono wus kanyatan pratandhaning apngal-Ingsun kang minangka bebukaning Iradat-Ingsun. Kang dhingin Ingsun anitahaken hayyu aran Sajaratul yakin tumuwuh ing sajroning alam ngadammakdum ajali abadi. Nuli cahya aran Nur Muhammad, nuli kaca aran Mirhatul Haya’i. Nuli nyawa aran roh Ilapi, nuli damar aran Kandhil. Nuli sesotya aran Darah, nuli dhindhing jalal aran Kijab, iku kang minangka warananging Kalarat-Ingsun.

Gelaran Kahaning Dat. Wejangan punika dipun wastani gelaran kahaning Dat, awit dening pamejanganipun ambabar dados kanyataan anasiring dat sipat, inggih punika nalika Pangeran Kang Maha Suci karsa amujudaken sipatipun. Gumelar kahananipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping tiga, nukilan saking Kitab Bayan Humirat mupakat kaliyan Kitab Bayan Alif, Kitab Madinil Asror, Kitab Makdinil Maklum, inggih punika bangsaning kitab tasawuf sadaya.

Sami amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah karaos ing dalem rahsa, makaten jarwanipun: Sajatine manungsa iku rahsaningsun, lan Ingsun iki rahsaning manungsa. Karana Ingsun anitahaken saka anasir patang prakara : 1. Bumi, 2. Geni, 3. Angin, 4. banyu. Iku kang dadi kawujudaning Sipatingsun, ing kono ingsun panjingi mudah limang prakara : 1. Nur, 2. Rahsa, 3. Roh, 4. Napsu, 5. Budi – iya iku minangka warananging wajahingsun Kang Maha Suci.

Referensi

Dokumen terkait

Bapak ibu, saha para rawuh ingkang satuhu dahat sinudarsana.. Saderengipun adicara kawiwitan, keparenga kula ngaturaken menggah rantamaning adicara ingkang badhe

Adhedhasar mapinten-pinten pamanggih kasebut, saged dipunpendhet dudutan bilih pragmatik inggih menika satunggal ngelmu ingkang nyinaoni basa ing wicantenan supados

Geguritan menika mila saged namung dipunmaknani enthung saestu ingkang a-sring gela-gelo; raqing ugi saged dipunmaknani tiyang ingkang bingung Ingkang.. dipun

Tuladha (b) ngemot kolokasi utawi sanding kata khusus inggih menika idiom “ mambu ati ” ingkang tegesipun gadhah raos kaliyan tiyang sanes (lawan jenis). Tembung

Paedah praktis panaliten inggih menika dipunajab kangge nglestantunaken asiling kabudayan Jawi inggih menika ingkang awujud ritual saha dipunajab saged paring informasi

Data ing panaliten inggih menika rerangkening tetembungan ing larik utawi pada wonten ing geguritan salebeting kalawarti Sempulur babaran 2012 ingkang saged dipuntingali

Suluk-suluk abasa Jawi-kina ingkang dipun-ucapakên dêning para dhalang, ingkang sampun nate kula pirêng wontên ing pagêlaran ringgit purwa utawi saking giyaran R.R.I

Menurut Mulyani (2009: 28), terjemahan inggih menikå ngéwahi båså saking basaning teks utawi båså sumber-ipun dhatêng båså sasaran-ipun utawi båså ingkang sampun