BAB III CARA PANALITEN CARA PANALITEN
ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN
A. Asiling Panaliten
2. Purwakanthi Basa utawi Purwakanthi Lumaksita
Purwakanthi basa inggih menika ungel-ungelan utawi jinising purwakanthi ingkang runtut basanipun. Tititkan utawi paugeranipun purwakanthi lumaksita inggih menika tembung pungkasan minangka wiwitan tembung candhakipun. Adhedhasar gegaran teori ingkang sampun kaandharaken ing nginggil, ukara kalebet wonten ing purwakanthi lumaksita menawi runtut basanipun. Asiling panaliten ingkang ngrembak purwakanthi menika ugi manggihakaen purwakanthi basa ingkang kaginakaken ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya.
Gunggung purwakanthi basa utawi purwakanthi lumaksita ingkang
kapanggihaken wonten 7 purwakanthi Wondene rincian purwakanthi basa wonten ing salebeting sekar inggih menika CW (Candra Wilawata) 1 purwakanthi basa, TW (Tri Wikrawa) 1 purwakanthi basa, DT (Dhandhanggula Turulare) 1 purwakanthi basa, KK (Kenya Kediri) 1 purwakanthi basa, SG (Sekar Gadhung) 3 purwakanthi basa.. Wujuding purwakanthi basa utawi lumaksita ingkang kapanggihaken ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya kados andharan ing ngandhap menika.
“Wong urip elinga janji-janjinipun.” (DJ 17) Terjemahan: Tiyang gesang kedah emut janjinipun
Pethikan cakepan ing nginggil kapethik saking cakepan sekar Tri Wikrawa kanthi nomer data jenis purwakanthi 17 utawi /DJ 17/. Miturut gegaran teori
ingkang sampun wonten ingkang kasebut purwakanthi guru basa inggih menika purwakanthi ingkang runtut basanipun. Tegesipun runtut basanipun inggih menika wonten tetembungan ing pungkasan ingkang kaginakaken minangka wiwitan tembung candhakipun. Adhedhasar gegaran teori ingkang sampun kaandharaken, ukara ing nginggil saged kagolongaken ing jinising purwakanthi limaksita. Bab menika adhedhasar runtuting basa ing salebeting cakepan sekar slawatan menika. Ukara wong urip elinga janji-janjinipun kalebet jinising purwakanthi lumaksita. Titikan ukara ing nginggil saged kagolongaken purwakanthi lumaksita amargi runtut basanipun. Runtuting basa ing ukara menika wonten ing tembung janji.
Tembung janji dipunginakaken wonten ing wiwitan tembung candhakipun inggih
menika janjinipun. Adhedhasar paugeran purwakanthi saha bukti ingkang
kapanggihaken satemah ukara ing nginggil saged kagolongaken purwakanthi lumaksita. Purwakanthi lumaksita utawi purwakanthi basa sanesipun ingkang kapanggihaken saged dipuntingali kados andharan ing ngandhap menika.
“Carang wreksa wreksa wilis tanpa patra” (DJ 65) Terjemahan : purwakanthi wujud wangsalan
Ukara ingkang kapethik saking cakepan sekar Sekar Gadhung nomer data jenis purwakanthi utawi /DJ 65/. Miturut gegaran teori ingkang wonten ukara menika saged kagolongaken wonten ing jinising purwakanthi lumaksita utawi purwakanthi basa. Titikan satunggaling ukara saged kagolongaken wonten ing jinising purwakanthi basa menawi ukara kalawau wonten basa ingkang runtut. Runtut tegesipun wonten tembung ingkang kaginakaken ing wiwitan tembung candhakipun. Ukara “Carang wreksa wreksa wilis tanpa patra” ing inggil saged dipunwastani purwakanthi basa amargi wonten pengulangan tetembunganipun.
Pengulangan tembung menika wonten ing tembung wreksa. Tembung wreksa
dipun ginakaken ing tembung candhakipun carang wreksa wreksa wilis. Adhedhasar paugeran purwakanthi saha bukti ingkang kapanggihaken wonten ing ukara menika satemah ukara ing nginggil saged kagolongaken purwakanthi lumaksita utawi purwakanthi guru basa. Purwakanthi guru basa sanesipun ugi saged dipuntingali kados ing ngandhap menika.
“Langak-langak gegandhengan neng suwarga.” (DJ 68) Terjemahan : Tindak dhateng suwarga
Miturut gegaran teori ingkang kasebut purwakanthi guru basa inggih menika ungel-ungelan ingkang runtut basanipun. Runtut basanipun tegesipun inggih menika wonten pengulangan tembung ing salebeting Bab menika saged dipuntingali wonten ing pethikan cakepan sekar Sekar Gadhung kanthi nomer data jenis purwakanthi 68 utawi /DJ 68/ inggih menika “Langak-langak gegandhengan neng suwarga”. Tembung ingkang kacithak kandel ing salebeting ukara menika minangka titikanpun purwakanthi guru basa. Tembung langak
dipunkanthi wonten ing wiwitan tembung candhakipun. Panganggening tembing
langak wonten ing tembung sepisan dipunginakaken wonten ing tembung
candhakipun. Miturut gegaran teori saha bukti ingkang kapanggihaken ing ukara menika satemah ukara menika saged kagolongaken ing jinising purwakanthi lumaksita utawi purwakanthi basa. Purwakanthi lumaksita ingkang kapanggihaken ing salebeting cakepan sekar Laras Madya sanesipun saged dipuntingali ing ngandhap menika.
“Ngrunjing ngejur-ejur jalmi.” (DJ 49) Terjemahan : Polah ngrusak badan
Pethikan cakepan sekar Dhandhanggula Turulare kanthi nomer data jenis purwakanthi 50 utawi /DJ 49/ ing nginggil ugi saged kagolongaken wonten ing jinising purwakanthi lumaksita. Miturut gegaran teori ingkang kagolongaken jinising purwakanthi lumaksita inggih menika ukara ingkang runtut basanipun. Tegesipun purwakanthi lumaksita inggih menika ungel-ungelan ingkang runtut basanipun. Tittkan purwakanthi basa inggih menika runtuting basa ing salebeting ungel-ungelanipun. Adhedhasar andharan teori menika pethikan ukara ing nginggil saged kagolongaken jinising purwakanthi lumaksita. Ukara “ngrunjing ngejur-ejur jalmi” menika gadhah basa ingkang runtut. Runtuting basa saged dipuntingali wonten ing tembung ingkang kacithak kandel ing salebeting ukara. Tembung ejur dipunambali ing tembung candhakipun minangka tandha utawi
titikan purwakanthi basa. Tembung ejur ing ukara menika dipunangge minangka
wiwitan tembung ngajengipun. Miiturut andharan teori saha bukti wonten ing salebeting ukara menika, ukara ing nginggil saged kagolongaken wonten jinising purwakanthi lumaksita. Purwakanthi lumaksita sanesipun ingkang kapanggihaken wonten ing ngandhap menika.
“E…ayun-ayun aja sira neng ndedalan gawe dosa” (DJ 11) Terjemahan : Larangan damel tumindak awon
Pethikan cakepan ing nginggil kapethik sekar Candra Wilawatan kanthi nomer data jenis purwakanthi 39 utawi kaserat /DJ 11/. Adhedhasar gegaran teori ingkang sampun wonten, cakepan ing nginggil saged kagolongaken wonten ing jinising purwakanthi lumaksita. Bab menika adhedhasar gegaran teori bilih purwakanthi lumaksita inggih menika ungel-ungelan ingkang runtut basanipun. Wonten ing salebeting cakepan menika basa ingkang dipunabali inggih menika
tembung ayun. Tembung ayun dipunginakaken wonten ing tembung candhakipun
satemah dados ayun-ayun. Bab menika ingkang dadosaken runtuting basa wonten
ing salebeting cakepanipun. Adhedhasar bukti saha gegaran teori ingkang wonten satemah pethikan cakepan ing nginggil saged kagolongaken wonten ing jinising purwakanthi basa. Purwakanthi basa sanesipun ingkang kapanggihaken kados ing ngandhap menika.
Jati-jatining leladyan (DJ 70) Terjemahan : Sejatinipun tumindak
Miturut gegaran teori ingkang sampun kaandharaken, pethikan cakepan ing nginggil saged kagolongaken wonten ing jinising purwakanthi lumaksita. Bab menika adhedhasar gegaran teori ingkang sampun wonten, bilih ingkang kasebut purwakanthi lumaksita inggih menika ungel-ungelan ingkang runtut basanipun. Cakepan ing nginggil kapethik saking sekar Sekar Gadhung kanthi nomer data jenis purwakanthi 70 utawi kaserat wonten ing tabel /DJ 70/. Wonten ing salebeting cakepan menika basa ingkang runtut inggih menika tembung jati.
Tembung jati dipunginakaken wonten ing tembung candhakipun satemah dados
jati-jating. Bab menika ingkang andhasari cakepan ing nginggil menika runtut
basanipun. Tembung jati-jatining menika mboten saged dipunpisah amargi
menawi dipunpisah ndadosaken teges wonten ing salebeting cakepan menika beda. Adhedhasar gegaran teori saha bukti ingkang kapanggihaken satemah cakepan ing nginggil saged kagolongaken wonten ing jinising purwakanthi lumaksita. Kados mekaten menika menggah purwakanthi ingkang kapanggihaken wonten ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya.