SKRIPSI
Dipunajengaken dhateng Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta
Minangka Jejangkepin Pendadaran AnggayuhGelar
SarjanaPendidikan
dening Sigit Mulyono NIM 10205241022
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA FAKULTAS BAHASA DAN SENI
v
vi
vii
ingkang sampun paring rahmat miwah kanugrahanipun, satemah panyerat saged purna anggenipun ngrantam skripsi kanthi irah-irahanPurwakanthi ing Salebeting Teks Sekar Slawatan Jawi Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa Tengah. Panyerating skripsi menika saged purna ugi boten uwal saking panyengkuyungipun saking mapinten-pinten pihak. Awit saking menika, panaliti ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng pihak-pihak ing ngandhap menika :
1. Bapak Prof. Dr. Zamzani, M. Pd minangka Dekan Fakultas Bahasa dan Seni ingkang sampun kersa paring idin ngrantam skripsi menika.
2. Bapak Dr. Suwardi, M. Hum, minangka pangarsa jurusan Pendidikan Bahasa Jawa ingkang sampun paring idin saha piwulang salami kula nderek maguru.
3. Ibu Sri Harti Widyastuti M. Hum, minangkapembimbing ingkang sampun kersa paring wejangan saha nuntun kanthi sabar.
4. Bapak Prof. Dr. Suwarna, M. Pd minangka Penasehat Akademik ingkang sampun kersa paring piwulang saha wejangan dhateng panyerat.
ix
IRAH-IRAHAN ... i
PASARUJUKAN... ii
PANGESAHAN... iii
WEDHARAN ... iv
SESANTI ... v
PISUNGSUNG ... vi
PRAWACA... vii
WOSING ISI... ix
DAFTARCEKAKAN ... xii
DAFTAR TABEL... xiii
DAFTARLAMPIRAN ... xiv
SARINING PANALITEN ... xv
BAB I PURWAKA... 1
A. Dhasaring Panaliten ... 1
B. Underaning Perkawis ... 5
C. Watesaning Perkawis ... 6
D. Wosing Perkawis ... 6
E. Ancasing Panaliten... 7
F. Paedahing Panaliten ... 7
x
2. Sastra Sekar utawi Puisi Jawa ... 11
3. Slawatan Laras Madya ... 15
4. Purwakanthi ... 16
B. Panaliten ingkang Laras ... 22
C. Nalaring Pikir... 23
BAB III CARA PANALITEN... 24
A. Jinising Panaliten ... 24
B. SubjeksahaObjekPanaliten ... 24
C. Caranipun NgempalakenData... 25
D. Pirantosing Panaliten ... 27
E. Cara NganalisisData ... 27
F. Caranipun NgesahakenData ... 29
BAB IV ASILING PANALITEN saha PIREMBAGANIPUN... 30
A. Asiling Panaliten ... 30
1. Struktur Purwakanthi ingkang Kapanggihaken ing Salebeting Cakepan Sekar Slawatan Laras Madya ... 31
2. Fungsi/Peadah Purwakanthi ingkang Kapanggihaken ing Salebeting Cakepan Sekar Slawatan Laras Madya ... 46
B. Pirembaganipun ... 59
xi
3) Purwakanthi guru sastra ... 80
b. Jinising Purwakanthi Miturut gunggung purwakanthi wonten ing Salebeting Cakepan... 85
1) PurwakanthiTunggal ... 86
2) PurwakanthiGanda Kembar... 91
3) PurwakanthiGanda Campuran ... 95
2. Paedah Purwakanthi wonten ing Salebeting Cakepan Sekar Slawatan Laras Madya ... 98
a. Nggayutaken tetembungan saha Paring NilaiEstetising Salebeting Cakepan Sekar Slawatan Laras Madya ... 99
b. Nggayutaken tetembungan saha Ngiyataken Tembung Satunggal saha sanesipun... 103
c. Nggayutaken tetembungan saha Nengenaken makna wonten ing salebeting cakepan purwakanthi ... 106
BAB V PANUTUP... 110
A. Dudutan... 110
B. Implikasi ... 111
C. Pamrayogi ... 112
xii
3. CW : Candra Wilawata
4. DM : Dhandhanggula Macapat
5. DT : Dhandhanggula Turulare
6. I : Ilir-ilir
7. K : Kusumastuti
8. Ket : Katerangan
9. KK : Kenya Kediri
10. KS : Kinanthi Sandhung
11. M : Macapat
12. MR : Madu Retna
13. MS : Mijil Sulastri
14. P : Pamularsih
15. Pr. Ba : Purwakanthi Basa
16. Pr. Gand. Ke : Purwakanthiganda kembar 17. Pr. Gand. Ca : Purwakanthiganda campuran 18. Pr. Sa : Purwakanthi Sastra
19. Pr. Sw : Purwakanthi Swara 20. Pr. Tg : Purwakanthitunggal
21. R : Raraturidha
22. S : Sinom
23. SG : Sekar Gadhung
24. So : Soyar
25. SW : Sudira Warna
26. T : Talutur
27. TW : Tri Wikrawa
28. US ; Uluk Salam
xiii
Tabel1 :FormatKertuDataJinising Purwakanthi... 26
Tabel2 :FormatKertuData Fungsi/Paedah Purwakanthi ... 26
Tabel3 :FormatKertuAnalisisJinising Purwakanthi... 28
Tabel4 :FormatKertuAnalisis Fungsi/Paedah Purwakanthi... 28
Tabel5 : Jinising Purwakanthi ingkang Kapanggihaken wonten ing Salebeting Cakepan Sekar Slawatan Laras Madya ... 33
Tabel6 : Paedah Purwakanthi ingkang Kapanggihaken wonten ing Salebeting Cakepan Sekar Slawatan Laras Madya ... 47
xiv
xv
NIM 10205241022
SARINING PANALITEN
Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken jinising purwakanthi saha paedah purwakanthi wonten ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya. Panaliten manika kagolongaken wonten ing jinising panaliten kualitatif deskripstif. Subjek wonten ing panaliten menika awujud rekaman sekar slawatan Laras Madya.
Panaliten menika mligi ngrembag babagan jinising purwakanthi saha paedah purwakanthi ingkang kapanggihaken wonten ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya. Cara anggenipun ngempalaken data panaliten inggih kanthi cara ngrekam, nyemak, cathet, saha maos. Data ingkang awujud jinising purwakanthi saha paedah purwakanthi wonten ing salebeting cakepan dipungarap kanthi cara analisis deskriptif, wondene ingkang dados unit analisis maksimal wonten panaliten menika satunggal gatra. Cara ngesahaken data wonten ing salebeting panaliten menika migunakaken validitas semantik saha expert judgment, supados data panaliten menika ajeg, panaliti migunakaken reliabilitas intra rater.
BAB I
PURWAKA
A. Dhasaring Panaliten
Masyarakat jawi minangka salah satunggaling masyarakat ingkang kagungan
kabudayan ingkang adiluhung. Salah satunggaling hasil kabudayan inggih menika
awujud basa. Basa jawa inggih basa ingkang dipunginakaken dening masyarakat
mliginipun masyarakat jawa. Kathahing masyarakat jawa temtu kemawon
ndadosaken wigatipun basa jawa tumprap mayarakat Indonesia.
Katitik saking jinising basa, basa kaperang dados basa endah saha basa
limrah. Basa endah inggih menika basa ingkang kaginakaken ing salebeting sekar,
parikan, purwakanti saha ing karya sastra sanesipun. Ginanipun basa endah
menika kangge nyerat karya sastra. Sinebut basa endah amargi basa menika boten
sedaya tiyang mangertos tegesipun. Katitik saking rakitaning tembung, basa endah
sampun uwal saking wujud asalipun, tegesipun sampun pikantuk ater-ater,
seselan, saha panambang.
Basa limrah inggih menika basa ingkang kaginakaken kangge komunikasi
utawi gineman limrah. Masyarakat jawa menika masyarakat ingkang nginggilaken
tata trapsila lan subasita. Babagan menika saged dipuntingali saking
panganggening basa ingkang alus saha endah minangka piranti komunikasi
dhateng tiyang sanes. Tiyang ingkang langkung anem temtu badhe ngginakaken
basa krama kangge matur dhumateng tiyang sepuh, dene tiyang sepuh
Menawi nembe gineman tiyang anem matur kaliyan tiyang sepuh
ngginakaken basa ngoko temtu kemawon menika kirang tata trapsilanipun. Basa
sanes dados piranti komunikasi ugi saged dados piranti kangge paring pitutur
kanthi awujud basa ingkang endah. Langkung endah satunggaling basa langkung
inggil nilai sastra ingkang kaandhut dening basa ing salebeting kasusastran menika. Endahing basa saged dipuntingali saking asiling kabudayan ingkang
awujud sekar.
Sekar minangka asiling kasusastran ugi dipunangge minangka media dakwah kangge paring wewarah saha seserepan dhumateng para pamirengipun. Wosing
sekar ingkang dipunandhut menika saged dipunbabar wosipun satemah dados
media kangge mulang muruk sae menika babagan agama menapa sanesipun.
Sekar ingkang sae temtu gadhah rakitaning basa ingkang endah.
Asiling kabudayan ingkang awujud sekar menika gadhah nilai sastra utawi estetika ingkang inggil .Nilai sastra ingkang kaandhut dening satunggaling sekar
saged dipuntingali saking endahing basa, pamilihing basa, saha rakitaning basa
ing salebeting sekar, kadosta ngemut purwakanthi, basa susastra, basa rinengga,
nggatosaken guru gatra, guru lagu lan guru wilanganipun. Sansaya endah
rakitaning basa sansaya lebet saha inggil nilai sastra saking satunggaling sekar. Kathahing tiyang jawi menika menawi paring tuladha utawi pitutur menika
ngginakaken media. Salah satunggaling media ingkang kaginakaken inggih
menika sekar slawatan. Bab menika saged dipuntingali wonten ing laladan Desa
Baturono saha sakitaripun ingkang taksih ngrembakakaken budaya slawatan.
slawatan minangka media dakwah amargi ing salebeting sekar slawatan menika
ngandhut pitutur-pitutur luhur. Basanipun ingkang endah ing salebeting sekar
slawatan ugi dados satunggaling hiburan kangge para pamriksa ingkang midhangetaken.
Panaliten menika mendhet bahan kaji utawi bahan panaliten sekar slawatan Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Kelurahan Baturono, Kecamatan
Salam, Kabupaten Magelang. Pamilihing bahan panaliten arupi sekar Slawatan
Laras Madya amargi sekar slawatan Laras Madya ing tlatah Kradena Kalikuning,
Baturono, Salam, Magelang, Jawa Tengah menika taksih asli. Tegesipun asli bilih
sekar slawatan menika boten dipuncampur kalian tembang sanesipun kadosta
campursari utawi sekar sanesipun. Sekar slawatan menika menawi
dipunbandhingaken kaliyan sekar slawatan sanesipun ingkang sami, bedanipun
sekar slawatan Laras Madya menika taksih asli.
Pamilihing sekar slawatan Laras Madya ugi amargi ing salebeting sekar Laras
Madya menika ngemut piwulang agami islam. Babagan agami islam kados rukun
islam saha rukun imam dipunandharaken ing salebeting sekar slawatan Laras
Madya. Rakitaning basa ingkang endah ing salebeting sekar slawatan Laras
Madya menika ingkang anjalari panaliten menika ginakaken bahan sekar slawatan
Laras Madya kangge panaliten jinising purwakanthi.
Basa sinebut endah menawi basa menika sampun uwal saking asalipun.
Endahing basa ugi amargi rakitaning basa-basa susastra ing salebeting sekar
menika. Bab purwakanthi, saloka, wangsalan lan sapanunggalanipun ugi
Panaliten menika ngandharaken jinising purwakanthi ing salebeting sekar
slawatan Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam,
Magelang, Jawa Tengah. Purwakanthi minangka satunggaling unsur ingkang
wigati supados satunggaling kasusastran karaos eca lan sakeca menawi
dipunmidhangetaken. Bab menika saged dipunpersani saking tuladha ing
ngandhap menika :
“Carang wreksa, wreksa gung anjani putra, Ora gampang wong urip neng ngalam donya.”
Tuladha ing nginggil minangka bukti menawi rakitaning tembung estu sanget
wigati. Purwakanthi ing nginggil andadosna cakepan ing nginggil menika menawi
kasekaraken karaos sakeca menawi dipunmidhangetaken. Purwakanthi kaperang
dados tigang warni, inggih menika : purwakanthi basa, purwakanthi sastra, saha
purwakanthi swara.
Saben purwakanthi gadhah titikan ing beda antawis satunggal purwakanthi
saha sanesipun. Purwakanthi guru swara gadhah titikan runtut utawi laras
swantenipun. Purwakanthi guru sastra gadhah titikan runtut ing babagan
sastranipun, wondene purwakanthi basa/lumaksita gadhah titikan runtut
basanipun. Babagan menika ingkang ndadosaken satunggaling kasusastran
mliginipun sekar keraos eca menawi dipunmirengaken.
Wigatinipun panaliten ingkang ngrembak sekar slawatan Laras Madya ing
tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, menika supados para
sutresna persa kados pundi endahing sekar menika menawi dipunpersani saking
sastranipun khususipun babagan purwakanthi. Endahing basa purwakanthi ing
kangge narik kawigaten para mudha supados tansah nguri-uri kabudayan para
sepuh.
Purwakanthi minangka satunggaling bab ingkang sanget wigati saha
andadosna satunggaling karya sastra menika saged ngandhut nilai sastra ingkang
inggil. Bab menika ingkang narik kawigatenipun panaliti satemah panaliti gadhah
krentek badhe ngadani panaliten kanthi irah-irahan Purwakanthi ing Salebeting
Sekar Slawatan Jawi Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono,
Salam, Magelang, Jawa Tengah. Ancasipun panaliten mugi asiling panaliten
menika saged nambahi seserepan ngengingi jinising purwakanthi saha teges
saking tembung-tembung utawi ukara-ukara purwakanthi ingkang karakit ing
salebeting sekar slawatan Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono,
Salam, Magelang, Jawa tengah.
A. Underaning Perkawis
Miturut dhasaring panaliten menika tuwuh mapinten-pinten perkawis ingkang
saged dipunpendhet minangka satunggaling perkawis :
1. Jinising purwakanthi ing salebeting teks sekar slawatan jawi Laras Madya ing
tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa Tengah.
2. Basa susastra ing wonten salebeting teks sekar slawatan jawi Laras Madya
ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa Tengah.
3. Fungsi utawa paedah purwakanthi ing salebeting cakepan sekar slawatan jawi
Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang,
4. Jinising lelewaning basa ing salebeting teks sekar slawatan jawi Laras Madya
ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa Tengah.
5. Nilai moral saha pitutur ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang.
B. Watesaning Perkawis
Miturut underaning perkawis menika, panaliten menika dipunwatesi kados ing
ngandhap menika :
1. Jinising purwakanthi ing salebeting teks sekar slawatan jawi Laras Madyaing
tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa Tengah
ingkang ngginakaken basa jawa.
2. Fungsi utawi paedah purwakanthi ing salebeting cekepan sekar slawatan jawi
Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang,
Jawa Tengah ingkang ngginakaken basa jawa.
C. Wosing Perkawis
Miturut watesaning perkawis menika, wosing perkawis ingkang saged
dipundamel inggih menika kados mekaten :
1. Kados menapa jinising purwakanthi ing salebeting teks sekar slawatan jawi
Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang,
2. Kados menapa fungsi utawi paedah purwakanthi ing salebeting cekepan sekar slawatan jawi Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono,
Salam, Magelang, Jawa Tengah ingkang ngginakaken basa jawa.
D. Ancasing Panaliten
Miturut wosing perkawis menika, minangka ancasipun panaliten menika
inggih menika :
1. Ngandharaken jinising purwakanthi ing salebeting teks sekar slawatan jawi
Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang,
Jawa Tengah ingkang ngginakaken basa jawa.
2. Ngandharaken fungsi utawa paedah purwakanthi ing salebeting cekepan sekar slawatan jawi Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono,
Salam, Magelang, Jawa Tengah ingkang ngginakaken basa jawa.
E. Paedahing Panaliten
Paedah saking panaliten menika saged dipunperang dados paedah teoritis
saha paedah praktis kados andharan ing ngandhap menika :
1. Paedah Teoritis
Asiling panaliten menika kaangkah saged paring kontribusi babagan
kasusastran mliginipun babagan purwakanthi saha suka kawruh kangge
panaliten salajengipun ingkang wonten gayutipun kalian purwakanthi, sarta
2. Paedah Praktis
Asiling panaliten menika ugi kaangkah saged suka paedah praktis, kados
ing ngandhap menika :
a. Kangge panaliti kaangkah saged suka kawruh babagan panaliten sastra saha
minangka referensi wujud purwakanthi ing salebeting sekar.
b. Saged suka kontribusi kangge pendidikan, supados paraga pendidikan ingkang maos saged persa wujud saha paedah purwakanthi wonten ing
salebeting sekar.
c. Kangge para pamaos, kaangkah saged suka waosan babagan pendidikan
mliginipun kasusastran jawa babagan purwakanthi ing salebeting sekar.
F. Pangretosan
Pangretosan dipunginakaken ing panaliten manika saperlu jumbuhaken
pemahaman ing panaliten menika. Dene pangretosan ingkang dipunkajengaken
kados ing ngandhap menika :
1. Purwakanthi inggih menika unen-unen utawi ungel-ungelan ingkang runtut
ing babagan swanten, sastra utawi basanipun.
2. Semantik inggih menika ngelmu ingkang ngrembak utawi menelaah makna saking satunggaling tembung utawi ukara.
3. Sholawat utawa slawatan inggih menika kidung/puji-pujian ingkang anyebut
asmanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
4. Slawatan Laras Madya inggih menika kidungan ingkang karakit saking
BAB II GEGARAN TEORI
A. Andharan Teori
1) Pangretosan Sastra
Tembung sastra dumunung saking basa sansekerta “Shastra” ingkang
dipunserap wonten ing basa jawa dados sastra. Tembung sastra rinakit saking wanda sas saha tra. Wanda sas tegesipun inggih menika intruksi utawi piwulang, wondene tra tegesipun alat utawi piranti. Pangretosan sastra inggih menika piranti
kangge paring piwulangan. Pemanggih menika laras kalian pemanggihipun Teeuw
lumatar Wardani (2009:9) ingkang ngandharaken bilih sastra menika minangka
piranti kangge paring piwulangan. Miturut pemanggihipun Quinn
(Toha-sarumpact 2010:1) wonten ing Endraswara (2012:93) ngandharaken bilih sastra
inggih menika satunggaling seratan, basa, saha cara maos ingkang khas. Sastra
inggih satunggaling anggitan utawi karya ingkang estetis minangka asiling rasa
ingkang kaserat. Endraswara (2012:95) paring definisi bilih hakekat sastra inggih
menika sastra minangka basa, seni, komunikasi, simbol saha seratan utawi teks. Wallek saha warren (1989) lumantar Endraswara (2012:95) ngandharaken
bilih sastra inggih menika sedaya ingkang dipunserat utawi kacethak minangka
asiling imajinatif. Andharan menika ugi dipunsarujuki dening Teeuw (1984) lumantar Endraswara (2012:95) bilih ingkang kawastanan sastra menika seratan/
(2009:12) ingkang ngandharaken bilih karya sastra minangka tiron
gegambaraning pagesangan ingkang ngandharaken wawasan ingkang enggal.
Pemanggih menika ugi gayut saha dipunsarujuki dening John Lye lumatar
Wardani (2009:12) ingkang ngandharaken bilih karya sastra minangka wujud
utawi piranti kangge ngandharaken gegambaraning donya kanthi cara ingkang
beda. Pangretosan sastra ingkang kados mekaten menika ugi dipunsarujuki dening
Damono lumantar Wardani (2009:12) ingkang ngandharaken bilih sastra
minangka asiling tiron pagesangan ingkang nagndharaken kedadosan ing
pagesangan.
Dene pengretosan bab sastra Harry Levin lumantar Wardani (2009:13)
ngandharaken bilih sastra inggih menika asiling ekspresi masyarakat kanthi cara ingkang beda. Asiling karya sastra boten jebles kaliyan kasunyatan, bab menika
amargi ing salebeting karya sastra sampun dipunparingi tambahan gegambaran
ingkang imajinatif. Basa ing salebeting karya sastra menika asipat konotaif,
ambigu, imajinatif.
Miturut jinising sastra, sastra saged kaperang dados kalih warni. Jinising
sastra menika awujud sastra lisan saha sastra serat/tulisan. Bab menika sami
kaliyan pemanggihipun Panuti (2011) kados ingkang kaserat ing nginggil. Sastra
minangka asiling olah rasa, dene wosing sastra minangka asiling gegambaran
pagesangan. Bab menika gayut kaliyan pemanggihipun Plato (2011) bilih sastra
inggih menika asiling tiron utawi gegambaraning kasunyatan. Wosing karya sastra
inggih menika minangka piwulang ingkang dipunpendhet saking gegambaraning
Sastra ingkang awujud seratan inggih menika kados serat Wulang reh, serat
Wulang Putri, Babad, Suluk saha sanesipun. Karya sastra ingkang kaserat
adatipun dipunserat dening para pujangga kraton. Pujangga inggih menika tiyang
ingkang pedamelanipun nganggit satunggaling kasusastran.
Sastra lisan inggih menika sastra ingkang wujudipun gineman. Bab sastra
lisan menika antawis satunggal tiyang utawi pemanggih saha sanesipun
beda-beda. Bab menika amargi sanes papan sanes cariyos ingkang ngrembakakaken
satunggaling sastra lisan. Satra lisan menika tuladhanipun kadosta cariyos Nyai
Roro Kidul, Cariyos redi merapi, saha cariyos petilasan-petilasan.
2) Sastra Sekar utawi Puisi Jawa
a. Pangretosan Sekar
Sekar inggih menika sastra tulis ingkang dipunsekaraken ingkang mawa
pugeran gumathok, Wujuding sekar maneka warna kadosta tembang macapat,
tembang campursari, tembang dolanan saha sanesipun. Endraswara (2010:32)
paring andharan bilih sekar kaperang dados kalih inggih menika tembang miji
saha tembang muyeg. Wataking tembang miji menika lugas tegesipun gumantung
swanten ingkang dipunangge nyekaraken. Tembang ingkang kalebet tembang miji
inggih menika tembang gedhe, tembang tengahan, tembang alit utawa maapatt
saha tembang dolanan.
Tembang muyeg inggih menika tembang ingkang rinakit saking vocal saha
gedhing. Bab menika dipunginakaken kangge paring kaendahan tumprap tembang
tembang muyeg inggih menika bawa swara, jineman, umpak-umpak, senggakan,
gerongan, alon-alon, ada-ada, sulukan, campursari.
Bab menika ugi gayut kaliyan pemanggihipun (Padmoukotjo, 1960:13-14)
wonten ing Endraswara (2010:29) ngandharaken bilih tembang ingkang mawa
paugeran dipunperang dados tiga inggih menika sekar ageng, sekar tengahan saha
sekar alit utawi macapat. Sekar macapat gadhah paugeran ingkang gumathok,
kadosta guru wilangan, guru gatra saha guru lagu.
b. Jinising Sekar/Tembang
1. Sekar Ageng/Tembang Ageng
Sekar ageng inggih menika sekar ingkang kaginakaken minangka bawa.
Sekar ageng inggih menika sekar ingkang ngrembaka wiwit jaman Majapait.
Miturut pemanggihipun Endraswara (2010:4) ngandharaken bilih sekar ageng
inggih menika tembang yasan ingkang mawa paugeran cacahing wanda saben
sagatra sami. Bab menika sami kaliyan pemanggihaipun Subalidinata (1994:25)
ingkang ngandharaken bilih sekar ageng inggih menika sekar ingkang kadadosan
saking sekawan gatra, kanthi gunggung wanda saben sagatra menika sami.
Tembang gedhe minangka tembang ingkang ngrembaka sabibaripun kakawin. Beda antawis kakawin saha tembang gedhe inggih menika ing babagan swanten
panjang saha pendhek. Panganggening tembang ageng minangka sarana bawa
utawi suluk wonten ing salebeting ringgit. Tuladhanipun tembang ageng kadosta
2. Sekar Tengahan
Sekar tengahan ugi kasebut sekar kawi miring utawi kidung jawa. Bab
sesebutanipun kawi miring amargi paugeranipun sampun uwal utawi beda kaliyan
kakawin. Sanes menika ugi amargi cakepan sekar tengahan ingkang karakit
menika rakitanipun dipuncampur antawis basa kawi saha jawa modern. Bab
menika ingkang dadosaken basa ing salebeting sekar jawa tengahan menika
langkung gampil dipunpahami. Paugeran wonten ing salebeting sekar tengahan
menika sampun asli paugeran jawi, beda kaliyan kakawin ingkang ngginakaken paugeran india. Endraswara (2010:7) ngandharaken bilih paugeranipun utawi
titikan sekar tengahan inggih menika :
1. Cacahing gatra saben sapada sami wonten ing satunggal metrum ingkang
sami.
2. Cacahing metrum ing sekar tengahan gunggungipun langkung saking sakawan.
3. Gunggung wanda ing saben gatranipun tertamtu wonten ing gatra tertamtu.
4. Tibaning swara ing pungkasaning gatra ugi tertamtu wonten ing pada
tertamtu.
Bab menika gayut kaliyan pemanggihipun Padmosoekatjo (1953:23-24)
lumatar Endraswara (2010:8) ngandharaken bilih rakitaning tembung wonten ing
salebeting sekar tengahan menapa maapat menika sami, tegesipun gumantung
kaliyan guru lagu, guru wilangan saha guru gatranipun. Wosing sekar kidung
Dene miturut Zoetmulder lumantar Endraswara (2010:8) bilih beda antawis
kidung saha macapat menika wonten ing babagan rakitaning pada saben sapada.
Wonten ing salebeting kidung rakitaning pupuh menika kadang kala
dipunsambung kaliyan pupuh sanesipun. Miturut pemanggihipun Subalidinata
(1994:29) dipunandharaken bilih sekar tengahan menika sekar ingkang mboten
lumebet wonten ewoning sekar ageng saha sekar macapat, Wondene miturut
pemanggihipun Endraswara (2010:8) ngandharaken bilih kakawin saha kidung
menika beda, dene menawi kidung saha macapat menika sami.
Padmosoekotjo (1953:22) lumantar Endraswara (2010:8) paring andharan
sekar ingkang kalebet sekar tengahan saha ingkang kalebet sekar macapat. Sekar
ingkang kalebet sekar tengahan utawi kidung wonten gangsal inggih menika
gambuh, megatruh, balabak, wirangrong, jurudemung. Dene ingkang kalebet
wonting ing sekar macapat gunggungipun wonten 9 inggih menika kinanthi,
pucung, mijil, asmaradana, maskumambang, pangkur, sinom, Dhandhanggula
saha sinom. Ing jaman menika kidung dipunkrebakakaken kanthi cara macapatan.
3. Sekar Macapat
Macapat inggih menika satunggaling dhapukan sekar jawa modern, minangka
perkembangan saking sekar tengahan. Saputra (2001) lumantar Mulyani
(2011:70) ngandharaken bilih tembung macapat dumunung utawi rinakit saking
tembung maca dan papat-papat. Tegesipun cara maosipun menika sekawan
pemanggihipun Padmopuspito(1985:13) lumatar Endraswara (2010:9)
ngandharaken bilih tembung macapat rinakit saking tembung maca papat-papat.
Basa ingkang kaginakaken ing salebeting sekar macapat sampun ginakaken
basa jawa modern. Bab menika andadosaken gampilipun anggenipun mahami
wosing sekar menika. Sekar macapat ugi gadhah watak ing saben sekaripun,
tegesipun saben sekar menika gadhah watak ingkang beda antawis sekar satunggal
saha sanesipun. Gayut kaliyan gunggung macapat lumantar Endraswara (2010:11)
Benard arps (1992:58-59) paring andharan babagan gunggungipun sekar macapat,
bilih macapat menika gunggungipun wonten 9 tembang.
3) Slawatan Laras Madya
Tembung slawatan dumunung saking basa arab inggih menika tembung
sholawat. Sholawat inggih menika satunggaling puji-pujian utawi kidungan
kangge memuji asmanipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Slawatab Laras
Madya inggih menika kidungan kangge ngandharaken satunggaling pitutur islam
utawi memuji asmanipun Kanjeng Nabi Muhammad. Wujuding tembang Laras
Madya inggih menika minangka rakitaning sekat ageng, sekar tengahan sekar
macapat saha sholawat Nabi Muhammad. Endraswara (2010:7) kidung inggih
menika satunggaling sekar ingkang karakit saking tembung kawi saha tembung
Sekar ageng asring dipunginakaken minangka bawa. Endraswara (2010:4)
ngandharaken bilih tembang gedhe inggih menika yasan ingkang mawa paugeran,
cacahing wanda ing saben gatranipun sami saha gadha guna minangka bawa
sekar. Dene sekar tengahan saha sekar macapat kagungan paugeran gumathok
inggih menika guru lagu, guru wilangan saha guru gatra.
Slawatan Laras Madya minangka kidung utawi puji-pujian kangge muji
pengeran saha media paring piwulangan bab agami. Bab menika Endraswara
(2010:9) tembung macapat dumunung saking wanda ma (tumuju) saha capat utawi capet (gaib). Endraswara (1997:19) ngandharaken bilih sekar macapat
awujud puji-pujian kangge muji asmanipun pangeran.. Saben sekar macapat
kagungan watak ingkang beda antawis satunggal sekar saha sanesipun.
Slawatan Laras Madya dumunung wonten ing tlatah Kradenan Kalikuning,
Kelurahan Baturono, Kecamatan Salam, Kabupaten Magelang. Gunggung
paraganipun inggih menika kirang langkung wonten 20 tiyang. Wosing sekar
Laras Madya ngrembak bab agami islam saha pitutur luhur. Piranti ingkang
kaginakaken ing salebeting slawatan jawa Laras Madya inggih menika kendhang,
ging, kencli, bedhuk saha kempling.
4) Purwakanthi
a. Pangretosan Purwakanthi
Tembung purwakanthi rinakit saking tembung purwa saha kanthi. Tembung
purwa tegesipun wiwitan utawi ngajeng, dene tembung kanthi tegesipun kanca,
tembung kang wis kasebut ing wiwitan. Bab pangretosanipun purwakanthi
Padmasukotjo ngandharaken bilih tegese perangan kang nggandheng kang wis
kasebut ing wiwitan utawa purwa utawa ing perangan ngarep. Wondene kang
digandheng inggih menika swarane, aksarane uga bisa tembunge. (Padmasukotjo,
1958:18). Bab menika gayut kaliyan pemanggihipun Endraswara (2010:57)
ngandharaken bilih purwakanthi artinya persamaan bunyi pada bait tembang. Tegesipun purwakanthi Hadiwidjana (1967:64) ngandharaken bilih Rengga-sastra
bangsaning gurit dijenengake purwakanthi
Bab menika ugi gayut kaliyan pemanggihpun Subalidinata (1974:6) ingkang
dipunandharaken bilih purwakanthi ugi dipunsebut “sajak” inggih menika
runtutaning swara utawi dipunsebut dhong dhing swara. Purwakanthi minangka
ubarampening puisi ingkang kagolongaken basa rinengga wonten ing salebeting
puisi/sekar. Saking andharanipun menika bilih gaya bahasa pengulangan inggih menika gaya bahasa ingkang ngambali swanten, wanda, saha tembung minangka
peranganipun ukara kangge paring penegasan maksud.
Purwakanthi utawi aliterasi unen-unen ingkang runtut swantenipun, basanipun saha sastranipun. Purwakanthi kaperang dados tiga inggih menika
purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra lan purwakanthi lumaksita.
Purwakanthi ingkang runtut swantenipun kasebut purwakanthi guru swara.
Purwakanthi ingkang runtut sastranipun kasebut purwakanthi guru sastra, dene
Purwakanthi basa/lumaksita inggih menika ukara ingkang kadhapuk saking kalih
gatra. Titikannipun purwakanthi basa pungkasané gatra kapisan, minangka
Purwakanthi saged dipunpanggihaken wonten ing sekar utawa tembang,
geguritan. Wujuding tembung ingkang mawa purwakanthi saged awujud basa
ingkang lumrah, basa ingkang mawa saloka, paribasan, pepindhan lan uga bisa
awujud tembang.
Tuladhanipun purwakanthi
1. Ana catur mungkur.
2. Anak polah bapa kepradhah
3. Yitna yuwana, lena kena
b. Jinising Purwakanthi
a) Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru swara utawi dipunsebut asonansi inggih menika
purwakanthi/ungel-ungelan ingkang mawa titikan runtut sastranipun (vokal). Tegesipun tibaning swara a, i, u, e, o ing pungkasaning tembung pisanan lan
sabanjure sami. Miturut pemanggihipun Padmosoekotjo (1960:118)
dipunandharaken bilih purwakanthi guru swara inggih menika purwakanthi
ingkang awewaton utawi mawa paugeran swara, sebab ingkang dipungandheng
inggih swantenipun. Bab menika ugi gayut kaliyan pemanggihipun Hadisoebroto ingkang ngandharaken bilih ingkang kasebut purwakanthi guru swara inggih
menika tetembungan ingkang runtut swaranipun. Salah satunggalipun
panganggene purwakanthi inggih menika wonten lelagon. Hadiwidjana (1967:64)
ngandharaken bilih purwakanthi swara iya iku unen-unen kang pungkasaning
Titikan sanesipun purwakanthi guru swara inggih menika bilih pengulangan bunyi ing tembung utawa ukaranipun menika sami antawi dhong-dhingipun. Dene
pemanggihipun Suksmono wonten buku ringkesan kasusastran jawa
ngandharaken Purwakanthi swara iya iku rujuking swara ana ing pungkasan.
Tuladhanipun purwakanthi guru swara kados ing ngandhap menika :
1. Gemi setiti ngati ati
2. Ana awan ana pangan
3. Desa mawa cara Negara mawa tata
b) Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru sastra utawi dipunsebut aliterasi inggih menika purwakanthi ingkang mligi wewatonan sastra. Tegesipun sastra ingkang sampun
kasebut ing wiwitan, dipunsebutaken utawi dipunkanti wonten ing perangan
wingking utawa ukara ing buri. Perangan ukara ing wingking utawa buri wonten
ingkang nunggal sastra utawi nunggal aksara kaliyan perangan wonten ngajeng.
Tegesipun Saben tembung mawa konsonan ingkang sami. Bab menika ugi gayut
saha trep kaliyan pemanggihipun Padmosoekotjo (2012:105) ingkang
dipunandharaken mekaten purwakanthi guru sastra inggih menika ingkang
rakitaning ukara nunggal sastra utawi nunggal aksara. Miturut pemanggihipun
Hadiwidjana (1967:64) purwakanthi sastra inggih menika runtutaning aksara
sami. Endraswara (2010:60) bilih purwakanthi guru sastra menika rakitaning gatra
Bab menika gayut kaliyan pemanggihipun Suksmono wonten ing buku
ringkesan kasusastran jawa bilih purwakanthi sastra iya iku rujuking swara kang
ora ana ing pungkasan,(mung tumprap ing aksaraning tembung-tembunge wae)
Titikan purwakanthi guru sastra sanesipun inggih menika bilih purwakanthi guru
sastra pengulangan vocal ing saben tembungipun gantos utawi berubah. Bab menika Subalidinata (1974:6) ngandharaken bilih purwakanthi guru sastra menika
mawa paugeran runtut sastranipun. Purwakanthi guru sastra saged
dipuntandhinganken utawi sami kaliyan aliterasi amargi pengulangan konsonan ing saben satunggal gatra kanthi cara berulang utawi berseling. Tuladhanipun
purwakanthi guru sastra inggih kados ing ngandhap menika :
1. Tata titi tatas titis.
2. Kala kula kelas kalih kula kulak kalo.
3. Cecer cicir cewet.
c) Purwakanthi basa / lumaksita
Purwakanthi guru basa utawi purwakanthi lumaksita inggih menika
purwakanthi utawi ungel-ungelan ingkang runtut basanipun. Tembung lumaksita
tegesipun lumaku. Purwakanthi lumaksita menika sipatipun boten reduplikasi
makna kemawon ananging ngandharaken maknanipun supados langkung estetis.
Tegesipun gatra ingkang sapisanan minangka wiwitanipun gatra ingkang kaping
kalih. Purwakanthi lumaksita ugi dipunsebut reduplikasi anadiplosis. Hadiwidjana (1967:64) ngandharaken bilih purwakanthi basa iya iku runtutaning
Gayut kaliyan bab menika Hadisoebroto wonten ing Sari Kasusastran Jawa ngandharaken bilih tembung wonten ing salebeting purwakanthi lumaksita utawi
purwakanthi guru basa dipunambali utawa dibolan-baleni supados nelakaken
gandem tegesipun saha kaginakaken supados langkung estetisipun ukara menika.
Endraswara (2010:58) ngandharaken bilih purwakanthi lumaksita/basa inggih
menika persamaan bunyi ing pungkasaning gatra ingkang katerasaken ing gatra candhakipun. Purwakanthi basa utawi lumaksita menika kathah dipunpanggihaken
wonten ing salebeting wangsalan saha tembang. Tembang ingkang mawa
purwakanthi lumaksita menika kejawi eco dipunpirengaken ugi gampil
dipunapalaken. Bab pengulangan tembung menika saged dipunpirsani saking tuladha purwakanthi basa wonten ing ngandhap menika :
1. Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgondani
2. Bayem arda, ardane ngrasuk busana
3. Kolik priya, priyagung anjani putra
d) Paedah purwakanthi
Purwakanthi ing salebeting ukara gadhah gina ingkang ageng sanget.
Purwakanthi saged dumunung wonten ing salebeting sekar utawi tembang,
wangsalan, pepindhan saha parikan. Gayut bab menika Padmosoekotjo
(1960:119) ngandharaken bilih kabeh wong, malah kabeh bangsa, umume seneng marang unen-unen kang dhapukane ganggo “purwakanthi”. Panganggening purwakanthi saged wonten ing gancaran, ing tembang, ing gineman padintenan
ngandharaken bilih salah satunggalipun ubarampenipun sekar utawi puisi inggih
menika purwakanthi. Hadisoebroto wonten ing Sari Kausastran Jawa paring
andharan bilih panganggening purwakanthi minangka ukuran edi-penining basa.
Purwakanthi gadhah fungsi kados ing ngandhap menika :
1. Andadosaken swanten sekareco dipunpirengaken.
2. Minangka unsur estetis ing salebeting kasusastran. 3. Nggampilaken menawi badhe nglafalaken sajak
4. Minangka unsur ingkang mbangun sajak.
5. Nggayutaken tembung satunggal saha sanesipun supados trep.
6. Paring andharan/penengasan babagan pamanggih ing salebeting ukara.
5) Panaliten ingkang Laras
Panaliten ingkang laras kaliyan panaliten menika, inggih menika panaliten
ingkang dipunlampai dening Sapdo Haris Wiryanto rikala taun 2013 saking
Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah Fakultas Bahasa dan Seni, kanthi irah-irahan
Purwakanthi saha Parikan winten ing Cakepan Campursari Album “Pendopo
Campursari 2 Kabupaten Karanganyar”panaliten menika awujud skripsi.Dene
ingkang dados objek panalitenipun inggih menika ngrembag babagan jinisING purwakanthi saha parikan wonten salebeting Album “Pendopo Campursari 2
Kabupaten Karanganyar.
Panaliten menika laras kaliyan panaliten kasebat, amargi sami-sami garap
menika, inggih menika subjek panalitenipun. Dene ingkang dados subjek
panaliten menika sekar slawatan Laras Madya
6) Nalaring Pikir
Sekar minangka satuggaling asiling para leluhur ingkang taksih
dipunlestantunaken. Basanipun endah saha rinengga minangka titikanipun
kasusastran ingkang adi luhung. Wosing sekar kedah dipunbababar satemah persa
menapa wosing sekar menika. Kados pundi endahing sekar kedah dipunbabar
satemah dadosaken satunggiling panaliten ingkang mupangati dhateng tiyang
sanes. Bab purwakanthi raket sanget kaliyan kasusastran. Kejawi menika ing
panaliten menika, panaliti badhe babar kados pundi jinising purwakanthi ing
salebeting reroncening sekar-sekar wonten slawatan Laras Madya ing tlatah
Kradenan kalikuning.
Miturut para ahli jinising purwakanthi kaperang dados tiga inggih menika
purwakanthi basa, purwakanthi sastra saha purwakanthi lumaksita. Ancasing
panaliten menika sapurnanipun dipunbabar para pamaos sekar Laras Madya
menika saged persa kados pundi endahing sekar menika. Ugi ing panaliten menika
negesi tembung-tembung ingkang nyuraosi purwakanthi ing sekar slawatan Laras
BAB III CARA PANALITEN
A. Jinising Panaliten
Panaliten kanthi irah-irahan Purwakanthi Ing Salebeting Teks Sekar Slawatan Jawi Laras Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam,
Magesahag, Jawa Tengah menika ngginakaken metode panaliten deskriptif kualitatif. Panaliten deskriptif kualitatif inggih satunggaling panaliten ingkang ngandharaken utawi ngrembak satunggaling babagan kangge nyamektaaken
gegambaran saking satunggaling perkawis ingkang dipunkaji, kadosta nilai budaya, karya seni saha sapanunggalaniipun.
Wujud asiling panaliten saking metode panaliten kualitatif deskripstif inggih menika awujud gegambaran utawi deskripsi saking data ingkang dipunkaji.
Panaliten menika ngemot satunggaling data utawi pethikan-pethikan data kangge nyamektakaken data kangge laporan. Dene panaliten menika kangge mangsuli pitakonan kados pundi saha kados menapa.
B. Subjek saha Objek Panaliten
Subjek panaliten inggih menika bab ingkang dipunkaji utawi bahan kajian
wonten ing satunggaling panaliten. Dene wonten ing panaliten menika ingkang
dados subjek utawi bahan kajian inggih menika cakepan sekar slawatan Laras
Madya. Data utawi bahan kajian wonten ing panaliten menika awujud rekaman sekar slawatan jawi Laras Madya ingkang awujud MP3.Dokumentasi wonten ing
kualitatif diskriptif tegesipun panaliten menika njabaraken babagan cakepan sekar slawatan Laras Madya ingkang mapan ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono,
Salam, Magesahag, Jawa Tengah gayut kaliyan babagan purwakanthi wonten ing salebeting sekar slawatan Laras Madya utawi tembang menika.
Dene ingkang dados objek panaliten inggih menika jinising purwakanthi wonten ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya saha fungsi utawi paedah purwakanthi wonten ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya.
Awit saking menika ing samangke dipunpanggihaken tembung-tembung utawi
gatra ingkang ngewrat purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra saha
purwakanthi lumaksita ingkang badhe dipundadosaken data panaliten.
C. Caranipun Ngempalaken Data
Cara ngempalaken data wonten ing salebeting panaliten menika kanthi cara nyemak asiling rekaman sekar slawatan Laras Madya saha dipunserat ingkang
kaanggep wigati minangka data. Data ing panaliten menika awujud tembung-tembung utawa gatra ingkang awujud purwakanthi. Urut-urutanipun ngempalaken
data panaliten inggih menika, kawiwitan kanthi ngrekam sekar slawatan Laras
Madya dene kalajengaken dipunsemak saha dipunserat data ingkang kaanggep wigati. Caranipun maos dipunlapahi kanthi premati saha ngati-ati. Cara menika
dipuntindakaken kangge ngupadi data ingkang wigatos minangka data panaliten. Data ingkang dipunpanggihaken dipunidentifikasi lajeng dipunserat wonten ing kartu data. Data ingkang sampun kaserat dipuninterpretasi. Kangge
wongsal-wangsul supados pikantuk data panaliten ingkang trep saha leres. Data ingkang sampun kaserat lajeng dipunanalisis wonten ing tabel analisis. Data wonten ing
panaliten menika kaperang dados data primer saha data sekunder. Data primer wonten ing panaliten menika awujud rekaman slawatan Laras Madya ingkang
awujud MP3, dene minangka data sekunder inggih menika buku slawatan Laras Madya. Panganggening data primer saha data sekunder dipunbetahaken kangge njangkepi saha njumbuhaken antawis asiling rekaman saha buku slawatan Laras
Madya. Ing ngandhap menika wujud format kertu datanipun : Tabel I : Format Kertu Data Jinising Purwakanthi :
Data Kembang menur tinandur tepining sumur
Nomor Data DJ 70
Jinis Purwakanthi Purwakanthi swara
Sekar menur ingkang dipuntanem wonten tepining sumur
Aksara /ur/ wonten ing tembung menur, tinandur, sumur menika runtut
swaranipun.
Tabel II : Format Kertu Data Fungsi / Paedah Purwakanthi :
Data Kembang menur tinandur tepining sumur
Nomor Data DP 70
Jinis Purwakanthi Purwakanthi swara
Fungsi/Paedah
Aksara /ur/ kangge nggayutake tetembungan saha
adamel runtuting swara satemah dados endah saha
D. Pirantosing Panaliten
Pirantos wonten panaliten menika awujud kertu data. Kertu data kaginakaken
supados nggampilaken panaliti kangge ngempalaken data panaliten. Panaliten menika ugi mbetahaken piranti sanes kangge biyantu anggenipun ngempalaken
data, piranti menika awujud handicam/piranti rekam, camera saha laptop kangge
ngrekam swantenipun. Software K-lite codec saha jet audio kaginakaken minangka pirantos panyengkuyung kangge nyemak asiling rekaman cakepan
sekar slawatan Laras Madya.
E. Caranipun Nganalisis Data
Analisis unit maksimal wonten ing panaliten menika winates wonten ing satunggal gatra. Wonten ing salebeting panaliten menika panaliti ngginakaken
metode analisis deskripsi. Analisis deskripsi inggih menika metode analisis ingkang ancasipun kangge njabaraken utawi ngandharaken asiling data panaliten.
Asiling data panaliten badhe kapiarso kanthi awujud tabel, awujud asil klasifikasi data kanthi cara kategorisasi. Cara analisis data wonten ing panaliten menika inggih kados mekaten:
1) Data-data ingkang sampun dipunpanggihaken awujud tembung saha gatra
ingkang wonten purwakanthinipun lajeng dipunpantha utawi
dipunklasifikasi miturut utawi jumbuh kaliyan jinising purwakanthi saha paedah purwakanthi adhedhasar gegaran teori.
2) Data-data ingkang sampun dipunpantha utawi dipunklasifikasi
salajengipun dipunandharaken jumbuh kaliyan interpretasi saha kawruhipun bab jinising purwakanthi saha fungsi/paedah purwakanthi.
3) Anggenipun ngandharaken dipuntindakaken tumrap sedaya peranganipun jinis-jinis purwakanthi. Salajengipun nyawisaken dudutan dhedhasar
andharanipun kalawau, jumbuh kaliyan jinising purwakanthi saha
ginanipun purwakanthi wonten ing cakepan sekar slawatan Laras Madya
menika.
Tabel III : Format Kertu Analisis Jinising Purwakanthi
No
Purwakanthi Penandha saha Katerangan
Ket
Pr. Swara : Sira, Waspadakna
Asonansi /a/ utawi wanda /a/
ing saben tembung menika
runtut swantenipun.
Data
77
Katerangan : Pr. Sw. Purwakanthi guru swara, Pr. Sa : Purwakanthi guru sastra, Pr. Ba : Purwakanthi guru basa
Tabel IV : Format Kertu AnalisisFungsi/Paedah Purwakanthi.
No
Akasara /a/ ing cakepan menika
dipunginakaken kangge damel suwanten eco
menawi dipunsekaraken.
Data
77
F. Caranipun Ngesahaken Data
Panaliten menika anggenipun ngabsahaken data ginakaken validitas semantic
saha reliabilitas inter-later. Keabsahan data dipuncakaken panaliti kanthi ancas supados saged manggihaken data panaliten ingkang valid, panaliten menika
migunakaken cara kados mekaten:
a) Validitas Semantis saha Expert Judgement
Validitas data ingkang dipuncakaken wonten ing salebetipun panaliten
menika migunakaken cara validitas semantis, amargi data-data ingkang awujud purwakanthi dipuntegesi dhedhasar konteks ukaranipun. Miturut pemanggihipun
Endraswara (2003:164) dipunandharaken bilih validitas semantic inggih menika mengukur tungkat kesensitifan makna simbolik yang bergayut dengan makna. Cara kangge nggayuh kevalidan asiling panaliten inggih menika kanthi cara maos
wongsal-wangsul, nliti, saha nganalisis kanthi tliti, tlatos, sarta premati
adhedhasar gegaran teori ingkang sampun wonten. Dene validitas expert
judgement dipunlampahi kanthi cara panaliti konsultasi magepokakan kaliyan asiling panaliten menika dhateng para ahli utawi dosen pembimbing.
b) Reliabilitas Intra-rater
Supados data saking asiling panaliten menika ajeg, panaliti migunakaken
reliabilitas intra-rater. Reliabilitas intra-rater wonten panaliten menika inggih panaliti ngambali maos kanthi tliti saha premati kanthi adhedhasar kaprigelanipun
panaliti piyambak anggenipun nyerat saha nganalisis supados manggihaken data
BAB IV
ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN
A. Asiling Panaliten
Panaliten kanthi irah-irahan Purwakanthi ing Salebeting Teks Sekar Laras
Madya ing tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa Tengah menika ngrembak babagan purwakanthi ing salebeting cakepan sekar
slawatan Laras Madya. Slawatan Laras Madya menika mapan wonten ing tlatah
Dusun Kradenan Kalikuning, Kelurahan Baturono, Kecamatan Salam, Kabupaten
Magelang, Provinsi Jawa Tengah. Sekar slawatan Laras Madya menika karakit
saking 17 bawa sekar minangka pakem kangge nyekaraken sekar candhakipun
.inggih menika Dhandhanggula Macapat, Candra Wilawata, Tri Wikrawa,
Kusumastuti, Citra Mengeng, Kinanthi Sandhung, Dhandhanggula Turulare,
Pamularsih, Kenya Kediri, Sekar Gadhung, Madu Retna, Asmaradana
Semarangan, Wirangrong, Macapat, Talutur, Raraturidha, Sudirawarna. Sekar
Mijil Sulastri, Sinom, Ilir-ilir minangka isen, kejawi sekar Uluk salam saha Soyar.
Panaliten menika minangka panaliten kualitatif deskriptif tegesipun njabaran
asiling panaliten miturut gegaran teori ingkang sampun wonten. Asiling panaliten
menika dipunsamektakaken wonten ing tabel saha dipunandharaken wonten ing
pirembagan. Panaliten menika manggihaken data babagan jinising purwakanthi ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya saha paedah purwakanthi ing
salebeting sekar slawatan Laras Madya. Asiling panaliten menika saged
1. Struktur purwakanthi ingkang kapanggihaken ing salebeting cakepan
sekar slawatan Laras Madya.
Adhedhasar gegaran teori ingkang wonten panaliten menika manggihaken
struktur purwakanthi ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya. Asiling
panaliten dipunandharaken lumantar tabel asiling panaliten jinising purwakanthi. Nomer wonten ing tabel menika dipunangge minangka nomer urut cakepan utawi
datanipun. Irah-irahan wonten ing tabel dipunsingkat supados langkung ringkes,
wondene cekakanipun saking aksara menika kados mekaten : US (Uluk Salam),
DM (Dhandhanggula Macapat), CW (Candra Wilawata), TW (Tri Wikrawa), K
(Kusumastuti), CM (Citra Mengeng), KS (Kinanthi Sandhung), DT
(Dhandhanggula Turulare), I (Ilir-ilir), P (Pamularsih), KK (Kenya Kediri), S
(Sinom), SG (Sekar Gadhung), MR (Madu Retna), MS (Mijil Sulastri), AS
(Asmaradana Semarangan), W (Wirangrong), M (Macapat). T (Talutur), R
(Raraturidha), SW (Sudira Warna), So (Soyar). Cakepan inggih menika pethikan
cakepan utawi gatra wonten ing salebeting sekar ingkang mawa purwakanthi
wonten ing salebetipun cakepan menika.
Asiling paniliten babagan jinising purwakanthi menika dipunpantha miturut
jinisipun. Asiling panaliten babagan jinising purwakanthi ingkang sepisan
dipunpantha miturut andharan teori inggih menika purwakanthi guru swara, guru
sastra saha purwakanthi lumaksita. Purwakanthi guru swara (Pr.Sw) inggih
menika unen-unen utawi purwakanthi ingkang runtut swaranipun. Purwakanthi
basa (Pr.Ba) inggih menika ungel-ungelan utawi purwakanthi ingkang runtut
purwakanthi ingkang runtut sastranipun. Kaping kalih asiling panaliten babagan
jinising purwakanthi dipunpantha miturut gunggungipun purwakanthi ingkang
wonten ing salebeting cakepan ingkang mawa purwakanthi. Wondene ingkang
dados analisis unit maksimal wonten ing jinising purwakanthi miturut gunggung
inggih menika satunggal gatra. Bab menika tegesipun cara anggenipun
nggunggung purwakanthi adhedhasar purwakanthi ingkang kapanggihaken
wonten ing satunggal gatra minangka data panaliten. Jinising purwakanthi miturut
gunggung purwakanthi dipunpantha dados kalih inggih menika purwakanthi
tunggal (Pr.Tg), purwakanthi ganda (Pr.Gand). Wondene purwakanthi ganda
(Pr.Gand) dipunpantha malih dados purwakanthi ganda kembar (Pr.Gand.Ke) saha purwakanthi ganda campuran (Pr.Gand.Ca). Purwakanthi tunggal inggih menika jinising purwakanthi ingkang karakit saking satunggal jinising
purwakanthi wonten ing satunggal gatra. Purwakanthi ganda inggih menika jinising purwakanthi ingkang karakit saking kalih jinising purwakanthi wonten
ing cakepanipun. Purwakanthi ganda kembar inggih menika jinising purwakanthi ingkang karakit saking kalih jinising purwakanthi ingkang sami wonten ing
satunggal gatra. Wondene purwakanthi ganda campuran inggih menika jinising
purwakanthi ingkang karakit saking kalih purwakanthi ingkang beda jinisipun
wonten ing satunggal gatra. Penandha purwakanthi dipunangge supados gampil
anggenipun nitiki utawi mantha kalebet purwakanthi jinis menapa ingkang
wonten ing salebeting cakepan menika. Katerangan (Ket.) wonten ing salebeting
tabel dipunginakaken kangge paring katerangan babagan nomer urut data
tembung Data Jenis Andharan asiling panaliten babagan jinising purwakanthi jangkepipun kados andharan wonten ing tabel ngandhap menika.
Tabel lajengipun
Katerangan cekakan wonten ing tabel : DJ (Data Jenis)
Pr.Ba (Purwakanthi Basa) Pr.Tg (Purwakanthi Tunggal)
Pr.Sa (Purwakanthi Sastra) Pr.Gand.Ke (Purwakanthi Ganda Kembar) Pr.Sw (Purwakanthi Swara) Pr.Gand.Ca(Purwakanthi Ganda Campuran)
AS (Asmaradana Semarangan) CM (Citra Mengeng)
CW (Candra Wilawata) DM (Dhandhanggula Macapat)
DT (Dhandhanggula Turulare) K (Kusumastuti)
KK (Kenya Kediri) KS (Kinanthi Sandhung)
I (Ilir-ilir) M (Macapat)
P (Pamularsih) R (Raraturidha)
S (Sinom) So (Soyar).
SG (Sekar Gadhung) SW (Sudira Warna)
T (Talutur) TW (Tri Wikrawa)
US (Uluk Salam) W (Wirangrong)
2. Fungsi utawi paedah purwakanthi ingkang kapanggihaken ing
salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya.
Miturut watesaning perkawis ingkang kapung kalih inggih menika fungsi utawi paedah purwakanthi ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras Madya ing
tlatah Kradenan Kalikuning, Baturono, Salam, Magelang, Jawa Tengah.
Adhedhasar gegaran teori ingkang sampun wonten dipunpanggihaken fungsi utawi paedah purwakanthi wonten ing salebeting cakepan sekar slawatan Laras
Madya. Paedah purwakanthi menika dipunginakaken kangge nggayutaken
tetembungan saha paring nilai estetis, nggayutaken tetembungan saha ngiyataken
tembung satunggal saha sanesipun, saha nggayutaken tetembungan saha
nengenaken maknaning ukara ingkang mawa purwakanthi. Wondene andharan
katerangan wonten ing tabel kados mekaten, nomor dipunginakaken minangka
nomer urut data panaliten ingkang dipunpanggihaken. Irah-irahan wonten ing tabel menika ginakaken cekakan utawi singkatan wondene cekakan menika saking
tembung-tembung mekaten : US (Uluk Salam), DM (Dhandhanggula Macapat),
CW (Candra Wilawata), TW (Tri Wikrawa), K (Kusumastuti), CM (Citra
Mengeng), KS (Kinanthi Sandhung), DT (Dhandhanggula Turulare), I (Ilir-ilir), P
(Pamularsih), KK (Kenya Kediri), S (Sinom), SG (Sekar Gadhung), MR (Madu
Retna), MS (Mijil Sulastri), AS (Asmaradana Semarangan), W (Wirangrong), M
Cakepan purwakanthi inggih menika pethikan cakepan utawi gatra wonten ing
salebeting sekar ingkang mawa purwakanthi. Paedah purwakanthi wonten ing
salebeting tabel kangge ngandharaken kados menapa fungsi utawi paedah purwakanthi wonten ing salebeting cakepa. Katerangan (Ket.) inggih menika
nomer urut data panaliten ingkang kaserat /DP/ utawi data pedah.. Asiling panaliten babagan paedah purwakanthi ing salebeting cakepan sekar slawatan
Laras Madya jangkepipun dipunandharaken ing tabel ngandhap menika.
Tabel 6 : Fungsi utawi Paedah Purwakanthi wonten ing salebeting Cakepan Sekar Slawatan Laras Madya
No
Aksara /an/ ing tembung pangeran saha ganjaran kangge nggayutaken
tetembungan nengenaken teges cakepan saha adamel larasing swanten ing antawis tetembungan menika.
Aksara /an/ ing tembung kumpulan saha sholawatan kangge nggayutaken
tetembungan menika supados estetis saha runtut guru swantenipun.
DP 2
3 US Punika sholawatan
tiyang ing Kradenan
Aksara /an/ ing tembung sholawatan saha Kradenan kangge nggayutaken
tetembungan saha nengenaken babagan teges wonten ing cakepan menika.
DP 3
4 US Jalaran sholawatan
dereng pati bisa
Aksara /an/ runtut ing tembung jalaran saha sholawatan.
Aksara /la/ runtut ing tembung jalaran saha sholawatan kangge nggayutaken
tetembungan menika supados gadhah nilai estetis ing salebeting ukara menika.
DP 4
5 DM Katindakna mring
para sesama
Aksara /a/ ing tembung katindakna saha sesama kangge nggayutaken antawis tetembungan menika saha kangge nyigeg ukara menika satemah maknaning ukara menika langkung cetha.
Tabel lajengipun
Aksara /ng/ ing tembung kang, paring saha murahing kangge nengenaken maknaning ukara saha runtuting tembung adamel swantenipun eco.
DP 6
7 CW Nalikanya ayun seda.
Aksara /a/ ing pungkasaning tembung nalikanya, seda kangge nggayutaken tetembungan menika satemah gadhah nilai estetis saha runtut swantenipun satemah adamel larasing swanten.
DP 7
8 CW Pun patikbra
kalilakna
Aksara /a/ ing tembung patikbra saha kalilakna kangge nyigeg ukara menika saha kangge nengenaken satunggaling panemu miturut penganggit.
DP 8
9 CW Hanyanggya ing
sakiting
Aksra /ing/ ing tembung ing, sakiting kangge nggayutaken antawis tembungipun supados gayut saha kangge paring nilai estetis wonten cakepanipun.
DP 9
10 CW Ngilangaken manah
susah
Aksara /ah/ ing tembung manah saha susah kangge nyigeg tembung satemah saged makna ing cakepan menika cetha.
DP
Aksara /a/ ing tembung aja, sira, dosa saha tembung /ayun/ kangge nggayutaken tetembungan saha paring nilai estetis
DP 11
12 CW Arahe ngamal lan
ngelmu.
Tembung ngamal saha ngelmu menika runtut sastranipun kangge nggayutaken tetembungan saha ngiyataken tembung satunggal saha sanesipun.
DP 12
13 CW Meruhana murukana
Aksara /mer-mur/ ing tembung meruhana saha murukana saha aksara /na/ ing
tembung muruhana saha murukana kangge nggayutaken tetembungan saha
nengenakaen babagan maknanipun ukara.
DP 13
14 TW Nira kang sanyata.
Aksara /a/ ing tembung nira saha sanyata kangge nggayutaken tetembungan menika supados runtut swantenipun ing salebeting cakepan menika.
DP 14
15 TW Kalamunta sira.
Aksara /a/ ing tembung kalamunta saha sira menika kangge nggayutaken antawis tembung menika supados gadhah nilai estetis ing salebeting ukara menika.
Tabel lajengipun
Tembung menga saha mengo menika runtut sastranipun kangge nggayutaken tetembungan saha ngiyataken tembung satunggal saha sanesipun.
DP 16
17 TW Wong urip elinga
janji-janjinipun.
Pengambalan tembung /janji/ ing tembung janji-janjinipun kangge ngiyataken
tembungipun inggih tembung ngajeng saha tembung candhakipun supados gadhah nilai estetis.
DP 17
18 K Becik sira neng praja.
Aksara /a/ ing tembung sira saha praja kangge nggayutaken tetembungan menika supados gayut saha nengenake panemu tertamtu miturut penganggit.
DP 18
19 K Nuli pindhah ing
medinah.
Aksara /ah/ ing tembung pindah saha medinah kangge nggayutaken
tetembunganipun saha nengenaken makna wonten ing cakepan menika.
DP 19
20 K Nuli gerah ing
medinah.
Aksara /ah/ ing tembung gerah saha tembung medinah kangge nggayutaken antawin tembungipun saha nengenaken maknaning cakepan menika.
DP 20
21 K Sawuse semedi.
Aksara /sa-se-se/ ing tembung sawuse semedi menika kangge paring nilai estetis babagan sastranipun.
DP 21
22 K Saking graning ardi.
Aksara /ing/ ing tembung saking, graning kangge nggayutaken tetembungan ing antawis ukara menika supadoh gadhah nilai estetis saha nengenaken maknanipun cakepan menika.
DP 22
23 CM Alon angandika
Aksara /a/ ing tembung alon, angandika kangge nggayutaken tetembungan menika supados runtut guru swaranipun.
DP 23
24 CM Mahya manjing
napasira.
Aksara /ma/ ing tembung mahya saha manjing saha aksara /a/ ing tembung mahya saha napasira kangge nggayutaken tetembunganipun saha paring nilai estetis ing salebeting ukara.
Tabel lajengipun
Aksara /ng/ ing tembung cengkal, benang saha gung ugi aksara /ma/ ing tembung rinepta, jalma kangge ngayutaken tetembungan saha kangge paring nilai estetis wonten salebeting cakepan.
DP 25
26 CM Golekana wekasane
kang utama
Aksara /ka/ ing tembung golekana, kang saha aksara /a/ ing tembung golekana, utama kangge ngayutaken tetembungan saha kangge paring nilai estetis
DP
Aksara /ng/ ing tembung sarung, jagung, reremuking, panjang kangge nggayutaken tetembunganipun supados runtut
Aksara /a/ ing tembung ngelingana, seksa, neraka kangge nggayutaken antawis tetembunganipun supados langkung estetis saha endah cakepanipun
Aksara /a/ ing tembung anyuwuna saha pangaksama kangge nggayutaken
tetembungan saha nengenaken maknaning ukara menika.
DP 29
30 CM Ancur kaca menyan
seta saupama
Aksara /a/ ing tembung kaca, seta, saupama kangge nggayutaken
tetembungan menika supados gadhah nilai estetis menawi dipunsekaraken.
DP
Aksara /a/ ing tembung rinasa, donya, mangsa saha lawasa kangge nggayutaken tetembungan menika supados gadhah nilai estetis menawi dipunsekaraken
DP 31
32 CM Bebek rawa rawine
rekma turangga
Tembung rawa-rawi saha aksara /a/ ing tembung rekma, turangga, tobatira, donya kangge nggayutaken antawis tembungipun ugi damel estetisipun cakepan menika.
DP 32
33 CM Wis mangsane
tobatira aneng donya.
Aksara /a/ ing tembung tobatira, donya kangge nggayutaken antawis tembungipun ugi damel runtuting swantenipun.
DP 33
34 KS Sumarahnya
anelangsa
Aksara /a/ ing pungkasaning tembung sumarahnya saha anelangsa kangge nggayutaken tetembungan menika ugi kangge ngiyataken tetembungan saderengipun.
Tabel lajengipun
Aksara /su/ ingkang kacithak kandel ing ukara menika kangge nggayutaken tetembungan menika saha nengenaken maknaning ukara
DP 35
36 KS Awak eca ingkang
mulya.
Aksara /a/ ing tembung eca saha mulya kangge nggayutaken tetembungan menika supados laras guru swaranipun ing ukara.
DP 36
37 KS Ingkang becik kang
utama
Aksara /kang/ ing tembung ingkang saha kang menika kangge nggayutaken
tetembungan saha runtut sastranipun
DP 37
38 KS Mumpangati maring
sira.
Aksara /ma/ ing ing tembung mumpangati saha maring kangge nggayutaken
tetembunganipun supados langkung endah
DP 38
39 DT Kang ginita
lelaguning gendhing
Aksara /ing/ ing tembung lelaguning, gendhing menika kangge nggayutaken antawis tetembunganipun saha nengenaken maknaning ukara
DP 39
40 I Lir-ilir tandure wus
sumilir.
Aksara /lir/ ing tembung lir-ilir , sumilir kangge nggayutaken tetembungan saha nengenaken maknaning ukara menika.
Aksara /a/ ing tembung domana, jlumatana, seba saha aksara /o/ ing tembung kanggo, mengko ing tembung menika kangge nggayutaken tembung saha ngiyataken tetembunganipun.
DP 41
42 I Mumpung gedhe
rembulane
Aksara /e/ ing pungkasaning tembung gedhe, rembulane kangge nyigeg tembung menika saha nggayutaken tetembungan menika saha paring nilai estetis ing ukara.
DP 42
43 DT Wus kacakup
cakepane nora cicir.
Tembung ingkang kacithak kandel gadhah paedah kangge nggayutaken tetembungan supados runtut sastranipun.
DP 43
44 DT Dha rumangsa duwe
daya.
Aksara /a/ ing tembung dha, rumangsa, daya saha aksara /du-da/ ing tembung duwe daya kangge nggayutaken tembung menika saha nengenaen maknaning ukara.
DP 44
45 DT Weruha awak
kawula.
Aksara /a/ ing tembung weruha saha kawula ing ukara menika kangge ngayutaken antawis tembungipun saha damel runtut guru swaranipun ing ukara