• Tidak ada hasil yang ditemukan

KEKERABATAN BASA JAWI SAHA BASA BALI (Adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Bali.

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "KEKERABATAN BASA JAWI SAHA BASA BALI (Adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Bali."

Copied!
116
0
0

Teks penuh

(1)
(2)
(3)
(4)
(5)

vi

(6)

vii

dhumateng Allah SWT ingkang tansah paring kasarasan, rahmat saha hidayah-ipun, saengga panyerat saged ngrampungaken skripsi kanthi irah-irahan “Kekerabatan Basa J awi saha Basa Bali (Adhedhasar Bausastra J awa saha Kamus Basa Bali)”. Skripsi menika dipundamel kangge njangkepi salah satunggaling sarat pikantuk gelar sarjana pendidikan.

Panyerat ngaturaken agunging panuwun dhateng sedaya pihak ingkang sampun paring pambiyantu saha panyengkuyungipun, awit saking purwaka dumugi paripurnaning skripsi menika. Kanthi raos ingkang tulus panyerat ngaturaken agunging panuwun dhumateng:

1. Ibu Siti Mulyani, M.Hum saha Ibu Sri Hertanti Wulan, S.Pd., M.Hum. minangka dosen pembimbing ingkang tansah paring panyengkuyung, pamrayogi kanthi sabar saha premati, saengga skripsi menika saged katindakaken kanthi sae.

2. Ibu Hesti Mulyani, M.Hum. minangka dosen penasehat akademik ingkang sampun paring pitedah sadangunipun kula sinau wonten ing Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah Fakultas Bahasa dan Seni.

(7)
(8)

1

Basa minangka salah satunggaling pirantos ingkang wigati sanget wonten ing pagesanganing masarakat. Basa dipunginakaken kangge pirantos komunikasi tiyang kathah. Peran basa inggih menika kangge ngandharaken gagasan raos pangraos dhateng priyantun sanes. Panganggening basa antawisipun masarakat setunggal saha sanesipun menika beda gumantung kalihan tlatahipun.

Basa ingkang dipunginakaken wonten ing tlatah setunggal kalihan basa ingkang dipunginakaken wonten tlatah sanesipun gadhah sesambetan ingkang rumaket. Rumaketing sesambetan antawisipun basa setunggal saha sanesipun saged dipuntingali saking panganggening tetembunganipun. Tuladhanipun inggih menika sesambetan antawisipun basa Jawi saha basa Bali.

Basa Jawi minangka basa ingkang dipunginakaken kangge wawan rembag masarakat wonten ing tlatah Jawi. Dene basa Bali, basa ingkang dipunginakaken kangge wawan rembag wonten ing masarakat tlatah Bali. Sanajan basa Jawi ingkang kaginakaken wonten ing masarakat tlatah Jawi saha basa Bali wonten ing tlatah Bali, nanging kalih basa menika ngemu tetembungan ingkang sami.

(9)

tegesipun sami. Tetembungan saking basa Jawi kalihan basa Bali ingkang ngemu pangucapan, wujud, saha teges ingkang sami menika kawastanan tetembungan ingkang ngemu korespondensi. Kangge manggihaken tembung-tembung ingkang ngemu korespondensi menika kanthi cara nandhingaken tembung-tembung basa Jawi kalihan basa Bali ingkang mirib anggenipun nglesanaken.

Tembung-tembung ingkang mirib saha berkorespondensi menika ingkang dados dhasar kangge nemtokaken kekerabatan-ipun. Korespondensi saking tembung-tembung ingkang mirib menika saged dipunpanggihaken wonten ing kamus. Saking andharan menika saged dipunwastani bilih basa Jawi saha basa Bali menika setunggal krabat.

(10)

antawisipun basa Jawi kalihan basa Bali kanthi irah-irahan “Kekerabatan Basa Jawi saha Basa Bali Adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Bali”.

B.Underaning Per kawis

Adhedhasar dhasaring panaliten, perkawis ingkang saged dipunpendhet kados wonten ngandhap menika.

1. Korespondensi swanten saha teges basa Jawi kalihan basa Bali adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Bali.

2. Daya pangaribawa wonten ing korespondensi swanten tumrap priyantun Jawi saha priyantun Bali.

3. Prosentase kekerabatan basa Jawi saha basa Bali adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Bali.

C. Watesaning Per kawis

Adhedhasar underaning perkawis wonten nginggil, saged dipunpendhet watesanipun ingih menika:

1. korespondensi swanten saha teges basa Jawi kalihan basa Bali kanthi nandhingaken tetembungan basa Jawi saha basa Bali,

2. prosentase kekerabatan basa Jawi saha basa Bali adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Bali.

D.Wosing Perkawis

(11)

1. Kados pundi korespondensi swanten saha teges antawisipun basa Jawi saha basa Bali adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Bali?

2. Sepinten prosentase kekerabatan basa Jawi saha basa Bali adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Bali?

E.Ancasing Panaliten

Adhedhasar wosing perkawis wonten ing nginggil, ancasing panaliten saged kaandharaken wonten ngandhap menika.

1. Ngandharaken korespondensi swanten saha teges antawisipun basa Jawi saha basa Bali adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Bali.

2. Ngandharaken prosentase kekerabatan basa Jawi saha basa Bali adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Bali.

F. Paedahing Panaliten

Wonten panaliten menika kaangkah priyantun Jawi saha priyantun Bali mangertos tembung-tembung ingkang sami saha beda. Kanthi mangertos tembung ingkang sami saha beda menika priyantun Jawi saged mangertos menapa ingkang dipunngendikakaken priyantun Bali. Semanten ugi priyantun Bali saged mangertos menapa ingkang dipunngendikakaken priyantun Jawi, saengga saged nggampilaken komunikasi wonten ing pasrawungan priyantun Jawi saha priyantun Bali.

G.Pangertosan

(12)

adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Bali” kaandharaken wonten ngandhap.

1. Kekerabatan Basa

Basa setunggal saha basa sanesipun menika taksih wonten gayutipun, amargi basa menika gadhah basa induk ingkang taksih sakrabat. Dipunwastani sakrabat menika titikananipun wonten ing tembung-tembung ingkang mirib. Perkawis ingkang mirib menika awujud fonem vokal saha konsonan. Vokal saha konsonan ingkang nedahaken basa sakrabat menika mawarni-warni ingkang mapanipun saged wonten ing wiwitan, tengah, saha pungkasan tembung.

2. Basa J awi

Basa Jawi dipunginakaken kangge pirantos pasrawungan ingkang wujudipun rerangkening tembung. Tembung-tembung basa Jawi ing antawisipun saged dipuntingali saking Bausastra Jawa anggitanipun S. Prawiroatmodjo taun 1981 ingkang dipuncithak dening Gunung Agung Jakarta.

3. Basa Bali

(13)
(14)

7

1. Pangertosan Linguistik Historis Komparatif

Linguistik historis komparatif inggih menika salah satunggaling cabang ngelmu basa ingkang ngrembag basa wonten ing lumampahing wekdal sarta ewah-ewahaning unsur basa wonten wekdal tartamtu (Keraf, 1984: 22). Dados wonten linguistik historis komparatif ngrembag kados pundi basa menika ewah miturut lumampahing wekdal. Pramila sasampunipun mangertosi ewahan basa, salajengipun saged ngandharaken proses ewah-ewahanipun.

Gayut kalihan pamanggihipun Keraf wonten nginggil, Fernandez ngandharaken bab ingkang mirib namung Fernandez nambahaken gayut kalihan bab-bab ingkang ndayani wontenipun ewah-ewahan. Bab menika saged kaandharaken wonten ngandhap menika. Linguistik historis komparatif inggih menika cabang linguistik ingkang ngrembag pangrembakaning basa wonten ing lumampahing wekdal saha kados pundi basa menika saged ewah (Fernandez, 1994: 1). Cabang ngelmu menika ngandharaken kados pundi basa-basa menika ewah sarta ngrembag menapa kemawon bab-bab ingkang ndayani ewah-ewahaning basa. Pramila saking ngelmu menika saged mangertos kanthi cetha ewah-ewahaning saben basa.

(15)

manggihaken ewah-ewahan menika kanthi cara nandhingaken unsur-unsur basa. Bab menika saged kaandharaken wonten ngandhap menika. Mulyani (2007: 1-2) ngandharaken bilih linguistik historis komparatif inggih menika cabang ngelmu linguistik ingkang ngrembag ngrembakaning basa wonten ing lumampahing wekdal kanthi cara nandhingaken tembung-tembungipun. Kanthi nandhingaken tembungipun menika badhe dipunmangertosi tembung-tembung ing lumampahing wekdal ingkang sami, mirib utawi ingkang ngemu ewah-ewahan.

Gayut kalihan pamanggih ahli wonten nginggil saged dipunpendhet dudutanipun bilih, linguistik historis komparatif inggih menika cabang ngelmu linguistik ingkang ngrembag kados pundi basa menika saged ewah wonten lumampahing wekdal saha ewah-ewahan unsur basa, bab-bab menapa ingkang ndayani ewah-ewahaning basa sarta kados pundi cara nandhingaken tembung-tembung kangge manggihaken tembung-tembung-tembung-tembung ingkang berkorespondensi.

2. Ancasing Linguistik Historis Komparatif

(16)

Miturut Mulyani (2007: 2-3), panganggening metode komparatif gadhah ancas inggih menika:

a. madosi proses ewah-ewahan basa, basa minangka salah satunggaling pirantos ingkang saged ewah wonten ing lumampahing wekdal, pramila gayut kalihan andharan menika tugas disiplin ngelmu linguistik bandingan inggih menika madosi kados pundi cara basa menika saged ewah,

b. ngandharaken kados pundi ewah-ewahan saha ngrembakaning basa. Ewah-ewahan menika dipuntingali saking maneka warni aspek. Aspek-aspek kasebat saking aspek ingkang langkung alit inggih menika fonologi dumugi aspek ingkang langkung wiyar,

c. damel pengelompokan basa, saking asil nandhingaken tembung-tembung menika saged dipunpanggihaken kawontenan aspek basa ingkang sami saha beda saking maneka warni unsur basa. Basa ingkang ngemu aspek-aspek sami menika saged dipun-kelompok-aken dados setunggal kelompok.

3. Bab Tetandhingan wonten ing Linguistik Historis Komparatif

(17)

Miturut Mulyani (2007: 3-4), basa ingkang setunggal rumpun menika gadhah titikan kados wonten ngandhap.

a. Ngemu bab-bab ingkang sami. Bab-bab ingkang sami menika saged dipuntingali saking wujud tetembunganipun ingkang mirib. Saking tembung ingkang mirib ketingal bilih tembung-tembung ingkang dipuntandhingaken ngemu korespondensi.

b. Dhasar ingkang dipunginakaken inggih menika korespondensi swanten. Korespondensi swanten menika saged dipuntingali wonten ing tembung-tembung saking kalih basa ingkang dipuntandhingaken. Tetembung-tembungan ingkang dipuntandhingaken menika wonten ingkang sami saha mirib ananging tegesipun sami.

c. Mangertos ewah-ewahan saking ngrembakaning basa. Ewah-ewahaning menika dipuntingali saking tembung-tembung ingkang berkorespondensi wonten ing kalih basa. Korespondensi menika awujud korespondensi swanten saha teges antawisipun tetembungan saking basa ingkang dipuntandhingaken, saengga sasampunipun mangertos korespondensi-ipun salajengipun saged merekontruksi ngrembakaning basa wonten ing lumampahing wekdal.

(18)

basa sanesipun menika gadhah korespondensi kanthi ngginakaken tigang kriteria inggih menika:

- nonarbritary (boten bebas) tegesipun wonten kajian linguistik historis komparatif dhasar ingkang dipunginakaken gayut kalihan korespondensi swanten saha teges,

- exhaustive (jangkep) tegesipun sedaya basa kedah dipuntliti, supados sedaya basa saged kalebet wonten setunggal kelompok basa tartamtu, - uniqueness (khas) tegesipun basa menika namung saged kalebet wonten

setunggal kelompok basa, saengga boten wonten basa ingkang kalebet wonten langkung saking setunggal kelompok.

Adhedhasar perangan-perangan metode komparatif wonten nginggil, saged dipunwastani bilih metode komparatif wonten panaliten linguistik historis komparatif kedah nggatosaken perangan basa ingkang sami saha mirib. Korespondensi swanten saha teges menika ingkang dados dhasar kangge nemtokaken wujud sami utawi mirib.

4. Bab-bab ingkang Njalari Swanten ingkang Mirib

(19)

menika. Miturut Sudarno (1994: 22-27), sami saha miribipun tembung wonten ing basa setunggal kalihan basa sanesipun menika dipunpanggihaken amargi tigang perkawis. Perkawis menika kaandharaken wonten ing ngandhap menika. 1) Tetembungan ingkang sami jalaran namung kaleresan

Tembung-tembung ingkang sami wonten ing basa setunggal kalihan basa sanesipun sami menika limrah. Perkawis kasebat jalaran kathahipun basa ingkang dipunginakaken masarakat kangge pirantos wawan pangandikan. Pirantos menika gayut kalihan aspek-aspek pagesanganing manungsa. Aspek-aspek pagesanganing manungsa saperangan ageng menika sami, saengga leres bilih dipunpanggihaken wontenipun tembung-tembung ingkang sami jalaran kaleresan wonten ing basa setunggal kalihan basa sanesipun.

Titikan kapanggihaken tetembungan ingkang kaleresan sami antawisipun basa setunggal kalihan basa sanesipun menika wonten kalih perkawis. Perkawis menika kaandharaken wonten ing ngandhap menika. a. Penutur basa setunggal kalihan basa sanesipun ingkang gadhah

(20)

b. Cacahing tetembungan ingkang sami menika sekedhik, umum-ipun arupi tembung ingkang boten asipat logis saha sistematis. Boten asipat logis saha sistematis tegesipun tembung-tembung menika boten gadhah sesambetan kanthi kekeluargaan. Tuladhanipun inggih menika tembung duo ‘dua’ wonten ing basa Latin saha tembung duo ‘dua’ wonten ing basa Minang. Saking tuladha menika ketingal bilih tembung duo menika sami boten amargi gadhah sesambetan kanthi kekeluargaan, ananging tembung ingkang sami menika jalaran kaleresan (Mulyani, 2007: 7-8).

2) Tetembungan ingkang sami jalaran ngampil basa sanes

Basa setunggal saha basa sanes kapanggihaken tetembungan ingkang sami. Tetembungan ingkang sami wonten ing basa setunggal kalihan basa sanesipun kalawau jalaran setunggal basa gadhah, nanging basa sanesipun boten gadhah. Basa ingkang boten gadhah kangge ngandharaken konsep menika ingkang ngampil saking basa sanes.

Titikan wontenipun tetembungan ingkang sami jalaran ngampil basa sanes inggih menika:

a. tetembungan ingkang ngampil saking basa sanes menika umum-ipun gadhah teges ingkang boten dipungadhahi basa ingkang ngampil. Tuladhanipun tembung komputer ingkang ngampil saking basa Inggris,

b. tetembungan saking basa ngampil menika ngemu suraos ingkang langkung alus. Tuladhanipun tembung istinjak ingkang ngampil saking basa Arab.

(21)

3) Tetembungan ingkang sami jalaran sesambetan kanthi kekeluargaan

Tetembungan ingkang sami antawisipun basa setunggal kalihan basa sanes saged kadadosan jalaran basa-basa menika saking setunggal induk. Basa saking setunggal induk menika ingkang njalari penutur basa setunggal saha basa sanes gadhah sesambetan kanthi kekeluargaan. Sesambetan kanthi kekeluargaan menika njalari tetembungan ingkang sami, ananging sesambetan kanthi kekeluargaan menika saged ugi nuwuhaken basa-basa ingkang beda. Bedanipun menika jalaran basa-basa mencar wonten ing papan ingkang beda saha wekdal ingkang dangu.

Titikan wontenipun tetembungan ingkang sami jalaran sesambetan kanthi kekeluargaan inggih menika:

a. bab-bab ingkang sami antawisipun basa setunggal kalihan basa sanesipun menika kapanggihaken wonten ing sedaya tataran basa. Tataran basa umpaminipun wonten ing tataran fonologi, morfologi, sintaksis, semantik, leksikal utawi ukara,

b. tetembungan ingkang sami awujud tembung-tembung pokok, tegesipun sedaya basa menika gadhah tembung-tembung pokok. Tembung-tembung pokok menika umpaminipun tembung wilangan, tembung ingkang gayut kalihan badan, tembung sesulih, saha tembung ingkang gayut kalihan alam, c. tetembungan ingkang sami menika umum-ipun asipat logis saha konsisten,

(22)

konsisten tegesipun ewah-ewahan tetembungan ingkang sami menika sipatipun ajeg.

B.Ewah-ewahan Basa 1. Ewah-ewahan Basa

Kanthi lumampahing wekdal tetembungan ingkang kaginakaken wonten ing basa setunggal kalihan basa sanesipun menika limrah bilih saged ewah. Ewah-ewahan menika jalaran saking mapinten-pinten bab. Bab-bab menika jalaran saking bab-bab saking basa menika piyambak. Miturut Fernandez (1994: 10-11), ewahing basa ingkang dipunsababaken jalaran bab-bab saking basa menika piyambak kaandharaken wonten ing ngandhap menika. a. Jalaran ewahing basa ingkang dipungayutaken kalihan ngelmu alami, gayut

kalihan perkawis menika kangge tuladha inggih menika ewahing anatomi manungsa. Ewah-ewahan menika jalaran ewahing tengkorak saking jaman purba ingkang ndadosaken kaprigelan basanipun ugi ewah, saengga ewahing basa menika sami kalihan ewahing anatomi fisik.

(23)

c. Ewahing basa menika gayut kalihan wontenipun ewahing fisik. Teori menika ngandharaken bilih lare saking alit dados diwasa saged ewah wujud fisik-ipun. Ewah-ewahan menika mliginipun gayut kalihan ewahing alat ucap-ipun manungsa. Bab menika ingkang njalari tembung ingkang dipunlesenaken ugi ewah.

d. Ewahing basa menika gayut kalihan pakulinan ingkang dipuntindakaken tiyang sepuhipun. Umpaminipun pakulinan ingkang katindakaken wonten ing Afrika. Tuladhanipun lare nglesanaken kanthi nirokaken menapa ingkang dipunlesanaken tiyang sepuhipun.

Kejawi ewah-ewahan basa jalaran saking basa menika piyambak, wonten ugi ewah-ewahan basa jalaran saking bab-bab sakjawinipun basa. ewahan menika kadadosan kanthi langsung saha boten langsung. Ewah-ewahan langsung ateges penutur basa setunggal kalihan basa sanesipun menika gadhah sesambetan kanthi langsung. Dene sesambetan boten langsung ateges basa setunggal kalihan basa sanesipun menika boten gadhah sesambetan kanthi langsung, ananging lumantar basa ingkang dipunginakaken menika ingkang njalari basa menika ewah.

(24)

2. Korespondensi Tembung

Korespondensi tembung inggih menika bab struktur tembung ingkang mirib antawisipun basa setunggal kalihan basa tandhinganipun. Korespondensi tembung menika saged dipuntingali saking wujud fonem-ipun. Tuladhanipun tembung idu (Prawiroatmodjo, 1981: 165) wonten BJ ingkang tegesipun ‘ludah’ wonten BB wiḍ uh (Warna, 1978: 647) ingkang tegesipun sami inggih menika ‘ludah’ ugi. Korespondensi swanten menika mirib wonten ing tembung idu, nanging wonten basa Bali menika wonten tambahing konsonan /w/ saha /h/ ingkang mapan wonten wiwitaning saha pungkasaning tembung. Saking tembung menika ketingal bilih tembung ingkang dipuntandhingaken idu kalihan wiḍ uh swantenipun mirib nanging wujuding beda, saengga kalih tembung menika saged dipunwastani ngemu korespondensi.

3. J inis Ewah-ewahan Swanten

(25)

wonten pitu inggih menika hukum fonem *ǝ , hukum Brandes I*R / Fonem Trill Uvula, hukum Brandes II*r / Fonem Trill Apikal, hukum /h/, diftong /uy/ saha diftong /ay/, sarta icalipun konsonan antawisipun vokal. Hukum ewahing swanten menika kaandharaken wonten ing ngandhap menika.

1. Hukum fonem *ǝ

Fonem *ǝ Austronesia Purba dipunturunaken dados fonem /ǝ /, /a/, /e/, /i/, saha /o/ wonten ing basa turunanipun. Umpaminipun fonem /ǝ / dipunturunaken dados fonem /ǝ / wonten ing basa Jawa Kuno saha Karo, fonem /ǝ / dipunturunaken dados fonem /a/ wonten ing basa Makassar saha Minangkabau, fonem /ǝ / dipunturunaken dados fonem /e/ wonten ing basa Dayak, fonem /ǝ / dipunturunaken dados fonem /i/ wonten ing basa Tagalog, sarta fonem /ǝ / dipunturunaken dados fonem /o/ wonten ing basa Toba saha Bisaya. Tuladhanipun tembung Austronesia Purba ‘bernapas’ [kǝ sah] wonten ing basa Toba dados [hosah].

2. Hukum Brandes I*R / Fonem Trill Uvula

(26)

3. Hukum Brandes II*r / Fonem Trill Apikal

Fonem trill apikal wujudipun inggih menika fonem /r/, fonem trill apikal /r/ dipunturunaken dados fonem /d/ saha /l/. Hukum fonem /r/ menika ngandharaken bilih swanten [r] ingkang dumunung wonten ing antawisipun kalih vokal wonten ing basa Jawi ewah dados swanten [d] wonten ing basa Melayu saha basa Bali. Wonten ing basa Tagalog kalihan basa Bisaya swanten [r] utawi [d] ewah dados swanten [l]. Ewah-ewahan menika asring dipunsebat hukum r-d-l. Tuladhanipun inggih menika tembung ‘padi’ [padi] dados [pari] wonten ing basa Jawi, wonten ing basa Tagalog dados [palay], wonten ing basa Melayu, Madura saha Bali ajeg dados [padi].

4. Fonem /k/

Fonem */k/ Austronesia dipunturunaken ajeg dados fonem /k/ saha fonem /h/. Umpaminipun fonem */k/ dipunturunaken ajeg fonem /k/ wonten ing basa Karo, Melayu, saha Gayo. Fonem /k/ dipunturunaken dados fonem /h/ wonten ing basa Toba. Tuladhanipun tembung Austronesia Purba *[kǝ sa] ‘bernapas’ dados [kǝ sah] wonten ing basa Karo, saha dados [hosa] wonten ing basa Toba.

5. Fonem /h/

(27)

6. Diftong /uy/ saha diftong /ay/

Diftong */uy/ wonten ing basa Austronesia Purba dipunturunaken dados fonem /i/ saha fonem /e/. Umpaminipun diftong */uy/ dipunturunaken dados fonem /i/ wonten ing basa Karo, diftong */uy/ dipunturunaken dados fonem /e/ wonten ing basa Lamalera, nanging diftong /uy/ nurunaken ajeg wonten ing basa Jawa Kuno saha Formosa. Tuladhanipun tembung *[apuy] Austronesia Purba nurunaken tembung [apuy] wonten ing basa Jawa Kuno, Formosa, saha basa Batan. Dene wonten ing basa Karo saha basa Melayu dados [api]. Wondene diftong */ay/ wonten ing basa Austronesia Purba nurunaken /i/ wonten ing basa Melayu. Tuladhanipun *[bǝ ray] dados [bǝ ri] wonten ing basa Melayu.

7. Icalipun konsonan antawisipun vokal

Icalipun konsonan antawisipun vokal menika kadadosan wonten ing fonem /r/, /h/, saha /s/. Umpaminipun icaling fonem /h/ antawisipun vokal wonten ing basa Bugis saha icaling fonem /s/ antawisipun vokal wonten ing basa Malagasi. Tuladhanipun tembung /fu/ ‘jantung’ wonten ing basa Lamaholot dados [puho] saha wonten ing basa Lamalera dados [puo].

(28)

asipat sporadis kanthi jangkepipun kaandharaken wonten ing ngandhap menika.

1) Asimilasi

Asimilasi inggih menika ewah-ewahan swanten ingkang njalari swanten sanesipun saged ewah. Tegesipun konsonan utawi vokal ingkang ewah menika kedah nggatosaken titikan fonetis swanten basa ingkang wonten sakiwatengenipun. Titikan fonetis menika saking gugus konsonan /np/ ewah dados gugus-gugus konsonan wonten ngandhap.

a. /np/ /bp/ , wonten ewah-ewahan kasebat konsonan /n/ ngicalaken titikan fonetis alveolar saha nasal ingkang taksih ajeg inggih menika namung titikan fonetis bersuara.

b. /np/ /tp/ , wonten ewah-ewahan kasebat konsonan /n/ ngicalaken titikan fonetis bersuara saha nasal ingkang taksih ajeg inggih menika titikan fonetis alveolar.

c. /np/ /mp/ , wonten ewah-ewahan kasebat konsonan /n/ ngicalaken titikan fonetis bersuara saha alveolar ingkang taksih ajeg inggih menika titikan fonetis nasal.

(29)

Kajawi asimilasi ingkang asipat regresif wonten ugi asimilasi asipat progresif. Asimilasi asipat progresif inggih menika asimilasi ingkang titikan fonetis fonem-ipun paring daya pangaribawa titikan fonem sawingkingipun utawi salajengipun. Tuladhanipun gugus konsonan /np/, titikan fonetis-ipun konsonan /n/ menika paring daya pangaribawa fonetis konsonan /p/. Perkawis asimilasi progresif saged dipuntingali wonten ngandhap menika:

a. /np/ → /nb/, wonten ewah-ewahan menika konsonan /p/ ewah kanthi njumbuhaken titikan fonetis bersuara wonten ing konsonan /n/,

b. /np/ → /nm/, wonten ewah-ewahan menika konsonan /p/ ewah kanthi njumbuhaken titikan fonetis konsonan /n/ ingkang ajeg inggih menika namung titikan fonetis bilabial-ipun,

c. /np/ → /nd/, wonten ewah-ewahan menika konsonan /p/ ewah kanthi njumbuhaken titikan fonetis konsonan /n/ ingkang ajeg inggih menika titikan fonetis hambat-ipun.

2) Disimilasi

Disimilasi inggih menika ewah-ewahan swanten ingkang beda kalihan swanten aslinipun. Tuladhanipun wonten ing basa Jawi Enggal tembung loro ‘dua’ ingkang asalipun saking basa Jawi Kina ‘rwa’ dados ‘ro’ lajeng wontenipun proses reduplikasi dados ‘roro’. Wiwit saking proses reduplikasi menika salajengipun wonten proses disimilasi, saengga dados tembung ‘loro’. 3) Metatesis

(30)

Tuladhanipun tembung saking Proto Austronesia *kulit ‘kulit’ nurunaken wonten ing Prabahasa Sumbawa dados *lukit, saking kalih tembung menika ketingal bilih wontenipun panggenan fonem ingkang ewah antawisipun fonem /k/ kalihan fonem /l/. Kalih fonem menika mapan wonten ing wiwitaning wanda sepisan.

4) Kontraksi

Kontraksi inggih menika ewah-ewahan swanten ingkang awujud sambungipun kalih swanten utawi langkung dados setunggal swanten. Tuladhanipun diftong /ai/ wonten ing tembung basa Jawi Kuno ingkang nurunaken dados fonem /e/ wonten ing tembung basa Jawi Enggal dados vokal tunggal. Tuladhanipun menika awujud tembung gawai ‘kerja’ dados gawe ‘kerja’. Wonten ing tembung basa Jawi Kuno gawai menika diftong /ai/ ewah dados /e/ wonten ing tembung basa Jawi Enggal gawe. Ewah-ewahan menika mapan wonten ing pungkasaning wanda kaping kalih.

5) Aferesis

(31)

6) Sinkope

Sinkope inggih menika ewahing swanten jalaran icalipun fonem ingkang mapan wonten ing tengahing tembung. Tuladhanipun tembung Austronesia Purba ‘tua’ *tuha nurunaken wonten ing basa Polinesia Purba dados tua. Icaling fonem /h/ ingkang mapan wonten ing tengahing tembung menika ingkang nedahaken ewahing swanten.

7) Apokope

Apokope inggih menika ewahing swanten jalaran icalipun fonem ingkang mapan wonten ing pungkasaning tembung. Tuladhanipun saking basa Inggris Pertengahan tembung helpe ‘tolong’ nurunaken wonten ing basa Inggris Enggal dados help ‘tolong’. Icaling fonem /e/ ingkang mapan wonten ing pungkasaning tembung menika ingkang nedahaken ewahing swanten. 8) Protesis

Protesis inggih menika ewah-ewahan swanten awujud tambahing fonem ingkang mapan wonten ing wiwitaning tembung. Tuladhanipun tembung *bere ‘memberi’ nurunaken basa saking basa prabahasa Sumbawa wonten ing dialek Taliwang inggih menika tambahing fonem /u/ dados tembung ubeg ‘memberi’.

9) Epentesis

(32)

ingkang mapan wonten ing tengahing tembung menika ingkang nedahaken ewahing swanten.

10) Paragog

Paragog inggih menika ewah-ewahan swanten awujud tambahing fonem ingkang mapan wonten ing pungkasaning tembung. Tuladhanipun tambahing fonem /u/ wonten ing tembung lampu ‘lampu’ wonten ing basa Indonesia ingkang ngampil saking basa Inggris lamp ‘lampu’. Tambahing fonem /u/ ingkang mapan wonten ing pungkasaning tembung menika ingkang nedahaken ewahing swanten.

4. J inis-jinising Pewarisan

Pewarisan fonem proto dhateng basa krabat kadadosan saking mawarni-warni jinis. Miturut Keraf (1984: 79-84), jinising pewarisan fonem proto kaperang dados pitu, inggih menika pewarisan linear, pewarisan kanthi ewah-ewahan, pewarisan kanthi icalipun fonem, pewarisan kanthi tambahipun fonem, icalipun saperangan fonem, perpaduan (merger), saha pembelahan (split). Jinising pewarisan fonem proto menika kaandharaken wonten ing ngandhap menika.

a. Pewarisan linear

(33)

Austronesia Purba nurunaken ajeg dados tembung /apuy/ wonten ing basa Bisaya.

b. Pewarisan kanthi ewah-ewahan

Pewarisan kanthi ewah-ewahan inggih menika fonem wonten ing basa setunggal ingkang ewah wujudipun wonten ing basa tandhinganipun. Tuladhanipun tembung [lintang] (Prawiroatmodjo, 1981: 309) wonten ing basa Jawi ingkang tegesipun ‘bintang’ dados [binṭ ang] (Warna, 1978: 93) wonten ing basa Bali ingkang tegesipun sami-sami ‘bintang’. Tembung kasebat ketingal bilih fonem /l/ berkorespondensi kalihan fonem /b/.

c. Pewarisan kanthi icalipun fonem

Pewarisan kanthi icalipun fonem inggih menika ewah-ewahan fonem kanthi icalipun fonem wonten ing basa ingkang dipuntandhingaken. Tuladhanipun tembung [adoh] (Prawiroatmodjo, 1981: 3) wonten ing basa Jawi ingkang gadhah teges ‘jauh’ dados [ḍ oh] (Warna, 1978: 157) wonten ing basa Bali ingkang tegesipun sami-sami ‘jauh’. Tembung kasebat ketingal bilih fonem /a/ ical wonten ing basa tandhinganipun Ø.

d. Pewarisan kanthi tambahipun fonem

(34)

tembung ingkang sami inggih menika idu, nanging wonten ing tembung ingkang dipuntandhingaken menika wonten tambahipun fonem /w/ saha /h/. e. Icalipun saperangan fonem

Icalipun saperangan fonem inggih menika proses pewarisan ingkang saperangan fonem ical wonten ing basa krabat, nanging saperangan fonem wonten ing basa krabat menika wonten ugi ingkang taksih ajeg. Umpaminipun saking fonem /h/, tembung basa Inggris Kuno hring dados ring ing tembung basa Inggris Modheren, nanging saperangan fonem menika ajeg wonten ing tembung hælan dados heal.

f. Perpaduan (merger)

Perpaduan inggih menika ewahing kalih fonem utawi langkung dados setunggal fonem wonten ing basa turunanipun.

Tuladhanipun : babuy > bawi ‘babi’ qantay > anti ‘menanti’ g. Pembelahan (split)

Pembelahan inggih menika setunggal fonem ingkang dados saperangan fonem wonten ing basa turunanipun.

Tuladhanipun : kuku > kukuq ‘kuku’ kutu > gutu ‘kutu’

C.Leksikostatistik

1. Pangertosan Leksikostatistik

(35)

kalihan basa sanesipun. Cara ingkang dipunginakaken inggih menika kanthi nandhingaken tembung-tembung ingkang mirib (Fernandez, 1994: 53). Gayut kalihan pamanggih bab cara nandhingaken tembung-tembung ingkang mirib, wonten pamanggih ingkang ngandharaken bilih anggenipun netepaken kelompok basa menika adhedhasar prosentase tembung-tembung ingkang mirib. Miturut Keraf (1984: 121), ngandharaken bilih leksikostatistik inggih menika teknik nglompokaken basa kanthi cara ngetang tembung-tembung ingkang sami saha mirib kanthi nemtokaken prosentase-ipun. Prosentase menika gayut kalihan tembung-tembung ingkang sami saha mirib wonten ing basa setunggal kalihan basa sanesipun. Cak-cakan menika gayut kalihan panaliten ingkang ngetang prosentase tembung-tembung ingkang sami saha mirib antawisipun basa setunggal kalihan basa sanesipun.

Adhedhasar pamanggih para ahli wonten nginggil saged dipunpendhet dudutanipun bilih, leksikostatistik inggih menika salah satunggaling teknik nglompokaken basa kanthi cara nandhingaken tembung-tembung ingkang wujudipun mirib kanthi statistik. Wonten ing panaliten menika panganggening metode leksikostatistik kangge madosi celak tebihipun sesambetan basa antawisipun basa Jawi saha basa Bali adhedhasar Bausastra Jawa kalihan kamus basa Bali.

2. Metode Leksikostatistik

(36)

menika dipunginakaken ugi kangge mangertosi kelompok basa. Panganggening metode leksikostatistik menika kanthi dhasar-dhasar ingkang kaandharaken wonten ngandhap menika. Miturut Mulyani (2007: 43-44), panganggening metode leksikostatistik ngginakaken sekawan dhasar, inggih menika:

a. saben basa setunggal kalihan basa sanesipun gadhah kosa kata dasar tartamtu ingkang angel ewah. Tetembungan ingkang kalebet kosa kata dasar inggih menika tembung-tembung ingkang gayut kalihan tembung sesulih, tembung ingkang gayut kalihan badan, tembung ingkang gayut kalihan alam, flora fauna saha tembung wilangan,

b. kosa kata dasar ingkang kaginakaken menika mbetahaken wekdal ingkang dangu, tegesipun ewah-ewahan kosa kata dasar menika angel anggenipun ewah,

c. proses icalipun kosa kata dasar saben basa menika sami. Perkawis menika ateges kosa kata dasar ingkang kaginakaken kangge tetandhingan menika sampun wonten dhasaripun. Adhedhasar angelipun ewah-ewahan kosa kata dasar menika sampun kabekten saking asiling panaliten wonten ing 13 basa Indo-Eropa ingkang daya tahan kosa kata dasar-ipun menika antawisipun 86,4 – 74,4%,

d. sasampunipun mangertos prosentase tetembungan wonten ing kalih basa ingkang dipuntandhingaken, salajengipun saged kaginakaken kangge ngetang wekdal pisahipun basa-basa menika saking basa induk-ipun.

(37)

ngetang tembung ingkang sakrabat. Miturut pamanggihipun Mahsun (2010: 67-72), caranipun ngetang tetembungan ingkang sakrabat kaandharaken wonten ngandhap menika.

a. Boten ngginakaken tembung-tembung ingkang boten wonten ing salah satunggaling basa utawi sedaya basa ingkang dipuntandhingaken. Tembung-tembung menika mliginipun gayut kalihan Tembung-tembung-Tembung-tembung ingkang ngampil saking basa sanes.

b. Netepaken tembung-tembung sakrabat, tembung-tembung sakrabat menika ngemu titikan kados wonten ing ngandhap menika.

1) Tembung ingkang sami persis

Tembung ingkang sami persis inggih menika tembung sakrabat ingkang dipuntingali saking segi semantik saha saking segi wujudipun sami. Tuladhanipun tembung langi [laŋi] (Prawiroatmodjo, 1981: 290) ‘ berenang’ wonten ing baasa Jawi berkorespondensi kalihan tembung langi [laŋi] (Warna, 1978: 331) ‘berenang’ wonten ing basa Bali.

2) Tembung sakrabat mirib

(38)

3) Tembung sakrabat beda

Tembung sakrabat beda inggih menika tembung sakrabat ingkang titikanipun namung saking kaidah ewah-ewahan swanten. Tembung sakrabat beda menika menawi saking wujud saha swantenipun kanthi saklarapan boten ketingal bilih kalih tembung menika beda nanging taksih sakrabat. Sanajan kalih tembung menika wujud saha swantenipun beda, nanging miturut kaidah ewah-ewahan swanten tembung menika saged dipunwastani bilih kalih tembung menika berkorespondensi. Tuladhanipun tembung loro basa Jawi ingkang berkorespondensi kalihan tembung dua basa Sumbawa.

c. Damel prosentase tembung ingkang sakrabat. Caranipun damel prosentase kedah ngetang cacahipun kosa kata dasar ingkang berkorespondensi. Caranipun ngetang prosentase tembung-tembung ingkang gadhah korespondensi inggih menika kaandharaken wonten ngandhap.

- Ngicalaken tetembungan ingkang boten dipunpanggihaken wonten ing salah satunggaling basa utawi sedaya basa ingkang dipuntandhingaken. - Nemtokaken korespondensi swanten saha wujud tembung-tembung

ingkang sakrabat kanthi titikan tembung sakrabat sami persis, tembung sakrabat ingkang mirib, saha tembung sakrabat ingkang beda.

- Ngetang prosentase tembung ingkang sakrabat kanthi cara cacahing tembung sakrabat dipunbagi cacahing kosa kata dasar ingkang katandhingaken saha dipunpingaken 100%.

(39)

kalebet ingkang pundi, antawisipun kalebet wonten ing setunggal basa, kulawarga basa (family), rumpun basa (stock), mikrofilum, mesofilum, utawi makrofilum. Anggenipun netepaken inggih menika kanthi ningali pedoman kategori prosentase wonten ngandhap.

Tabel 1: Tabel Tingkat Basa Adhedhasar Prosentase Tembung Krabat Tingkat Basa Prosentase Tembung Krabat

Basa (language) Langkung 81-100 %

Kulawarga (family) 37-80 %

Rumpun (stock) 12-36 %

Mikrofilum 4-11 %

Mesofilum 1-3 %

Makrofilum Kirang saking 1 %

(kapethik saking Mahsun. 2012: 166. Metode Penelitian Bahasa Tahapan Strategi, Metode dan Tekniknya)

D.Fonem Basa J awi

Miturut Wedhawati (2006: 55), fonem basa Jawi kaperang dados tigang kelompok adhedhasar kriteria tartamtu inggih menika vokal, konsonan, saha semi vokal. Cacahing fonem vokal wonten ing basa Jawi (Wedhawati, 2006: 65), wonten enem inggih menika /i/, /e/, /ә /, /a/, /u/, saha /o/. Adhedhasar enem vokal kalawau taksih kaperang malih dados tigang kelompok antawisipun inggih menika vokal tinggi /i/, /u/ ; vokal madya /e/, /ә /, /o/ ; saha vokal rendah /a/.

(40)

menika ngandharaken ugi bilih wonten saperangan vokal ingkang gadhah alofon. Umpaminipun vokal /i/ gadhah alofon vokal [i] saha [I], vokal /u/ gadhah alofon vokal [u] saha [U], vokal /e/ gadhah alofon vokal [e] saha [ε]. Adhedhasar pamanggih wonten ing nginggil saged dipunpendhet dudutanipun bilih vokal basa Jawi inggih menika [a], [ɔ ], [i], [u], [e], [ә ], saha [o]. Vokal basa Jawi kasebat saged dipuntingali saking bagan fonetis vokal wonten ngandhap.

Gambar 1: Bagan Fonetis Vokal Basa J awi katrangan:

1. tinggi rendahnya lidah 2. bagian lidah yang berubah

3. jarak lidah dengan mulut bagian atas

(41)

Fonem konsonan basa Jawi miturut peran pirantos micara saged dipunperang dados sedasa kelompok (Mulyani, 2008: 53), inggih menika: 1. konsonan bilabial /p/, /b/, /m/

2. konsonan labio-dental /w/ 3. konsonan apiko-dental /t/, /d/ 4. konsonan apiko-alveolar /n/, /I/, /r/ 5. konsonan apiko-palatal /ṭ /, /ḍ / 6. konsonan lamino-alveolar /s/

7. konsonan medio-palatal /c/, /j/, /ñ/, y/ 8. konsonan dorso-velar /k/, /g/, /ŋ/ 9. konsonan laringal /h/

10. konsonan glotal stop /?/

Miturut Sasangka (1989: 14-15) konsonan sanesipun kajawi ingkang wonten nginggil, wonten ugi konsonan ingkang jinisipun arupi swara ampang, swara anteb, swara irung, saha mandaswara. Konsonan-konsonan menika saged dipuntingali wonten ngandhap.

1. Swara ampang

Jinisipun : /c/, /k/, /p/, /t/, /ṭ / 2. Swara antep

Jinisipun : /b/, /d/, /ḍ /, /j/, /g/ 3. Swara anuswara (swara irung)

(42)

4. Mandaswara Jinisipun : /y/, /w/ E.Fonem Basa Bali

Miturut Bawa (1981: 11-13) basa Bali gadhah enem vokal inggih menika i, e, ә , a, o, saha u. Vokal basa Bali kasebat saged dipuntingali wonten bagan fonetis vokal ngandhap menika.

Gambar 2: Bagan Fonetis Vokal Basa Bali

katrangan:

1. tinggi rendahnya lidah 2. maju mundurnya lidah 3. bulat tidaknya bentuk bibir

(kapethik saking Bawa, I Wayan dan I Wayan Jendra. 1981: 21. Struktur Bahasa Bali)

Fonem konsonan basa Bali cacahipun wonten wolulas fonem. Adhedhasar artikulasi wolulas fonem menika dipun-kelompok-aken dados gangsal jinis. Gangsal jinis fonem konsonan basa Bali miturut Bawa (1981: 22) inggih menika:

(43)

2. konsonan dental /t/, /d/, /s/, /n/, /l/, /r/ 3. konsonan palatal /c/, /j/

4. konsonan velar /k/, /g/, /y/ 5. konsonan glotal /h/

F. Tetembungan

Tetembungan ingkang kaginakaken wonten ing panaliten inggih menika gayut kalihan kosa kata dasar Morris Swadesh. Kosa kata dasar menika jinisipun wonten tembung aran, tembung kriya, tembung sesulih, tembung ingkang gayut kalihan alam, lan sapanunggalanipun. Tetembungan menika saged dipunpanggihaken wonten ing salebeting kamus.

Tetembungan ingkang badhe dipuntandhingaken inggih menika saking kamus basa Jawi saha basa Bali adhedhasar Bausastra Jawa anggitanipun S. Prawiroatmodjo ingkang irah-irahanipun Bausastra Jawa-Indonesia dipuncithak taun 1981, kacithak dening Gunung Agung Jakarta kanthi 815 kaca (jilid I saha jilid II). Dene Kamus Basa Bali anggitanipun panitia penyusun Kamus Basa Bali ingkang dipunpangarsani dening Drs. I Wayan Warna ingkang irah-irahanipun Kamus Bali-Indonesia taun 1978, kacithak dening Dinas Pengajaran Propinsi Daerah Tingkat I Bali kanthi 651 kaca. Wonten panaliten samenika panaliti damel analisis tembung ingkang kaginakaken inggih menika 200 kosa kata dasar adhedhasar Morris Swadesh.

G. Panaliten ingkang J umbuh

(44)

1. Panaliten ingkang dipuntindakaken dening Nur Indah Saputri (2009) kanthi irah-irahan “Tembung Aran Basa Jawi Kina wonten ing Basa Jawi Enggal Adhedhasar Kamus Jawi Kina-Indonesia kalihan Bausastra Jawa”. Wosing panaliten kasebat inggih menika nandhingaken sekawan basa saking basa Jawi Kina wonten ing basa Jawi Enggal. Objek panalitenipun inggih menika tembung aran basa Jawi Kina wonten ing basa Jawi Enggal. Panaliten menika sami kalihan panaliten kula amargi sami-sami nandhingaken basa ingkang gadhah sesambetan. Faktor ingkang mbedakaken inggih menika wonten ing bab objek-ipun. Wonten ing panaliten kula objek-ipun inggih menika tetembungan basa Jawi saha basa Bali adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Bali kanthi ngginakaken 200 kosa kata dasar Morris Swadesh.

(45)

boten nindakaken panaliten dumugi undha usuk basa antawisipun basa Jawi kalihan basa Bali.

H. Nalaring Panaliten

Linguistik historis komparatif inggih menika ngelmu ingkang ngandharaken pangrembakaning basa wonten ing lumampahing wekdal. Linguistik historis komparatif ugi gayut kalihan dimensi diakronis ingkang ngrembag utawi nandhingaken ewah-ewahaning tembung wonten ing basa setunggal kalihan basa sanesipun. Ewah-ewahan saking basa Jawi saha basa Bali menika saged dipuntingali saking wujud saha teges ingkang badhe dipuntliti. Gayut kalihan kajian linguistik historis komparatif, wonten panaliten menika panaliti badhe nandhingaken tetembungan kangge madosi celak tebihipun sesambetan basa Jawi saha basa Bali adhedhasar Bausastra Jawa kalihan Kamus Basa Bali.

Basa Jawi menika ingkang dipunginakaken dening tiyang Jawi kangge wawan rembag wonten ing padintenan. Semanten ugi basa Bali ingkang dipunginakaken kangge wawan rembag dening tiyang ingkang wonten ing tlatah Bali. Saking kalih basa menika, ngemu bab-bab ingkang sami. Miturut Mulyani (2007: 19), ewah-ewahan basa saged dipuntingali saking mapinten-pinten aspek inggih menika fonologi, morfologi, sintaksis, semantik, leksikon, saha saged ugi wonten tataran ingkang langkung wiyar.

(46)

Kanthi cara menika, saged katingal bilih basa Jawi saha basa Bali sakrabat. Saged dipunpendhet dudutanipun bilih panaliten menika ngandharaken korespondensi swanten saha teges antawis basa Jawi kalihan basa Bali adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Bali. Perkawis sanes, panaliten menika ugi ngandharaken prosentase kekerabatan basa Jawi saha basa Bali adhedhasar Bausastra Jawa kalihan Kamus Basa Bali.

Gambar 3: Bagan Nalaring Pikir Panaliten LHK

Basa Bali

Prosentase tetembungan ingkang

berkorespondensi Fonologi

Tetembungan ingkang

berkorespondensi Basa Jawi

Kekerabatan Basa

(47)

40 A. J inising Panaliten

Panaliten menika kagolong jinising panaliten ingkang ngginakaken metode deskriptif. Miturut pamanggihipun Sudaryanto (1988: 62) metode deskriptif inggih menika metode ingkang ngandharaken perkawis kanthi adhedhasar kasunyatan. Metode deskriptif menika ngandharaken data menapa wontenipun. Metode deskriptif wonten panaliten menika katindakaken kanthi ngandharaken data ingkang awujud tembung-tembung saking Bausastra Jawa anggitanipun S. Prawiroatmodjo taun 1981, dipuncithak dening Gunung Agung Jakarta. Wondene Kamus Basa Bali anggitanipun panitia penyusun Kamus Basa Bali ingkang dipunpangarsani dening Drs. I Wayan Warna taun 1978 dipuncithak dening Dinas Pengajaran Propinsi Daerah Tingkat I Bali. Data tetembungan menika salajengipun dipunpadosi korespondensi-ipun.

(48)

B.Data saha Sumbering Data

Data wonten panaliten menika awujud kosa kata dasar saking basa Jawi saha basa Bali. Cacahing tembung ingkang kaginakaken inggih menika 200 kosa kata dasar adhedhasar Morris Swadesh. Kosa kata dasar Morris Swadesh inggih menika tetembungan ingkang dipunginakaken kangge manggihaken korespondensi tembung antawisipun kalih basa ingkang badhe dipuntandhingaken. Kosa kata dasar menika dipunginakaken amargi ewahing tembung kasebat mbetahaken wekdal ingkang dangu.

(49)

C. Cara Ngempalaken Data

Cara ingkang dipunginakaken kangge ngempalaken data wonten panaliten inggih menika teknik maos saha nyerat. Teknik maos inggih menika nitiki kanthi premati sedaya tetembungan basa Jawi adhedhasar Bausastra Jawa anggitanipun S. Prawiroatmodjo ingkang irah-irahanipun Bausastra Jawa-Indonesia dipuncithak taun 1981, kacithak dening Gunung Agung Jakarta kanthi 815 kaca (jilid I saha jilid II). Salajengipun tetembungan wonten basa Bali adhedhasar Kamus Basa Bali anggitanipun panitia penyusun Kamus Basa Bali ingkang dipunpangarsani dening Drs. I Wayan Warna ingkang irah-irahanipun Kamus Bali-Indonesia taun 1978, kacithak dening Dinas Pengajaran Propinsi Daerah Tingkat I Bali kanthi 651 kaca. Ingkang sepisan madosi tetembungan ingkang wonten ing Bausastra Jawa, salajengipun dipuntandhingaken kalihan tetembungan wonten ing Kamus Basa Bali. Anggenipun madosi tetembungan menika ngginakaken kosa kata dasar ingkang dipuntetepaken minangka sumber panaliten.

(50)

Tabel 2: Tabel Kertu Data Kekerabatan Basa J awi saha Basa Bali Adhedhasar Bausastr a J awa saha Kamus Basa Bali

BJ : (Prawiroatmodjo, 1981)

P : kamus anggitanipun S. Prawiroatmodjo W : kamus anggitanipun Drs I Wayan Warna

D. Pirantos Panaliten

(51)

prosentase celak tebihipun sesambetan basa antawisipun basa Jawi saha basa Bali kalawau.

E.Caranipun analisis Data

Caranipun analisis data ingkang dipunginakaken wonten panaliten inggih menika:

1. ngempalaken data tembung-tembung basa Jawi wonten ing Bausastra Jawa anggitanipun S. Prawiroatmodjo ingkang irah-irahanipun Bausastra Jawa-Indonesia dipuncithak taun 1981, kacithak dening Gunung Agung Jakarta kanthi 815 kaca (jilid I saha jilid II). Tembung basa Jawi menika dipuntandhingaken kalihan tembung-tembung basa Bali wonten ing Kamus Basa Bali anggitanipun panitia penyusun Kamus Basa Bali ingkang dipunpangarsani dening Drs. I Wayan Warna ingkang irah-irahanipun Kamus Bali-Indonesia taun 1978, kacithak dening Dinas Pengajaran Daerah Tingkat I Bali kanthi 651 kaca. Anggenipun madosi tetembungan menika ngginakaken kosa kata dasar Morris Swadesh ingkang dipuntetepaken minangka sumber panaliten. Salajengipun tembung-tembung kasebat dipuntandhingaken kanthi madosi korespondensi swanten saha teges. Sanajan samangke wujudipun beda, nanging anggenipun nglesanaken sami. Bab menika katandhingaken kangge netepaken saged botenipun tembung-tembung kasebat minangka bukti kekerabatan,

(52)

3. sasampunipun rampung sedaya tembung. Salajengipun netepaken tandha + kangge tembung-tembung ingkang gadhah korespondensi antawisipun basa setunggal saha basa sanesipun, saha paring tandha – kangge tembung-tembung ingkang boten berkorespondensi. Kangge netepaken + utawi – kedah ningali kalih tembung kalawau wonten ingkang sami, mirib, utawi bedanipun,

Tuladhanipun tembung basa Jawi getih [gǝ tIh] (Prawiroatmodjo, 1981: 142) ewah wonten basa Bali getih [gǝ ṭ ih] (Warna, 1978: 203) saking glos ‘darah’. Tuladha kasebat nedahaken bilih kalih tembung menika wonten korespondensi-ipun inggih menika fonem /i/ kanthi lafal [I] berkorespondensi kalihan fonem /i/, saengga saged dipuntengeri tandha +. Salajengipun dhasar kangge nganalisis data wonten nginggil inggih menika ngginakaken deskriptif komparatif.

4. ngandharaken data ingkang dipuntliti wonten ing salebeting tabel analisis kados wonten ngandhap.

(53)

F. Validitas saha Reliabilitas

Panaliten menika ngginakaken validitas data kanthi cara triangulasi teori. Triangulasi teori inggih menika cara ngesahaken data kanthi ngempalaken data adhedhasar teori ingkang beda utawi nganalisis data ingkang sami kanthi teori ingkang beda (Setiyadi, 2006: 33). Tegesipun nganalisis data ingkang sami kanthi teori ingkang beda inggih menika data ingkang dipun-analisis menika ngginakaken teori langkung saking setunggal. Perkawis kasebat ancasipun supados data ingkang dipun-analisis menika langkung akurat kaleresanipun. Miturut pamanggihipun Patton (lumantar Moleong, 2011: 331) ngandharaken bilih cara menika ugi dipunwastani penjelasan banding (rival explanation).

Metode triangulasi teori wonten ing panaliten inggih menika cara nganalisis data kanthi jumbuhaken data kalihan teori. Teori ingkang dipunginakaken inggih menika teori linguistik historis komparatif. Tuladhanipun tembung bulan [rә mbulan] (Prawiroatmodjo, 1981: 140) ‘bulan’ wonten ing basa Jawi kalihan tembung bulan [bulan] (Warna, 1981: 106) ‘bulan’ wonten ing basa Bali. Kalih tembung menika ketingal bilih saking wujud beda nanging swantenipun mirib. Sanajan kalih tembung menika wujud beda nanging swantenipun mirib, miturut kaidah ewah-ewahan swanten tembung menika saged dipunwastani bilih kalih tembung menika berkorespondensi.

(54)
(55)

48 A. Asiling Panaliten

(56)
(57)

Tabel salajengipun

(58)

tambahing nasal wonten ing basa Bali, icaling vokal wonten ing basa Bali, saha icaling konsonan wonten ing basa Bali. Andharan korespondensi saking basa Jawi saha basa Bali kasebat saged dipunwaos wonten ing bab pirembagan.

B.Pirembagan

Adhedhasar tetembungan ingkang berkorespondensi wonten nginggil, salajengipun badhe kaandharaken bukti kekerabatan basa Jawi saha basa Bali adhedhasar Bausastra Jawi saha Kamus Basa Bali dipuntingali saking bukti fonologi-ipun. Bukti kekerabatan menika badhe kaandharaken setunggal mbaka setunggal saking tembung-tembung ingkang dipuntandhingaken. Bukti andharan kasebat saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika.

1. Bukti Kekerabatan Basa

(59)

a. Wujud Korespondensi Fonem Vokal

Wujud korespondensi fonem vokal kaperang dados wolu inggih menika fonem /i/ ~ fonem /ǝ /, /i/ ; fonem /ɔ / ~ fonem /a/; fonem /u/ ~ fonem /i/ saha /u/ ; fonem /ǝ / ~ fonem /i/ ; fonem /ɛ / ~ fonem /e/ ; fonem /a/ ~ fonem /ǝ / ; fonem /o/ ~ fonem /u/ saha /o/ ; fonem /e/ ~ fonem /o/. Bukti wujudipun tetembungan ingkang berkorespondensi kaandharaken wonten ing ngandhap menika.

1) Fonem /i/ ~ fonem /ǝ / saha /i/

Fonem /i/ wonten ing basa Jawi berkorespondensi kalihan fonem /ǝ / saha /i/ wonten ing basa Bali. Fonem /i/ wonten ing basa Jawi nuwuhaken kalih alofon inggih menika [i] saha [I]. Fonem /i/ wonten ing basa Jawi berkorespondensi kalihan fonem /ǝ / wonten ing basa Bali. Fonem /i/ kanthi lafal [I] wonten ing basa Jawi berkorespondensi kalihan fonem /i/ kanthi lafal [i] wonten ing basa Bali. Andharan kasebat saged dipuntingali wonten ing ngandhap menika.

a) Fonem /i/ ~ fonem /ǝ /

Fonem /i/ basa Jawi ingkang berkorespondensi kalihan fonem /ǝ / basa Bali kapanggihaken setunggal tembung. Bab menika saged dipuntingali wonten ing tabel ngandhap menika.

Tabel 5: Fonem /i/ ~ fonem /ǝ /

Glos BJ [i] BB [ǝ ] Korespondensi

(60)

Saking tabel 5 wonten nginggil saged dipuntingali bilih kangge ngandharaken tembung kanthi glos ‘terbang’ wonten ing basa Jawi kaginakaken tembung iber ingkang dipunlesanaken [ibǝ r]. Tembung menika berkorespondensi kalihan tembung keber ingkang dipunlesanaken [kǝ bǝ r]

wonten ing basa Bali. Kanthi tuladha menika ketingal bilih fonem /i/ basa Jawi mapan wonten ing wiwitaning tembung berkorespondensi kalihan fonem /ǝ /

basa Bali ingkang mapan wonten pungkasaning wanda sepisan. Fonem /ǝ / wonten ing basa Bali mapan wonten ing pungkasaning wanda sepisan amargi tembung basa Bali keber menika wanda sepisanan kadadosan saking kalih fonem.

b)Fonem /i/ kanthi lafal [I] ~ fonem /i/

Fonem /i/ kanthi lafal [I] berkorespondensi kalihan fonem /i/ kanthi lafal [i] kapanggihaken kalih welas tembung basa Jawi saha basa Bali ingkang berkorespondensi. Saking kalih welas tembung menika kaperang dados tigang kelompok inggih menika fonem /i/ ingkang mapan wonten ing (1) wanda kaping kalih sigeg, (2) wiwitaning wanda kaping kalih sigeg, saha (3) tengahing tembung.

(61)

Tabel 6: Fonem /i/ kanthi lafal [I] mapan ing wanda kaping kalih sigeg

Saking tabel 6 saged dipuntingali bilih data ingkang nedahaken fonem /i/ kanthi lafal [I] berkorespondensi kalihan fonem /i/ kanthi lafal [i] mapan wonten ing wanda kaping kalih sigeg kapanggihaken sedasa tembung. Saking tetembungan nginggil saged dipuntingali bilih kangge ngandharaken tembung kanthi glos ‘angin’ wonten ing basa Jawi kaginakaken tembung angin ingkang dipunlesanaken [aŋ In]. Tembung menika berkorespondensi kalihan tembung angin ingkang dipunlesanaken [aŋ in] wonten ing basa Bali. Kanthi tuladha menika ketingal bilih fonem /i/ mapan wonten ing wanda kaping kalih sigeg berkorespondensi kalihan fonem /i/. Fonem /i/ ing tembung angin ing basa Jawi dipunlesanaken [I], dene ing basa Bali dipunlesanaken [i].

(62)

Tabel 7: Fonem /i/ kanthi lafal [I] mapan ing wiwitaning wanda kaping kalih sigeg ~ fonem /i/

Glos BJ [I] BB [i] Korespondensi

jahit (95) [jaIt] [jaiṭ ] [I] ~ [i]

Saking tabel 7 saged dipuntingali bilih data ingkang nedahaken fonem /i/ kanthi lafal [I] berkorespondensi kalihan fonem /i/ kanthi lafal [i] mapan wonten ing wiwitaning wanda kaping kalih sigeg kapanggihaken setunggal tembung. Saking tembung nginggil saged dipuntingali bilih kangge ngandharaken tembung kanthi glos ‘jahit’ wonten ing basa Jawi kaginakaken tembung jait ingkang dipunlesanaken [jaIt]. Tembung menika berkorespondensi kalihan tembung jait ingkang dipunlesanaken [jaiṭ ] wonten ing basa Bali. Kanthi tuladha menika ketingal bilih fonem /i/ mapan wonten ing wiwitaning wanda kaping kalih sigeg berkorespondensi kalihan fonem /i/. Fonem /i/ ing tembung jait basa Jawi dipunlesanaken [I], dene ing basa Bali dipunlesanaken [i].

Fonem /i/ basa Jawi kanthi lafal [I] mapan ing tengahing tembung berkorespondensi kalihan fonem /i/ kanthi lafal [i] ing basa Bali. Bab menika saged dipuntingali ing tabel ngandhap menika.

Tabel 8: Fonem /i/ kanthi lafal [I] mapan ing tengahing tembung

~ fonem /i/

Glos BJ [I] BB [i] Korespondensi

pohon (157) [wIt] [wiṭ ] [I] ~ [i]

(63)

wonten ing tengahing tembung kapanggihaken setunggal tembung. Saking tembung nginggil saged dipuntingali bilih kangge ngandharaken tembung kanthi glos ‘pohon’ wonten ing basa Jawi kaginakaken tembung wit ingkang dipunlesanaken [wIt]. Tembung menika berkorespondensi kalihan tembung wit ingkang dipunlesanaken [wiṭ ] wonten ing basa Bali. Kanthi tuladha menika ketingal bilih fonem /i/ mapan wonten ing tengahing tembung berkorespondensi kalihan fonem /i/. Fonem /i/ ing tembung wit basa Jawi dipunlesanaken [I], dene ing basa Bali dipunlesanaken [i].

2) Fonem /ɔ/ ~ fonem /a/

Fonem /a/ wonten ing basa Jawi nuwuhaken kalih alofon inggih menika [a] saha [ɔ ]. Fonem /ɔ / wonten ing basa Jawi berkorespondensi kalihan fonem /a/ wonten ing basa Bali kapanggihaken tiga welas tembung. Saking tiga welas tembung menika kaperang dados gangsal kelompok inggih menika fonem /a/ ingkang mapan wonten ing (1) wiwitaning saha pungkasaning tembung, (2) pungkasaning wanda kaping kalih, (3) pungkasaning wanda sepisan saha pungkasaning wanda kaping kalih, (4) pungkasaning wanda kaping kalih saha kaping tiga, saha (5) pungkasaning tembung.

(64)

Tabel 9: Fonem /ɔ/ mapan ing wiwitaning saha pungkasaning tembung

~ fonem /a/

Glos BJ [ɔ] BB [a] Korespondensi

apa (8) [ɔ pɔ ] [apa] [ɔ ] ~ [a]

Saking tabel 9 saged dipuntingali bilih data ingkang nedahaken fonem /ɔ / berkorespondensi kalihan fonem /a/ mapan wonten ing wiwitaning saha pungkasaning tembung kapanggihaken setunggal tembung. Saking tembung wonten nginggil saged dipuntingali bilih kangge ngandharaken tembung kanthi glos ‘apa’ wonten ing basa Jawi kaginakaken tembung apa ingkang dipunlesanaken [ɔpɔ]. Tembung menika berkorespondensi kalihan tembung apa ingkang dipunlesanaken [apa] wonten ing basa Bali. Kanthi tuladha menika ketingal bilih fonem /ɔ / mapan wonten ing wiwitaning saha pungkasaning tembung berkorespondensi kalihan fonem /a/. Fonem /ɔ / ing tembung apa basa Jawi dipunlesanaken [ɔ ], dene ing basa Bali dipunlesanaken [a].

Fonem /ɔ / basa Jawi mapan ing pungkasaning tembung utawi pungkasaning wanda kaping kalih berkorespondensi kalihan fonem /a/ ing basa Bali. Bab menika saged dipuntingali ing tabel ngandhap menika.

Tabel 10: Fonem /ɔ/ mapan ing pungkasaning tembung ~ fonem /a/

No. Glos BJ [ɔ] BB [a] Korespondensi

1 awan (12) [megɔ ] [mega]

[ɔ ] ~ [a] 2 datang (52) [tǝ kɔ ] [ṭ ǝ ka]

3 kiri (112) [kiwɔ ] [kiwa]

4 lima (129) [limɔ ] [lima]

(65)

Saking tabel 10 saged dipuntingali bilih data ingkang nedahaken fonem /ɔ / berkorespondensi kalihan fonem /a/ mapan wonten ing pungkasaning tembung utawi pungkasaning wanda kaping kalih kapanggihaken gangsal tembung. Saking tetembungan wonten nginggil saged dipuntingali bilih kangge ngandharaken tembung kanthi glos ‘awan’ wonten ing basa Jawi kaginakaken tembung mega ingkang dipunlesanaken [megɔ]. Tembung menika berkorespondensi kalihan tembung mega ingkang dipunlesanaken [mega] wonten ing basa Bali. Kanthi tuladha menika ketingal bilih fonem /ɔ / mapan wonten ing pungkasaning tembung utawi pungkasaning wanda kaping kalih berkorespondensi kalihan fonem /a/. Fonem /ɔ / ing tembung mega basa Jawi dipunlesanaken [ɔ ], dene ing basa Bali dipunlesanaken [a].

Fonem /ɔ / basa Jawi mapan ing pungkasaning wanda sepisan saha pungkasaning wanda kaping kalih berkorespondensi kalihan fonem /a/ ing basa Bali. Bab menika saged dipuntingali ing tabel ngandhap menika.

Tabel 11: Fonem /ɔ/ mapan ing pungkasaning wanda sepisan saha wanda kaping kalih ~ fonem /a/

No. Glos BJ [ɔ] BB [a] Korespondensi

1 bapak (18) [bɔ pɔ ] [bapa]

[ɔ ] ~ [a] 2 mata (136) [mɔ tɔ ] [maṭ a]

3 panjang (149) [dɔ wɔ ] [ḍ awa] 4 sakit (165) [lɔ rɔ ] [lara]

(66)

tembung. Saking tetembungan wonten nginggil saged dipuntingali bilih kangge ngandharaken tembung kanthi glos ‘bapak’ wonten ing basa Jawi kaginakaken tembung bapa ingkang dipunlesanaken [bɔpɔ]. Tembung menika berkorespondensi kalihan tembung bapa ingkang dipunlesanaken [bapa] wonten ing basa Bali. Kanthi tuladha menika ketingal bilih fonem /ɔ / mapan wonten ing pungkasaning wanda sepisan saha pungkasaning wanda kaping kalih berkorespondensi kalihan fonem /a/. Fonem /ɔ / ing tembung bapa basa Jawi dipunlesanaken [ɔ ], dene ing basa Bali dipunlesanaken [a].

Fonem /ɔ / basa Jawi mapan ing pungkasaning wanda kaping kalih saha pungkasaning wanda kaping tiga berkorespondensi kalihan fonem /a/ ing basa Bali. Bab menika saged dipuntingali ing tabel ngandhap menika.

Tabel 12: Fonem /ɔ/ mapan ing pungkasaning wanda kaping kalih saha pungkasaning wanda kaping tiga ~ fonem /a/

Glos BJ [ɔ] BB [a] Korespondensi

laut (120) [sǝ gɔ rɔ ] [sǝ gara] [ɔ ] ~ [a]

(67)

wanda kaping tiga berkorespondensi kalihan fonem /a/. Fonem /a/ ing tembung segara basa Jawi dipunlesanaken [ɔ ], dene ing basa Bali dipunlesanaken [a].

Fonem /ɔ / basa Jawi mapan ing pungkasaning tembung utawi pungkasaning wanda kaping kalih berkorespondensi kalihan fonem /a/ ing basa Bali. Bab menika saged dipuntingali ing tabel ngandhap menika.

Tabel 13: Fonem /ɔ/ mapan ing pungkasaning tembung ~ fonem /a/ No. Glos BJ [ɔ] BB [a] Korespondensi 1 tua (195) [tuwɔ ] [ṭ wa] [ɔ ] ~ [a] 2 ular (199) [ulɔ ] [ula]

(68)

3) Fonem /u/ ~ fonem /i/ saha /u/

Fonem /u/ wonten ing basa Jawi nuwuhaken korespondensi dados fonem /i/ saha /u/ wonten ing basa Bali. Fonem /u/ wonten ing basa Jawi nuwuhaken kalih alofon inggih menika [u] saha [U]. Fonem /u/ wonten ing basa Jawi berkorespondensi kalihan fonem [i] wonten ing basa Bali. Fonem /u/ kanthi lafal [U] wonten ing basa Jawi berkorespondensi kalihan fonem vokal /u/ saha fonem vokal /i/ wonten ing basa Bali. Adhedhasar menika saged dipuntingali andharanipun wonten ing ngandhap menika.

a) Fonem /u/ ~ fonem /i/

Fonem /u/ basa Jawi mapan ing tengahing wanda sepisan berkorespondensi kalihan fonem /i/ ing basa Bali. Bab menika saged dipuntingali ing tabel ngandhap menika.

Tabel 14: Fonem /u/ ~ fonem /i/

Glos BJ [u] BB [i] Korespondensi

duduk (65) [luŋgUh] [l iŋgih] [u] ~ [i]

(69)

wonten ing basa Bali. Kanthi tuladha menika ketingal bilih fonem /u/ mapan wonten ing tengahing wanda sepisan berkorespondensi kalihan fonem /i/. b)Fonem /u/ kanthi lafal [U] ~ fonem /u/ saha /i/

(1) Fonem /u/ kanthi lafal [U] ~ fonem /u/

Fonem /u/ basa Jawi kanthi lafal [U] berkorespondensi kalihan fonem /u/ kanthi lafal [u] basa Bali kapanggihaken pitu tembung. Saking pitu tembung menika kaperang dados kalih kelompok inggih menika fonem /u/ ingkang mapan wonten ing (1) tengahing wanda kaping kalih, saha (2) wiwitaning wanda kaping kalih.

Fonem /u/ basa Jawi kanthi lafal [U] mapan ing tengahing wanda kaping kalih berkorespondensi kalihan fonem /u/ kanthi lafal [u] ing basa Bali. Bab menika saged dipuntingali ing tabel ngandhap menika

Tabel 15: Fonem /u/ kanthi lafal [U] mapan ing tengahing wanda kaping kalih ~ fonem /u/

No. Glos BJ [U] BB [u] Korespondensi

1 gunung (77) [gunUŋ] [gun uŋ]

[U] ~ [u] 2 hidung (80) [irUŋ] [ir uŋ]

3 lutut (132) [ḍ ǝ ŋkUl] [ḍ ǝ ŋ kul] 4 rambut (162) [rambUt] [rambuṭ ] 5 tahu (176) [wǝ rUh] [wǝ ruh] 6 tulang (197) [balUŋ ] [waluŋ ]

(70)

ngandharaken tembung kanthi glos ‘gunung’ wonten ing basa Jawi kaginakaken tembung gunung ingkang dipunlesanaken [gunUŋ]. Tembung menika berkorespondensi kalihan tembung gunung ingkang dipunlesanaken [gunuŋ] wonten ing basa Bali. Kanthi tuladha menika ketingal bilih fonem /u/ kanthi lafal [U] mapan wonten ing tengahing wanda kaping kalih berkorespondensi kalihan fonem /u/. Fonem /u/ ing tembung gunung basa Jawi dipunlesanaken [U], dene ing basa Bali dipunlesanaken [u].

Fonem /u/ basa Jawi kanthi lafal [U] mapan ing wiwitaning wanda kaping kalih berkorespondensi kalihan fonem /u/ kanthi lafal [u] ing basa Bali. Bab menika saged dipuntingali ing tabel ngandhap menika.

Tabel 16: Fonem /u/ kanthi lafal [U] mapan ing wiwitaning wanda kaping kalih ~ fonem /u/

Glos BJ [U] BB [u] Korespondensi

tahun (177) [taUn] [ṭ aun] [U] ~ [u]

(71)

ing tembung taun basa Jawi dipunlesanaken [U], dene ing basa Bali dipunlesanaken [u].

(2) Fonem /u/ kanthi lafal [U] ~ fonem /i/

Fonem /u/ basa Jawi kanthi lafal [U] mapan ing tengahing wanda kaping kalih berkorespondensi kalihan fonem /i/ kanthi lafal [i] ing basa Bali. Bab menika saged dipuntingali ing tabel ngandhap menika.

Tabel 17: Fonem /u/ kanthi lafal [U] mapan ing tengahing wanda kaping kalih ~ fonem /i/

Glos BJ [U] BB [i] Korespondensi

duduk (65) [luŋg Uh] [liŋg ih] [U] ~ [i]

Gambar

Gambar 1: Bagan Fonetis Vokal Basa Jawi
Gambar 2: Bagan Fonetis Vokal Basa Bali
Gambar 3: Bagan Nalaring Pikir Panaliten
Tabel 2: Tabel Kertu Data Kekerabatan Basa Jawi saha Basa Bali Adhedhasar Bausastra Jawa saha Kamus Basa Bali
+7

Referensi

Dokumen terkait

Well now, excuse me, Mr Ringo – an’ of course I know it ain’t nothin’ to do with me – but I reckon that’ll suit ’em jest fine; ‘cause they’re layin’ for Holliday

adalah bahwa pada suatu malam, ketika beliau sedang melaksanakan shalat tahajud, dalam posisi sujud, beliau merasa pusing dan diperlihatkan sebuah kasyaf yang di dalamnya seorang

HONDA CIVIC 2.. Iklan Baris Iklan Baris Mobil Dijual HONDA HONDA CRV 2. Raden Saleh 18WX Jakarta Pusat HONDA CRV 2. Klt Asli BgsSkl SptBr Tgn1 Dp. 18Jt Man- dalaRaya No. Nego Lotec

Pada saat ekstraksi, pengadukan terhadap n-hexane dan lemak tidak dilakukan, padahal pengadukan berfungsi untuk meningkatkan kontak antara pelarut dengan bahan

terhada <rekuensi tini yan memawa sinyal in<-rmasi./arena emasanan wa6e tra adalah secara seri denan sistem tenaa listrik= maka wa6e tra harus

Arti lain dari Human Resources Development (Sumber Daya Manusia/SDM) adalah suatu proses menangani berbagai masalah pada ruang lingkup karyawan, pegawai, buruh,

3) Menciptakan iklim yang mampu mendorong perluasan kesempatan bagi masyarakat miskin untuk berpartisipasi dalam kegiatan ekonomi, sosial, politik dan budaya serta memperoleh

Nasionalisme Pancasila adalah pandangan atau paham kecintaan manusia ndonesia terhadap bangsa dan tanah airnya yang didasarkan pada nilai – nilai Pancasila! Setiap