• Tidak ada hasil yang ditemukan

SIMBOLISME DALAM TEMBANG

Dalam dokumen diktat seni tembang 2 (Halaman 27-35)

Purwakanthi

Dalam seni tembang banyak sekali ditemukan jenis-jenis purwakanthi. Kesusastraan yang padat berisi dan diolah dengan bahasa indah disebut geguritan

atau puisi (Jati Rahayu, 2002). Keindahan bahasa puisi Jawa terletak pada tiga macam yaitu: Wilet yaitu kelak-kelok suara agar ajeg, beruntun dan memiliki makna yang tinggi. Wirama yaitu panjang pendek, keras liat dan tinggi rendah jatuhnya suara. Yang tidak kalah penting yaitu Purwakanti atau dhong dhinging

suara. Adapun purwakanti itu dibagi menjadi tiga macam, yaitu: Purwakanti Guru Swara Yaitu runtutnya suara. Cara memberi gambaran tentang sifatnya gendhing dengan jalan menyebut kendangannya serta jumlah ketuk, begitu pula laras serta pathetnya, boleh dikata sudah tepat sekali, sebab sungguh dapat menggampangkan gambaran kita serta sekaligus menetapkan kebenaran daripada keternagan, bahwa gendhing itu ialah sifatnya wirama dalam bentuk suara. Contohnya: Pandelori (sebetulnya Bandil-ori), ketuk kalih, kendangan gandrung-gandrung kendang kalih laras pelog pathet barang; demikian sifatnya gendhing Bandil-ori menjadi jelas dengan sendirinya.

Ingkang dipun wastani Purwakanthi punika : ungel-ungelan utawi ukara (wujud) tembung sawatawis ingkang kecapipun, utawi swaranipun sami. Purwakanthi punika namung kangge rerengganing tembung, supados sakeca

swaranipun. Kanggenipun ingkang kathah wonten ing serat-serat sekar. Ing pagineman ugi wonten, limrahipun ingkang suraos pitutur.

Purwakanthi punila wonten warni tiga :

 Purwakanthi guru sastra : inggih punika purwakanthi ingkang pangrakitipun awewaton aksara pejah. Upami : Tindakipun mandheg-mangu, yen ngandika tatas-titis. Contoh :

Pucung

Nora uwus kareme anguwus uwus, Uwose tan ana,

Mung janjine muring muring, Kaya buta buteng betah nganiaya. Sakeh luput ing angga tansah linimput, Linimpet ing sabda,

Narka tan ana udani,

Lumuh ala ardane ginawa gada.

Durung punjul ing kawruh kaselak jujul, Kaseselan hawa,

Cupet kapepetan pamrih,

Tangeh nedya anggambuh mring Hyang Wisesa. (Serat Wedhatama)

 Purwakanthi guru swara: inggih punika purwakanthi ingkang pangrakitipin awewaton aksar swara (aksara gesang). Upami :

Yogyanira dhuh pra mudha, den santosa ing wardaya, madhep mantep kang sinedya, aywa pasah ing panggodha, rubedaning atinira,

wegah marang ing rekasa, dhimen enggal kawistara, wohing gegayuhanira.

Bobot, bibit, bebet.

Janji jujur jajahane mesthi makmur. Ketula-tula ketali.

Laras, lurus, leres, liris bakal laris. Lila lamun kelangan nora gegetun.

Pak Kerta tuku kertu liwat kretek Kertasana. Petruk patroli kalih putrane kalih putra-putri. Sapa tekun golek teken bakal tekan.

Kang salah bakal seleh. Sluman-slumun slamet.

Tata, titi, tentrem, kerta raharja. Tatag, teteg, bakal tutug.

Watak wantuning wanita utama yaiku wani nata lan kudu tata, titi, titis, tatas, tlaten, tumemen lan bekti ngati-ati.

 Purwakanthi laku (lampah): inggih punika purwakanthi ingkang wujidipun saking ukara camboran, wiwitanipun ukara kaping kalih sami kaliyan pungkasanipun ukara kapisan.

Upami :

Kulik priya, priya-gung anjani putra.

Aja wani marang wong tuwa, wong tuwa ala-ala malati. Asung bekti, bektine kawula marang gusti.

Bayem arda, ardane ngrasuk busana.

Blitar Tulungagung, yen ora ketulungan dadi wong bambung. Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik.

Mangan ati, atine kang kelara-lara. Nandhang lara, larane wong lara lapa.

Nganjuk Trenggalekwulan, wulane prawan kumencar. Raja putra, putrane ratu Jenggala.

Remuk rempu, rempune dadi awu. Saking tresna, tresnane mung samudana.

Wadining wong wadon, wang sinawang ora rumangsa. Witing tresna, tresnane mung sawetara.

Purwakanthi ingkang sami kecapipun, upami :  diothak athik, mathuk (aksara : th)

Purwakanthi ingkang sami swaranipun, upami :  Ati bengkong oleh oncong. (swara ong)

 Meneng-meneng ngandut jreneng. (swara : eng)

 Ora gombak ora kuncung, anggepe kaya tumenggung. (swara : ung)  Lambe satumang, kari samerang. (swara : ang)

Ungel-ungelane utawi paribasan ingkang ngangge purwakanthi, upami :  Wong mono kudu sing gemi, nastiti, ngati-ati.

 Wong milih jodo iku kudu ngelingi : bibit, bebet, bobot.  Sing teteg bae ngger atimu, sapa was, tiwas.

 Garing-garing anggere garang.

 Tinimbang kalah uwong anggur kalah uwang.  kendel ngringkel, jirih ijih.

 Sapa salah, seleh.  Slaman, slumun, slamet.

 Para kadang kadeyan, para wandu wandawa.  Opor bebek mentas awake dhewek.

Tembung-tembung ingkang suraos sanget, katranganing tembung kawontenan inggih kathah ingkang ngangge purwakanthi, kadosta : Ajur-mumur; abang mbranang; kuning mbiring; kuning njengkining; ireng tunteng; cilik mentik; cilik ongkak-angkik; padang njingglang; remuk bubuk; mung loro selo; mung telu selu. Parikan utawi guritan punika sadaja mesti mawi purwakanthi. Wonten malih purwakanthi: basa utawi purwakanthi wewilutan, inggih punika: tembung pungkasaning gatra, sairib kaljan wiwitaning gatra candhakipun, terkadhang namung sami aksaranipun satunggal upami :

Aywa mematuh nalutuh, tanpa tuwas tanpa kasil,

kasalibuk ing srabeda, marma dipun ngati-ati, urip keh rencananira, sambekala den kalingling.

Upamane wong lumaku, marga gawat den liwati, lamun kurang ing pangarah, sayekti karendet ing ri, apese kesandhung padhas, babak bundhas anemahi. Meloke yen arsa muluk,

muluk ujare lir wali, wola-wali nora nyata, anggepe pandhita luwih, kaluwihane tan ana, kabeh tandha-tandha sepi.

Kawruh mung ana ing wuwus, wuwuse gumaib-gaib,

kasliring titik tan kena, mencereng alise gatik, apa pandhita antiga, kang mengkono iku kaki. Mangka ta kang aran laku,

lakune ngelmu sajati, tan dahwan pati openan, tan panasten nora jail, tan njurungi ing kahardan, amung eneng marang ening. Sasmitaning Tembang

Sasmita tembang adalah simbol-simbol yang digunakan untuk merujuk pada nama tembang tertentu. Misalnya:

Manis-arum sinawung langenri Sru kawuryan pamujaning raras Kang mulya pangreh sarehe Lir manik nandaya gung

Sih wigunaning karya Akarya wulangun

Wulanguning tama-harja

Harjeng deya sinemangkara sukmuji Pangesti maweng sastra

Adapun menurut Sardjijo (1991), sasmita tembang adalah sebagai berikut: Buku-buku karangan para pujangga banyak yang memuat isyarat atau sasmita

berupa kata (perkataan) atau kelompok kata yang menunjukkan nama tembang dalam pupuh itu atau nama tembang pupuh berikutnya secara tersamar. Pada umumnya isyarat atau sasmita tembang itu berada pada awal pada (bait) pupuh I dan pada gatra akhir pupuh-akhir sebagai petunjuk nama tembang pupuh berikutnya. Contoh:

(1) Ana crita surasane becik, memanise kena kanggo wulang, tur carita satemene; ... (Sapu Ilang Suhe, Hardjowirogo), dalam pupuh I, pada I, gatra ke 2; nama pupuh itu tembang Dhandhanggula.

(2) Karsanipun ngantia meng prajaningsun, sami anenedha, ing Dewa amrih basuki, sutanira kang karya rarasing driya. (Panji jayeng tilam ranggawarsitan). Pupuh berikutnya adalah pupuh tembang mijil. (rarasing driya = rarasati).

Perkataan yang biasanya digunakan sebagai isyarat nama tembang itu adlah sebagai berikut:

Pucung : pinucung, mucung, kluwak atau kata yang bersuku kata akhir ”cung”.

Maskumambang : kambang, kentir, imbul ing ranu, kumambang. Gambuh : tambuh, tumambuh, embuh, jumbuh, kambuh. Megatruh : pegat, megat, duduk, truh, dudukwuluh

Wirangrong: wirang, mirong, dsb. Balabak : klelep, kabalabak, dsb.

Kinanthi : kanthi, kekanthen, gandheng, dsb. Mijil : wijiling, wiyos, wiraos, wetu, rarasati.

Pangkur : mingkur, mungkur, kukur-kukur, yuda kenake, dsb. Asmaradana : brangta, branta, kingkin, asmara, sedhih, dsb. Durma : udur, mundur, durcara, duraka, dsb.

Jurudemung : mas juru, mung, jurudemung. Girisa : miris, giris.

Sinom : anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang, dsb.

Dhangdhanggula : manis, legi, sarkara, hartati, madu, dhandhang, gula-drawa, kilang dsb.

Candrasengkala

Dalam tembang juga sering digunakan sengkalan untuk menandai angka tahun. Masing-masing angka ditandai dengan kata-kata khusus. Misalnya dalam tembang Dhandhanggula berikut ini:

1. Tunggal gusti sujanma semedi, badan nabi maha buda, nijata luwih pamase; wong buweng rat lek iku, surya candra kartika bumi; wiji urip ron eka, prabu kenja nekung, raja putra sasadara, paksi dara tyas wungkul sudira budi, wani hyang jagad nata.

2. Asta kalih ro nembah ngabekti, netra kembar myat mandheg najana, swiwi lar sikara banteng; peksa apasang sungu, ati-ati talingan dresti; carana tangan karna, bau suku caksuh; mata paningal locana, amanebah karana ngrengga panganten dwi, kanthi buja-bujana.

3. Bahni tiga ujwa lan kaeksi, katon murub dahana pajudan, katingalan kaya benter; nala uninga kawruh, lir wrin weda naut-nauti; teken siking pawaka, kukus api apju, brama rana rananggana, utawaka uta ujel kobar hagni, wignja guna trijata.

4. Catur warna wahana pat warih, wau dadi dadya keblat papat, toya suci hudaka we, who nadi jladri sindu, joga gawe tlega her wening; udan bun tirta marta, karya sumber sumur; masuh marna karti karta, jalanidi samodra udaya tasik, tawa segara wedang.

5. Pandhawa lima wisikan gati, indri-indriya warastra wrayang, astra lungit sara sare; guling raksasa diyu, buta galak wil yaksa yaksi, saya wisaya bana; jemparing cakra hru; tata nata bayu bajra, samirana pawana maruta angin, panca marga margana.

6. Rasa nenem rinaras hartati, lona tikna madu sarkara, amla kayasa karaseng; hoyag obah nem kayu, wreksa glinggang prabatang ojig; sad anggas-anggang-anggang, mangsa naya retu, wayang winayang anggana, ilat kilat lidhah lindhu carem manis, tahen osik karengnya. 7. Sapta prawata acala giri, hardi gora prabata imawan, pandhita pitu

kaswareng; resi sagota wiku, yogi swara dwija suyati; wulang-weling wasita, tunggang turangga gung; swa aswa titihan kudha, ajar arga sabda nabda angsa munio, suka biksu biksuka.

8. Asta basu anggusti basuki, slira murti bujangga manggala, taksaka menyawak tekek; dwipa dwipangga bajul, gajah liman dwirada hesthi; esta matengga brahma, brahmana wewolu; baya bebaya kunjara, tanu sarpa samaya madya mangesthi, panagan ula naga.

9. Bolong nawa dwara pintu kori, bedah lawang wiwara gapura, song wilasita angleng; trusta trusti trus butul, dewa sanga jawata manjing; arum ganda kusuma, muka rudra masuk; rago angrong guwa menga, babahan leng ambuka gatra anggangsir, nanda wangi wadane.

1. Boma musna nis das mlethik, langit sirna ilang kumbul awang-awang, mesat muluk gegana ngles; tumenga nenga luhur, suwung sunya muksa doh tebih; swarga tanpa barakan, tan rusak brastha swuh; walang kos pejah akasa, tawang wijat oncat windu widik-widik, nir wuk sat surut sempal.

BAB IV

Dalam dokumen diktat seni tembang 2 (Halaman 27-35)

Dokumen terkait