DAFTAR PUSTAKA
TRANSKRIP WAWANCARA DENGAN INFORMAN Nama Informan : Sudiyono
Hari/ tanggal : 26 Juli 2013
Tempat : Rumah Bapak Sareko
Waktu : 15.00- 17.00 WIB
P : “Nuwun sewu pak kula Dewi UMP, ajeng wawancara ngenani grup kesenian kuda lumping turonggo tri budoyo. Ingkang sepisan pripun sejarah awal terbentuknya grup kesenian kuda lumping turonggo tri budoyo niki?”
PS : “Riyin niku enten tigang kelompok, jathilan, jathilan krajan, kamalan, slegok, lha kangge nguri-uri budoyo lajeng didadosaken setunggal. Grup niki ngalami tigang perkembangan. saking klasik teng kreasi baru niku tahun ‘83.saking kreasi teng campursari nembe mulai tahun ’98, niku nembe di kreasi ngangge sinden kalih organ barang”
P : “Menawi ragam gerak tariane enten pinten pak?”
PS : “Ragam tariane enten gangsal mbak, mataraman, bali, pawirengan, tejo kusuma, purbalinggan. ingkang dingge wonten kelompok grup niki namung tiga mataraman, bali, lan purbalinggan.”
P : “Ragam gerak mataraman niku kepripun pak?”
PS : “Mataraman niku saking Kediri. Nggambarake mlebete Islam wonten tanah Jawa, kalih syiar agama Islam.”
P : “Menawi ragam Bali niku pak?”
PS : “Bali niku nggambarake ngadege kadipaten Buleleng, niku kangge mempersatukan rakyat Buleleng, dados tari niki kalebet tari perdamaian”
P : “Nah. Menawi ragam Purbalinggan niku pripun pak?”
PS : “Purbalinggan niku nggambarake ngadege kadipaten Purbalingga. Riyin niku ingkang mimpin Nyai Purbowati. Tari niki nggambarake kawibawan seorang putri, dadi nek penarine jaler nggih narine nggih kados tiyang setri.”
P : “Menawi sakderenge acara, wonten ritual khusus mboten pak?” PS : “Biasane niku namung nyekar wonten pepundhen desa mriki
mawon mbak.”
P : “Wonten pundi niku pak?”
PS : “Wonten ing pepunden Eyang Brojo Menggolo”
P : ‘Ingkang nyekar niku sedaya anggota kelompok nggih pak?” PS : “Mboten sedoyo, namung sesepuh mawon”
PS : “Mboten, nyekar niku biasane sakjam sakderenge pertunjukan.” P : “Tujuan nyekar niku napa pak?”
PS : “Nggih nyuwun kwarasan mugi-mugi saklamine pertunjukan sedaya anggota grup, penonton terus ingkang nanggap niku mboten kenging alangan napa-napa. Biasane enten obongan barang niku mbak.”
P : “Obongan niku dilaksanakake wonten pundi pak?” PS : “Obongan niku biasane teng tempat pertunjukane.” P : “Fungsine obongan niku kangge napa pak?”
PS : “Niku karepe mohon ijin kalih ingkang nguasai lingkungan pertunjukan. Kejaba niku nggih kangge ngundang roh-roh ghaib utawa danyang.”
P : “Biasane wonten niku istilah danyang kalih indhang niku bentene napa pak?”
PS : “Nggih onten, nek danyang niku ngangge obongan, terus asringe nyuwun sesaji macem- macem.”
P : “Menawi indhang?”
PS : “Lha nek indhang niku mboten ngangge obongan, biasane mung nyuwun toya pethak mawon, ning toya pethak mentah.”
P : “Nuwun sewu pak niki mbaleni wau malih, menawi bentuk tarian wonten pertunjukan niku pripun?”
PS : “Nek secara rinci kathah sanget, niki mpun kula tuliske gambaran garis besare mawon nggih.”
P : “Nggih pak matur nuwun.”
PS : “Sami-sami mbak, soale niku nek secara rinci kathah sanget.” “Pertama tari pembukan niku tari kreasi baru, jumlah penarine 8 personil, gerak tarine pertama penari masuk arena pertunjukan, kuda kepang diangkat miring sambil kentrik, memutari arena pertunjukan dua kali. Kedua penari membuat posisi sejajar kesamping, depan empat penari, belakang dua penari, dan paling belakang dua penari. Ketiga kuda kepang dipegang dan dibawa di depan dada dan digoyangkan kenanan tiga kali ke kiri tiga kali sambil kaki kiri menendang ke belakang. Keempat penari kembali ke barisan semula, ke belakang sambil gerak ngithing di depan muka, tangan kiri seblak sampur.kelima penari memutar membuat lingkaran, maju ke depan tiga kali mundur ke belakang tiga kali sambil kaki kanan menendang ke belakang. Keenam masing-masing penari saling membelakangi tetapi masih dalam formasi lingkaran, maju ke depan tiga kali mundur ke belakang tiga kali sambil kaki kanan menendang ke belakang. Terakhir penari menari memutari arena pertunjukan dua kali lalu kembali ke tobong.
Gerakan kedua tari jaipong itu ditarikan sama yang enam cewek kemarin itu, nah gerakannya pertama penari menuju arena pertunjukan baris satu per satu tangan di samping dahi, sambil jalan dan bergoyang menjadi satu baris sejajar ke belakang
kemudian ngigel di tempat. Kedua penari ngigel sambil goyang ke kanan kembali ke barisan kemudian ngigel ke kiri kemudian kembali ke barisan, tangan kanan ngithing tangan kiri seblak sampur. Tiga penari memutari arena pertunjukan dua kali.empat penari berpasang-pasangan kemudian menari jaipong. Lima penari kembali ke barisan sejajar ke belakang, kemudian memutari lapangan, dan berjajar dengan posisi depan dua penari, ke belakang satu penari, kebelakang lagi dua penari dan belakang sendiri satu penari. Selanjutnya dua penari yang terdepan menari sambil meninggalkan arena pertunjukan, yang dua di belakang dengan posisi jengkeng, kemudian penari yang dibelakang sendiri naik di atas penari yang jengkeng tadi dengan tarian jaipong, dan satu penari lagi menari di depan tiga penari. Terakhir empat penari berjalan beriringan kemudian berjajar dan memberikan salam kepada penonton lalu kembali ke tobong. Gerakan ketiga tari gobyok, ditarikan delapan anak laki-laki, ragam geraknya pertama penari menuju ke arena pertunjukan berpasang- pasangan dengan gerakan lari-lari kecil, membuat barisan dua- dua ke belakang. Kedua kuda kepang di angkat ke atas sampai depan muka lalu di goyang ke kanan tiga kali ke kiri tiga kali. Ketiga penari berpasang- pasangan dengan gerak tari menyilang dua pasang kekanan dan dua pasang kekiri. Keempat penari kembali ke barisan dua-dua lagi, kemudian bergerak memecah, sebelah kanan berbelok ke kanan yang kiri berbelok kekiri dan membentuk lingkaran dengan gerak lari-lari kecil memutari arena pertunjukan selama tiga putaran. Kelima para penari kemudian jengkeng beralaskan kuda kepang. Sambil bangun berdiri dengan gerak tari ngigel. Terakhir para penari sindir ngiri ke belakang dua kali ke depan dua kali, lalu kembali membentuk satu barisan, memutari arena pertunjukan dan kembali ke tobong.
Gerakan tari mataraman ditarikan oleh delapan orang laki-laki ragam geraknya penari menuju arena pertunjukan berbaris dua-dua mengitari lapangan dan membuat barisan dua-dua-dua-dua ke belakang, gerak mundur empat langkah, kembali ke depan empat langkah lagi, jongkok sambil memberi sembahan. penari berdiri, kuda kepang di depan dada memutar searah jarum jam, posisi menghadap ke kanan menjadi satu barisan dengan gerak tari bapangan dan sumpingan. Penari kembali berputar ke kanan posisi menghadap ke kiri menjadi satu barisan dengan gerak tari bapangan dan sumpingan. Penari kembali berbaris lagi, kuda kepang dioyog lalu lari pecah barisan. Masing- masing kepala regu membawa sebilah pedang dan bertempur atau perang pedang. Salah satu kepala regu yang perang pedang tertunduk sambil menggoyang- goyangkan kepala. Kepala regu yang berdiri lari memutari kepala regu yang tertunduk, sambil
bergoyang-goyang mundur empat langkah maju empat langkah dan bertempur kembali. Pecah barisan lagi menjadi dua barisan, memutari arena pertunjukan, kemudian kembali keposisi barisan berjajar ke belakang, jongkok memberi salam pada penonton dan kembali ke tobong.
Tari yang terakhir adalah tari jaranan versi Bali, untuk ragam geraknya Penari menuju arena pertunjukan dari sebelah kanan dan kiri arena pertunjukan, lari kecil-kecil melewati pinggir arena pertunjukan membentuk barisan dua-dua ke belakang, jongkok memberi salam pada penonton. Kedua berdiri dengan gerak tarian goyang kekiri tiga kali ke kanan tiga kali, kaki kanan diangkat sambil pacak jonggo. Ketiga penari memutar ke posisi kiri, barisan yang depan goyang ke kanan tiga kali yang belakang ke kiri tiga kali, kaki kanan diangkat sambil pacak jonggo. Empat penari memutar ke posisi kanan, barisan depan goyang ke kanan tiga kali, yang belakang ke kiri tiga kali, kaki kanan di angkat sambil pacak jonggo. Lima penari bergerak pecah barisan penari sebelah kiri ke kiri, penari sebelah kanan ke kanan, berputar mengelilingi arena pertunjukan, kemudian menjadi satu barisan lagi. Enam penari kentrik, sambil lari-lari kecil ke belakang empat langkah, ke depan lagi empat langkah sambil kuda kepang digoyangkan ke atas ke bawah. Tujuh masing- masing kepala regu menari sambil berputar- putar mengelilingi arena pertunjukan sebanyak tiga kali, barisan di belakangnya tetap pada posisi dengan tari jaipong. Delapan penari berbaris dua-dua memutari arena pertunjukan dan biasanya di saat inilah para penari kesurupan atau ndadi.”
P : “Menawi penyembuhan saking ndadi niku pripun?”
PS : “Kangge penyembuhannya niku namung diwaosake surat al-fatikhah kalih solawat nabi mawon.”
P : “Lha biasane kan enten pak sing nyuwun kepala barong nopo teng kendhang, niku pripun pak critane?”
PS : “Niku biasane danyange bersemayam teng alat-alat niku, dadi critane nek mpun rampungan niku njuk wangsul teng mriku.” P : “Menawi sampun rampung niku enten ritual khusus mboten pak?” PS : “Nggih naming tarian ingkang ditariake kalih sesepuh grup kuda
lumping niku..”
P : “Tujuane niku kangge nopo pak?”
PS : “Tujuane nggih pamitan lan nyuwun ngapunten kalih ingkang nguasai lingkungan mriki, ingkang ing alam ghaib niku.”
P : “Menawi sesaji ingkang diginakake napa pak?”
PS : “Nggih enten degan ijo, kopi pahit, kopi manis, teh manis, teh pahit, kembang setaman, boning-baning, lan toya pethak ingkang diparingi daun dhadhap srep menika.”
P : “Makna sesaji niku kiyambak kangge napa pak?”
golek dhuwit utawa rejeki, gemah ripah loh jinawi.” P : “Menawi boning-baning?”
PS : “Maknanipun menawi kita badhe ngayahi pakaryan napa mawon kedah linambaran ati ingkang wening, nek kanthi ati ingkang wening nyambut damel dados sekeca.”
P : “Maknanipun sekar setaman niku kangge napa?”
PS : “Sekar setaman niku eenten mawar, kenanga, lan kanthil, maknane sekar setaman niki, manungsa kedah saged njagi wangine, artine kedah saged njagi awake saking hal-hal ingkang mboten leres.”
P : “Nek toya pethak diparingi dhadhap srep niku maknane napa pak?”
PS : “Maknane caos bekti ingkang lair munggil sedinten, ingkang pernah sepuh, ingkang pernah nem, ingkang jumunung kiblat sekawan, gangsal pancer kalebet panceripun tiyang-tiyang ing desa kaligono mriki.”
P : “Lha menawi kopi pahit, kopi manis, teh pahit kalih teh manis niku napa pak?”
PS : ”Nek kopi manis-pahit niki, werno cemeng biasane nek kuda lumping niku dihubungke kalih alam ghaib, atau alam hitam. Rasa manis walaupun berhubungan kalih alam ghaib nanging tetep tumuju wonten langkah ingkang bener.”
P : ”Nek pahite niku napa pak?”
PS : ” Pahit niku nalika nglaksanakake tari, mboten kraos kesel lan mboten wonten kedadean- kedadean ingkang mboten dikarepaken.”
P : ”Maknanipun teh manis kalih teh pahit napa?” PS : ”Maknanipun sami kalih kopi wau.”
P : ”Menurut bapak fungsi tarian kuda lumping niku kiyambak napa?”
PS : ”Kangge nguri-uri budaya, ngarahke tiyang-tiyang enem supados wonten kegiatan positif, kangge ngemut-emut sejarah entene tari kuda lumping niku ingkang jelas niku enten gerak maknawi teng tari kuda lumping niku.”
P : ”Gerak maknawi niku ingkang kados pundi pak?”
PS : ”Nggih contone kados gerak sembahan, niku enten maknanipun.” P : ”Napa niku maknanipun pak?”
PS : ”Maknane ngeten mbak, bahwa setiap manusia harus senantiasa tunduk kepada Allah Swt. Walaupun seperti apapun orang itu, nggih digambarake wonten ing jaran kepang.”
P : ”Ciri khase napa pak?”
PS : ”Kuda kepange niku di damel nunduk, jaran niku digambarake sungkem.”
P : ”Maknanipun?”
PS : ”Maknanipun senajan gagah kaya ngapa niku tiyang gesang kedah diwajibke sungkem marang gusti Allah.”
P : ”Nggih, menawi entene penthul lan bejer niku napa pak?”
PS : ”Penthul bejer niku abdi dalem, mulane nek teng tari niku penthul bejer nari teng wingkinge kuda lumping niku, istilahe pamomong.”
P : ”Menawi barongan niku napa pak?”
PS : ”Barongan niku nggambarake hewan peliharaan raja utawa nggambarake tunggangan ksatria wonten ing perang, nah bejer niku wau sing amomong barongan.”
P : ”Ya sudah untuk sementara mungkin cukup pak, besok kalau ada informasi yang kurang saya nanti tak kesini lagi.”
PS : ”Ya mbak, moga aja lancar, dan berhasil dengan nilai yang baik.”
TRANSKRIP WAWANCARA DENGAN INFORMAN