• Tidak ada hasil yang ditemukan

WAHYU PURBA JATI KI TIMBUL HADIPRAYITNA

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "WAHYU PURBA JATI KI TIMBUL HADIPRAYITNA"

Copied!
8
0
0

Teks penuh

(1)

WAHYU PURBA JATI

KI TIMBUL HADIPRAYITNA

Kaserat Dening: Puthut Santoso Nugroho, S.Sn

1.JEJER NGASTINA

Prabu Duryudana kaadhep Patih Sengkuni, Pandhita Durna, Raden Tirta Nata nampa rawuhnya Prabu Baladewa lan Begawan Wisuna Jati lan Putra murid Prabu Daskindra. Rembug: Prabu Duryudana menggalihake dene anggone dadi ratu ora manggih tentrem. Kang njalari ora tentrem awit pakartining para kadang Pandhawa kang tansah ngucik Negara. Begawan Wisuna Jati matur Prabu Duryudana bisa tentrem lamun ta bisa nyirnakake para kadang Pandhawa. Dene carane supaya gampang

(2)

nyirnakake para Pandhawa kudu bisa nyirnakake pamonge ndisik yaiku Prabu Kresna. Ringkesing rembug Begawan Wisuna Jati lan putra murid saguh lan budhal nedya nyirnaake Prabu Kresna lan Pandhawa. Sadurunge makarya Begawan Wisuna Jati nanting Prabu Baladewa lila apa dene Prabu Kresna kaperjaya. Manawa ora lila tegese Prabu Baladewa dadi mata pitane para Pandhawa. Prabu Baladewa gerah penggalih nedya samudana pamit kondur kanthi pawadan Dewi Erawati ora kepethak awake. Patih Sengkuni cubriya marang lekase prabu Baladewa, duwe panggraita Prabu Baladewa bakal mbegal Begawan Wisuna Jati. Prabu Duryudana dhawuh Patih Sengkuni supaya mbudhalake kadang sentana ngombyonge lakuning Begawan Wisuna Jati. Prabu Duryudana kondur ngedhaton.

2.KEDAHATON

Kacarita Prabu Duryudana wus kapanggih Dewi Banowati. Sawusnya paripurna sigra manengku puja munggah sanggar palanggatan.

3. NJABA NEGARA NGASTINA.

Prabu Baladewa ngudarasa bab kahanan ing negara Ngastina kang padha kepingin mateni Prabu Kresna lan Para Pandhawa. Prabu Baladewa budhal nedya ndadar kaprawirane Begawan Wisuna Jati lan Prabu Dasakindra.

4.ALUN-ALUN NEGARA NGASTINA

Prabu Dasakindra kaadhep Ki Lurah Togog lan Ki Lurah Mbilung. Rembug: Prabu Jalma yaksa nyaritaake menawa bakal kasembadan dadi nalendra mustikaning Pandhawa. Kanthi minangkani pamundhute Prabu Duryudana yaiku mateni Prabu Kresna lan para Pandhawa mula gampang anggone ngregem Negara Ngastina. Tata gelar mbiyantu nagging batin bakal mblengket negara Ngastina dadi siji lan Negara

(3)

Talang Gantungan. Lamun Negara Ngastina wus telu mula anggone nelukake negara sak kiwa tengene negara Ngastina luwih gampang.

5.PERANG

Anggone Prabu Dasakindra sapejagong marang Ki Lurah Togog lan Ki Lurah Mbilung katungka praptane Prabu Baladewa. Wigatine prapta Prabu Baladewa elik-elik aja mateni Prabu Kresna lan para Pandhawa. Sulayaning rembug dadi peperangan. Rengkesing paperangan Prabu Dasakindra kalah tandhing marang Prabu Baladewa. Pandhita Durna duwe atur supaya ora perlu nandhingi kridhane Prabu Baladewa. Dhawuh marang Prabu Dasakindra supaya mali Bathara Narada saperlu nglembut pusaka Kembang Wijaya Kusuma. Lamun pusaka Kembang wus bisa karegem temtu gampang anggone mateni Prabu Kresna. Prabu Dasakindra nyuwun pamit budhal tumuju ing Negara Dwarawati. Begawan Wisuna Jati bakal misahake Raden nglembut pusaka jamus Kalimasada. Supaya bisa gampang Pandhita Durna dipuja malih Prabu Kresna supaya ora dicubriyani anggone nggawa Jamus Kalimasada, Raden Werkudara, lan Raden Janaka. Pandhita Durna budhal kairing wadya perjineman kang laku panglemunan, dene Begawan Wisuna Jati bakal ngadhang ana tepining alas Praja Ngastina. Prabu Baladewa murungake anggone nggoleki mungsuh nedya budhal tumuju ing Negara Dwarawati.

6.JEJER NEGARA NGAMARTA

Prabu Puntadewa lan kadang Pandhawa nampi rawuhnya Prabu Kresna gadhungan. Wigatine prapta Prabu Kresna nyuwun priksa apa kang dadekake sungkawa pra kadang Pandhawa. Prabu Puntadewa matur menawa negara Ngamarta kena pageblug awit kaperbawan morcane Ki Lurah Semar. Prabu Kresna nerangake menawa Semar iku sejatine ora ana perbawane apa-apa awit Semar iku amung kawula cilik. Dene kang njalari pagebluging praja Ngamarta awit prabu Puntadewa kagunagn

(4)

pusaka Jamus nanging oraprisa magnane. Miturut Prabu Kresna kang bisa maca magnane Jimat Jamus yaiku pandhita kang makuwon ing wana Krendhatala. Dene kang ngrungokake wejangan yaiku Raden Werkudra lan Raden Janaka. Prabu Puntadewa sarujuk nedya maringake Jimat Kalima sada marang Prabu Kresna. Sawusnya nampa Prabu Kresna kadherekake Raden Werkudara lan Raden Janaka pamit budhal tumuju ing Wana Krendhatala. Raden Sadewa cubriya sigra nyuwun pamit bakal budhal nututi lakune Prabu Kresna gadhungan.

7. NJABA NEGARA NGAMARTA

Raden Sadewa ngawe Raden Antareja, Raden Gathutkaca, Raden Antasena. Rembug: Raden Sadewa dhawuh para supaya nututi Prabu Kresna gadhungan saperlu nyuwun wangsul pusaka Jimat Jamus, Raden Werkudara lan raden Janaka. Para putra saguh tumuli nyuwun pamit budhal ngayahi dhawuh.

8.PERANG

Prajineman kang laku panglimunan manjing ana anggane Raden Antareja satemah malik tingal lan njempalani Raden Gathutkaca. Satemah Raden Antareja lan Raden gathutkaca dadi pancakara. Ringkesing pancakara, kekarone kapisah dening Raden Antasena, Raden Antasena wus eling. Raden Gathutkaca nganggo sumping suket kalanjana sidi temah weruh lakuning perjineman kang laku panglemunan. Raden Gathutkaca perang lan perjineman. Ringkesing paperangan perjineman kalah lan oncat saka regeman. Raden Sadewa andum gawe, Raden Sadewa bakal palapuran ana ing Dwarawati, Raden Gathutkaca kapurih nganglkang jagad menawa weruh teja kapurih mrepegi awit iku sarana tentreme praja, Raden Antasena lan Raden Antareja kapurih njaga katentremaning praja. Sadaya sami budhal sowang-sowang.

(5)

9. GARA-GARA

Punakawan sami gegujengan.

10. PERTAPAN WUKIRATAWU

Begawan Abiyayasa nampa sowane Raden Abimanyu lan punakawan. Rembug: Wigatine sowan Raden abimanyu kautus Prabu Puntadewa saperlu nyarawidekake anggone morca Ki Lurah Semar kangggo srana ngilangi pageluging praja. Begawan Abiyasa nerangake menawa mendrane Ki lurah Semar iku mengku pamrih ngupaya tentreme para kadang Pandhawa. Begawan Abiyasa dhawuh Raden Abimanyu supaya ngupaya Ki Lurah Semar ing Gunung Siula-uli. Menawa ing kono ana teja dhawuh apa wae kudu dituruti. Raden Abimanyu nedya pamit budhal ngestokake dhawuhe Begawan Abiyasa.

11. PERANG

Raden Abimanyu kapapag Buta Cakil. Rembug: Cakil ngalang-alangi lakuning raden Abimayu. Sulayaning rembug dadi paperangan. Ringkesing papering cakil mati kena kerise raden Abimanyu. Katungka praptane Raden Gathutkaca kang uga nunggal sedya bakal tumuju ing gunung siula-ulu. Kekaronya sigra budhal.

12. JEJER NEGARA DWARAWATI

Prabu Krena kaadhep Raden Samba lan Raden Setiyaki nampa Praptane Prabu Baladewa lan Raden Sedewa. Rembug: Wigatine prapta Prabu Baladewa palapuran menawa Prabu Duryudana minta sraya marang Prabu Dasakindra nalendra Talanggantungan supaya mateni Prabu Kresna lan Pandhawa. Wigatine Raden Sadewa bilih ing negara Ngamarta ana duratmaka memba Prabu Bathara Kresna nglembut pusaka Jamus Kalimasada, Raden Werkudara, lan Raden Janaka. Dereng

(6)

rampung, katungka praptane Bathara Narada gadhungan. Wigatine prapta bakal ngampil kambang Wijaya Kusuma kanggo sarana katentremaning kahyangan Jonggring salaka kang lagi ketaman gara-gara. Prabu Kresna ora ngeparengake kembang diampil jalaran ora salumrahe dewa ngayom marang titah. Kacarita Prabu Kresna mulat menawa Bathara narada kang ana ing ngarepane iku sayekti duratmaka. Sigra meling senjata cakra nempuh Bathara Narada badhar Prabu Dasakindra. Bathara Kresna nedya budhal nututi Prabu Dasakindra.

13. PERANG

Prabu Kresna kepapag Prabu Dasakindra. Rembug: Prabu Dasakindra bakal mateni Prabu Kresna. Sulayaning rembug dadi paperangan. Prabu Kresna saben mati urip maneh. Perang sigeg durung ana kang menang lan kang kalah.

14.KAYANGAN ALANG-ALANG KUMITIR.

Ywang Pada Wenang nampa sowane Ywang Isamaya. Rembug: Ywang Ismaya nyuwun sarana katentreman kanggo momongane yaiku Pandhawa. Ywang Pada Wenang maringake pusaka Tri Sara kanggo sarana medhune wahyu ing marcapada, uga dhawuh supaya tetulung marang raden Werkudara lan Raden Janaka. Ywang Ismaya pamit budhal tumurun ing ngarcapada.

15. GUNUNG SIULA-ULU

Raden Abimanyu, Raden Gathutkaca, punakawan mrepegi Begawan Anoman kang lagi nunggu Ki Lurah Semar lagi tapa. Rembug: Anoman ora bakal bali lamun anggone tapa Ki Lurah Semar durung rampung. Katungka ana cahya cumlorot Ywang Ismaya manjing jagading Ki Lurah Semar nulya wungu saka anggone tapa. Ki Lurah Semar nerangake

(7)

menawa mentas nampa pusaka saka Ywang Pada Wenang. Weling supaya sadaya ampun pisah. Kabeh nulya budhal ana tepis wiring negara Ngastina.

16. AlAS KRENDHA PERTALA

Begawan Wisuna Jati nampa Prabu Kresna, Raden Werkudara, lan raden Janaka. Rembug: Prabu Kresna bakal nyuwun wedharing Jamus Kalimasada. Begawan Wisuna Jati dhawuh lawan raden Werkudara lan raden Janaka supaya ngombe banyu suci saka kahyangan. Sawusnya ngombe banyu kang wus diwenehi racun Raden Werkudara, lan raden Janaka kantaka. Begawan Wisuna Jati lan Prabu Kresna nedya budhal ing Ngamarta bakal ngupadi tunggale pandhawa lamun wis komplit lagi kaperjaya.

Ki Lurah semar dhawuh marang Begawan Anoman supaya ngrebut Raden Janaka lan Raden Werkudara saka regemaning gandarwa. Begawan Anoman saguh nulya budhal.

17. PAKUNJARAN

Raden Werkudara lan Raden Janaka sambat-sambat ing pakunjaran kang di jaga Detya Maundri Yaksa. Katungka Begawan Anoman kang mateg aji maundri gawe ajuring detya kala Maundri Yaksa. Ki Lurah semar dhawuh supaya Raden Gathutkaca namakake senjata Cis Tri Sara. Kataman tri sara pakunjaran bisa ajur. Raden Werkudara lan Janaka Singidan. Katungka plajare Prabu Kresna. Dening Ki Lurah Semar kapurih ngupaya Jamus Kalimasada.

18. PERANG

Prabu Kresna kapapag Prabu Kresna gadhungan. Rembug: Padha rebut bener kang dadi Kresna sejati. Sulayaning rembug padha adu kasekten.

(8)

Ringkesi perang padha sektine, Semar dhawuh marang Raden Gathutkaca nglepasi senjata Tri Sara marang Prabu Kresna Gadhungan nulya badhar Pandhita Durna. Petruk sigra nyekel pandita Durna kasowanake marang Prabu Kresna lan Ki Lurah Semar. Jamus Kalimasda dijaluk, Durna kapulasara. Pandhita Durna ngulungake Jamus Kalimasada. Pandhita Durna budhal nedya lapuran marang Begawan Wisuna Jati.

Begawan Anoman ketemu Prabu Dasakirna. Sulayaning rembug dadi pancakara, Prabu Dasakirna badhar yitmane Prabu Dasamuka, sigra bali ing gunung kangrungngrungan.

Begawan Wisuna Jati kepapag Semar. Rembug: Bakal mateni para Pandhawa. Sulayaning rembug dadi pancakara. Rengkesing paperangan Begawan Wisuna Jati badhar Bathari Durga, sigra bali ing Dhandhang mangore.

Prabu Duryudana ngira Raden Werkudara bakal ngamuk. Dening Prabu kresna saged kareripih.

Wadya Talanggantungan kasaput angina dening Raden Werkudara, nulya sami asesanti.

Referensi

Dokumen terkait

Berdasarkan hasil uji t yang telah dilakukan menunjukkan bahwa nilai signifikansi sebesar 0,008 lebih kecil dari 0,05 atau 5%. Besarnya pengaruh kualitas layanan

Setelah selesai perkuliahan diharapkan mahasiswa dapat memahami proses perencanaan dan perancangan sistem utilitas yang sesuai dengan tahapan-tahapan perencanaan

Untuk melakukan comment pada artikel maka admin atau user dapat melakukan dengan melalui artikel yang sebelumnya telah di buka, kemudian mengisi form comment dan mengklik button

Bahan/Referensi Pendahuluan Penjelasan dan Pengantar Materi 10 menit Ceramah dan diskusi LCD + white board Textbook dan internet Penyajian (Inti) Ceramah, diskusi,

Dengan demikian Jatindo Ukir dinyatakan Memenuhi standar verifikasi legalitas kayu sesuai Peraturan Menteri Lingkungan Hidup dan Kehutanan RI

Tidak dijelaskan secara langsung mengenai konsep berkelanjutan, namun secara fokus yang diteliti, Suryo (2009) mendeskripsikan bagaimana masyarakat tersebut pada saat

Sebagai tahap awal, perlu dilakukan upaya penggalian kondisi aktual (existing condition) dan manfaat penerapan demokrasi ekonomi dalam wujud Model bagi hasil

Inilah dia klimaks dari kalkulus yang akan dibahas, yaitu adalah pembuktian oprasi limit bilangan “e” dan logaritma natural, selain membutuhkan kombinasi rumus