WAHYU TEJOMAYA
KI SUPARMAN
Kaserat Dening: Puthut Santoso Nugroho, S.Sn
1.JEJER NEGARA NGASTINA
Prabu Duryudana kaadhep patih Sengkuni, pandhita Durna nampa rawuhe Prabu Baladewa. Rembug: Prabu Duryudana menggalihake apa sebabe anggone nglenggahi dhampar ing Ngastina seprana seprene ora bisa manggya tentrem. Prabu Baladewa matur kabeh mau disebabake karana para Kurawa kurang prihatine. Pandhita Durna matur menawa ing Negara Ngastina ri kesasapan mori, glugu kesusupan luyung, tata gelar dados pengayoman nanging batin mungsuh Prabu Duryudana.
Mireng ature Pandhita Durna rumangsa kedumuk temah muntab.
Katungka praptane satriya Randhu Gumbala Raden Antasena, wigatine
bakal ngampil Pandhita Durna. Prabu Baladewa sarujuk prayogi dipun ampilake. Pandhita Durna takon apa perlune. Antasena disraya panakawan supaya nakokake ana ngendi lungane Semar lan apa sebabe? Yen ora isa wangsulan ora kena mapan ing Negara Ngastina.
Pandhita Durna njaluk inah, Antasena kapurih ngenteni ana ing ngalun- alun. Anatsena pamit, budhal. Pandhita Durna matur Manawa nampa wangsit, negara ngastina bisa tentrem lamunta kadunungan Wahyu Tejamaya. Pandhita Durna saguh goleki wahyu nagging bab baline antasena mangsa borong Prabu Duryudana. Ko ndur kedhaton.
2.KEDHATON.
3.PASEBAN NJABA
Patih Sengkuni ngawe sanggya wadya bala Kurawa. Rembug: Antasena dianggep gawe kisruh ana ing negara Nagstina mula kudu dibalekake nek ora gelem dipateni. Kurawa budhal.
4.PERANG
Korawa methukake Raden Antasena kang wus nunggu ing alun-alun.
Rembug: Raden antasena kapurih supaya bali nanging ora gelem.
Pasulayaning rembug Korawa kasoran. Prabu Baladewa maju ngarih- arih Raden Antasena supaya bali, luwih becik takon marang Eyang Abiyasa ing Saptaarga. Raden Antasena ngestokake dhawuhe Prabu Baladewa. Kanggo kanca Raden Antasena diampili pusaka Nenggala.
Raden Antasena nulya budhal. Prabu Baladewa nempuhake janjine Pandhita Durna kang saguh ngupaya wahyu Tejamaya. Pandhita Durna saguh, nulya budhal.
5.JEJER GUWA KENCANA
Prabu Gendra Suwalapati kaadhep kang rayi Kumara MurtIi saha kang abdi Togog, lan Mbilung. Rembug: Prabu Gendra Suwalapati gandrung lan titis Dewi Widawati yaiku Dewi Wara Sembadra. Togog ngunjuk atur menawa Dewi wara Sembadra kuwi garwane Raden Janakan mapane ing Kasatrian Madukara. Katungka praptane Pandhita Durna lan Bambang Aswatama. Wigatine prapta ing Negara Guwa Kencana yaiku bakal nyuwun tulung supaya digayuhke Wahyu Tejamaya. Prabu Gendra Suwalapati saguh nanging nyuwun bebana kaboyongke Wara Sembadra. Durna saguh pamit budhal bakal mboyong Dewi wara Sembadra. Prabu Gendra Suwala Pati budhal nggayuh wahyu ing Gunung Abramuka.
6. ADEGAN PASEBAN NJABA GUWA KENCANA
Prabu Gendra Suwalapati kaadhep kang abdi Togog lan Mbilung.
Rembug: Prabu Gendra Suwalapati dhawuh Togog supaya ndherekake tindake mrepeki cahya kang ana pucuking gunung Abramuka. Lamun iku bener wahyu tejamaya mula bakal kajukuk, budhal.
7. ADEGAN TEPIS WIRING GUWA KENCANA
Pandhita Durna kaadhep Bambang Aswatama. Rembug: Prabu Gendra Suwalapati saguh ngupayake wahyu Tejamaya nanging nyuwun bebana Dewi Sembadra. Aswatama ngengetake nanging pandhita Durna tetep nganggep entheng. Pandhita Durna memba Bathara Kresna supaya gampang anggone njaluk Dewi Sembadra. Bambang Aswatama didandani Raden Gathutkaca. Kekalihnya budhal tumuju ing kasatrian Madukara.
8.ADEGAN KAYANGAN DURSILA GENI
Raden Wisanggeni nampa praptane Raden Gathutkaca. Rembug:
Wigatininng prapta Raden Gathutkaca sambat karana bola-bali
pepunden Pandawa gampang kalebon mungsuh utawa dom sumurupin banyu. Raden Wisanggeni nerangake menawa nampa wangsit ing ngercapada bakal tumurun wahyu. Tumurune wahyu bakal tedhak ana ing Negara Ngastina. Raden wisanggeni duwe rigen supaya malih Pandhita Durna dene Raden Gathutkaca malih Raden Aswatama.
Pamrihe padha salin rupa supaya wong-wong ing Negara Ngastina padha manut. Raden Wisanggeni lan Raden Gathutkaca padha budhal ing Negara Ngastina.
9.PERANG
Prabu Kresna lan Raden Gathutkaca gadhungan kepapag Pandhita Durna lan Bambang Aswatama Gadhungan. Rembug: Prabu Kresna gadhungan kapenggak ora kena tumuju ing kasatrian Madukara Sulayaning rembug dadi pancakara. Ringkesing paperangan Prabu Kresna gadhungan kalah sigra budhal nyimpang dalan.
Pandhita Durna lan Aswatama gadhungan mbacutake laku budhal tumuju ing Negara Ngastina.
10.GARA-GARA
Ki Lurah Gareng, Ki Lurah Petruk, saha Ki Lurah Bagong. Rembug: Sami geojegan saha tetembangan.
11.KASATRIAN MADUKARA (BANON CINAWI)
Raden Janaka kaadhep ingkang garwa Dewi Wara Sembadra saha Dewi Wara Srikandhi. Rembug: Raden Janaka rumangsa penggalihe suduk gunting tatu loro. Sepisan Raden Janaka kadhawuhan dening Prabu Puntadewa supaya ngupadi ana ngendi morcane Ki Lurah Semar.
Kaping pindho Raden Janaka uga kapasrahan ngupaya wahyu Tejamaya kanggo tumbale praja Ngamarta. Dewi Wara Sembadra matur menawa dhawuhe Prabu puntadewa mau bisa kaleksanan sepisan gawe. Dewi
Wara Sembadra nedya nderek tindake raden Janaka ngupaya Ki Lurah Semar lan Wahyu Tejamaya. Dening Raden Janaka kalebokake ana ing kancing gelung supaya ora ngribeti laku. Raden Janaka pamit budhal marang Dewi Wara Srikandhi. Punakawan uga datan kantun nderek marang tindake Raden Janaka.
12. PERANG ING ALAS WIRAYANG
Raden Janaka kapapag gandarwa kang mbau reksa alas Wirayang kang aran Heru Paksa. Rembug: Gandarwa Heru Paksa ngalang-alangi lakuning Raden Janaka. Sulayaning rembug dadi pasulayan. Ringkasing paperangan Gandarwa Heru Paksa kajemparing dening Raden Janaka temah badhar Bathara Narada. Wigatine Bathara Narada mrepegi saperlu paring weling supaya Raden Janaka jroning ngayahi dhawuhe kang raka Prabu Puntadewa supaya aja gampang namapani rembug becik lan ulat manis. Bathara Narada pamit kundur makayangan.
Katungka praptane Prabu Kresna lan Raden Gathutkaca gadhungan.
Wigatine kekalihnya mrepegi ngaku menawa bakal prapta ana ing Negara Ngamarta. Raden Arjuna uga walaka menawa bakal nggayuh wahyu Teja Maya. Prabu Kresna gadhungan ngaku menawa bisa nggayuh wahyu Teja Maya nanging nyuwun srana Dewi Wara Sembadra. Raden Janaka ngulungake Dewi Wara Sembadra marang Prabu Kresna Gadhungan. Sakwuse nampa Dewi Wara Sembadra Prabu Kresna nyuwun pamit budhal bakal nggayuh wahyu. Raden Janaka uga nuli kondur bali ing Kasatrian Madukara tanpa njawil Ki Lurah Gareng, Ki Lurah Petruk lan Ki Lurah Bagong. Punakawan padha cubriya lamun Prabu Kresna lan Raden Gathutkaca kang lagi wae ana ing ngarepan ora kaya adat saben. Punakawan budhal nedya ngetutake lakuning Prabu Kresna lan Raden Gathutkaca gadhungan.
13. ADEGAN GUNUNG ABRA MUKA
Prabu Gendra Swalapati kang lagi nggayuh wahyu Tejamaya tansah kasmaran marang Dewi Wara Sumbadra kaadhep Ki Lurah Togog lan Ki Lurah Mbilung. Rembug: Ki Lurah Togog ngengetake menawa ampun gandrung rumyin nanging ngayuh wahyu luwih dhisik. Ngelingake menawa sigra munggah pucuking Harga Muka saperlu mboyong cahyo kang ana kana. Prabu Gendra Swalapati eling sigra budhal munggah ing pucuking gunung Harga Muka saperlu mboyong cahya kang ana ing kono.
Raden Antasena uninga ana ing pucuking gunung Abra Muka ana cahya la ana saweneh nalendra kang bakal nggayuh cahya. Raden Antasena nedya nlorong cahya kang ana pucuking gunung. Prabu Gendra Swalapati sawuse tekan pucuking gunung weruh gendhaga nedya kajukuk. Durung nganti kajukuk, gendhaga oncat amarga kena senjata nenggala. Oncating gendhaga tumiba ana ing Negara Ngastina. Dene senjata nenggala bali ana ing Negara Mandura. Prabu Gendra Swalapati budhal ngoyak playuning gendhaga.
14. PERANG.
Lakuning Prabu Gendra Swalapati kapapag Raden Antasena. Rembug:
Tanpa rembugan Raden Antasena mulasara Prabu Gendra Swalapati.
Ki Lurah Gareng lan Ki Lurah Petruk kelangan lacak anggone ngetutake Prabu kresna lan Raden Gathutkaca gadhungan. Durung rampung anggone Ki Lurah Gareng lan Ki Lurah petruk padha ngudarasa, weruh Raden Antasena lan Ratu sabrang padha lumayu. Ki Lurah Petruk budhal mrepegi Raden Antasena. Sawuse kepapag Raden Antasena mentas gajuli ratu kang bakal njukuk gendhaga. Petruk nyaritaake
menawa lagi ngetutake Prabu Kresna lan Raden Gathutkaca kang tingkah lakune nyubrini. Rengkising rembug Raden Antasena, Ki Lurah Gareng, lan Ki Lurah Petruk budhal mbujung tibane gendhaga menyang negara Ngastina.
15.ADEGAN NEGARA NGASTINA
Prabu Duryudana saha Prabu Baladewa. Rembug: Prabu Duryudana ngantu-antu praptane Pandhita Durna kang diutus ngupaya tumbale praja yaiku wahyu Tejamaya. Durung paripurna anggone padha sapejagong ing alun-alun praja Ngastina keprungu suwara jumlegur, aloke kawula ana ndaru tiba. Prabu Duryudana lan Prabu Baladewa budhal nedya nyataake ana apa ing alun-alun. Prabu Duryudana sumurup ing alun-alun ana gendhaga kang dipesthekake Wahyu Tejamaya. Prabu Duryudana nedya mbukak isining gendhaga. Kenging perbawane gendhaga Prabu Duryudana dhawah kantaka. Katungka Praptane Pandhita Durna pindha warnining Raden Wisanggeni lan Bambang Aswatama memba warnining raden Gathutkaca. Wigatining mrepegi Durna gadhungan nerangake menawa kang kuwat nampa gendhaga ya mung Pandhita Durna gadhungan. Pandhita Durna budhal mboyong gendhaga bakal katayuh ing pertapan Sokalima.
Lakuning Pandhita Durna gadhungan kepapag Raden Antasena lan Ki Lurah Petruk. Raden Antasena njaluk gendhaga marang pandhita Durna gadhungan. Dening pandhita Durna gadhungan gendhaga diwenehke Raden Antasena. Nangin Raden Anatasena ora sida njaluk gendhaga amarga wus ngerti sejatine kang dadi Pandhita Durna.