• Tidak ada hasil yang ditemukan

UKBM BHS JAWA-3.2/4.2/1/2-2 BAHASA JAWA

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "UKBM BHS JAWA-3.2/4.2/1/2-2 BAHASA JAWA"

Copied!
10
0
0

Teks penuh

(1)

UKBM

BHS JAWA-3.2/4.2/1/2-2

BAHASA JAWA

PEMERINTAH PROPINSI JAWA TIMUR

DINAS PENDIDIKAN

(2)

SMA NEGERI 6 MALANG 2017/2018 BJW-3.2/4.2/1/2-2

a. Nama Mata Pelajaran : Mulok Bahasa Jawa b. Semester : 1

c. Kompetensi Dasar

d. Materi Pokok : Teks Cerita Wayang

e. Alokasi Waktu : 4 pertemuan ( 4 x 90 menit) f. Pertemuan ke : 1-4

g. Tujuan Pembelajaran :

h. Materi Pembelajaran : Faktual:

1. Teks cerita wayang

2. Contoh deskripsi relevasi isi teks cerita wayang Konseptual:

1. Unsur intrinsik teks cerita wayang 2. Unsur ekstrinsik teks cerita wayang 3. Kawruh Pramasastra

Prosedural:

1. Teknik mengidentifikasi unsur intrinsik dan ekstrinsik teks cerita wayang/ topѐng ḍhâlâng

2. Teknik menganalisis unsur intrinsik dan ekstrinsik teks cerita wayang/ topѐng ḍhâlâng

3. Teknik menceritakan isi teks cerita wayang/ topѐng ḍhâlâng 4. Teknik menanggapi teks cerita wayang/ topѐng ḍhâlâng

5. Teknik membaca indah teks dialog cerita wayang/ topѐng ḍhâlâng

3.2 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis unsur intrinsik maupun ekstrinsik teks sastra klasik dan modern secara lisan dan tulis.

4.2 Menginterpretasi, menanggapi dan mengekspresikan teks sastra modern dan klasik (wayang / topѐng ḍhâlâng) sesuai isi secara lisan dan tulis.

Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi dan analisis, peserta didik dapat menganalisis unsur intrinsik dan ekstrinsik teks cerita wayang serta dapat menanggapi dan mengekspresikan teks cerita wayang sesuai isinya, sehingga peserta didik dapat menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya, mengembangkan sikap jujur, peduli, dan bertanggungjawab, serta dapat mengembangkan kemampuan berpikir kritis, berkomunikasi, berkolaborasi,

berkreasi (4C).

IDENTITAS

UKB

BJW-3.2/4.2/1/2-2

(3)

SMA NEGERI 6 MALANG 2017/2018 BJW-3.2/4.2/1/2-2 Teks Wayang Unsur Intrinsik Unsur Ekstrinsik Relevansi Isi Struktur Teks Wayang Tema Alur Wewatekane Busananing Basa Pamawas Latar Latar Belakang Karya Sastra Kahanan Masyarakat Latar Belakang Pangripta

Isi kang kinandut sajroning crita digathukna karo urip padinan Orientasi Komplikasi Resolusi Koda

PETA KONSEP

(4)

SMA NEGERI 6 MALANG 2017/2018 BJW-3.2/4.2/1/2-2

A. Pambuka Pasinaon

Sadurunge miwiti pasinaon iki, Ayo padha nyemak gambar ing ngisor iki!

B. Kagiyatan inti

Pituduh pasinaon

KAGIYATAN PASINAON

Indhonesia iku duweni akeh banget warisan kabudayan. Tuladhane yaiku kang ana ing dhuwur iku. Ayo para siswa coba sebutna iku tuladhane wayang apa wae? Apa para siswa wis nate ndelok wayang kang ana ing gambar? Ana ing ngendi wayang-wayang ing dhuwur iku bisa kok temokake?

Wacanen lan mangertenana materi ing buku Riyadi, Imam.

Suluh Basa Jawa Gragrag Anyar X. 2015. Jawa Timur : Yudhistira.

Sabanjure mangerteni isi materi ing wacan Suluh basa Jawa kanthi cara individu, karo kanca sabangku, utawa kanca liyane sakelas.

Garapen UKB ing buku tulis utawa langsung ana ing papan

wangsulan.

Siswa bisa sinau kanthi cara mangsuli saben gladhen,

saumpama siswa wis yakin lan bisa nggarap gladhen kang ana ing kagiyatan-kagiyatan. Sabanjure saben siswa nggarap tes formatif

(5)

SMA NEGERI 6 MALANG 2017/2018 BJW-3.2/4.2/1/2-2

ayo… saiki sinau bab crita wayang.

supaya bisa mangerteni apa isine materi crita wayang.

para siswa kudu nggatekake, konsentrasi, mangerteni,

semangat uga jujur yen garap gladhen!!!!!!

Sadurunge siswa miwiti pasinaon dina iki, pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana luwih dhisik!

1. Para siswa apa nate ndelok wayang? 2. Andharna apa kang diarani crita wayang? 3. Lakon pewayangan saka crita apa?

4. Ing papan paggonanmu apa isih asring ana pagelaran wayang?

5. Kepriye masyarakat ing papan panggonanmu menawa ana pagelaran wayang?

Nah, sawise siswa wis mangerteni teks cerita wayang, coba semaken wacan ing ngisor iki!

RAMA SINTA

Wonten nagari namanipun Kosala, dumunung ing kutha Ayodya. Ingkang jumeneng nata Prabu Dasarata. Sang Prabu kagungan garwa cacah tiga. Kaliyan Dewi kosalya peputra Rama. Kaliyan Dewi Kekeyi peputra Barata. Dene kaliyan Dewi Sumitra peputra kembar, Lesmana tuwin satrugna.

Prabu Dasarata sampun sepuh sanget. Sang Prabu arsa lereh keprabon. Rama ginadhang-gadhang nggentosi kalenggahanipun ingkang rama. Ananging, Dewi Kekeyi mboten narimakaken manawi Rama kawisudha minangka raja Ayodya. Garwa angka kalih punika ngersakaken Barata, putranipun ingkang jumeneng nata. Kanthi awrat ing manah, panyuwunipun Dewi Kekeyi dipunsembadani dening Prabu Dasarata. Wusananipun Rama kedah nglampahi gesang ing wana dangunipun 14 warsa.

Tindakipun Raden Rama kadherekaken ingkang garwa, Dewi Sinta, dalah Lesmana. Lampahipun dumugi ing wana Dhandaka. Ing papan punika, tetiganipun kapanggih Sarpakenaka, rayinipun Prabu Rahwana, raja Alengkadiraja. Sarpakenaka ingkang asipat raseksa wanodya punika kepencut kabagusaning Rama. Rama mboten nglanggati. Sarpakenaka lajeng manggihi Lesmana. Lesmana babar pisan boten nggape piyambakipun. Sarpakenaka nesu, ngamuk. Lesmana boten kirang weweka. Raseksa wanodya rayinipun Prabu Dasamuka, lajeng karumpung grananipun saha kaperung talinganipun. Piyambakipun lajeng ngadep ingkang raka. Rakanipun karerepa murih malesaken wirangipun. Prabu Rahwanaraja sagah. Lampahipun Prabu Dasamuka tumuju wana Dhandhaka nitih kreta kencana ngambah jumantara kadherekaken Kala Marica.

Dumugi wana Dhandaka, Kala Marica ingkang asipat raseksa wewah wujud dados kidang kencana, kidang elok kang warni asisik emas endah ngelam-elami, ngrengreng merak ati. Kidang rukmi nunten wira-wiri sacelaking papan dunungipun tiyang tetiga. Sinta sumerep kabregasaning kidang. Piyambakipun gawok, tuwuh prentuling manah kepengin ngingah kidang

Pituduh

1. Semaken teks crita ing ngisor iki kang patitis!

2. Sawise rampung nyemak, wangsulana Gladhen sing manggon ing ngisore wacan! PASINAON 1

(6)

SMA NEGERI 6 MALANG 2017/2018 BJW-3.2/4.2/1/2-2

rukmi. Rama kasuwun nyepengaken kewan ingkang ngelam-elami saha memencut manah punika.

Sumber: http//manglawak.blospot.com

Sawise maca teks ing ndhuwur, coba wacanen materi ngenani unsur intrinsik kang ana ing buku Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W.. 2014.Wiyata Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas X. Surabaya: Penerbit Duta. Banjur jlentrehna unsur intrinsik kang kinandhut!

No. Unsur Intrinsik Wangsulan

1. Tema 2. Alur 3. Wewatakan 4. Busananing Basa 5. Pamawas 6. Latar

(*) Bisa diwangsuli ing burine lembaran.

Nah, sawise ngisi tabel ing ndhuwur, coba wangsulana pitakon ing ngisor iki! 1. Andharna apa sing diarani tema?

2. Andharna apa sing diarani alur?

3. Andharna apa sing diarani paraga lan wewatekan? 4. Andharna apa sing diarani busanane basa?

5. Andharna apa sing diarani pamawas? 6. Andharna apa sing diarani latar?

Sawise para siswa ngrampungake gladhen ing pasinaon 1 , gladhen dikumpulake supaya bisa ditapaksata karo gurune lan dinilai. Banjur siswa bisa mbacutake kagiyatan sateruse!

Sawise para siswa kasil ngerteni struktur sawijine teks crita wayang, sabanjure ana ing pasinaon iki para siswa kabeh bakal dijak ngrembug lan nintingi utawa nganalisis unsur ekstrinsik sawijine teks wayang bebarengan. Teks wayang kang bakal dirembug mau bisa digoleki saka buku-buku wayang, majalah-majalah Jawa, utawa saka sumber-sumber liyane kalebu saka internet.

Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mangun karya sastra saka njaba, kayata:

a. Latar belakang karya sastra diciptakake, yaiku kapan karya sastra kasebut ditulis.

b. Kahanan masyarakat nalika karya sastra kasebut diciptakake, yaiku kahana masyarakat saka ekonomi, sosial, budaya, politik, nalika karya sastra kasebut diciptakake.

c. Latar belakang utawa kahanan pangripta.

Gawea kelompok diskusi kang cacah anggotane 4 siswa! Tindakna kelompok diskusi lan kelompok kelas! Temtokna unsur intrinsik crita pewayangan kasebut! Isinen tabel ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!

(7)

SMA NEGERI 6 MALANG 2017/2018 BJW-3.2/4.2/1/2-2

No. Unsur Ekstrinsik Wangsulan

1. Latar belakang karya sastra

2. Kahanan masyarakat

3. Latar belakang pangripta

Para siswa kabeh, yen wis sinau ngenani unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik teks cerita wayang. Miturutmu, apa teks cerita wayang kuwi salah sawijining teks kang menarik? Jlentrehna panyaruwe!

Saben manungsa mesti nduweni daya katertarikan sing bedha. Apa maneh sing ngenani wacan. Teks cerita wayang kuwi kagolong teks kang digemati dening para tiyang sepuh, amarga wayang menehi pitutur kang apik banget kanggo dedasar urip padinan. Supaya awakmu ngguwasani uga bisa nresepake pitutur kang kinandhut ing sajroning wayang. Coba wacanen teks ing ngisor iki, banjur wangsulana pitakon kang ana sing sawise wacan.

LAIRE GATHUTKACA

Ing sawijining dina, kaluarga Pandawa lima lagi remen-remene uga prihaten sanget nalika putane Raden Werkudara lan Dewi Arimbi lair. Amarga bayi kang dilahirake dening Dewi Arimbi awujud raksasa, lan sampun umur 1 taun ari-arine isih nempel durung bisa pedhot. Putrane Raden Werkudara lan Dewi Arimbi mau diwenehi jeneng Tetuka, nanging ing sawijining dina banjur dadi Gathut Kaca.

Amarga nalika lair Tetuka awujud raksasa (buta), Raden Werkudara lan para sedhereke Pandhawa ngrasa isin, amarga Tetuka awujud raksasa lan tali pusare durung pedhot-pedhot. Banjur para Pandhawa lima padha ngupaya kepriye carane bisa ngubah Tetuka dadi wujud manungsa biasa lan medhot tali pusare Tetuka kuwi. Kanggo ngrampungake masalah iki banjur Arjuna diutus kanggo njaluk pitulungane para Dewa kanthi cara semedi njaluk petunjuk para Dewa. Ing wektu kang padha, Panglima perang Kurawa yaiku Karna uga nglakoni semedi njaluk senjata pusaka marang Dewa.

Kaprasahan lan Kekhusyukan semedi kang dilakoni Arjuna iku bisa dadekake goncange kahyangan, saengga Dewa gawe kaputusan bakal menehi pusaka kanggo medhot tali pusare Tetuka, saengga ari-arine bakal pedhot saka awake. Banjur Bathara Narada diutus kanggo menehake senjata Kunta wijayadanu marang Arjuna. Ing kene kedadean anane kakeliruan, Bathara Narada ora bisa bedakake antarane Arjuna lan Karna kang padha nglakoni semedi.

Amarga saka Bathara Narada kang ora bisa bedakake Arjuna lan Karna, akhire Bathara Narada menehake senjata marang Karna. Nalika ngerti yen kliru, Bathara Narada banjur cepet-cepet goleki

Sawise nggoleki unsur intrinsik, banjur siswa uga nggoleki unsur ekstrinsik.

Tentokna unsur ekstrinsik crita pewayangan Rama Sinta kasebut! Isinen tabel ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!

Pituduh!

1. Wacanen teks ing ngisor kanthi trep! 2. Bentuken kelompok diskusi kang cacahe 4! 3. Temtokna isi kang kinandhut ing sajroning crita! 4. Presentasekake kasil rembuganmu ing ngarep kelas!

(8)

SMA NEGERI 6 MALANG 2017/2018 BJW-3.2/4.2/1/2-2

Arjuna lan ngutus Arjuna njaluk senjata Kunta wijayadanu marang Karna. Ora suwe Arjuna wis ketemu Karna lan njaluk senjata Kunta wijayadanu marang Karna. Nanging Karna ora gelem menehake senjata Kunta, banjur ndadekake perang tanding antarane Arjuna lan Karna. Ing perang mau akhire Arjuna bisa ngrebut sarung pusaka, nanging senjatane isih digawa mlayu Karna.

Arjuna mulih kanthi gawa sarung/warangka senjata Kunta wijayadanu. Senjata mau pancen sekti, karo sarunge wae bisa medhot tali pusare Tetuka. Nanging anehe sarung senjata mau mlebu ing jero awake Gathut Kaca. Sawise iku Kresna ngramalake kadadean kasebut, bilih besok Gathut Kaca bakale mati ing tangane kang duwe senjata kasebut.

Ing wektu iku kahyangan para Dewa lagi ngadepi masalah gedhe. Patih Sekipu lan bala tentarane ngobrak-abrik kahyangan amarga diutus Prabu Kala Pracona. Para Dewa kalah banjur Sang Hyang Bathara Prabu ngutus para Dewa supaya golek jago kang bisa ngalahake Sekipu lan Kala Pracona. Akhire Bathara Narada diutus ngubengi jagad raya, menawa ana satriya kang khusyuk semedine, saengga bisa ngalahake Patih Sekipu lan Prabu Kala Pracona.

Satriya Pandhawa ing wektu iku lagi khusyuk semedine njaluk marang Dewa supaya ngubah wujud Tetuka kang wujud raksasa. Amarga semedine kang kanthi temenan iku, bisa ngubah langit dadi peteng, gunung-gunung padha obah, segara asat amber, lan jagad gonjang-ganjing, sarta udan salah mangsa. Saka kadadean iku Bathara Narada ngerti yen ana manungsa kang khusyuk semedi njaluk marang Dewa supaya maksude dikabulake Dewa.

Bathara Narada banjur gugah semedi para Pandhawa. Nanging Bathara Narada njaluk marang para Pandhawa menehake bayi Tetuka marang dheweke supaya didadekake jago nglawan Patih Sekipu lan Prabu Kala Pracona kang wis ngrusak kahyangan. Sawise entuk ijin saka Pandhawa, bayi Tetuka digendhong digawa mabur dening Bathara Narada ing Kahyangan.

Nanging Sekipu lan Kala Pracona ora gelem nglawan bocah cilik.

Akhire, Bathara Narada nggawa Tetuka marang ahli senjata pusaka Empu Ramadi. Sang Empu siap nempa Tetuka supaya siap tanding karo Sekipu lan Kala Pracona. Banjur Tetuka digowo ing kawah Candradimuka, dilebokake ing kawah bebarengan karo kabeh pusaka ampuh. Balunge digawe saka wesi. Drijine saka gunting, telapakane saka pacul, brengose saka kawat. Sawise iku banjur dijipuk maneh saka kawah. Tetuka ora awujud bayi, nanging awujud pamuda kang wis dewasa nanging durung bisa ngomong. Banjur diobati supaya bisa ngomong. Tetuka diwenehi jeneng lengkap, yaiku Gathut Kaca lan Kacanagara.

Dening Bathara Guru diwenehi 3 busana pusaka. Kang kapisan Caping basunanda, supaya yen udan ora teles lan yen panas ora kepanasen. Kang kaping pindo, kotang antakusuma, supaya bisa mabur tanpa elar. Kang kaping telu, selaput pada, supaya yen mabur ing duwur lemah bisa lancar tanpa gangguan angin. Dening Bathara Narada, Gathut Kaca banjur ditemokake karo Kala Pracona. Kaloro-lorone pada perang. Kabeh Dewa Dewi ndelok perang tanding iku. Kabeh padha ngarepake Gathut Kaca menang lan bisa balekake katentraman ing kahyangan. Akhire sawise tarung, Gathut Kaca bisa ngethok sirahe Kala Pracona.

Sumber: http//manglawak.blospot.com

Miturut panemumu, crita pewayangan kanthi irah-irahan “Laire Gathutkaca” apa ana sambung rapete karo kasunyatan uripe manungsa ing saben dinane? Andharna lan wenehana bukti-bukti! Yen wis rampung, gatekna pitakon ing ngisor iki!

Mbacutake pasinaon 3, para siswa diutus guru kanggo ngringkes utawa nyritakake crita ing dhuwur nganggo basane dhewe. Basa kang digunakake yaiku sinau basa Krama.

Pituduh ngringkes !

1. Siswa maca kanthi teliti wacan Laire Gathutkaca 2. Nulis inti saben paragraf

3. Dikembangake nganggo basane dhewe 4. Banjur ditulis dadi crita sing anyar!

(9)

SMA NEGERI 6 MALANG 2017/2018 BJW-3.2/4.2/1/2-2

Sawise kowe kabeh sinau crita wayang bebarengan, apa sing korasakake? Apa pitutur becik kang bisa dijupuk? Saiki coba isien tabel ing ngisor iki!

No. Perilaku Ya Tidak

1. Saya bisa mengidentifikasi unsur Intrinsik dan Ekstrinsik teks wayang

2. Saya bisa menganalisis unsur Intrinsik dan Ekstrinsik teks wayang

3. Saya bisa menganalisis relevansi dari teks wayang

4. Saya bisa menceritakan teks wayang di depan kelas.

5. Saya bisa menanggapi cerita teks wayang Pituduh!

1. Wacanen teks crita wayang kang ana ing majalah Jayabaya utawa Panjebar semangat 2. Gatekna isi crita kasebut!

3. Banjur critakake crita nganggo basamu dhewe lan ditulis ing lembaran

4. Sawise iku maju ing ngarep kelas supaya kanca lan gurumu bisa mangerteni isi crita wayang sing kok ringkes.

(10)

SMA NEGERI 6 MALANG 2017/2018 BJW-3.2/4.2/1/2-2

DAFTAR PUSTAKA

Hidayah, Nurul dan Umi Nayirotin. 2015. Sayaga Basa Jawa kanggo SMA/MA Kelas X. Jakarta: Penerbit Erlangga.

Purnomo, Bambang. Dkk. 2015. Sastri Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA/ MAK Kelas X. Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.

Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W.. 2014.Wiyata Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas X. Surabaya: Penerbit Duta.

http://manglawak.blospot.com diakses tanggal 25 Februari 2017.

https://wahyusayogyarani.wordpress.com/2015/08/02/26/. Diakses tanggal 25 Februari 2017.

Referensi

Dokumen terkait

Karo Dewi Kunthi, Prabu Pandhu kagungan puta telu yaiku Puntadewa, Werkudara lan Janakaa. Dene karo Dewi Madrim kagungan putra kembar, Nakula lan

Tembung sing bener kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku ...... Ceceg-ceceg ing ngisor iki wangsulana

Adhedhasar bab kang wis diandharake, undering panaliten iki yaiku kepriye wujud perolehan basa Jawa bocah umur 3-4 taun ing Playgroup Auliya Kendal. Panaliten iki mujudake

Mampu mendengarkan dan memahami berbagai wacana lisan melalui mendengarkan berbagai bunyi/suara dan bunyi bahasa, pesan, ungkapan, cerita, dongeng, percakapan sederhana dan

Pak Mantri : “Ngene, kanggo nyegah lelara DB, kudu nindakake nguras wadhah banyu, ngubur barang-barang kang ora kanggo kayata botot-botol, kaleng, lan nutup

Rasulan iku ditindakake duwe ancas minangka sarana caos atur panuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa, amarga sasuwene setahun kepungkur wus diparingi kasarasan, keslametan, rejeki

Raden Pandhanarang utawa Pangeran Pandhanarang nganakake paseban karo para santri lan para abdi dalem. Pangeran Pandhanarang ndangu marang para santri mbokmanawa ana sing

Anggota punakawan kang tangane ceko lan mripate kero jenenge ….. Punakawan kang omongane lucu jenenge