• Tidak ada hasil yang ditemukan

WAHYU TRI MARGA JAYA

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2022

Membagikan "WAHYU TRI MARGA JAYA"

Copied!
6
0
0

Teks penuh

(1)

WAHYU TRI MARGA JAYA

KI ANOM SURATA

Kaserat Dening: Puthut Santoso Nugroho, S.Sn

1.JEJER DWARAWATI

Prabu Kresna, Raden Samba, Raden Setiyaki nampa praptane Prabu Baladewa. Rembug: Prabu Baladewa nakokake apa bener para kadang Pandhawa wis sawetara wektu padha mendra saka praja. Prabu Kresna nerangake menawa Para Pandhawa mbok menawa padha anggayuh wahyu. Awit miturut wangsiting jawata kang tinampa Manawa bakal tumurun wahyu tri marga jaya. Prabu Baladewa kepengin uga melu nggayuh wahyu, nulya pamit mertapa bakal tumuju ing Gunung Ngrewantakata pertapan Sonya Pringga. BUDAL. Prabu Kresna dhawuh supaya R Setiyaki lan R Samba tunggu praja. Prabu Kresna bakal nderekake tindake Prabu Baladewa. Kondur ngedhaton.

2.KEDHATONAN

(2)

Prabu Kresna lan para garwa Dewi Rukmini, Dewi Jembawati, Setyaboma. Rembug: Prabu Kresna nedya nyuwun pamit bakal ndhereke jengkare kang raka Prabu Baladewa kang bakal nggayuh wahyu ing Gunung Sonya Pringga. Prabu Kresna manjing pamelengan uga bakal nggayuh wahyu. Dipun lajengaken Limbuk lan Cangik ingkang sami gegujengan.

3.PASEBAN NJABA

Prabu Baladewa, Raden Samba, Patih Pragota, Patih Udawa. Rembug:

Prabu Baladewa ngandharake menawa bakal budhal nggayuh wahyu Tri Marga Jaya ana ing Gunung Ngrewantaka pertapan Sonya Pringga.

Raden Samba wadya bala dwarawati budhal humiring saha paring pakurmatan dhateng Prabu Baladewa. BUDAL.

4.BUDALAN.

Wadya Budhal. Prabu Baladewa lan Prabu Kresna sesarengan budhal nitih rata.

5.JEJER NAGARA SWARGA BANDHANG

Prabu Godha Yitma, Patih Godha Yaksa, Bega Yitma. Rembug: Prabu Godha Yitma sinaraya Prabu Duryudana. Wiwitane Prabu Godha Yitma nampa wisiking dewa menawa negara lan Sang Prabu bakal pulih kaya duking nguni lamun ta bisa dhaup lan titising Dewi Widawati. Nalika bakal ngupadi titis Dewi Widawati nglalang jagad tekan sak dhuwure negara Ngastina weruh Dewi Lesmanawati. Nalika nglamar Dewi Lesmanawati ana bebanane lya kuwi patine para Pandhawa. Prabu Godha Yitma nyidra para Pandhawa lan kalebokake ana njero sumur upas. Dhawuh marang patih Godha Yaksa supaya nagih janji marang Prabu Duryudana, yen Dewi Lesmanawati ora diulungake negara Ngastina diobrak-abrik. BUDAL.

6.PERANG

(3)

Wadya Swarga Bandhang kapapag wadya Dwarawati, sulayaning rembug dadi peperangan. Prajurit rumangsa kaseser lan tanpa guna ngladeni prajurit dwarawati, sigra nyimpang dalan. Budhal.

7.PADHUKUHAN KARANG KADHEMPEL (pathet sanga)

Ki Lurah Semar kaadhep Ki Lurah Petruk, Gareng, lan Bagong. Rembug:

Gegojegan sawetawis. Ki Lurah Semar susah amarga bendarane para Pandhawa padha morca saka Nagara Ngamarta. Gugat ngusap kuncung Sang Ywang Ismaya metu saka kuncung. Paring katerangan menawa para Pandhawa kajaba Raden Janaka lagi nampa penandhang kalebokake ing Sumur upas dening Prabu Godha Yitma srayaning Prabu Duryudana. Raden Janaka wektu iki disengetake Dewi Banowati. Dene Penandhange para Pandhawa iki minangka srana nggayuh wahyu Tri Marga Jaya. Ki Lurah Semar manteg aji puter giling Raden Janaka prapta ing Karang Kadhempel. Raden Janaka kadhawuhan nggayuh Wahyu Trimarga Jaya munggah Kahyangan. BUDAL.

8. PERANGAN

Lakuning Raden Janaka dugi sela panangkep kapapag para jawata kang wus pacak baris. Dinangu bakal sowan Bathara Guru bakal nyuwun Wahyu Tri Marga Jaya. Bathara Endra ora ngeparengake awit Bathara Guru lagi ora kersa nampa tamu sapa wae. Sulayaning rembug dadi peperangan. Rengkesing peperangan para dewa kasoran. Bathari Durga memba pusaka, tumama marang Raden Janaka pejah saknalika. Wisa kang ana angga kaserot dening Ki Lurah Semar satemah Raden Janaka waluya. Ki Lurah Semar lan Raden Janaka ngoyak pusaka kang lumebu ing kahyangan.

9.ADEGAN KAHYANGAN JONGGRINGSALAKA

Bathari Durga njaluk pangayoman lawan Bathara Guru. Ki Lurah Semar muring-muring marang Bathara Guru jalaran Durga gendhak sikara Raden Janaka. Bathara Guru nglenggana kaluputane, lan bakal paring nugraha wahyuning ratu. Nalika wahyu bakal kaparingake, astane

(4)

Bathara Guru ginigit dening Bathari Durga wahyu dadya oncat. Ki Lurah Semar lan Raden Janaka nyuwun pamit ngetutake wahyu. Bathari Durga diuring-uring Ki Lurah Semar wedi lan bali ing Kayangan Dhandang Mangore.

10.ADEGAN GUNUNG NGREWANTAKA (pathet manyura)

Prabu Baladewa lagi mbangun tapa wus kapanjingan wahyuning botoh kang wujud cahya ireng. Prabu Kresna kang sumurup wahyu wus manjing, sigra mungu Prabu Baladewa. Prabu Baladewa kaweling kudu sabar. Prabu Baladewa lan Prabu Kresna kondur ana praja.

11.ADEGAN NEGARA NGASTINA

Prabu Duryudana, Patih Sengkuni, Pandhita Durna. Rembug: Prabu Duryudana dangu kabare Pandhawa kepiye? Pandhita Durna matur yen Pandhawa mesthi wis mati kacemplungake ing sumur upas. Pandhita Durna uga matur yen nampa wangsit menawa dewa bakal nurunake wahyu botoh, wahyu ratu, lan wahyu senopati. Patih Sengkuni duwe pamrayogi supaya Prabu Duryudana uga melu nggayuh wahyu.

Katungka praptane Bega Yitma nagih janji njaluk Dewi Lesmanawati.

Prabu Duryudana ora nedya minangkani merga durung ana buktine Pandhawa mati. Sak liyane kuwi janjine bakal diulungake menawa pungkasane tahun lan dina, kamangka ora ana taun lan tanggal entek.

Sulayaning rembug dadi peperangan.

12.PEPERANGAN

Korawa perang lan Bega Yitma. Korawa kasoran lan bingung golek keslametan. Pandhita Durna duwe pamrayogi supaya ngentasake para Pandhawa awit kang bisa nandhingi Bega Yitma mung Pandhawa.

BUDHAL.

13.ADEGAN ING MARGI

Prabu Kresna lan Prabu Baladewa kang nedya bali ngrungu swara tangis ing sajroning sumur upas. Esthining galih bakal diprepegi. BUDHAL.

(5)

14.ADEGAN SUMUR UPAS

Prabu Puntadewa, Raden Werkudara, Raden Nakula, lan Raden Sadewa lagi nandhang kanin tanpa daya ana ing sajroning sumur upas, Raden Nakula lan Raden Sedewa among nangis wae. Kocapa ana cahya abang ya kuwi cahyane wahyu senopati manjing ana anggane Raden Werkudara satemah padha waluya lan sigra munggah mentas saka sumur.

15.ADHEGAN NJABA SUMUR

Raden Janaka kapapag kang raka kang lagi mentas saka sumur.

Rembug: Raden Janaka dinangu matur menawa ngetutake cahya abang wahyu Senopati. Semar matur menawa Raden Werkudara wus nampa wahyu Senopati. Katungka praptane Prabu Baladewa lan Prabu Kresna.

Prabu Baladewa ngungun meruhi kahane para kadang Pandhawa.

Prabu Kresna matur menawa kabeh lelakon kang gawe cintrakane para Pandhawa ya kuwi Prabu Duryudana. Prabu Baladewa krungu critane Prabu Kresna duka yayah sinipi sigra ngajar Prabu Duryudana lan Korawa. BUDHAL.

16.PERANG

Prabu Baladewa kapapag Prabu Duryudana kang nedya njaluk pengayoman. Ora diayomi nanging malah diajar satemah wahyu oncat lan manjing dhateng Prabu Kresna. Ki Lurah Semar nengahi kabeh wis kodrate jagad. Prabu Duryudana nyuwun pangayoman marang Prabu Kresna saking panyeranging Raden Godha Yitma. Prabu Kresna ngasto senjata Cakra, Raden Godha Yitma ajris nuli bali ing negara Swarga Bandhang. Prabu Kresna, Pandhawa, Prabu Baladewa, Prabu Duryudana bebarengan sesanti awit wis kelakon nampa wahyu Tri Marga jaya.

TANCEP KAYON.

(6)

Referensi

Dokumen terkait

inokulum: inoculum Bahan yang mengandung jasad renik hi- dup untuk dimasukkan dalam atau dipmdahkan pada suatu inang atau media. interbiotik: interbiotic Sifat hi- dup

Dengan ini saya menyatakan bahwa dalam skripsi yang berjudul “A Study of Tzvetan Todorov Narrative Structure in Marc Webb’s 500 Days of Summer” ini tidak

Penelitian ini bertujuan untuk menggali lebih jauh tentang mekanisme pelayanan terhadap pendaftaran penduduk pada Dinas Kependudukan dan Pencatatan Sipil Kabupaten

Berikutnya pada tahun 1994, Draft Statute for an International Criminal Court, 9 yang menjadi cikal bakal Statuta Roma, yang juga merupakan hasil kerja International Law Commission,

Namun prinsip ini dapat dikecualikan jika: (I) pengadilan bertujuan untuk melindungi orang yang bersangkutan dari tanggungjawab pi dana untuk kejahatan yang berada di

Adapun kontribusi media dalam pelaksanaan layanan bimbingan dan konseling secara lebih spesifik dipaparkan oleh Burdin dan Byrd (1999) sebagai berikut. 1) Isi layanan

Berangkat dari kasus tersebut khususnya pada siswa SMP Islam Daarul Muttaqin bahwa dalam penggunaan teknologi berupa handphone yang selalu dalam genggamanya