1
Kangen
Padanging srengenge pajar Kang nggugah isineng donya Kang ora tinandhing barang liyan Obahing sikil tan krasa ing pikir Mlebu lintang kang agung Pikiring ati lagi sumpek Sekar melati methuthut alum Ngenteni udan kang wes supe Mbrebes mili godhonge
Nanging sepet paraupan kembange Anunggu-nunggu tekane udan
2
Ora Jodho
Anyeping mbengi kang den rias saljuning panas Tan bisa ngademke rasa umup
Pletas... ora bisa den cegah
Mbedhodhok kang ngsilake banyu raga Malaikat pada wedi, setan wus dadi Ing kratoning widodari
Ora bisa mbukak goa kang katutup watu tresna Krenggosan, abot, watu goa jalma mbukak Ora metu akeh Mung angin kang ngetutake “Sira dudu jodhomu”
3
Ayeming Rasa
Semiliring angin kang ndadeake trenyuh ati iki Tes... tes..
Suara Banyu netes ngenani ati sing lagi mbesengut Mili ana ing plataran lambe sing lagi mencep
Pangrungu kang madep marang ati kang pada metutut Tak pancal pedalku iki , ben ra okeh banyu sing pingin demek awakku
pangiyup kang tansah nerima rasane awak amarga polah ing gawe Lan katon tangan kang ngawe-ngawe Kaya gegodhongan kang keterak bayu Atis, anyep, adem pada leren ana ing badan Karepe wedi karo udan
Tak arep-arep ... aku mlebu ing angeting raga.... Ing panggonan kang gawe ayemme rasa
4
Rasa Kang Ngapusi
Ghodhong-godhong joget kaajak angin sore iki Kewan-kewan ora keri melu nyindhen
Kemlawe tangane krambil kaya melu bungah Kaya kaya kabeh padha ngerti kahanan iki Rasaning raja menang Sayembara
Mripat tan ngawang mapak widodari Munggah undak-undaking katresnan Playon-dolanan ing plataraning mega
Kekancan emban-emban grapyak-grapyak tur sumeh Tapi mung lelamunaning wong kang kaweden
5
Uculing Rante
Manjing lurung sepi pepadhang Kawur ora duwe sentir
Lumikir barang keng angel den pikir Lumunturiing tresna Rama ing Sinta Ora mung kaya uriping laron Uga ora mung ngobahke tangan
Ucule ya kaya nguculake rantai tanpa gaman Tapi sinta ora bisa denaru-aru
6
Priyayine Negara
Udan gethih, banjir tangis Ya ra gumun..
Kuwi ora liya salahe dewe Di iming-iming duwit limang ewu Mung diijoli bodhon kang pertela Penggawean apa sing ora ana arta
Penggawean apa sing ora gawa keluwarga Wis angel den goleki
kaya goleki emas ing petenging aspal ngana kok den ambali
kok ya pada imbuh-imbuh lali ayo pada den rewangi negarane supaya dadi priyayi
7
Beda
temetes luh kaya udan, ngrasa isin sikil-sikil ora kaya lumrahing manungsa puthul, gangsrut ngelus alusing aspal gepok sumanake srengenge
ora bisa sesrawungan suara kendhang budhek...
picek... bisu...
gawe beda marang liyane kudune ya bisa luwih apik
tinimbang kaya kahanan mengkanana isin
isin...
8
Barang Ora Genah
Barang cilik ndadekake perkara Marai metu eleke ukara Wes cetha katulis marai lelara Lha kok malah pada mara Nginiki sing goblok sapa?
Jarene nek ora dilakoni ndadeke sepa Lha apa ora mikir, sing nang andengmu beka Dadi wong kuwi ya sing peka
Woooo dasar rokok
Ndadiake wong podo pekok Marai wong bengak-bengok Sing nang cedak kupinge kopok
9
Maju Apa Mundur
iki jaman wes maju, jarene dudu jaman butadudu jaman Bratayudha dudu uga mahabarata
ananging ana sing ngluwihi Rahwana ora ketung kang ngluwihi sengkuni aduh aduh
jaman maju kok saya mundur apa ra ngana?
10
Menungsa Blaka
Ademing pengeran dalu kang gawa ayeming ati Kekancan adhi-adhine kang pating kerlip
Kembang-kembang ing taman kang katon seger Kaya gambarake suasana ati iki
Kaias keluk kang padha ngumpul ing payon agung Metu lawang cilik uyel-uyelan gonthok-gonthokan Sikut-sikutan, dhupak-dhupakan
Alah-alah,,..
Menungsa-menungsa Edan-edan
Ya wis ngana kui Menungsa
11
Wektune
Iki wektune dewe
Nuduhke digdayane dewe Obah-obah
Gawe Owah-owahan
Aja mung meneng manut kahanan Ngendi kajadukanmu?
Ngendi utek pikiranmu Mbok ya digunakna Mung pasra???
12
Mantep Ati
Ngiyup-ngiyup ing emper tangga Mlaku ing dalan kang saya ngadoh Keterak angin kan pada playon
Di antem lirikane srengenge Kukuhing ati mantep ing dalane
Sang saya suwe indahe sang saya katon
Netepake suku mandeg ing pepanggihan Ing panggonan kang asri
13
Dara Keplara
Lelakune ati iki ora beda kaya lindu kang banget Ora kahanan kang biasa
Widodari kang sinanding emban-emban Anggawe kahanan kang kaya mangkana Urupiing ati katresnan
Dara-dara keplara ing negarane
Kemlawe-kemlawe ngarepake deweke Kaya sepur bantere tanpa mlengus Nguwus, ngedebus,...
14
Pasujudan
Ratu kidul tangi saka ranjang Miyak banyune kaya rambut Para seopati umyek ing pagaweane Gematuk mara pasujudan
Sumbribide angin isuk
Tan bisa nembus kandele busana alame Ngadep ing bendarane
Tan bisa nutupi ilining banyu suci Kang gawe ademing ati ingsun
15
Jebule
Jas panganggone, merek terkenal jalukane
Apik banget tumpakane, lha piye moh yen ora miliyar regane
Sembribit ambune , wangi ganda perfume Kuwi mau saka ngendi dhuwite
Saiki lagi musime
Para manungsa kang ngunggulake jabatane Sing kaentuk saka dhuwite
Arupa nyuap uga ditindake kae mau saka ngendi jebule “Wong cilek”
Sapa meneh sing sengsara Kuwi ha’e sapa
Sing nang ngisor mung bisa nampa Apa wae nakale sing nduwe kuwasa Dil-adil maz adil… saiki kue nang endi Iki ana sing wigati
16
Ana sing nyokoti Negara kang lagi nutupi Nutupi apa..?
17
Suwe Lali
Wit-witan pada gegudakan gugah ati kang lagi mendung sumpek, judeg pikiran mubeng
suara mau ngrasa ngundang gawa ati ing plataran kang padhang Adzan mbengok, ngakon mara pasujudan
Tentrem adem ayem
Ing kana pancen gawe ati tentrem Jebul aku suwe wis ora bener
18
Akeh liyane
Dredek nandang rasa wedi Ngrasaake obahing nadi Ambekan kang padha balapan
Lakonane alon-alon sejangkahing menthok Pangarepe mabur kaya manuk
Sing diarep-arep delik mbuh ngendi
Sumpek judek campueur ana ing puketing pikir Misuh-misuh kaya lonte
Otote ati anyegah Apa ora ana liyane?
19
Sapa Bocah Kuwi?
Madu wae kalah apa maneh gula Kalah apane? Petruk takon Apa ya truk
Lho kok malah takon petruk mangsuli Kalah manise..
Guyune ngawe apa wae ora mlengos Ati iki takon-takon sapa ta bocah kui? Ayune ra ketulungan
Aduh biyung-biyung sapa bocah kui? Gawe atiku ra karoan
20
Ayu saka Ati
Dudu kuwi sing tak goleki Dudu kuwi sing tak karepke Dudu kuwi sing tak sir Ora mung paraupan Ora mung awak ora mung dapuran
iki mbuh saka ngendi ayune gawe bebaya ora saka mata ananging saka ati
21
Donya
Elek apik Bener salah Anyar amoh Resik rusahKabeh kuwi ana sifate Tapi kok di kembarke , Malah ana sing di wolak walik Sing elek diapik-apike
Sing apik dielek-elekke
Bener di salahke , salah dibenerke Wong bener di gorohake
Jaman akhir polahe lucu-lucu Dipanggonke ora marang panggone Pengene negara maju, sing genah wae Negara tentrem ayem
22
Bisa Ngamuk
Sapa sing ora mbutuhake Apa wae akeh digunaake Adem ayem nyenengake Nanging...
Yen kaya saiki?
Mbuludak, nubruk apa wae dirusak Ora den pilih, apa bae ditabrak Pancen ora atos, naging kok ya rosa Yen kaya ngene iki, ngamuk-ngamuk Sapa sing ora wdi?
Sapa sing maneni? Nginiki salahe sapa?
23
Adate
Masalah, perkara kuwi bumbuning urip Nangip urip ora kangga golek perkara Musyawarah carane wang jawa Kanggo ngrampungke perkara Cara iki diadopsi ing negara Iki beda , wis beda
Olehe nerapke ing negara
Kudune golek dalan liya, malah golek masalah liya Seneng rembukan mung golek kesalahan liyan Ngolah lathi, kaya kembang melati
Ngetoake rupa kaya arjuna Jebul ati kaya buta
24
Ngrasa
Aku ora wuta Aku ora bisu Aku ora budek
Nanging... nanging.. nanging Kok tega.. kok tegel
Deleng wong kaya mangkana Wong kang den aniaya Wong kang den dzolimi Pancen bener
Yen fitnah kui luweh kejem karo mateni Gusti bukake ati ira
Atining manungsa Supaya isa pada ngrasa
25
Dudu Ajaran
Saiki jaman edan
Yan ora edan ora keduman
Une-unen kuwi guyonan apa tenanan? Sing mesthi ora iklan
Urip kuwi kudu cekatan, ana ing gawean Iki dudu dolanan
Manungsa aja mung ngetokke kaapikan Sing ala di umpetke , wedi yen konangan Sandang, pangan uga papan aja dadi kautaman Sing, katon mung kerakusan
Sing jane di utamakke kuwi akure tetanggan Iki dudu wejangan
Lan dudu pengarepan apa meneh ajaran
Iki mung omongan, manungsa kang ora weruhan Tapi nduweni rasa kang diwujudake gremengan
26
Saka Cilik
Ngedekkake apa bae kanggo nyegah Kanggo goleki kango ngresiki
Ngocah-ngoceh gembar gembor Mara rana mara rene
Mlebu kana mbebu kene
Nanging kabiyasaan cilik di kulinakke Saka nyontek, bocoran aduh
Saka cilik wes dibiyasake Kapan enteke?
27
Ninggalake
Geger iki grak-grek grak-grek Kecodos-codos apa bae dirasaake Gemlerok ati iki, Jerat-jerit
Sliramu tresna marang liyan Gecek-gecek, ngajurke rasa iki Rasa sing kependhem taun-taunan Tak jaga, tak reksa
Saiki mung bisa netes ati Langit abang mbranang mbulan ngece-ngece pancen iki nasibku
28
Salah Kaprah
Tahun mbentahun Kabeh pada ngetoake Duwit sitik kanggo ngijoli
Lemah, motor, mobil kang arupa upeti Pancen , duwit samono ora sepira Kanggone wong kang kuwasa lha kanggone wong kang rekasa? Mara rene mara rana
Utang rene utang rana Iku mung kanggo mbayari
Yen wis tekan nduwr kok padha dikorupsi Aduh... apa ngene iki kelakuane negara iki Apa-apa mbalik ana ing korupsi
29
Urip Lucu
mung bisa ngguyu ngguya-ngguyu
pancen urip iki mung geguyunan lucu-lucu aduh wes ora ana sing genah apa wae gawa dhuwit
pingin rana gawa dhuwit pingin nang dhuwur gawa duwit sing ora duwe duwit terus piye? Apa terus-terusan
30
Kekarepan
Mripat iki tan bisa guyu
Glerat-gleret jendela anggugah Tugel-tugel boyok iki
Wes ora bisa dijak mergawe Ati kang nyoba ngajaki kancane Kang ora gathuk karo kekarepan Kekarepan iki dudu baen-baen Mula kancane pada mangkat
31
Kancaku
Tembok pancen kukuh
Langit, ora ana kang maedo yen duwur Ademe es ora bisa kang tinanding Aku pinginkaya mangkana Dadi kang paling duwur
Paling kukuh paling sekabehane Ora bisa kawujud kuwi kabeh
Yen tanpa bocah-bocah sangar ing mburiku Sapa kui
32
Saka Awak Dhewe
Ombak gedhe ing donya
Pepeti, urip iku saka sing ngenggoni Duwekmu-duwekku, saiki jamanmu Kabeh kuwi pancen panduwenmu
Ananging apa yakin nak kuwi mung panduwenmu? Barang iki tipis tapi medeni
Lenture ngyakini
Iki dudu mbedeki, apa maneh ngapusi Lha kok pada wedi
Lambe kuwi pancen duwekmu Kuwi uga bisa dadi bebendumu Mung pintere kowe milih dalanmu Akeh pada rusak saka iku
Gawe kahanan kang ora akur Kaya anak panah ing busur
33
Ora Kuciwa
Wit-witan pada kemlawe Damen-damen pada sumeh Sumanak banget lemah ireng iki Nyambut ing wong cilik iki
Angin-angin anggawe lelagon kang indah Gawe kahanan kang ora kuciwa
Manuk-manuk pada bedhak-bedhakan Padha geguyonan
34
Kaca
Namung Unen-unen Bening ora banyu Atos ora watu Kotak alus dudu kayu Malah dadeake geguyu Iki apa....
Jare biyungku.... kaca
Ing jaman saiki, negara wis meh pecah Aku mung jaluk kaliyan pamerintah Sifat kaca bisa dadi petuah
Bisa kanggo ngilo, trasparan uga indah Negara sing dak senengi ora bubrah
Iki dudu kaca benggala, kang duwe kasekten Mung iki kudu diwiwiti
35
Wayahe Rampung
Rasaning ati wis ora bisa ngrasa Isih pahit tinimbang jamu Coba salin sinalin
Gajul-gajulan
Geger iki ngrasa abot
Gotong barang kang ora mbobot Nanging ngalahi barang kang abot Rasa iki kudu dirampungi
Luwih apik tinimbang di lakoni Iki wis cukup
36
Pantesan
Kemlebat bandamu,nutupi sutraning alam Putih resik panutup ira
Bening, genahke mata kang lagi mandang Ana kembang kang mekar ing dhuwurmu Sedep, arum, gandane ngundang mahkluk Iki mung awujud kudung
Kudung –kudung ... apa kanggomu Gawe ayu?
Nutupi panas? Apa nutupi kaalanan?
Wolak walike jaman, kudung kanggo pantesan Jarene supaya kembar karo kancane
Aduh- aduh ana meneh ngang gone yen pas pengajian Beda meneh yen gombale klawus, moh nganggo Salah kaprah
37 Ayu Kuwi mung bonus
38
Mung Bisa Ngenteni
Manuk dali clingak-clinguk Mripate kaya ula ngincer mangsa Segawon menggeh-menggeh Nunggu bendaraneTahun-tahunan sliraku angentani Widodari kang denapit jejodhonane Tresna ora kudu anduweni
Wleas asih kang kudu denduweni Ya mung bisa nunggu sliramu Saka talenane lelanangmu
39
Cidra
Gluduk ana ati
Angin kang seger uga ana ing ati Ana apa sing tak rasake saiki
Rasa seneng lan wedi, nyampur dadi siji Pingin taktokake, tapi apa sing ditokake Indahing donya dadi siji
Kuwi ana ing awakmu Tak wanikake nulis surat Tak selehake ing meja kelasmu
Tak arep-arep balesanmu ngnti ra isa turu Awan iki aku pas-pasan
Lambemu mesem, ngiyasi rupa ayu panduwenmu Bali sekolah aku mlayu, mara ing mejamu
Salembar kertas ana ing kana Tak waca alon-alon
“aku pingin kuwe dadi kancaku,dudu pacarmu, senengku beda karo awakmu”
40
Negaraku
Gegunungan kang ngayomi
Banyu kang akeh isine ing samudra Wiji mulya kang ora winates
Gendera kang kaya slendang biduwan Kang lagi golek sawer
Ora ngenal kesel
Mung negaraku kang anduweni Ara ana sing bisa anyaingi Yaiku negaraku Indonesia
41
Saiki Nangendi?
Saiki kuwe ana ing ngendi Demokrasi kang sejati
Dudu demokrasi kang ngobral janji Semana, kue di gemborake
Lan ngalahake cara monarki Saiki seng katon mung jenenge iki carane sapa..
cara sing gawe bingunge negara
insyiyur, presiden wis lali iku apa, apa meneh mahasiswa
pancen, lambe kuwi panggonan sing kerep ngapusi beda karo kang ana ing jero ati
apa pancen wis padha ora duwe ati
42
Anyeping Wengi
Anyeping wengi Wengi kang anyep Nyep...nyep...nyep Brrr...
anyeping wengi iki Kaya rasaning ati
Ora ana kowe kang ngancani
43
Isining Donya
Aspal ing ratan kang kukuh Pasrah, nerima di idak-idak Yen bendarane bisa lewat Mergawe kang tenanan ora kenal wegah urip kang nyata urip ing donya urip kang rekasa
44
Ora Kacekel
Manuk dali pabad bali Srengenge wis mudhun Mak cep...
Ora bisa tinutur Pancen ora jodho Banjur arep dikapakake?
Sing dikarepake ora kacekel Mung bisa dedonga
45
Cara Saiki
Kapikir ing batin
Rekasaning para sedulur
Luh, kringet padha netesi, kesele awak sing lagi gebuki Semangat, mung bisa angalahi
Jiwa patriotisme kang lagi di uji
Tetep, madhep njaga konsentrasi, para atlet,kang lagi mbelani
Mibere gendera nagara kang kita tresnani Yen wis umur naging ora diajeni
Apa meneh disumbang , sing genah waeora diwangsuli Iki mung awujud dihormati
Iki dudu godhong jati, dudu kemangi mung godhong mahoni
kang ora bisa diduwiti, anangiing kanggoku mung butuh diijoli
46
Beda
Mburap-mburaping geni Kricik-kriciking banyu Nduweni kaendahan
Aku kaya mengkene akeh salahe Kowe iya kaya mangkana
Dhewe..
Kuwi karya gusti kang ora den tandingi
47
Wolak-walike Jaman
Wolak-walike jaman Kadhang ya ora patut Kabeh pada antri BBM,BLT uga LPJSeneng aku lahir ing negara iki
Nganti- nganti korupsi kuwi ya pada antri Bar kasus iku, ngaleh kasus iki
Gayus, Nazarudin, bubar kuwi Angie
Aku lahir ing negara iki Rakyate pada rukun Kabeh-kabeh bareng Yen ora bareng ora gelem
48
Kesengsem
Gegodhongan miber-miber ngundang Srengenge nginceng, ana ing sawaliki mega Kembang –kembang pada mekar
Tawon padha-nyebut-nyebut Ratuning penggalih mudhun Kinawal widodari, lan prajurit
Ati iki miber-miber, weruh kang kaya mangkana Eseme pait madu, gawe bombong
Lanangan kabeh padha kesengsem Rasa iki pengin nduweni
49
Diwiwiti
Malaikat lagi undang-undang Wayah golek panuntun Panuntun ing kabacikan
Tetanggan dadi paseduluran Ing petenging dalan kabagusan Wis suwe anggone den tinggal
50
Ngenteni Sliramu
Jentrek-jentrek lampu dalan Ngawe-awe aku
Ngajak geguyanan karo kancane
Den rayu karo pepadhange Nanging ati iki isih peteng Isih ngarepke sliramu
Langit mbengi iki kaya weruh rasaning atiku Kang lagi nunggu sliramu
Kang ora bisa sinandhing marang sliraku
51
Aja Ngrasa Cukup
Adheming rasa kang kasibak dening angin mbengi Pratandha kasile polah suwe iki
Den rasa wis apik..,
Manungsa kang padha marem Ngrasa cukup
Bener yen kandhamu cung
Yen kowe kudu sinau.. aja cepet marem Aja ngrasa cukup
52 Biografi
USMAN HANAFI lair ing
Mojokulon, Banjarejo, Blora, 22 Agustus 1993. Namatake SD ing SDN 1 Banjarejo, banjur lulus saking Mts Khozinatul Ulum Blora. SMA ditamatake ing MA Negeri Blora. Nglanjutake sekolah ing Universitas Negeri Semarang tekan saiki.
Awit saka SD wes kerep melu Organisasi. Ing SD yaiku Dokter kecil, lanjeng ing SMP melu OSIS, diteruske ing SMA melu IPNU. Ing Unnes melu Kridamadu UKM Keseniyan Jawa lan Hima Bahasa lan Sastra Jawa Unnes