• Tidak ada hasil yang ditemukan

HAMEMAYU HAYUNING BAWANA

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "HAMEMAYU HAYUNING BAWANA"

Copied!
13
0
0

Teks penuh

(1)

HAMEMAYU HAYUNING BAWANA

Dening

Prof Dr Marsigit, M.A, (Semar Panuju)

(Seorang Marsigit ingkang gadhah gegayuhan nyinau piwulangipun ki Lurah Semar Badranaya)

E begegeg ugeg ugeg sak dulita hmel hmel, anakku kabeh Gareng, Petruk sarta kowe Bagong, muji syukur mring kang murbweng dumadi ing atase awake dhewe jejere punakawan kaya ngene, bakal ditimbali sowan ngarsa dalem sampeyan dalem Sri Sultan Hamengku Bawana kasedasa, ing kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Bapakmu iki arep didhawuhi medarke werdine “hamemayu hayuning bawana” tumrap kraton lan propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta, sarta cak-cakane tumrap pangembange pendidikan

alandhesan budaya. Ayo kowe kabeh padha melu aku, pada nganggo klambi sik apik, lan padha dijaga tata krama utawa suba sita. Kowe anak-anakku padha menenga dhisik, bapakmu iki arep nyadhong dhawuh mring ratu. Muga kita kabeh tansah pikantuk pangayomane Gusti ingkang Maha Kuwasa. Gusti Prabu.

Ngaturaken sembah pangabektos kula wonten ngarsanipun Ngarsa Dalem Sampeyan Dalem Sri Sultan Hamengku Bawana kasedasa, mugi kasantosan, karaharjan, kabegjan, kaendahan, kaadilan lan kawicaksanan, tansah kasirira wonten panjenenganipun gusti kula, sumrambahing dhumateng sedaya para punggawa, nayaka, abdi dalem, sarta sedaya kawula. Nyuwun pangapunten mbok bilih kula ka anggep cumanthaka wantun sowan jengandika, sak lajengipun keparengan kula ingkang abdi nyadhong dawuh.

Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh

PAMBUKA

E begegeg ugeg-ugeg sak dulita hmel-hmel, wonten ngarsanipun sinuwun Nata rabu ing Ngayogyakarta Hadiningrat saha para pepundhen sedaya, keparengan ing riki kula badhe matur bagagan “hamemayu hayuning bawana”, ingkang tuhu sanget wigatos lan dados penggalihan lan gegayuhanipun sedaya para kawula sak inggening praja. Atur kula alandhesan jejere kula minangka kawula ing Praja Ngayogyakarta Hadiningrat, kepengin dherek anyengkuyung kupiyanipun para bandara kula mujudaken nagari ing

(2)

Kados ingkang sampun kaweca sabda dalem Sabdo Rojo, mei 2015?,

“Gusti Allah, Gusti Agung, Kuoso Cipto paringono siro kabeh adiningsun, sederek dalem, sentono dalem lan abdi dalem nompo welinge dawuh Gusti Allah, Gusti Agung, Kuoso Cipto lan romo ningsun eyang-eyang ingsun, poro leluhur Mataram wiwit waktu iki ingsun nompo dawuh kanugrahan dawuh Gusti Allah, Gusti Agung, Kuoso Cipto asmo kelenggahan ingsun Ngarso Dalem Sampean Dalem Ingkang Sinuhun Sri Sultan Hamengku Bawono Ingkang Jumeneng Kasepuluh Surya ning Mataram, Senopati ing Kalogo, Langenging Bawono Langgeng, Langgeng ing Toto Panotogomo. Sabdo Rojo iki perlu dimangerteni diugemi lan ditindakake yo mengkono sabdo ingsun.”

Wonten ing lumahing bawono, Sabdo Rojo punika minangka salah setunggaling

pratandha wontenipun lampahipun jaman ingkang saged kaperang dados gangsal: jaman peteng, jaman binuka, jaman sinengker, jaman mardika, jaman antep-antep, jaman prabasa, lan jaman anyar. Jaman peteng nalikane manungsa dereng saged ngangge pikir lan raos utawi atinipun. Jaman binuka nalikane manungsa wiwit tinarbuka nalaripun, kepengin mengertos werdine sedaya wujud wadhag ingkang saged kapancahindriya. Jaman sinengker nalikane manungsa mboten saged manggih bhebener piyambak, nanging kasengker dening bhebeneripun setunggaling golongan manungsa sanesipun. Jaman mardika nalikane manungsa wiwit ngginaaken nalaripun kangge nyekapi sedaya

kabetahan, kalebet madosi kuwasa cipta sejati utawi panembahipun. Jaman antep-antep nalikane manungsa ngegul-gulaken nalar lan pikiripun kanti ninggalaken panembahipun. Ing jaman antep-antep punika lahiripun gatranipun dajal ingkang badhe nguwaosi bumi sak lumahipun. Jaman prabasa nalikane bangsa setunggal nelukke lan jajah bangsa sanesipun sarta mendhet sedaya bandhanipun. Jaman anyar inggih punika jaman sak punika inggih kasebut jaman kuwasa adi, jaman kuwasa bandha, kuwasa seneng, jaman kuwasa wadhag, jaman kuwasa piguna, jaman kuwasa mardika. Jaman peteng dumugi jaman mardika kalebet ing jaman kalatida. Jaman antep-antep dumudi jaman anyar kalebet ing jaman kala bendhu.

Hamemayu hayuning bawana punika kupiya ngupadi tumurune wahyu manunggaling kawula gusti lumantar kanugrahane Bathara Wishnu ingkang saged ambabar watak kasantosan, karaharjan, kabegjan, kaendahan, kaadilan lan kawicaksanan tumrap ratu lan sedaya kawula lumebering manca negari lan sedaya negari lumahing bumi. Lenggahe hamemayu hayuning bawana wiwit sedaya kawula, nara praja, para resi, sentana dalem, ratu, sarta para ratu. Lampahe hamemayu hayuning bawana manut lampahe wernane wahyu kawula gusti jrone lakune jaman. Sabdo Rojo lan Dawuh Rojo punika

(3)

SABDA RAJA

“Gusti Allah, Gusti Agung, Kuoso Cipto paringono siro kabeh adiningsun, sederek dalem, sentono dalem lan abdi dalem nompo welinge dawuh Gusti Allah, Gusti Agung, Kuoso Cipto lan romo ningsun eyang-eyang ingsun, poro leluhur Mataram wiwit waktu iki ingsun nompo dawuh kanugrahan dawuh Gusti Allah, Gusti Agung, Kuoso Cipto asmo kelenggahan ingsun Ngarso Dalem Sampean Dalem Ingkang Sinuhun Sri Sultan Hamengku Bawono Ingkang Jumeneng Kasepuluh Suryaning Mataram, Senopati ing Kalogo Langenging Bawono Langgeng Langgenging Toto Panotogomo.

Sabdo Rojo iki perlu dimangerteni diugemi lan ditindakake yo mengkono sabdo ingsun.”

Tumuruning kanugrahan saking Gusti Allah, Gusti Agung, Kuoso Cipto tumrap rojo ing Mataram arupi dhawuh lumantar poro leluhur Mataram supados dipun mangertosi sedaya sederek dalem, sentono dalem lan abdi dalem, lajeng dipun ugemi lan dipun tindakaken. Sabda Raja lajeng kasusul Dawuh Raja saking Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun Sri Sultan Hamengku Bawono Ingkang Jumeneng Kasepuluh Suryaning Mataram, Senopati ing Ngalogo Langenging Bawono Langgeng, Langgenging Toto Panotogomo tumrap rayi dalem supados hanyekseni Kadawuhan netepake Putrinipun Gusti Kanjeng Ratu

Pembayun minangka Gusti Kanjeng Ratu Mangkubumi Hamemayu Hayuning Bawono Langgeng ing Mataram.

Jatine Sabda raja lan Dawuh Raja punika kanugrahanipun ywang wisesa, ingkang

sampun dawah utawi mandhap tumrap raja ing Mataram, katingal thorong-thorong tejane angenguwung njampangi sedaya nagri lan para kawula kacihna ketingal sedaya para kawula sami katingal rena ing penggalih, saya sengkud ing pendamel, saya gumregud laku lampahipun pasinaon, saudagar lan dedagangan, praja katingal tata, titi, tentrem, gemah ripah loh jinawi, saya gumregud lampahing panembah. Eee..tumrap ingkang waskita sampun mengertosi jatinipun, lenggahipun lan lampahipun kanugrahanipun Bhatara Wishnu. Hamemayu hayuning bawana, mangayubagya rahayuning bawana mapan wonten telengipun sedaya sedaya cipta. Ananging sedaya cipta dereng tartemtu mangertosi jati, lenggah lan lakune kanugrahane dewa.

(4)

kaya gelap sewu muni bareng yen kacandra kaya bisa nyigar jagad. Upamakna slaka-slaka cheleng, ngibaratna inten-inten bumi, kapendhema sak dedeg sak pengawe taksih katon mancorot tejane kanugrahane dewa. Sedaya manungsa lumahing bumi samya alok eram kepengin mangertos, sang saya dangu kepengin nyinau, niru lajeng sami tumindak sami, hanyengkuyung tumurune kanugrahane Bhatara Wishnu tumrap sedaya manungsa.

MANUNGGALING KAWULA GUSTI

E gusti bandara kula, taksih lajengaken atur kula.

Jatinipun kawula gusti punika wadhah lan isine, wengku lan sing diwengkoni, cipta lan watakke, pesthi lan pesthane, tunggal lan jamakke, wektu lan panggonane, nalar lan kasunyatane, ajeg lan obahe, gawan lan kasile, ati lan lakune, panembah lan kawulane, ratu lan kawulane, tulada lan contone, biyen lan sikine, siki lan sesukke, wiwitan lan pungkasane, tata lan kramane, dhalang lan wiyagane, lanang lan wadone, tuwa lan anome, esuk lan sorene, pikir lan tembunge, tembung lan tulisane, tulisan lan

tumindakke, langit lan bumine, busur lan panahe, dunya lan akherate, becik lan ketitike, ala lan ketarane, becik lan swargane, ala lan narakane, nandur lan ngundhuhe, sebab lan akibate. Sedaya ingkang kasebat punika wau kawastanan “watak”.

Manunggaling kawula gusti punika manunggaling utawi njumbuhaken watak kawula lan gusti. Sedaya cipta punika wadhah, sedaya cipta punika inggih isi. Boten wonten wadhah tanpa isi, boten wonten isi tanpa wadhah. Boten wonten wengku lamun bote wonten inkang diwengkone, ugi boten wonten ingkang diwengkone menawi boten wonten wengkunipun. Sedaya cipta punika watak, sedaya watak inggih cipta. Boten wonten cipta tanpa watak, boten wonten watak tanpa cipta. Mekaten lsp. Manunggal ngemu teges meneng jroning obah, obah jroning meneng, sampurna jroning ora sampurna, ora sampurna jroning sampurna, pestha jroning pesthi, pesthi jroning pestha, rame jroning sepi, sepi jroning rame.

Lenggahe kawula gusti jrone wujud wadhag, wujud srawung, wujud wengku, wujud pikir, lan wujud ati utawi panembah. Wujud wadhag nalikane manungsa hamung saged ngginaaken pancahindriyanipun. Wujud srawung nalikane manungsa ngupiya

njumbhuhake watak siji lan sijine tumrap manungsa sanesipun. Wujud wengku arupi pranata utawi tatacaranipun anggenipun manunggal kawula lan gustine. Wujud pikir manungsa kedah ngginaaken pikiripun kados pundi njumbhuhake watak kawula lan gusti. Wujud panembah badhe paring panuntun dhumateng manungsa nglenggahaken kawula gustine.

(5)

gilige, watak putra pandhawa awal akhire, watak putra pandhawa janji gatrane, watak putra pandhawa munggah medhune, watak putra pandhawa tunggal jamakke, watak putra pandhawa papan wektune, watak putra pandhawa jangka nyatane, watak putra pandhawa setya cengkahe, watak putra pandhawa wadhah isine, watak putra pandhawa tuladha contone, watak putra pandhawa sengguh mingkuhe.

Watak putra pandhawa adat ciptane, watak putra pandhawa padha bedane, watak putra pandhawa pranata budayane, watak putra pandhawa kiblat pertikele, watak putra pandhawa njaba jerone, watak putra pandhawa pandom cak-cakane, watak putra pandhawa wahyu pepintane, watak putra pandhawa memayu hayune, watak putra pandhawa hayu rahayune, watak putra pandhawa tunggal ikane, watak putra pandhawa sangkan parane, watak putra pandhawa gedhe cilike, watak putra pandhawa wangenan lan senggolane, watak putra pandhawa bhener lupute, watak putra pandhawa sepi ramene, watak putra pandhawa titi tentreme, watak putra pandhawa karta raharjane, watak putra pandhawa memala mewasuhe, watak putra pandhawa sabar narimane, watak putra

pandhawa rumangsa bisane – bisane rumangsa, watak putra pandhawa pandom pandume, watak putra pandhawa mukti wibawane, watak putra pandhawa bahu dhendhane, watak putra pandhawa karyenak tyasing sasamane.

Watak putra pandhawa bhener jejere, watak putra andhawa salah selehe, watak putra pandhawa trah rembhese, watak putra pandhawa lathi pakartine, watak putra pandhawa cakra manggilingane, watak putra pandhawa jayaning rat sura sudirane, watak putra pandhawa mati jati mrajak jarake, watak putra pandhawa nandur ngundhuhe, watak putra andhawa utang nyaure, watak putra pandhawa asih asahe, watak putra pandhawa asah asuhe, watak putra andhawa mati muktine, watak putra pandhawa tata krama

panyendhune, watak putra pandhawa duga prayogane, watak putra pandhawa ijab khobule, watak putra pandhawa pepundhen petilasane, watak putra pandhawa karsa ciptane, watak putra pandhawa cipta rasane, watak putra pandhawa tuladha ngarsane, watak putra pandhawa karsa madyane, watak putra pandhawa daya wurine, watak

pandhawa ngelmu lakune, watak pandhawa setya pangekese, watak putra pandhawa tuwa anome, watak putra pandhawa longkangan panggonan – palungguhan panepenne, watak putra pandhawa tuna sathak bathi sanake, watak putra pandhawa tontonan tuntunane, watak putra pandhawa empan papan duga prayogane, watak putra pandhawa ayom ayeme, watak putra pandhawa apariksa amisesane, watak putra pandhawa hasta bratane.

KALA MANGGLINDHINGAN

(6)

ninggalke atine. Jaman kalabendhu ing wekdal punika kawiwitan nalika manungsa nyuwun idi palilah mring jawata nggunakke pikir lan ngelmune kanggo mangung uripe. Nanging jawata nalika semanten sampun paring wewaler manawi manungsa ngegulke pikir lan ngelmune tanpa nggegulang atine, manungsa bakal tebih mring sesembahane lan dadi pangane bathara kala sak prajurite.

Underanipun perkawis ing jaman kalabendu punika amargi pancen manungsa sampun ngegulke pikir lan ngelmune nanging ninggalke atine. Manungsa gadhah watak milik nggendhong lali, ketungkul mring ciptakaryane nganti lali utawa nglalekke jatining urip saka kuwasane ywang wisesa. Dhasar watakipun manungsa mboten wonten cukupipun, mbalah pikiran lan ngelmune diengge cobi damel pesthi ngungkuli pesthine ywang wisesa. Manungsa sak punika sampun kenging bebhendhune dewa, tebih kalih dewane lan sami nglanggar utawi nglangkahi kodrate dewa, kadosta tiyang jaler padha kepengin dados tiyang wadon lan kosok wangsulipun, tiyang jaler remen kaliyan tiyang jaler, tiyang wadon remen kaliyan tiyang wadon. Mangka punika dados awisanipun dewa. Kanti pikir lan ngelmune, manungsa saged damel mawarni-warni ciptakarya, wonten sing kenging kangge mabud dhuwur, ambles bumi utawi nyingklem seganten. Manungsa kados kalipur dening ciptakaryanipun piyambak sakhengga ketungkul lali mring

sesembahane. Mbalah saya dangu saya bubrah tata panguripane manungsa, rumaos saged nyekapi uripe hamung ngangge pikir lan ngelmune. Manungsa saya dangu saya nranyak rumaos mboten perlu lan merloke panguwasane ywang wisesa, mbalah wonten sak perangan manungsa rumaos saged ngrobah kodrate dewa.

Amargi sami ninggalaken ati utawi panembahe, manungsa ing jaman kalabendhu niki sami boten mangertos manawi sampun dipun dikuwasani dening sejatine dajal, inggih punika dunya lan sesembahane bajulbarat lsp. Ing wekdal puniki, dunya sampun

dikuwasani dening dajal. Sayektinipun dajal punika kahanan sing damel rusakke jagat lan pranatane. Dajal gadhah watak mrabasa punapa kemawon kanggo ngumpulke bandha dunyane. Dajal hamung saged mengerti badhan wadag, dajal ngangge ngelmu

manekawarna waton, waton sugih, waton bathi, waton cepet, waton kepenak, waton dhisik, waton urip, waton ketok, waton dhemen, waton gampang, waton bisa ditrajang, bisa dimangsa, bisa kuwasani, bisa disogok, bisa diapusi, bisa dicolong, lsp. Dajal gadhah watak cengkah, watak congkrah. Gambarane mripate dajal kuwi hamung siji hamarga mboya bisa ndelok sak benere, mboya bisa mikir sakbenere lan wis ora kanggonan atine. Lampahe dajal bakal bekta korban manungsa ingkang kathah, inggih punika manungsa ingkang sampun kelangan ati utawi panembahe.

Dajal manggen wonten sadengah papan ingkang sampun boten pikantuk

pangayomanipun ywang wisesa. Wonten kratonipun dajal, sedaya pangarsane agama lan para resi sampun saged dipun kunjara. Ratune dajal lajeng saged hangripta mawarni-warni wewangunan ingkang tujuanipun kangge ngedohke manungsa kulawan

(7)

dajal rumah tangga, dajal politik, dajal budaya, dajal piranti, dajal dedagangan, dajal tetembangan, lsp. Watakipun dajal, saged lembut ngungkuli banyu, atos ngungkuli watu, jero ngungkuli segara, dhuwur ngungkuli langit, cepet ngungkuli angin, pinter ngungkuli dewa. Dajal saged malih rupa apa wae manungsa, kewan, watu, banyu, lsp. Boten wonten manungsa wantah ingkang saged nandhingi lan ngembari kasektene dajal. Dajal saged mlebu metu pikirane manungsa, mlebu metu atine manungsa, napa malih maneh wadhahge manungsa hamung dinggo gatheng. Dajal boten gadhah negari ananging nguwaosi sedaya nagari. Dajal dijangkung marang dewa lima, ekonomi, politik, budaya, pendidikan, lan teknologi.

Lampahipun dajal punika mawarni-warni, sepindhah dajal damel nagari naminipun nagari global, lajeng kupiya mrih sedaya manungsa lumahing bumi supados nyawiji dhumateng watak wantunipun nagari global. Kaping kalih, dajal damel pandom

naminipun standar global, mawarni-warni standar becik, elek, bener, luput, seneng, sedih, kepenak, mulya, pantes, sopan, sehat, lara, sejahtera, kabeh manungsa lumahe bumi manut kalih standare dajal. Sak lajengipun, dajal damel program ekonomi, politik, budaya, pendidikan lan teknologi supados sedaya manungsa lumahing bumi manut lan cocok kalih standare dajal. Nek saged sedaya negara dados nagari cabange negari dajal. Manawi sedaya manungsa lumahing bumi sampun kedaftar dados wargane negari global, dajal banjur nyebar prajurit kanggo nguwasani lan nguwatke ekonomi, politik, budaya, pendidikan, lan teknologi dajal. Kratone dajal undhak-undhakan, ngisor dhewe nggo nguripi manungsa watak watu dinggo jongos, ndhuwure nggo kunjara wong agama lan resi utawa wong sing nyembah dewa, nduwure dinggo manggon para ratu telukan, ndhuwure dinggo manggon resine dajal, ndhuwur dhewe di nggo manggon dewane dajal.

CAKRA MANGGILINGAN

(8)

Ee..bandara kula ingkang minulya, kula namung drajate kawula alit kepengin mangertosi jati, lenggah lan lampahe cakra manggilingan manunggale kawula gusti. Ee..kula

mendhet gampilipun, “cakra” punika bunder, “manggilingan” punika ngglindhing, ha inggih saged ngglindhing amargi bunder. Ngelmune Vedanta cakra manggilingan boten wonten sanes kajawi lampahing wektu utawi wekdal jroning papan utawi cipta lan lampahing papan utawi cipta jroning wektune. Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat katingal thorong-thorong tejane jangkep lampahing manunggaling kawula gusti, saklangkung jangkep katimbang nagari-nagari manca lumahing bumi. Punapa sabab?

Sakmoncer-moncere nagari manca, anggenipun nglampahaken manunggaling kawula gusti hamung manut tigang perkawis: watak mudhun, watak leter lan watak munggah. Mangka nagari manca tetungguling nagari lumahing bumi mbalah anggenipun

nglampahaken manunggaling kawula gusti namung setunggal cara manut lampahing “panah”. Kawontenan makaten badhe mbekta watak: mlaku ora ngerti mandhege, mlaku ora bisa menggok, mlaku ora bisa bali, mlaku ora ngerti tujuane, mlaku tan weruh kiwa tengene, mlaku hamung kanggo butuhe dhewe, mbalah kepara mlaku nrabasing wewaler lan watese panembah. Kamangka watak mekaten sampun ngrembaka nrabasing sedaya panguripan lumahing bumi lumantar lampahing politik, ekonomi, pendidikan, sosial, budaya, lan teknologi. E bandara kula, inggih punika para winasis ingkang saged mastani lampahing dajal wonten ing jaman kalabendhu. Lampahing dajal katitik saking

pambengipun bhebener bandha, bhebener piguna, bhebener wadhag, bebhener mardika sampurna, lan bebhener nak kepenak, ananging nyingkiraken bhebener panembah sarta ngegul-gulke pikir tanpa nggegulang ati lan cipta rasane.

Manunggaling Sabda Raja lan Dhawuh Raja ingkang kawengku dening wahyune Astabrata mujudaken cakra manggilingane lampahe kawula gusti kangge methuke kanugrahane Bathara Wishnu ing tundhane saged kangge hamemayu hayuning praja lan kawula minangka sarana mbengkas laku dajal wonten ing lumahing bumi manut

lampahing watak putra pandhawa. Jati, lenggah lan lampahing Kraton ing Ngayogyakarta Hadiningrat wiwit sejarah Mataram Kuna, Majapahit, Demak, Pajang ngantos sakpunika, mujudaken cakra manggilingane jati, lenggah lan lampahing gatra wadhag, srawung, wengku, ngelmu lan panembah manunggaling kawula gusti awatak putra pandhawa.

Watak Antasena, tansah ngupadi jati, lenggahlan lampahing sakwernaning ngelmu kalebet ngelmu Vedanta, snajan ngantos dumugi dhasaring samodra pisan. Watak

(9)

punika kabeh isen-isen jagad raya. Jroning sejatine ngelmu punika wonten ngelmu sejati, mangka ngelmu sejati punika ngemot sejatining ngelmu.

Watak Antasena saged medar sejatining ngelmu ingkang kedah adhedhasar ngelmu sejati. Mangka ngelmu sejati punika kuwasane ywang Wisesa. Pramila sinten kemawon

manungsa ngupadi sejatining ngelmu kedah mawi landhesan ngelmu sejati inggih ngelmu sangkan paraning dumadi. Sak sintena pados sejatining ngelmu boten adhedhasar ngelmu sejati badhe nemahi samsara lan tundhane boten bakal tinampa mring pangayunane ywang Widi. Watak Antasena madosi ngelmune manungsa wonten kalih, nalare lan kawruhe. Loro loro atunggal boten saged madeg dhewe. Nalare manungsa punika dasa watak nawa: mapane jroning pikir, playune mudhun, kantepane ajeg, benere tiba janji, bisa nrawang kang durung dumadi, wujude sampurna, watake puguh, tinutup bukane binuka tutupe, tan kinira papan lan wektune. Kawruhe manungsa punika inggih gadhah watak dasa watak nawa: mapane njabha pikir, playune munggah, kantepane ora ajeg, benere tiba anyipati, watake cengkah, binuka bukane tinutup tutupe, paugerane kodrat wiradat, cinencang papan lan wektune lan wadhag tingale. Watak Antasena santosa, makmur, begja, endah, adil lan wicaksana pinanggih kanugrahane bathara Wishnu, saged mangertos sadurunge winarah.

Watak Antareja, saged migunaken ngelmunipun kangge diri, keluarga, masyarakat, nusa lan bangsa, snajan nrabasing bhantala pisan. Watak Antaraje ngelmune saged ngambles bumi, golong gilig nggayuh marga utama lan marga mulya, begja utama begja mulya damel kasengseme ingkang sami mirsani, damel utama lan damel mulyane pra kawula. Watak Antareja upas wrayangan ngelmune saged mbhengkas sedaya rubeda lan giri godha, lekase kas santosa mring panembah, jumbuhe lelaku, laras ngelmune, gegulang keprigelane lan paripurna kawruhe. Watak Antareja tan suwung jrone pikir tan wuta jrone paningal, wadhag srawung wengku lan panembahe. Wadhag watake bocah, srawung ngelmune lumrah, wengku papane bhebener, panembah sangkan paraning dumadi.

Watak Antareja bisa ngambles bumi nrajang papan lan wektune mustikane bawana. Watak Antareja saged manggih sedaya cipta kersa boten kersa, eling boten eling, niat boten niat, sedaya samya lumampah ing papan saha wekdal. Papan tegese kene kana, iki iku, adoh celak, amba ciut, jebhul sedaya cipta punika inggih papan. Wekdal utawi wektu punika wingi, saiki lan sesuk, sedhela lan suwe. Watak Antareja pinanggih punika sedaya kodrate utawi pesthine jawata, mangka manungsa diparingi pestha wiradate. Lumahing bumi papane sakwernane manungsa nggone bisa mlaku jrone papan lan wektune dhewe-dhewe. Watajk Antareja santosa, makmur, begja, endah, adil lan wicaksana pinanggih kanugrahane bathara Wishnu, kekiatanipun saged mikul bumi.

Watak Abimanyu, kukuh kekeh mring bebhener luhur, tangguh tanggon wani ngadhepi kasunyatan, ngadhepi bebaya, sarta netepi janjine. Wani toh pati wutah ludirane mbelani negara lan bangsane kanti laku brahmana, tansah nggegulang mring ngelmu lan

(10)

lampah cakra manggilingan kawula gusti, srawung mring sakabihe, kurmat mring leluhur sinartan kaderekken perpat punakawan ingkang tansah ndayani ing wuri. Sinatriyanipun Kraton Ngayogyakarta gegadhuhan watak Abimanyu, nalikane Sri Sultan Hamengku Buwono IX lan Sri Paku Alam VIII piyambak-piyambak wonten ing surya kaping gangsal,wulan September tahun 1945 ngedalaken maklumat bilih negari Ngayogyakarta Hadiningrat lan Kadipaten Pakualaman manunggal utawi nyawiji dhumateng Negari Indonesia, kanti tetep dados pemimpin wonten Daerah Istimewa Yogyakarta. Watak Abimanyu sepi ing pamrih rame ing gawe saiyek saeka praya manunggaling kawula gusti mbelani nagari sedumuk bathuk senyari bumi, dibelani nganti pecahing jaja wutahing ludira. Watak Abimanyu, para kawula padha melu duwe rasa handarbeni mring negarane, wani melu hangrungkebi kanti tansah mulat sarira hangrasa wani. Watak Abimanyu santosa, makmur, begja, endah, adil lan wicaksana saged mbengkas sedaya

Watak Gatutkaca manunggaling kawula gusti, inggih ratune inggih kawulane,

gegadhuhan watak amemangun praja. Praja ing Ngayogyakarta Hadiningrat gegadhuhan watak Gatutkaca amemangun wanguning praja, kuncarane duwur snajan sumundhuling ngawiyat kadi dene mebure sang Gatutkaca ing ngakasa. Manunggaling kawula gusti awatak Gatutkaca, ratu, punggawa lan naraprajane bisa ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Ratu kang hamengku bisa nampa lan ngayomi sakwernane apa kang dumadi, gedhe cilik, lanang wadon, tuwa anom, wadhag, srawung, wengku, ngelmu lan panembah. Ratu kang hamangku bisa nurunke kanugrahane Bathara Wishnu, kabeh nggayuh santosa, makmur, endah, begja, adil lan wicaksana, ya dinggo kabeh. Ratu kang hamengkoni bisa ngayomi lan ngluwari samsarane para kawula dasih.

Watak Gatutkaca candrane senopati ngaprang ing tegal kurusetra, berbudi bawa leksana, paring pangan wong kaluwen, paring banyu wong kasatan, paring teken wong kalunyon, paring payung wong kudanan, paringg kudhung wong kepanasan. Watak Gatutkaca manunggaling kawula gusti, kawulane pada nguri-uri bebrayan agung, sih kinasihan asah asih lan asuh, rukun agawe santosa crah agawe bubrah, sugih tanpa bandha, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake, rahayune manungsa dumadi karana kamanungsane. Watak Gatutkaca, sebaya mati sebaya mukti, sepi ing pamrih rame ing gawe bekti marang rama ibu, kadang, sedulur lan ngenguri panembah, ngewongke lan diuwongke, ngerti tata krama tandane ngerti papan lan wektune, empan papan duga prayoga. Watak Gatutkaca memangun praja, ngleruri piwulange leluhur seni budaya adat istiadat, ngudi lan migunakke sakwernane ngelmu kang piguna, laras karo ngelmune Vedanta,

cakramanggilingane jabha njerone, jagad cilik jagad gedhe, wadhah isine, kawula gustine, gunung alase, dataran segarane, lan tata gelare. Watak Gatutkaca memangun bebrayan agung nguri-nguri tradisi leluhur mitoni, tingkeban, brokohan, puputan,

njenengi, kekahan, khitanan, mangun bale somah, mingkar mingkuring ukarane ngaurip. Watak Gatutkaca santosa, makmur, begja, endah, adil lan wicaksana pinanggih

(11)

Watak Wisanggeni cakra manggilingane lampah kawula gusti, inggih ratune inggih kawulane, samya nggegulang ing tata panembah awit pancen gatra lan lakune cinaketan mring panembahe. Watak Wisanggeni pinter, wasis, wegig, waskitha nyumurupi kersane jawata sarana nggegulang lan nyinaoni kitab sucine agama, lajeng makna jati, lenggah lan lampahing sangkan paraning dumadi, mulih mula mulanira tan kena kinaya apa, jroning jagad alit lan jagad ageng. Watak Wisanggeni watak njumbuhke cakramanggilingane kawula gusti adhedhasar kanugrahane bathara Wishnu manut lakune jaman saha papan lumahing bumi, ngemot watak Antasena, Antareja, Abimanyu lan Gatutkaca. Watak Wisanggeni mangerteni obah musiking kahanan, owah gingsiring kasunyatan, kasunyatan jati, jatine adoh tanpa wangenan cedhak tanpa senggolan, ngerti sakdurunge winarah. Watak Wisanggeni santosa, makmur, begja, endah, adil lan wicaksana pinanggih kanugrahane bathara Wishnu, saged amemangun lampahe panembah.

KACA PAESAN WEDANTA

Ee…begegeg ugeg ugeg sak dulita hmel-hmel. E hui hui hui hui bandara kula ingkang sanget kawula tresnani. Kaca paesan vedanta punika paripurnane ngelmune para winasis lan winaskitha kangge lantaran tumurunnipun wahyu cakra manggilingan manunggaling kawula gusti hamemayu hayuning bawana. Lekase kas ana ora ana, ana mbok manawa ana. Wonten napanipun? Wonten ciptanipun, cipta jrone njabane pikir, cipta ajeg owah gingsire, cipta sampurna ora sampurnane, cipta nyata ora nyatane, cipta kawekas kawulane, cipta nalar srawunge, srawung wadhage, cipta nalar panembahe, cipta janji lakune. Ha nggih jejere titahing abhatara, sang saya dangu saya ngrembaka sang saya dangu saya nglegena, lajeng ndewake ciptane dhewe-dhewe dedhreg-udhreg punapa malih manungsa para resi snajan para dewa samya rebutan bebhener cipta.

E inggih vedanta punika njalari wontenipun mawerni-werni golongane manungsa lumahing bumi. Lajeng kasebut golongane manungsa manut bhebenere dhewe-dhewe, bhebener pikir, bhebener sampurna, bhebener ajeg, bhebener ora ajeg, bhebener wadhag, bhebener srawung, bhebener wengku, bhebener panembah, bhebener dewa, bebhener manungsa, bhebener nyata, bhebener ora nyata, bhebener ana, bhebener ora ana, bhebener bhener, bhebener luput, bhebenar tunggal, bhebener jamak, bhebener langit, bhebener bumi, bhebener wadhah, bhebener isi, bhebener gusti, bhebener kawula, bhebener cakra, bebhener kala, bhebener mangglindingan, bhebener manggilingan, bhebener dhewe, bhebener kanca, bebhener bandha, bhebener piguna, bhebener mardika, bhebener kuwasa, bhebener pasar, bhebener panggung, lsp.

E bandara kula kepareng taksih matur, golongane manungsa lan pambengane bhebener mbanyu mili manut iline cipta karyane manungsa lan kodrate dewa. Underaning

(12)

witit jaman rumiyin ngantos jaman sakpuniki. E nggih niku ingkang kasebat

golonganipun positivisme ingkang dipun pandhegani dening Auguste Compte, 1857, saking nagari Prancis. E dhasar nggih kangge lantaran mijilipun gatrane dajal, Compte boten pitados dhumateng panguwasane dewa saged kangge landhesan mangun jagat, awit miturut pemanggihipun agami punika boten saged dinalar. E niku nggih niku anggen kula gita-gita kepengin sowan ngabyiantara jengandika badhe ngaturaken bab niku.

Wewangunane lan wewengkonipun kraton in Mataram Ngayogyakarta Hadiningrat katon tejane cetha wela-wela wadhag jrone wengku, wengku jrone ngelmu, ngelmu jrone panembah; gegadhuhan kaca paesan vedanta saged mirsani kana kae doh kana doh kene hing kana lahire gatrane dajal ingkang sakpunika sampun saged nguwaosi jagat. E luput saking pandulu, gatranipun dajal sampun tiwikrama sakpunika dados rayeksa geng sak gunung anakkan jejuluk Prabu Prahekalima. Kratonipun Prabu Prahekalima wonten ing nagari Global, patihipun jejuluk Haryo Global. Kasebat Prahekalima nggih awit

ratunipun dajal punika dumados saking gangsal bhebener golongane manungsa: bhebener waton (pragmatisme), bhebener nak kepenak (hedonisme), bebhener bandha

(kapitalisme), bebhener mardika sampurna (liberalisme), lan bebhener wadhag (materialisme).

Kaca paesan vedanta saged mirsane lampahe dajal sepak trajange prabu Prahekalima lan patih haryo Global. Ratune dajal ngginaaken mawerni-werni cara kangge mrabasa lan nguwasae jagat, ngupiya ngowahi utawi nggantos landhesanipun adeging nagari sanes, nggegiri godha ratu nagari ingkang badhe dipun kuwaosi, damel perjanjen adhedhasar ruda paksa lan apus-apus, ngedohke ratu kulawan kawula nagari ingkang badhe dipun kuwaosi, damel congkrah antarane kawula, sentana, punggawa, kadang, lan para resi, damel cara ngiwahi adat istiadat, nyingkur mring leluhur, bebingung ati lan pikir bener digawe luput, luput digawe bhener, tontonan digawe tuntunan, tuntunan digawe tontonan.

Ratune dajal ngginaaken gangsal bhebener, bebhener bandha, bebhener wadhag, bebhener piguna, bebhener mardika sampurna, lan bebhener nak kepenak. Lamun sampun kenging bebhener bandha, kathah-kathahe manungsa badhe ketungkul gung-gungke bandhane, rina kulawan ratri telenging ati lan pikir wontenipun namung bandha, sedaya panguripan ukuranipun inggih bandha. Bandha kengingg kangge punapa

kemawon mbalah ugi kening kangge tumbas bhebener jati lan sanesipun. Bebhener punika underanipun utawi telengipun utawi wengkunipun, tiyang ingkang namung dumugi bebhener wadhag, maggihipun sedaya bebhener inggih namung dumugi wujud wadhag ingkang namung saged dipun pancahindriya. Golongan manungsa bebhener wadhag boten saged pinanggih jatinipun panembah inggih margi boten pitados.

(13)

mardika sampurna ugi bebhener palsu sabab boten wonten titahing abhatara ingkang saged nggayuh kasampurnan jati, sampurna jati punika namung gegadhuhane ywang wisesa. Jaman kalabendhu sak puniki sampun saya kathah manungsa ingkang klebet dhumateng golonganipun bebhener nak kepenak, nggunaken sesanti waton asal waton, waton kepenak, waton gampang, waton cepet, waton bisa, waton lega waton wareg, lsp.

Kangge njangkepi prabasaning tumrap negari-negari sanes lumahing bumi, ratune dajal ngginaaken panah Tunggalpanca, tunggal inggih awit setunggal karep mrabasa lan

nguwasani nagari, panca wujude sula, sula ekonomi, sula politik, sula sosial, sula budaya, sula pendidikan lan teknologi. Sula ekonomi manut lampahe bebhener bandha, sula politik manut ngelmune kekancan, bebhareng lan kongsi, sula sosial manut lampahe bebhener pasar lan bebhener panggung, sula budaya manut lampahe bebhener bandha lan bebhener nak kepenak, sula pendidikan manut kaliyan pandom utawi standar ingkang sampun karipta lan kalanggengaken wiwit tataran global.

Ratune dajal sampun ngripta ngelmu lan teknologi ngasilke wujud cupu ingkang dayane ngeram-ngeramke jagad. Kados kenging ipatipun resi Gutawa nalika semanten,

garwanipun dewi Widrarti kenging giri godhanipun dewa diparingi dolanan wujud cupu naminipun Cupumanik Astagina. Ketungkul dolanan cupu ngantos lali sedayanipun, lali garwa, lali anak. Lali kadang, mbalah lali panembah. Dipun dangu resi Gutawa, dewi Widrarti boten purun jawab amargi nggih boten saged jawab, mendel kemengan jroning atinipun. Dukane resi Gutawa nibake sepata dewi Widrarti salah gedaden dados reca. Cupu lajeng dipun bucal dhawah ing bengawan, sami dingge rebutan Guwarso, Guwarsi lan Dewi Anjani. Kenging dayane cupu piyayi tetiga putra resi warna datan mangerti sangkan paraning bebaya malih wujud dados senggana. Ipat-ipate resi Gutawa taksih gedadosan ngantos jaman sakniki, sedaya kawula boten ngemungke anom, sepuh, lanang, wadon, gedhe, cilik, kawula, punggawa, kabeh pada golek cupu wujude hp. Samya ketungkul dolanan hp tanpa kenal wayah mbalah lali mring sesembahane.

Referensi

Dokumen terkait

Tulisan ini menguraikan perjalanan dan perubahan petani di Desa Parulohan yang dimulai era puncak perkembangan pertanian kopi tahun 1988, dan dinamika perubahan

Gambaran kecemasan dan depresi pada pasien gagal ginjal kronik yang menjalani terapi hemodialisa.. Muscle relaxation for anxiety disorder: It works

mutual relations antara orang tua dan lembaga TAPAS, hal ini diperlihatkan dengan beragam cara seperti bentuk kerja sama yang dilakukan di TAPAS, yaitu saling bekerja

Media memiliki peran penting dalam pembelajaran. Pembelajaran mungkin saja bergantung pada keberadaan seorang pendidik. Bahkan dalam situasi ini pendidik mungkin saja

Penelitian ini paling utama adalah untuk mencari jawaban tentang beban kerja pegawai BRI Unit Ketro Kantor Cabang Pacitan dan mencari solusinya apabila ternyata

Dari gambar diatas dapat dijelaskan bahwa data citra gambar yang diperoleh dari kamera akan diproses oleh Raspberry Pi menggunakan Python dan OpenCV dengan

Berdasarkan hasil analisis data, keseluruhan hipotesis diterima dimana orientasi pasar berpengaruh positif dan signifikan terhadap keunggulan bersaing, keunggulan

Collaborative filtering adalah teknik yang paling banyak digunakan pada sistem rekomendasi dengan cara menjumlahkan rating atau pilihan dari suatu produk, menemukan