• Tidak ada hasil yang ditemukan

SERAT WULANG WANITA serat wulang wanita

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "SERAT WULANG WANITA serat wulang wanita"

Copied!
7
0
0

Teks penuh

(1)

SERAT WULANG WANITA

PUPUH I

DHANDHANGGULA

1. // Murweng sarkara nata sung wangsit / mring sagunging

wanita kang samya / winengku marang priyane / kudu manut sakayun / ngayam-ayam karsaning laki / lelejema mrih rena / karanane iku / dadi jalaraning tresna- / ning wong priya yayah guna lawan dhesthi / pasthine mung elingan //

2. // Aywa linglung lengleng nora eling / lalu lina lelabaning lara

/ badan tumekeng atine / titi tan mikir wuruk / angrerusak budi tan wening / sangsaya mring sarira / ras-arasen nurat / wulanging bapa lan biyang / yekti pantes tinurut jer iku dadi / jalaraning tumitah //

3. // Tetepana tartamtuning estri / pan pinetri wewadining

badan / dadi tartip iku rane / tartip tegese urut / runtut titis wajibing estri / titis bener tegesnya / nering driya iku / ywa liya mring lakinira / rah-arahen ywa arda driya den manis / ulat wijiling sabda //

4. // Dadi kanggo tinuruting laki / jer ta sira miturut tur awas /

marang karsaning lakine / nuraga dadi iku / marmaning Hyang asih mring dasih / sumingkir duka cipta / iku adatipun / labet labuhaning kuna / kang kasusra wanita kanggo ing laki / yogya linaluria //

5. // Myating solah myang karsaning laki / kira-kira mrih

reseping karsa / dadi timbang mrih perlune / laki kongasing kalbu / bungah lengah-lengeh kang estri / tinurut sayoga salin / tan bosen mamrih lejar //

7. // Jer ta iku dudutaning pikir / dadi sumeh semune tan giras

(2)

iku / bebresih wida myang sekar / sawatara dadi panggugahing ati / lakinta nora kemba //

8. // Bisikane sang raja ing Demis / pan wus umum sakehing

wanita / gung nepsu cupet budine / lalen dhemen ginunggung / nora ketung bayar rong ringgit / janjine ana ujar / ngrika wonten dhukun / bisa nyarati wanita / jambe suruh saranane kanggweng laki / ginugu tan tinimbang //

9. // Mula akeh wanita yen laki / pitung dina branane wus bebas

/ pinunjungken mring dhukune / tombok darbeking kakung / busanadi prabot anangkil / konangan jinemalan / tur sudasihipun / awak lesah ati susah / tan tinulung mring lakine muring-muring / gering cekek dadakan //

10. // Ngagak-agak sebute dharindhil / iya talah nora kaya

11. // Lali lamun jalaraning urip / pijer mikir sukane don karsa /

ingundang keh semayane / nanging kalamun padu / jaranthalan prapta pribadi / dhuh adhuh wong wanita / sun puji tyasipun / mituruta sakeh wulang / lerepena driyanta supaya dadi / tuladan marang putra //

12. // Jer ta lumrah wong iku sesiwi / yen alaa nenulari putra /

dadi tan ana ajine / tininggal bapa biyung / ngayang-ayang tanna ngajeni / sama-sameng tumitah / uripe ngalincut / cinacat turuning sudra / mider-mider mring lyan praja samya uning / yen iku trahing kompra //

13. // Angalompra tangeh wruhing becik / goroh umuk tur sugih

carita / yaiku dadi gelare / mrih kandel mring lyanipun / pakantuka gone ngapusi / sire lir pokrul jendral / bisane calathu / iku wong durjana sabda / dipun eling sakehing manungsa sami / ywa kongsi nandhang bronta //

PUPUH II ASMARADANA

1. // Ywa lalu mandayeng laki / lali pijer don asmara / kalimput

(3)

2. // Pan mangkono wong aurip / jangkane kudu jinangkah / kang ririh amrih ywa cewet / katekan sakarsanira / lumintu tan rekasa / pae karsa kang kasusu / suh sirna tanpa karana //

3. // Sumaraha mring Hyang Widhi / kang asung urip mring sira

/ den rapet ngadu pasemon / semuning Gusti kawula / den jumbuh ywa bencorah / ngarah lestarining kusuk / pasemone pinrih jomblah //

4. // Jomblah wanuh ingkang wredhi / mangkene upamanira /

pawestri iku wajibe / den weruh budining priya / dimen tuk sih tan kendhat / bokmanawa wuwuh-wuwuh / wahaneng tyas marang sira //

5. // Ruwiyaning para putri / ing kuna wus cinarita / ing Ngarab

myang Jawa kene / kang utama piniliha / sakadaring sarira / linaras lan jamanipun / mrih tumrah tinoning kathah //

6. // Pathining we jalanidhi / ron lempuyang misih mudha /

wus sayah kang ngripta mangke / aririh dera mangarah / runtute kang wiyata / tarlen mung dadya pangemut / tyasing wanita mrih arja //

7. // Kasmaran ngungune guling / angripta kadi supena / sedya

andugekken maneh / pitutur mring pra wanita / yogyane baresiha / jro wisma myang badanipun / mrih rahabing kadang mitra //

8. // Ingkang sedya amartuwi / pirangbara lamun bisa / nyugata

amrih sukane / kadang mitra ingkang samya / tuwi krasan rerasan / saking bisa tindak-tanduk / ingaranan bojakrama //

9. // Boja suguh ranireki / krama tembung kang mrih lejar /

tyasing tamu mrih jenake / tan age mulih dumadya / pratandhane yen sira / sinihan sesaminipun / janma yogya linuria //

10. // Karanane wong antuk sih / ing manungsa iku tondha /

Hyang Manon kang ngosikake / den agung sukuring Suksma / muga ta lestaria / sihing Hyang turun-tumurun / tumekeng dina kiyamat //

11. // Mupangati lair batin / wong sinihan sameng titah /

tumruntun prapta drajate / sasedyane pan tinekan / mangkana adatira / manungsa kang arsa luhung / sumingkir marang kanisthan //

(4)

KINANTHI

1. // Nganthia wulanging ratu / kang wus mashur nguni-uni /

budweslam samya tetilar / nalar kang amrih nulari / mring budi dadine jembar / brekahi mring anak rabi //

2. // Pirabara lamun sarju / liyaning ahli kapengin / miturut

wiyata arja / ujer iku mufangati / mring badan lan ahlinira / resep antuk kojah becik //

3. // Cobanen kalamun ngrungu / ujaring kang dadi wiji /

wijining utameng karsa / yekti tentrem tyas kang gingsir / lan sire dhewe sulaya / janma len yekti tan sudi //

4. // Darbe mitra kang kadyeku / tan wande andarawasi / nulari

sakehing nalar / milar milalu medeni / wis aja sinruwe padha / wong ingkang pangawak dhemit //

5. // Dhemen wadul lir wong nglindur / dora ragane mrih becik

/ cilakaning lyan sinedya / kadya setan nunggang ilir / saben nglilir angupaya / luputing tongga pinikir //

6. // Keri gatel lambenipun / kalamun nora ngrasani / mring

konca mitra kekadang / iku tetela yen dadi / awak uwong ati setan / tan kena dipun tambani //

7. // Pantes ngalap opah iku / saben sasi sing pulisi / cukup

digo tuku madat / lan pacitan sawatawis / yen wus seger nuli lunga / golek warta mrih bilai- //

8. // Ning wong kang nora tartamtu / mung tamtu antuk pawarti

/ tinata denira dora / supadya kandeling wingking / wuwuh blonja wuwuh madat / awak kuru gelis mati //

9. // Patine akeh kang sukur / saksat kelangan kalilip / nora

gedhe nanging lara / marang mata brebes mili / mulane para sujanma / aja kadi dhuwur iki //

10. // Pikiren utamanipun / solah muna lawan muni / ron roda

kinarya ajang / gong alit munggel irami / pikiren dhingin supaya / tan kabanjur tindak nisthip //

11. // Buring carma aranipun / ibu Sang Duryudanaji / lestarining

barang karsa / angel lamun tan ngawruhi / sasmitaning mongsakala / lalu luluh tan pakolih //

12. // Pilihen wong urip iku / utama kalawan nisthip / begja

(5)

13. // Jaman katon jroning turu / marga we kang munggeng tritis / den kaepi sakeh wulang / tinimbang mrih babar budi / budiman baboning gesang / sarana parek mring Gusti //

14. // Gusti iku keh liripun / gusti lair gusti batin / laire sri

naranata / ing batin kang maha suci / karone kudu sinembah / mrih utameng dunya ngakir //

15. // Mapan pae patrapipun / sembah lair sembah batin / laire

sarana tangan / batine dumunweng ati / tinata dipun tetela / laraping don pinrih titi //

16. // Tartip tetep titis teguh / ginodha gunging pangeksi / tan

rinungu tan rinasa / mung ngrasa nikmating ati / ati runtut wus tinata / tataning tindak utami //

17. // Rinambah liring pitutur / marang samoaning estri / den

alus jatmikeng tingkah / lire sabdanira manis / supadya dadya nang-onang / sengseming driya mimbuhi //

18. // Den awas sasmiteng dunung / dununge karsaning laki /

dhuh babo babo wanodya / yen tan wruh karsaning laki / rudah ing cipta tur dadya / kuwur ngawur kowar-kawir //

19. // Kaweran ing genging napsu / kesusu tan antuk kasil /

kesliyo tyas temah ngredha / kena karencaneng eblis / lah ta mulane wanita / den samya amerak ati //

20. // Titikane duk ing dangu / wanita ingkang utami / tuladan

ing kuna-kuna / caritaning umat singgih / supadya antuk utama / utameng sagung dumadi //

21. // Dhuh babo babo wong ayu / ….. apasihaning Widhi /

dimen tulus ayunira / ….. pasihan lestari / tan pegat sinung darajat / apan sira wruh ing wangsit //

22. // Sesiku kang mrih ...smu / poma-poma den kaesthi /

supaya antuk sihira / ing lakinta awal akir / dadi awak tanpa ... / neng dunya wimbuh kamuktin //

23. // Gampang wong suwiteng kakung / mung miturut ing

sakapti / nastiti sawuwusira / aywa wani nyenyampahi / nadyan karyaa legawa / den bisa manuju kapti //

24. // Kancana kang mung bau (gelang) / ayam kang kekuncung

Gusti (merak) / gegulangen saben dina / mrak ati muna lan muni / tur dadi sukaning driya / lumunturing sih kawijil //

(6)

1. // Darunanireng Hyang Maha Suci / nganakken punang wong / jalu estri pan padha perlune / wujud priya lantaraning wiji / estri kang madhahi / kumpul dadi wujud //

2. // Yen wus wujud obah aran urip / wajibe tetakon / sajarahe

ingkang nganakake / kang asareh pitakone titi / patitising wiwit / pungkasaning mantuk //

3. // Supayantuk marga ingkang sidik / dadi mulih mring gon /

gone lawas tan uwas wus wenteh / wus tan was-was wanuhe wus lami / memitran wit eling / winulang mring guru //

4. // Guru iku lantarane yun wrin / wajibing tumuwoh / wohing

kamal dununge sang rajeng / den waskitha semune Hyang Widhi / mandhiri sajati / jatine mung iku //

5. // Kang sinebut pinuja-pinuji / yekti mung Hyang Manon /

nabi wali oliya myang rajeng / apan pantes pinuji mring janmi / sabab iku sami / kekasih Hyang Agung //

6. // Yen manungsa liya sri bupati / Ngabdul araning wong /

apan jemak lan manungsa kabeh / mung pinurih aywa srik ing galih / lumintu mrih puji / ing manungsa iku //

7. // Kudu-kudu tinarimeng ati / manawa kapergok / nabi Allah

kang mindha druwise / jabat akeh tuladhane nguni / malekat pi-api / namur anjejaluk //

8. // Mung carita dudu zaman mangkin / samengko tan kanggo

/ mung pinirit jumbuhing mangsane / dadi nora kaelangan lari / ngleluri utami / mamrih sugih kang wruh //

9. // Wruha ing ala kalawan becik / saking wulang ing wong /

ingkang wasis waskitha budine / pan ingetrap neng dluwang lan mangsi / sinimpen mring ahli / kitab aranipun //

10. // Kitab saking Kuran asalneki / Kuran sing Hyang Manon / ya

ta mongsa Allah nulis dhewe / pasthi nyambat manungsa kekasih / tinrap neng jro ngati- / ning manungsa iku //

11. // Jer ta ana kang muni jro dalil / rapale mangkono / kalbu

mukmin ya betolahine / ing tegese ati ingkang mukmin / ingaken sayekti / unggyaning Hyang Agung //

12. // Basa mukmin manungsa wus napi / liyane Hyang Manon /

dadi kayun pidareni rane / wong kang manuh manggone kekalih / dunya den dunungi / ing akerat jumbuh //

13. // Wus pinunggel pitutur mring estri / sedhenge semono /

(7)

14. // Kang mongsastha Kunthara warsa Lip / sangkala rinaos / kawileting kawi wangsalane / yitmeng praja cipta kang kawijil / kangjeng sri bupati / karsa amanawung //

15. // Drenging driya tansah amemuji / kalipahing Manon / yun

mangesthi sang prabu ing mangke / wulang tumrap marang para estri / mrih ayu pinanggih / wit wekasanipun //

Referensi

Dokumen terkait

Sebuah skripsi yang diajukan untuk memenuhi salah satu syarat memperoleh gelar Sarjana pada Fakultas Pendidikan Ekonomi dan Bisnis. © Cintya

Komitmen organisasi cenderung lebih tinggi pada karyawan yang memiliki pengalaman kerja menyenangkan, seperti sikap positif dari rekan kerja, me- rasa organisasi dapat

Peristiwa komunikatif pada Upacara Adat Hari Raya Saraswati perayaan dalam bentuk ritual khusus yang terjadi dua kali dalam satu tahun yang sudah menjadi tradisi budaya

Denganmengakses website Senasbuto, pengunjung dapat melihat angka akumulasi sedekah terkumpul, fasilitas mendaftar anggota dan informasi ketentuan bersedekah.

Hasil dari penelitian ini mengungkapkan bahwa semua faktor yang digunakan sebagai variabel bebas yang meliputi independensi, profesionalisme, obyektifitas,

mengalokasikan sebagian besar dari biaya tidak langsung departemental adalah sulit dan bersifat arbitrer. Yang terbaik yan dapat dilakukan adalah melakukan..

Pada penggalan puisi yang berjudul Hujanku Menghilang, pada bait pertama baris pertama, kedua, dan ketiga menggunakan gaya bahasa personifikasi karena gaya bahasa tersebut

Hal tersebut sesuai dengan pendapat (J.L, McBrien & R.S, 1997) bahwa konstruktivis memerupakan suatu pendekatan pembelajaran yang membahas bagaimana seseorang belajar