• Tidak ada hasil yang ditemukan

oleh : Mas Kumitir 1

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "oleh : Mas Kumitir 1"

Copied!
8
0
0

Teks penuh

(1)

SULUK JANUN JAMIL

Tulisan ini saya temukan dalam buku lama saya, yang ditulis dalam huruf jawa kuno yang ditulis oleh ki Parto dengan tulisan tangan. Tahun penulisan tidak di temukan karena sudah menjadi kebiasan penulis dahulu tidak mencantumkannya.

ASMARANDHANA

Dene suluk Janun Jamil, saking kitabe njeng Sultan, Padha ngawruhana kabeh, Allah andhadhekaken kabeh Adam lan isine iki Pengeran, Tegese Adam puniku eskining Allah.

Kang kinarya gedhong jati, Sak durunge ana jagat, duk lagi awang-awung saking eskine Pengeran, Kudrat Iradat Ira, andhadhekaken peksi Janun Jamil wastanira.

Dene ing wong agung alimi, Milane ing arane lintang, wulan kalawan srengenge amadhangi marang donya iku aran nugraha, lintang sesotya puniku, Yaiku ing aran tunggal, Andhadeaken ing rupi, kang rupi, kang tumetes dadi jagad.

Katon ing donya kabeh ing aran suryo lan chandra, dhene wong alam donya, wulan lan suryo puniku, nora yen lungaha.

Katingal dohneki, lintang lawan wulan surya ing wetan wedale, amangulon surupiro, iku aran nugrahan, Janun Jamil peksi wau, wulune tumrap sadaya. Mangka molah Janun Jamil, badane mojok mangetan, katon kang cahya johore, amadhangi marang donya, Janun Jamil malih mojok mangulon puniku, apan katon ingkang johor.

Awayah ing wetan lingsir, winastan asar puniku ,kang surya gumilir ngilen, sangate setengah papat, waktu maghrib wus serap, Surya manjing jroning laut, ujare wong alam donya.

Mangka peksi Janun jamil, sinung birahi dening hyang, ambabar suwiwi karo, akakirep ujungira, ngarabigigir ira, ana sabbe dhadhanipun katingal kang cahyane johor.

Peksi amancorong warni, cahyane johor katingal, iku wulan lan srengenge punika ing aran, dene wong alam, lamun sinungan puniku jumeneng inten kumala.

Mangka peksi Janun Jamil, sinungan rahmat kamulyan, iya marang Pangerane, sapa wruha ingkang aran, tan liyan dewekira, wujude kawula iku, awisesa ing Pangeran .

(2)

Ingkang den sedya kariyin, ingkang amurba ing jagad, Pangerane wong alam kabeh, ingkang pinuji ing jagad, kang ganjar kang anyikso, sagunging mukmin punika ingkang asedya ingarah, mung karsanira, Hyang Widhi.

Karsa andhadeaken Qur’an, peksi kang minetilare, satunggale ingkang kinarya, ning gih Qur’an punika, saking parmane Hyang Agung mangkana Jibril angucap. Ya tuan Pangeran, ingkang amurba ing jagad, inggih paran margine, punika ing aran Qur’an, mangka Allah ngendika, heh tah iku nyawanipun, marmane Sun karya Qur’an.

Saking peksi Janun Jamil, milane ing aran Qur’an, mangka nyawa matur alon, lah tuan Pangeran hamba, hamba matur ing tuan, sapinten genge pikulun, gih pun peksi Janun Jamil.

Allah angandika Arsy, heh nyawa sira Sun warah, rananatondyane, peksi ingkang aran Janun tan nana nimbangana, iya pra Nabi Sedarum tan nana kang madhani.

Miwah Nabi kang sinelir, ingkang sekawan punika, kalawan Jibril sireku maksih geng peksi punika.

WIJINING URIP

M I J I L

Wimbaning rasa kang aneng jro ati, wimbaning katongton, pan rumongso anuksma rasane, ing tingal sih rasane kang urip, kumpule dumadi, raos sakahetung.

Mapan aling wijining ngaurip, wijine sawiyah, enur suhut kalawan ngelmune, wadah ira geni lawan angina, ping kalihe malih, siti lawan banyu, iya iku tunggale sawiji sampurnane dadi wong.

Tiningalan iku ing lair ira, iya iku rasa banyu urip, kuwat ira angina, geni karep nepsu iku ingkang amadahi, dadinira awor, iku pada lan lair tamtune.

Rasa cahya manjing marang ngelmi, wiji kang duweni, tan kena cinaturan ingaranan sampurnaning urip, iku dipun cernoh, aja sira karem donya bae, pan weruh wawekasan urip, cahya rasa urip iku dipun weroh .

Sipat iku kang sira tingali marganipun weroh, iyo apan iku ing dadine, yenta weruh sira rupa jati, nggon ira aurip, iku misih bingung .

Iya mengko sira sun tuturi tegese kang raos, aja sira tingal jaba bae, upamanira yen sira guling lamun sira ngimpi , sapa kang andulu raragane pan kira aguling,

(3)

ing jero miraos wan loro tunggale, nora pisah pan ora atunggil, pilih kang ngawruhi, lir kaca dinulu .

Jroning kaca sira tingali, tanpa dununging nggon, iya uga among sira dhewe kaca iku umpamane jisim, kalimputan urip, sukma kang ndulu, rasa iku kang wujut jati, katingal kang katon, sirno jisim mulih ing asale, mapan asalira duk dumadi, bhumi angina geni, kaping patte banyu.

Jisim alus tan kena ing pati, iyo iku erroh, among rasa nikmat lan larane, tandya wangenan nggon ira aurip.

Lan sakehe kang jro nala tingali sayekti, kalbunira nyatane Hyang Widi, kakelir sayekti, megane pandulu.

Umpamane lir sare lan estri tingal ira raos, sumrah kabeh ing raga nikmate, suka nikmat tan wonten kuwatir, tan ngraos darbeni, sedaya pan kumpul.

Lamun sira yen arsa aguling, tan dyanen sayektos, napas ira pan iku yektine, sarta lamun sira manjing, lampahe aririh, rahmat kang tumurun.

Liyaping netra kang rohmat wus manjing, ing jro manah awor, dadya lali ing kanikmatane, marma datan anget raga iki, tanwruh kula gusti, dudu iyo dudu. Iya iku al bransanusiri, Mukhammad rasengo, sira kawiti kang sun dadekake, pan wiji sekalir dumadi, saking ing sireki, sira saking ingsun.

Dipun reksa saranaken urip, pasrahna Hyang Manon, dipun nggono rasa sarirane, dipun awae nggonira ngulati, kang trus lawan ngelmi, pituduh ing guru. Sabdaning gurunen ngati-ati, anuta ing pakon, sarta iklas ing pangidhep kaberah, pati urip datan den rasani, sunya lawan lawan singgih, pan ora kaetung.

Mengko padha sun tuturi malih, brahisih kang katon, kweruhana, ya ing dadine, pan ing raga dununge ing ati, ati ingkang putih, arane pausuh.

Patang prakara dadine kang isih, pan sanes kang enggon, ingkang dhingine jantung nggone, kaping kalihe limpa sadyang ati, tyaspangasih, kaping tiganipun. Ingkang welas sarta awor asih, iku ning papusuh, tulung tinulung ing kono kuwi, tyas ing sih lakune dhemeni, tresna lan kapengin iku nggonipun.

Ingkang wonten jejantung puniki, kasmaran ingkang wong, iya supe marang liyane, kerut sedyane sih lan rasmi, rasaning sih, sadaya kapengku.

Ingkang kekalih sih dunya kang katon, lana reremen kalawan tunggale, budi piker metu ing jro ati, sabar lileng pati, donya tan kaetung,

(4)

Kaweruhana ja sira lali iku kang weruh, ing marmane aling ing paberane, barang cinta pangucap ing osik lawan esir, ya saking Hyang Agung.

Pan tarima lakune kang yekti, iku imaning wong, ingkang padhang nora pethenge, iya padhang tegese pan eling, nora kena lali, iku dhikir Ya Hu.

Erapipun kang dhikir puniki, napas manjing wiwitane panjinge napas, wedalipun napas Hu kang kapuji, ing sajeke urip, melek lawan turu.

Tegese Ya hu Allah kang urip, kang mubeng tumuwoh, sakabeh kang gumelar, urip langgeng ingkang Maha Suci, aniyata dhikir, ing sakjroning kalbu, iya iku sampurna kang urip, dadene papan awor, awor cahya kang padhange linge, pan ciptanen dadine sawiji, iya ruh ilafi, dadine jeng rasul.

Nalikane sira angabekti, rumongsaha kang awor, tuwin sira dhuk dhikir kalane, pan ing kono nggoning kang ning, raganira iki sirnaning pandulu liyaping netra. Kebut ing ati akbarira awor, petenging tyas tan aling ragane, Wimbuh ira katingal jro ati mring kang Maha Suci, Sih ira Hyang Agung.

Datan mawi lantarane malih, Sih Pangeraning wong, Iya rahmatira iku kabeh, Yakna rahmat Sih tumurun tan elingling diri, tansah manah liwung.

HARTA DARYA

Ingsun iki amurba ing kawi, ujar samar, ambabar wacana, lagi metu salawase, tuhuwa nora kawetu, baya iku ujar kinunci, dumateng asung warta, den semurung semu, tanpa ana ngaji sastra, salawase, tan weroh jenenge alif, wekasane nora wikan.

Kan dadura alif tampaning sih, esih iku, panunggal ira, awor kalawan asihye, akeh ujar kawetu, raganira tan den elingi, nukat ghoib punika, sastra kabeh iku, pa anarimane sarira, kawruhana, jenenge aksara alif nukat uriping raga.

Ingkang alif badan roh ilafi, kanugrahan, iku aran ira, dadilah iku karone, ya alif ira naptu, mapan ana kang muri-muri, jenenge alif ilafat, sadurunge iku, jagat dumadi wis ana, sastra alif, ya ingkang gegenti alif, iku kahananing dat.

Alif tunggal lan wujut ilafi, tunggal rasa polah ira tunggal, tunggal done alif mangka wujut kang agung tuhu, pan unine punika singgih Jabar Allah punika Allah Rabbi iku, ejire Hyang Maha Mulya, epesipun iku pan Hyang Maha Suci, ejir Hyang Maha sukma.

Jabar Allah unine puniki, ingkang ejir, sipating pangeran, kang epes pernah ananane, tan ana karonipun, ujar iku kalangkung rungsid dudu basa, lan krama wus kang puniku, wahasaghaghaduillahgha, alhamduni, trus alighi kang

(5)

dumeling, iku jeneng nugrahan, alipyat, sekabeh ira ing sastra, nukat ghafat iku rane, ya jeneng nukat iku, sastra tigang dasa sawiji, kaling ling jiwa raga, sastra kabeh iku, kang tumrap dating sarira, kanugrahan, jeneng ira kang sejati, arane iku.

Iya iku nukat ghoib kang linuwih dene sastra, kabeh aran ira, aja kasisiran bae norano kang kaetung, pang jumeneng ingkang anulis, saking amendya werna, anane tan wangun, apan anulisi kigawa, rupa iku, kaya rupanira sunggi, datan antara mongso.

Kang dadura alip iku singgih pan lelima, pawore kang sastra, lelima kanyatane, wajah niyat puniku, iman iku sarengat nenggih, kelima tunggal ira, sajatineku, mapan saderah punika, lawan Gusti, datan nana sulayaning, sapolahe neng sarira.

Tenger ira kang mati puniki, tingal tunggal, sajatining iku, tunggal drah dunung jatine, tingal datullah iku, kapanjingan ingkang rumiyin, wajah pan durung dadya, dat mutlak puniku, atunggal tingal sadaya, pan ing sadrah, nukat iku durung dadi, duk durung ana jagat.

Wajahghah punika nukat ghaib sadurunge, pisah ing sirullah, tanjeneng dadi alip, wajah ya rahinipun, wajah iku kahanan jati, tunggal kahanan ira, umpamane iku, nora kadi durung raga, raga rarahine, iku pan dat mutlak singgih, wajah kahanan ira.

Teges ira tunggal, adam lan hawa kumpule, adam jeneng ilmu, hawa iku maklumat singgih, kumpule adam hawa, rasa jenengipun, sipat kamal ingkang tunggal, wiyosipun, iya niyat kang sajati, iku sadayanira.

Teges aran iman puniki, roro tunggal, kahananing tunggal, nora nana ing rorone, agembulan roseku, nunggal ira ananing jati, nora wuwuh nora suda, ambareng tan kantun, nora ngadam lan lananira, ing jenenge, anyar nira, singgih, iku jatining tunggal.

Tegesipun sarengat puniki, ghaoibullah, lan kahanan ira, angilo ing deweke, sarirane iku, jabara brel iku tan kari, muhammad tan antara, kekasih puniku, tunggal Allah singgih, iku kahananing Hyang.

Kabeh iku cahya jatineki, iku cahya, nggoni nyatanika,l ah iku tunggal jatine, cahya iku jatinipun, pan asmana tan tunggal jati, turune cahya ika, kadi kang tunurun, kinarsaken ananira, kang tumitis, cahya kang puniki, iku aran nurbuat. Duk tumurun kang cahya puniki, duk amanggih, pan balung beloka, iku sulbi ya jatine, nggone rasa pulang kayun, awor jiwa pan jiwa singgih, jiwa pan jiwa nira,

(6)

tunggal jiwaningsun, angilo ing dewek ira, yen dumeling, karaton amuri-muri sulbi ya jatinira.

Sadurunge kang cahya rumiyin, saking kalam, nukat ghoib ika, pan aran madikus jisime, nukat ghoib sireku, sadurunge ing bini, iku asale purba, raga pulang kayun, datollah sampun kawengkya, iyen awor, sami suci iku singgih, nukat ghoib punika.

Apan sampun tumurun puniki, saking cahya, ya kalam punika, ran nukat iku jatine, kanga ran nukat iku, patemune tetiganinggih, yayah lan raganira, lan pangeran iku, pulang kaya jroning nukat, saji kabeh, ing aran banyu urip, marang roh sejatinira.

Sampun medal sawidalikaki, apan abang, rupane kang yosa, iya iku pamane, Allah kahananipun, kang den ngaken pangilon asih, ing ngaku wong wayangan, tur utusan iku, dating sakehe manungsa, kinin mangke, nyebut kahanani jati, tan ana lampah sirna.

Patang puluh dina alingling, apan ora, punika niskara, iya iku papestene, duk sakempil puniku, apan uwis sinasthi pesthi, ala lan beciking ira, dawa cendyakipun, bilahi dusane pisan, duk sakempal, sastra kabeh iku singgih, nggone mesthi takdir ing Hyang.

Apan sastra lan patlikur ari, ingsan kamil, reke jeneng ira, jumangat iku dadine, Allah Akbar puniku, ing aranan saptu dumeling, jumeneng ing jumangat, ingsan kamil iku, sampurnaning jumangat ingsun, kamil iku, kumpul ira asma singgih, patemune ingkang cahya.

Aderbene netra taningali, duwi grana, datan amiharsa, napas metu ing irunge napas iku nyatanipun, duk jumeneng ratu sireki, ratu purba wasisa, angilo puniku karaton, ing dewek ira, ing gedonge, den aranne insane kamil, iku aban sukma. Ing aran nabiyullah singgih, satus dina, lan patlikur dina, ing ngutus dating rowange, ing ngungguhaken sampun ya nora tuturaken singgih, punika sampun ngelela, ing basal an semu, den utus ing dewek ira, tanpa ruang, sinungan rowang kekalih, datan temu lan sira.

Sumekta nire kekang puniki, pun tumedyak, sejatine asmak, kang tanydyanireki, nora wikan aran ira, dyedalih iku, iku ing aran nur buat, sawedale binaktanan tangis urip, dene datan uman pangan.

Wus diwasa ing mangke puniki, pan kalunta, lunta make ika, sinung tunggal ing tanydyane, iku mukmin jenengipun, seneng mulat ing tanda reki, rawuh purba wasisa, lan pangeran iku, kang murba jagat punika, tingal kabeh, iku pakaryaning Dasih, kan den angken kebatahan.

(7)

S I N O M

Den sami angudaniya, rasane ngelmu puniki, ojo sira katanggungan, siahua kanasthiti, basa iku iku kekalih, batin lan lahir puniku, wruha bedane tungal, upamne sasotyadi, jrone netra katingal alane pawong.

Nyritahaken ing maklumat, ing aranan adam sarpin, saking ora maringana, marma kang maklumat sami, ing ngarano nukat ghoib, minangka rasa puniku,

deneta mulanira,

maklumat ngaranan malih, ing aranan maklumat iku apadangan.

Mulane ngaranan padhang, saking cahya sipat kalih, sipat jamal lawan kalam, milane maklumat iki, ngaranan ngalam malih, nguluhiyah wastanipun, marma iki minongka, ing rupa ingkang kariyin, milane arane, iya dene hakekat rasa.

Sarta milane ingaranan, iya maklumat puniki, saking maklumitanan, iya dene maklumate, ing nganggep rupa dhingin, ingaranan akyan sabitun, kasenenan sipat jamal, marma ingaranan nami, kang maklumat kakekatipun Pangeran. Lintang warnanira, saking sanget ingkang ngesthi, ing ngaken iku pahesan, amawong rupa kang jati, kahelok lan Hyang Widhi, edat lan sipat puniku, sipat iku ingaranan, pratingkahe dat kang jati, wujut iku kanyatahan ing dat sipat. Patang prakara, ing mengko ingsun tuturi ing aran paesan jagat, manungsa kang dadi isi, paesan mangseki, atiniku isinipun, paesanipun ing dat, eroh ingkang dadya isih, pesahning ruh datollah dadisinira.

Ati minongko meksi, esir minangka atinya, idhep-idhep ingkang uni, ingkang rasa puniki panungggale esir mahu, lamun kurungan jasat, durung sampurna kang ngelmi kathahing manungsa kurungan jasat.

Ana tyas telung parakara, sawiji ati jasmani, ngabongso sihrunika, tan arsa iku ngabekti, kang kaping kalih atih, sanubari aranipun, kang bongso raghonika, iku karep ngabekti, kaping tigo ati hakiki punika.

Kang bongso kapangeranan, tan lali tekat sejati, mapan ora asesambungan tan desak dene sak sami, kalawan ingkang ati, jesmani pan tunggalipun, upama lir saroro, tan meneng sademi, ati ekat ghoib karsane Pangeran.

Tingal karem dating sukma, tan emut ing raganeki, kawulane tan wuninga, kang wistekeng rasa jati, ati kang sampun ening, terang sadaya andulu, dadya mulih duk nora, mulih duk nora, mulih rasane kang urip, anging Allah kang langgeng karatonira.

(8)

Sembah ira wewangsulane, anut imut mapan sami, mulih sawiji kang ana, bali kadi duk ingunani, den lalir sireng gusti, ati nira kang satuhu, pan aja kaya setan, wis wis weruh nora merduli, amor ira lirsati bengsamudra.

Atine mukminpunika, minangka kurungan peksi, dipun weruhi benira, kang aneng kurungan jati, aja kaliru kang tampi kabeh iku kudu weruh, perangane kang sanyata, terangna kang atiti, gurokno dena kongsi weruh kang sanyata.

Referensi

Dokumen terkait

Selanjutnya peneliti sangat mengharapkan bahwa basil kerja yang tidak sempurna ini dapat menjadi pembuka ide dan khazanah keilmuwan dari aspek penelitian kepada pembaca.. dan

Kerajaan­kerajaan bercorak Hindu­Buddha, seperti Kutai, Tarumanegara, Sriwijaya, Singhasari, dan Majapahit, dalam

Desain program PKMBP di kota Mojokerto adalah bahwa Program Mojokerto Berlingkungan Pendidikan (KMBP) merupakan program yang ditetapkan oleh Walikota dalam rangka

Hasil perhitungan menunjukkan bahwa umur simpan saos tomat terpendek adalah 24 hari untuk saos dengan bahan pengental 5 dan 7.5 % dan 47 hari untuk untuk saos

Sesuai dengan Surat Kelompok Kerja (Pokja) Jasa Konsultansi dan Jasa Lainnya Panitia Pengadaan Barang/Jasa Pemerintah Lingkup Pemerintah Daerah Kabupaten Sabu Raijua Nomor

[r]

Dengan adanya media buku yang menjelaskan tentang asal mula batik tulis Jarak Arum serta berbagai macam corak atau motif yang dimiliki batik tulis Jarak Arums

BAB II LANDASAN KONSEPTUAL PEMBINAAN NILAI MORAL AGAMA ISLAM MELALUI ALAT PENDIDIKAN A.. Konsep Pembinaan Nilai Moral Agama