• Tidak ada hasil yang ditemukan

AAK culture library I Javanese Manuscripts

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "AAK culture library I Javanese Manuscripts"

Copied!
52
0
0

Teks penuh

(1)

SERAT SEH JABAR SODIK

® Pupuh 01 ® ASMARADHANA

01. //Isun amimiti nulis / ing dina saptu (puni) punika / kaliwon iku karepe / ing sasi (a)pit punika / tanggal ping wolu (pun)ika / ing taun jimawal (pun)ika / wiwitanipun //

02. //Nedha punten kang anulis / den agung kang maca miharsa / den agung pangapurane / k(e)rana dereng tiyasa / anyerat lumayanan / wantu tiyang bodho bingung / boten uning tata karma //

03. //Bilih lepat ingakang tulis / mugi dipun apuraha / atuwin lepat padane / mugi dipun kira-kira / dhateng (ing)kang amaca / tuwin liwat langkungipun / den sami angaputaha //

04. // kacarita kang anulis / titiyang ingkang langkung masiyat / tan wonten padamelane, ambeke kaya wong nyata / paksa lancing bisa / tur melarate muput / culese kaliwat liwat //

05. // Reh manah kudu kumaki / sanggup nurun ing wawacan / kaya wong (bisa) bisaa (dhewek) / tur sastrane tan kantenan / awone kabina bina / bonggane kang akon turun //

06. // Sigegena ingkang (a)nulis / kucap(a) gumanti ing tembang / tembang sinom gegatnine / sarta araneng wacan / Seh Jabar aranipun / wawacan ingkang tinedhak //

07. // Gentur tapane sang resi / sunat perlu den kalampah(an) / sarengat dhasar lampahe / tarekat ingkang den ambah / antepipun hakekat / maripat tarimanipun / (kang) lungguh ing wukir jumbelah // 08. // Kapindhone wus l(in)uwih / jejuluk Seh Wali Jabar / wus linuwih derajate / mangkana duk cinarita / sira Seh Wali Jabar / amuruk ing rabinipun / ing tekad (ing)kang sampurna //

09. // Nyai Mutmainah (ang)ling aris / kaula nuhun panduka / tudhuhena marga mangka / kawula lamon akarya / angantih nenun ika / sampun sirik awakipun / maring pangeran kang mulia //

10. // Seh Jabar nahuri aris / lamon ta andika karya / sakehe panggawe mangka / ngibarate raga nira / (lan) kang molahaken sira / tingalana sang purba gung / kang amolahen ing jasad //

(2)

11. //Yen angantih sira yayi / bebantal sangga buwana / tuhu tarwin kalindhene / tajug imanmu owah / (e)lar elar tanpa niyat / obelane panering laku / ubenge puji pujiyan //

12. //Kalindhen tetali urip / kukupinge pamiharsa / pancering tingal kisine / pupuh(e) kempeling rasa / sentute tobat s(e)lawat / lawane pandudut kawruh / ungkere panunggal tekad //

13. //Muson iki yar ing budi / mawure kilaping caya / pilihana ala becik(e) / pindi nem ujar lan warah / geblegen pamisesa / gulungen ecaning laku / wetara lawan duduga //

14. //Iku karsaning yang widi / aja kaliru ing tampa / tingalana kang agawe / iku karsaning yang sukma / tan (a)nyakra gilingan / bebethut minangka pemut / kekendheng kang ora samar //

15. //Lekap sangadhan adhani / likasana ya sarengat / kandheg miling rakangate / tobat (ka)lawan salawat / yen sampun kakyuwan / tugelena maring ngilmu / untiren lawan iktiyar //

16. //Godhagen lan banyu suci / geni mubal dat (kang) mutlak / manah selamet kayune / ombake puji kang samar / nanging dipunprayatna / entasana sabaripun / giraen ing jisima //

17. // Kepluk(en) den patitis / geblogen pamati raga / pepesen amoh budine / aja pedhot (t)ingalira / maring yang maha mulia / sekulana ka sing laku / ulinen lawan tawekal //

18. // Tengkere ing ngering budi / sikate pambilas raga / ilangena sesukere / ingkang ana ing sasrira / tan kena kawoworan / mila ragane pinesu / amrih awor lawan sukma //

19. // Angngulur ubenging ngilmi / undare ta kiblat papat / puji tan pegat alinge / amani semu graita / cukit suruping tingal / angelab pamudhar kawru(h) / (ing)kang patut pilihana //

20. // Dayane panggulung tokid / cacake ugering lampah / tan paweh gingsir tan pare / epor (a)karya timbangan / capit adeging tingal / sumbine kenceng (a)laku / lorongan ngaworaken raga //

21. // Pakane kang masuk parni / teropong retna sabita / trang ing nalaka letinge / wewuluh pandhesek lampah / cecelep tir tanggana / welira minangka ilmu, senthenge panetheg iman //

(3)

22. // Iku yen yatna ing wangsit / aja pedhot tingalira / tingalana kang agawe / surine nata sarengat / incing pandudut lawan / nigasi pamugas kawruh / pan jagat sampun gumelar //

23. // Kawula atanya malih / upamane awak ingwang / rineka dening yang manon / lir tulisana ing papan / kados pundi ing karsa / kawula anedha wuruk / sarwi (a)ngusap Sri Nata //

® Pupuh 02 ® S I N O M

01. // Seh Jabar mangke awarta / parkarane wong ambathik / sayakti wise sadhasar / lamon dhasaripun becik / tulisen sawat adhi / tan pantes kang punang tulis / marmintane mulih mulih maring dhasar // 02. // Anuju dina utama / sang ngayu leksam (am)bathik / pegawangan alam jembar / kewalan semu ning kandil / malam merasa jati / maningkem / lalancengipun / cang(ci)thingnge kalamulah / dhasar lorek kang linuwih / polanipun (ing) ngaranan ayan sabitah //

03. // Kayunipun tafiriulah / geniro ilapi iki / kukusipun Nabiyulah / kerenipun (ing) ngalam sager / cacapite tan gingsir / tingale waspada narus / sinangga (ing) ngasta kiwa / ing lir bume (ing)kang batin / atingalan wawayanganing dat //

04. //Saderingipun tumiba / ing papan kang punang tulis / pan sampun rineka reka / dening juru basa(ning) ati / (da)tan salaya kapti / lahir lawan batinipun / katelad punang pola / rengrengan anuting warni / gemetena ing manah ingkang sampurna //

05. // Temboken ing suka lili / nanging ta den ngati ati / sampun (a)nerajang awisan / pan sampun den wawangeni / dening kang ahlul pasti / pernahe bebironipun / putihe wus tetela / irenge pan wus dumeling / gemetena salas rana sadaya //

06. // Wedalen ing alam arwah / dimene amalih warni / sirepen ing ngalam ira / dimene tamaninahugi / sumampira ing widi / iku karsaning yang ngagung / anarima satitah / lampahena manjing mijil / pirang bara sampurnane awakira//

07. //Benjang yen wus sij\nekulan / sedhenge ambehironi / yen sampun katrapan soga / aja kayata sireki / sasarenana yayi / nanging sampun

(4)

dangu dangu / nganggeya sawetara / sira ngarepaken pati / pirang bara linorod susuke ira//

08. //Kang rayi matur anembah / dhateng kang raka (a)ririh / dhuh gustinipun pangeran / andika wong priya singgih / kang badhe amadhangi / dhateng kawula wong agung / kados pundi pangeran / kawula miharsa warti / ingkang aran jatineng nyawa (pun)ika//

09. //Seh Jabar mangke angucap / nyata jiwaningsun yayi / angger gustine si kakang / nyata sira wong (kang) singgih / yen paran dereng uning / kanga ran nyawa (pu)iku / nenggih limang prakara / ingkang ngaran nyawa yayi / kawruhana lungguwe sanunggal tunggal//

10. //Kawitane ana nyawa / saking enur kang dumadi / kapindho ingaran nira / ping tiga punika budi / ping sakawan iki / osik iku aranipun / (sa)gangsal kanga ran nyawa / batine badan majaji / iya iku yayi kang ingaran(an) nyawa//

11. //Mulane jumeneng sira / sing enur mulane dadi / iku sipating ngalira / mulane (a)duwe osik / saking eroh kang urip / mila jembar budinipun / saking ngakal punika / nyataning ati puniki / mula nira bisa ngucap saking Allah//

12. //Mulane ana paningal / sing enur mangke madhangi / mulane ana kang polah / saking eroh ingkang mosik / mulane ana budi / saking ngati purwanipun / mulane arerasan / saking Allah ingkang mosik / napsu nira jasmani mosik / napsu nira jasmani sampun karangkang// 13. //Yen dereng (kang) nyawa mukdas / napsune ora kepanggih / k(e)rana napsu(ne) nira / sampun nyateng anan dhiri / yen nyateng (anang) dhiri / (na)napsune wonten kanga nut / nora sawala karsa / sayaktine napsu iki / (inggih) punika ingaranan kurung nyawa//

14. //Asale sanunggal nunggal / sayaktine ora dadi / kang tumrap ing raga nira / mapan jajatineng dhiri / kaping tigane malih / karuhun ingkang cinatur / diri sendhine ika / ping tiga dhiri terjali / ping kalihe dhiri kaprah ingaranan//

15. //Sakawan dhiri ing ngucap / sirahe puniku malih / ganggangsal jalki ingaranan / puniku jatineng dhiri / iku minangka dadi / mulane manusa iku / yen sira wruh mangkana / katrapan manusa kang bangsa sukma//

(5)

16. //Sampurna sapolah ira / norana panggih pinanggih / dening adhiri punika / kawruh rasa (kang) sajati / endi kang nyawa yayi / iya diri wastanipun / dede rupa kang wayah / nyataning dhiri puniki / rasa iku yakti kurungan Mukamad//

17. //Mukamad wekasan tunggal / norana kang miyos malih / denin ta sampun wekasan / datullah ingkang kalingling / yen ana kang kalingling / sipat kang mulia puniku / Mukamad ora kocap / datulah ingkang kaesti / pan Mukamad kawitan angucap Allah//

18. //Dadine ana gumelar / sagung ngalam (ing)kang dadi / mangkana salat sadaya / Mukamad kang kang muni dhingin / dadine sira yayi / teka anut maring tutur / balik tetelak kena / jatinen Mukamad iki / kang atudhuh sampurna ing dhiri nira//

19. //Aja nut ing wong ngakathah / dadi lir tawon ning ngalih / ora alih kawekasan / jatineng kawula iki / den waspada ing dhiri / aja ta sira kasurup / emutena ing nala / jatineng kawula iki / kawruhana jatineng (kang) maha mulia//

20. //Kang rayi matura nembah / dhateng kang raka (a)ririh / dhuh gustinipun pangeran / andika wong wong priya singgih / kang yogya amadhangi / dhateng kawula wong ngagung / kados pundi pangeran / kawula miharsa warti / ingaran jatineng Mukamad (pun)ika//

21. //Kang nyampurnakaken jasad / kang anyelamaken dhiri / kawula ajeng uninga / jatineng Mukamad singgih / kalawan pinten malih / aksara ingkang alungguh / dhateng dhiri Mukamad / kawula ajeng udani / padhangena pun dasih ajeng uninga//

22. //Seh Jabar mangka angucap / dhuh mas mirahipun yayi / angger gustine si kakakng / andika wanodya luwih / dya (ta0 patakone singgih / baya yen nora angrungu / wanodya kayandika / pun kakang popoyan gusti / lamon yayi dereng awas ingkang nyata//

23. //Patang prakara Mukamad / kang tumrap ing raga iki / anenggih kawan perkara / pun kakang miharsa warti / kang rayi matur aris / kados pundi tudhuhipun / jati(neng) Mukamad ika / pundi aksara (kang) karihin / pan punika kawula ajeng uninga//

24. //Seh Jabar mangke wecana / wonten dening kang rumiyin / aksara mim awalika / pan kalih lawan mim akir / kaping tigane malih / aksara (he) puniku / nenggih catur kawarna / aksara (he) dal puniki / iya iku

(6)

25. //Sastra sakawan punika / angebeki bumi langit / norana tawang tumawang / jatine aksara yayi / kabeh wus angliputi / sakathahe kang tumuwuh / saking ing aksara (he) / (sa)tunggal samargi margi / tan pra beda Mukamad kalawan nira//

26. //Pundi tudhuhing aksara / kang catur punika malih / mimawal (puni) punika tuwan / ing pundi tudhuhe malih / miwah mimakir singgih / ing pundi gene lungguh(e) / kawula babarana / aksara ke puniki / aksara dal (ing) pundi enggene senathan//

27. //Seh Jabar mangke wewana / dhuh man jiwanipun gusthi / mustikaning pagulingan / andika (ja)jatining estri / nyata (pa)takone singgih / lamon paran dereng weruh / aksara mim awal ika / sirah ing Mukamad yayi / aksara mim akir ati neng Mukamad (ika)//

28. //Akasara he iku iya / dhadhining Mukamad yayi / anenggih Mukamad yayi / iku (kang) pasthi aksara / kalintang (ingkang) luhur / dening amawi ngalam / aksara (sa)kawan yayi / pan sakawan aksara kang pakumpulan//

29. //Kang rayi alon angucap / kawula matur ing gusthi / ngalame mimawal ika / lawan ngalame mimakir / kawula dereng uning / anedha tethelanipun / miwah (ingkang) dal / punapa malane malih / aksara ke (pun)ika ngalame punapa//

30. //Ngalamna pulwastha nira / tan mengeng maring pangasih / angrasa lamon wus tunggal / sembah puji kang kalingling / ngalam malakul (pu)iki / angesthu lamun ginunggung / panembah idep ira / tan mengeng maring pamuji / tan ing ngrasa siniyan dening pangeran// 31. //Aksara he iku iya / ngalam jabarul winarni / ingaranan sapaworan / sakehe sasita kepti / angrasa yen linuwih / jambaring manah tan surut / angagungaken ing dal(a) / aksara dal (kang) kinawi / ingaranan ngalam laut (kang) wekasan//

32. //Angrasa yen kawisesa / tan gingsir ing pangabakti / angrasa lamon kawula / tata karma kang den esti / punika kang pamanggih / dadi ing pitutur isun / saking aksara ika / kang anang Mukamad yayi / kawruh ana gelaring aksara papat//

33. //Kang yayi matur anembah / dhateng kang raka aririh / dhuh gustinisun pangeran / andika wong priya singgih / kang amuruk maring mami / saking kawula bodho bingung / kados pundi pangeran / kawula dika padhangi / ingkang muruk maring akerat//

(7)

® Pupuh 03 ® K I N A N T H I

01. //Seh Jabar mangke amuwus / dhateng kang rayi aririh / pilih wanodya mangkana / pamurukane (i)lapi / (a)duh gustine si kaki / andika guruning estri//

02. //Ana dening kang minatur / aksara ingkang ginait / ing munira akasara / kang mungguh mimawal akir / ngaras kursi kang kinarya / dadine aksara dhingin//

03. //Wonten dening kawruhipun / aksara mimakir yayi / dadine loh kalam ika / (kang) kaping kalihe malih / den nyata ing ana nira / kawruhana kang rumihin//

04. //Wonten dening kang ing pungkur / aksara ka (ing)kang dumadi / sawarga lawan kagungan / iku minangkane dadi / kawruhana mula nira / jatineng sarira neki//

05. //Aksara kang mugeng suku / (kang) kadadiyane malih / sakehe jagat gumalar / madal saking aksara alip / iku tan pinangka nira / kang dhingin lawan kang kari//

06. //Woten dening kang winuwus / Mukamad mangke puniki / iku yayi ingkang ana / dadine gelaring urip / iku yayi den karaksa / para gusti den nastiti//

07. //Iya iku mulanipun / ana bumi ana langit / ana sawarga neraka / miwah ngarsa lawan kursi / dhing dhing jalal iku tunggal / iya sing aksara mim//

08. //Kawruh ana mulanipun / dadine jagat puniki / lawan sakehe kang ana / dadine jagat puniki / ing mangke sampun winedar / thukule ana ing bumi//

09. //Dadi agung sipatipun / engkaurahaning yang dadi / ora ana (ingkang) bingal / cukule jalma kang lahir / nanging yayi kawruhana / asale legine dhingin//

10. //Kang sampun umateng kawruh / kawruh ana kang dumadi / mapan sakehe kang ana / dadine jagat puniki / nanging yayi kawruhana / aksara (ing)kang jatim//

(8)

11. //Kang rayi anembah matur / saya mekulada malih / kawula nuhun pangeran / tudhuhe aksara iki / Seh Jabar mangke ngandika / iy ayayi sun wartani//

12. //Aksara tigang dasa iku / kabeh wus anang (ing) dhiri / lagi kumpuling aksara / insane kamil angliputi / iku yayi kawruh ana / lungguhe sanunggil tunggil//

13. //Aksara alip puniku lungguwe / ana ing ati / aksara be punika / lungguhe ing netra neki / iya ireng irenge netra / iku (wa)wayanganing urip//

14. //Aksara ba enggenipun / ing ngirung (pun)iku yayi / (a)nenggih aksara se ika ika / bahu kanan lawan keri / aksara jim punika / kuping kanan la(wa)n keri//

15. //Aksara he enggenipun / ing ngirung (pun)iku yayi / (a)nenggih aksara se ika ika / bahu kanan lawan keri / aksara jim punika / kuping kanan la(wa)n keri//

16. //Aksara keke puniku / lamkung kiwa tengen nenggih / aksara dal punika / suku kanan lawan keri / kurup ya reja punika / kempongan kakan (lan) kiri//

17. //Aksara sin sin puniku / lungguwe ing susu neki / kiwa tengen iku iya / aksara sad enggeneki / kalawan aksara bad / gigir iga kanan keri// 18. //Aksara te le puniku, lungguhe wonten ning pundi / kawula pajar rana / lungguwe sanunggil nunggil / Seh Jabar aris ngandika / iya mangke sun wartani//

19. //Te (a)neng jantung kanan iku / te le anang jantung keri / anenggih ngain keri / lungguwe ana ing ngati / aksara gin (pu)nika / kalawan (ing) pa (pun)iki//

20. //W(al)ikat kanan enggenipun / miwah lawan keri neki / aksara kap kap punika / tunggal lungguwe kap pakir / ing bathuk (kang) kanan nira / (ka)lawan bathuk (kang) keri//

21. //Aksara lam tenggenipun / ing otot ira (pun)iki / aksara mim lungguhnya / (a)nang amperun nira yayi / miwah kurup enun ika / lungguwe ana ing gigir//

(9)

22. //Aksara wawu enggenipun / lungguwe ana ing sikil / miwah kurupe punika / lungguwe ana ing daging / aksara lam alip ika / enggene suwara nira (iki) / /

23. // Aksara ambyah puniku / lungguwe ana ing pundi / kawula papajar ana / tuwuhe aksara iki / Seh Jabar aris ngandika / ing kala mungguhi reki / /

24. //Aksara iya puniku / lungguwe ana ing pundi / Seh Jabar mangke ngandika / iya iku ana (ing) kulit / dadine manusa ika / kalimah(e) insane kamil//

25. //Siti Mutmainah (a)matur / (ma),aring kang raka aririh / kawula (a)nuhun pandum / katudhu(we) aksara iki / jawa ngurat tabor kuran / kitab torat lawan injil//

26. //Wobten dening kumpulipun / tuwan tudhuhena gusthi / milane mawi sandangan / aksara jawa puniki / Seh Jabar aris ngandika / iya yayi sun wartani//

27. //Aksara jawa puniku / ana suku ulu iki / ana talingan tarongan / ulu pepet cakar iki / anenggih asuku pingkal / ulu layar wija nenggih// 28. //Aksara jawa toret iku / miwah jabur lawan injil / padha kabeh ngalih dasa / lulukuning kurup iki / tandhaning ulu (pun)ika / kalam mullah ingkang suci//

29. //Nora basa S(u)wara iku / kalamullah maha suci / anang lokil makpul ika / kalam panulis pribadi / saking kodrat lan iradat / ing ngaras enggene (nu)nulis//

30. //Munyer kalame puniku / anulis aksara jati / mangka dadi rupa aksara / bunderin ningalan iki / dada jabar jer (pun)ika / miwah apespi puniki//

31. //Sarta tinurana niku / puji kadim angrimangi / aksara kang awal ika / aksara ngarab kang dadi / mangke ing aksara ngarab / tan naganti lawan jawi//

32. //Nanging kari modalipun / aksara jawa puniki / pernahe ing kiwa nira / kang ing tengen niki / jawa ngarab dadi dammar / ing jagat kang wayang kawi//

(10)

33. //Purwaneng aksara iku / duktampa pangandikaning / (ing) Allah mulaning aksara / (kang) dadi nyata ing dhiri / iku ingaranan nekat / elloh kalam (kang) anang dhiri//

34. //Duk anang wawadhah iku / ingaranan kat gaib / duk dinumuk ing kalam / sinokat aran nyerahni / wiwit aneng ana alam / duk nekat ana ing kalam//

35. //(Kang) Gumilang gilang asruh / suwi warnih tanpa siring / (kang) wastanipun malih yah / tudhuwe sinakot iki / duk during t(um)iba ing papan / miwah rekeh during muni//

36. //Akadiyat aranipun / annuli tumiba iki / kang kamahana ing papan / tunggal ingaran nadrahni / mulane dadi aksara / tigang dasa anang dhiri//

37. //Sakehe aksara kumpul / amring alip tan puniki / aksara arab duk tumrap ing papan kang suci marnih / olih patang puluh dina / bunder kadya puniki//

38. //Ana gatrane puniku / dadi jabar jer (pun)iki / ana dadi pespika / sarta tinurunan puji / la ila ha illallah / puji sukma arimangi//

39. //(Iya) jatine aksara iku / iya ana kita iki / iku wiwitaning aksara / dadi ana kita iki / aksara jati iku tunggal / lawan aksara jawi//

40. //Kiwa tengen anggenipun / ing luhur ing ngandhap iki / lanang wadon iku iya / agama lawan drigami / mulane mawi sandhangan / duk mulianing drigami//

41. //Papahes ping karma iku / miwah agama (pun)iki / tata karma den anggawa / duk maksih aksara iki / wedaring pinadhar kama / miowah aksara kang dadi//

42. //Kang tanpa sandhangan iku / tan maprah pantering iki / aksara jawa lan arab / rebutan kadi ing mangkin / upama kadha sandhangan / tata karma lan drigami//

43. //Aksara mim ing rambut / kanga met tokoken getih / aksara kap (pun)ika / bahunira (pun)iki / aksara jim punika / bahu kiwa pernah neki//

44. //Aksara dal pernahipun / pupu tengen la(wa)n keri / anenggih re punika / pupu kiwa pernah wentis / Seh Jabar mangke angucap / kaya wuruk pisun dhingin//

(11)

45. //Kaya kagunturan pantun / pangandikaning wong singgih / pangeran gusthi kawula kang asawang nagasari / andika kang madhangana / dhateng kawula iki//

46. //Kawula anuhun atur / tuwan padhangana gusthi / temuning badan lan nyawa / (ing0 pundi enggene kapanggih / kawula nun panduka / kang ingaran kawin (ba)batin//

47. //Seh Jabar mangke amuwus / dhuh mas mirah isun gusthi / ora nyana isun mirah / yen sira wanodya luwih / ataken ujar larangan / kasmaran aturing rabi//

® Pupuh 04 ® ASMARADHANA

01. //Nyi Mutmainah anangis / angrungu wejanging priya / kasmaran ing jro nalane / sarwi anyangkemi padha / lah tuwan padhangena / kawin batin wiyosipun / temaning badhan lan nyawa//

02. //Seh Jabar nahuri aris / patemoning badhan lan nyawa / jrone wetenge ibune / said he limang perkara / kabla kalawan bada / mengo lawan thata iku / gene pepsa ideng iman//

03. //Tegese kabla punika / ules ules pangandika / tegese bada dhawuhe / pan wus jumeneng ika / sipate pangandika / Tanana ora kaliru / iya mah sampurna ika//

04. //Badhan ginalonan iki / anenggih patang prakara / karuhun panarimane / kaping kalihe wawadhah / (ka)ping tigane tanpa polah / lawan rusak duwenipun / iku jangkepe sakawan//

05. //Gagawan nyawa puniki / anenggi patang prakara / karuhun budi ujare / angenangen ping kalihe / ping tiga eling (ing) rasa / kaping pat urip puniku / iku jatineng gagawan//

06. //Kang limang prakara iki / gagawan saking pangeran / (ka)karuhun pangucap mangka / kaping kalih pamiharsa / kaping tiga paningal / kaping pat rekek pangambu / kaping lima(e) ular ular//

07. //Esih minangka mas kawin / walinipun pangandika / rasa minangka saide / ajine sri kawin emas / kang (a)kawin nyawa ika / ijab kabulan pangulu / (a)ngucap sadat mutasita//

(12)

08. //sawuse sira akawin / kir nyawa kalawan badan / wus jumeneng ing sipate / sipateng manusa ika / aran urip punika / di(na)dekaken waked iku / jumeneng roroning tunggal//

09. //Pratingkaheng badan yayi / partingkaheng nyawa ika / polahing urip jatine / nugrahan tukone ika / kin nyawa maring badan / samakta pepek penuh / aningali ing kelokan//

10. //Aran roro dadi siji / tunggal polah tunggal karsa / makluk (pu)iku jenenge / duwene patang prakara / suka kalawan duka / lara pati duwenipun / badan nyawa anarima//

11. //Panarimane puniki / nyi badan kalih prakara / narima kapurba reka / ping kalihe tanpa polah / nyawa kalih prakara / ngelingaken badan niku / (ka)ping kalih weding pangeran//

12. //Ananing manusa iki / pasakarsaning pangeran / badan (pun)iku tingkahe / iku partingkahaning nyawa / polahing nyawa iku / badan nyawa tanpa polah//

13. //Ular ular panase iki / wasisan rinusak pisan / tegese rinusak mangka / ora ngulati Allah / ora ngulati Yang Agung / ora ngulati pangeran//

14. //Tegese ora ngulati / kang ngucap (pun)iku Allah / (a)pan iya Allah mangka / kang anebut Allah ika / iku pasthine Allah / kang ningali Allah iku / mapan iya iku Allah//

15. //Den sami ing ngawikani / aling aling (ing) ilmu rasa / kanga ran tetep kang mangka / kathahe (e)nam perkara / karuhunipun jasad / kaping kalih roh puniku / ping tiga tetep kang iman//

16. //Kaping pat tetep kang tokid / kaping limane maripat / amangeran kaping neme / yen wus awas kabeh sira / during weruh jatinya / during sampurna sireku / yen derng weruh (ing) jatinya//

17. //Yen wus awas kang kinunthi / tetep kang tan kocap ika / dening wus weruh (ing) jatine / sampurna kawruhe ika / jumeneng amardika / sampurna tingale wong iku / tasdik koruping tingal(an)//

18. //Pasthineng kawruh yayi / tan kakalih urip ira / tan ana pangucap roro / pamiharsa mung sanunggal / paningal manusa nunggal / tan ana roro pangambu / tan kakalih tikah polah//

(13)

19. //Sampurna jumeneng (sa)tunggil / pangucap tunggal punika / pamiharsa tunggal mangka / paningal tunggal (pun)ika / pangganda pan satunggal / polah karsa tunggal iku / urip ira mapan tunggal// 20. //Iku kawruh kang sajati / kang sampun weruh (ing) uripnya / pan uriping Allah mangka / iku uriping sukma / pangucape punika / pangucaping sukma ga / Tanana wawaneh ayat//

21. //Pamiharsa nira iki / pamiharsaning Yang Sukma / lawan paningal ira mangka / paningaling sukma mulia / pangambunira ika / pangandaning sukma Agung / karep polahing Yang Sukma//

22. //Yayi kawruhana malih / yen wujud tigang prakara / den katemu tetelane / karuhun ngiski punika / ping kalih ngasikka ka / (ka)pi tigane wujud masuk / yayo den sami uninga//

23. //Tegese ngiski puniki / pangeran kang Maha Mulia / pangeraning jagat kabeh / tegese punika iya / sipat Allah (pun)iki / partingkah (kang) birahi iku / (a)karsa nganakaken asya//

24. //Tegese masuk puniki / iya maluming pangeran / (kang) bini raekaken mangka / nokap gaib punika / khakehating Mukhamad / kang jinatan rasa iku / kanyamadi ing sajagat//

25. //Iku kawruhana yayi / sipat(e) patang parkara / sipat kalam Allah reka / kaping kalih sipat ngakal / ping tigane punika / johar roh madi wadi lan madiku / iku jangkepe sakawan//

26. //Roh madi mani lan wadi / (pun)iku wungkul (pun)ika / annuli binencah rook / maka dadi sipat apat / barise iku iya / jabar jer apes lan naktu / jabar lam awal punika//

27. //Kang ajer puniku alip / iya rohkhani (pun)ika / kang aran naktu tegese / khakhekate nabuyullah iya nabi Mukhamad / rasulullah jenengipun / kawruh ing waktu lilima//

28. //Anebut kabla karihin / iku waktu kang kajabat / waktu surukhul watane / sembayang kali rakangat / ing jero ing ngulesan / tegese nenggih puniku / iya badan lawan nyawa//

29. //Kang rayi anembah aris / inggih tuwan guru amba / kang ranget asih ngabdine / kawula tekeng sampurna / kalawan tudhuh tuwan / amba mangke tuwan wuruk / sarta nembang rangsang prawa//

(14)

® Pupuh 05 ® RANGSANG PARWA

01. //Kawruhana tingkahe wong sapatemon tatane / sapatemon ora kocap lanang wadon/sartane//

02. //Sapatemon kadya gene lanang wadon garwane / atata gonora kaya lan jaruman yakti kapanggih semane//

03. //Jarumane iman tokhid lan maripat sarate / yen wus awas jaruman yakti kapanggih semune//

04. //Sapatemon ora kocap lanang wadon sarate / yen kocapa lanang wadon dereng yakin tingale//

05. //Mantep dhewek norana panggih pinanggih pastine / ingkang ngawas pan norana pangerane idhepe//

06. //Yen ana apangeran pan dereng awas tingale / ingkang ngawas pan norana polahe dhewek jatine//

07. //Yen ana bayange dereng sampurna tingale / esak serik tan wruhe ing padha mangkin anane//

08. //Anggurayang pati pati titingali tan wruhe / sembayange pepekan uwar uwaren/idhepe//

09. //Kang wus jati tan rumasa pamujine awase / pamujine agung ginunggung dheweke sukmane//

10. //Iya iku salameting sembah puji nyatane / iya iku kang anukma ing nguripe semune//

11. //Kang sampurna pan wus weruh cakraning gulingan lakune / laku iman padha laku limang waktu sujude//

12. //Yen kareme sujude anukma sastrane tulise / tulis iku kirana munggeng awake/sastrane//

13. //Sastra iku atulis manusa dadi/papane / papan iku akathah warna warnane/sastrane//

14. //Aneng jagat anukma ingkang ngaurip jatine / jati iku anukma saka ing ngurip adhine//

15. //Kuran iku atulis manusa adi papane / dipunawase tulis papan kang adi/tudhuhe//

(15)

16. //Ingkang ngawas pan orana pamujine / tungkule tungkul iku / wus pinuji / lan pinuji enenge//

17. //Kang tan awas anggurayang salah dalil / salate kupur kapir / antepe lan pangerane ujare//

18. //Kang wus luhung tan rumasa ing sembahe / sirnane sirna luluh / anging sukma ingkang langgeng anane//

19. //Iya iku pujine sukma sajati / jatine nora lawan kang pinuji / lapinuji dheweke//

20. //Awak ira angarani ingaranan / wakhide aran iku / kang anguwuh pribane jatine//

21. //Jati nira nyatane ngulu dinulu awase / ing ngawase enting / tan ana kekalih dheweke//

22. //Anging rasa kang sadya langgeng angurip anane / urip tunggal pan orana malih malih/wiyose//

® Pupuh 06 ® M I J I L

01. //Weruh(e)na sampurnaning pati / lan jatineng wadon / sampurnaning wong agesang dene / lan sejatine wong lanang endi / lan dununge bakti / lawan bayanipun//

02. //Lan sampurnane kang sembah puji / babarana ing ngong / yen sisanggup ambabari kabeh / ki Seh Jabar gelem isun ugi / yen sira petha arabi / maring tuwan sakayun//

03. //Ki Seh Jabar wecana manis / anjaluk mengkono / iya ning ngansun babari kabeh / sampurnane sembah la(wa)n puji / gih punika yayi / ngadam badal wujud//

04. //Dening dununge sembah mas yayi / iku den waspaos / wujud badan ngadam wujude angger / iku lamon tinarima yayi / maring ing yang widi / iku dunungipun//

05. //Dening badane panembah yayi / batal tegese (yang) wong / matekaken ing panembahe / iku batale wong nembah muji / lan paranen apti / bener apa luput//

(16)

06. //Nyi Mutamainah aris nahuri / inggih mangsa borong / amba darmi anarima bae / sampurnane urip (kados)pundi / babarana mami / maya (a)tanggung//

07. //Ki Seh Jabar aris nahuri / iya rabiningong / sampurnane wong ngaurip mengkonen / pan karaksa islame sarengi / sampurnaneng pati / wong maripat tuhu//

08. //Wong sumarah ing lautan yayi / wus mati kang raos / pan nabi lah wong iku patine / Allah priye sira wus kadugi / Nyi Mutmainah angling / kawula anuhun//

09. //Sampurnaneng lanang wadon pundi / kawula dereng wruh / Ki Seh Jabar maka wuwuse / sajatine lanang wadon yayi / upamane paksi / (lan) kurunganipun//

10. //Sajatine lanang (kuwi) paksi / kurungan kang wadon / roh lan jasat (pun)ika jatine / apa bener yayi apa sisip / Nyi Mutainah angling / aleres wong ngagung//

11. //Pundi tunggale lanang lan estri / hamba dereng w(e)ruh / sampun tanggung babarana kabeh / Ki Seh Jabar anauri aris / manira manggih(i) / ujare wong ngaji nakhwu//

12. //Panunggale lanang la(wa)n estri / ing tasniyah kono / wayu sarikani iku lapale / sakuthu karone / jalu lan estri ngendi gone nunggil / lanang wadonipun//

13. //Lamir tasniyah gone (sa)nunggil / padha uma karto / lamir mudakar / uma lapale / tasnimu anas iya (sa)tunggil / tan prabeda sami / uma lamiripun//

14. //Tegese tasniyah roro yayi / apa lire loro / roh lan jasad punika jatine / lanang wadon tunggal dakil karij / kharij ingkang kharij / jisim jaba tegesipun//

15. //Jasad jaba roh ing dalem pasti / iku tunggal yang wong / lanang wadon tunggal dakhil kharij / lah kayapa yayi / apa sira pethuk//

16. //yen ora pethuk kadi pundi / padonana ing ngong / Nyi Mutmainah suka manahe / miharsa pitudhuh rasa (a)pekik / yata muwus aris / kawula ayun weruh//

(17)

17. //Pundi sirnane nyawa lan jisim / inggih weruh(e)na ing ngong / Ki Seh Jabar aris wuwuse / ujare wong ahlul nakwu yayi / tasniyah puniki / sirnane akumpul//

18. //Kumpule roh kalawan jisim / manawiyah kono / andheg anan manawiyah bae / ora kena munjuk maring mangani / lah kariye yayi / apa sira pethuk//

19. //Lapale tur pangubi lalipi / tegese mengkono / ana pon tasniyah ing rapane / sirnane roh lawan jisim (ika) / anunggil kanga lip / basa alip unpus//

20. //Nyi Mutmainah aris nahuri / inggih mangsa borong / pethuk pisan tuwan kawulane / sadya mendhek anikel (pa)warti / anjum asta sarwi / mangusapi lebu//

21. //Dhateng inggih sumangga ing kapti / langkung sukaning ngong / jiwa amba / sakarsane angreh / (Ki) Seh Jabar suka denira angling / lah apa den anti / dhangdhanggula ngayun//

® Pupuh 07 ® DHANGDHANGGULA

01. //Kawruhana denira puniki / pamuruke Ki Seh Jabar (ika) / ing wukir tembang dhepoke / amejang rabinipun / kang ingaran Nyi Mutmainah / langkung denira utama / pan wus manjing guru / wau dhateng Ki Seh Jabar / pamuruke wau dhateng ingkang rayi / amurukaken tekad//

02. //Sapa ingkang padya ing ngabakti / maring Allah / poma kawruhana / sakehe wuru kiye / yen ngarepaken waktu / apikira sira ing ngati / den temen piker ira / wasuhen atimu / den wedi sira ing Allah / den rumasa / akeh doraka ing widi / den akeh tobat ira//

03. //Den akeh (akeh) tobat maring yang widi / den temen temen patobat ira / den asrah sanget wedine / den rumasa sireku / lamon sira wekasan pati / den akeh eling ira / maring yang (kang) agung / lawan sira den rumasa / lamon sira / ginawe dening yang widi / kang murba amisesa//

04. //Tegsese ana nira yayi / den anakaken dening (ing) yang sukma / lawan urip ira kiye / den uripaken niku / lan pangucap ira puniki / pan iya saking Allah / paningal puniku / iya padha saking Allah / pamiharsa / pan tunggal saking yang widi / lan pangawikan nira//

(18)

05. //Pangawika nira punika / saking yang widi lan pangawasan (nira) / (pun)ika saking Allah kabeh / lan karep ira iku / iya kabeh saking yang widi / tegese sira uga / tingkah polah iku / tingkah polah iku / iya iku saking Allah / ora pisan pisan / awak ira yen duweya osik / tang duwe tingkah polah//

06. //(iku) Ora pisan pisan yayi / yen duweya tingkah lawan polah / saking Allah pinangkane / ana nira puniku / sasat ora ana puniki / lir karya wewayangan / ana nira iku / satemen temene sira / yen den osikaken sira (pun)iki / datan molah priyangga//

07. //Yen den enengaken sira yayi / ora duwe tingkah lawan polah / iya sira meneng bae / ana nira puniku / (den) anakaken dening yang widi / yektine nuli ana / yen maring yang agung / yen den ilangaken ilang / satemene ana nira mangka yayi / puniku wuwujudan//

08. //Satemene ana nira yayi / upamane kadi wawayangan / ana ithok ithok bae / ana nira puniku / kadi ringgit wonten ing kelir / satingkah polah ira / pan saking yang agung / saosike ati nira saking Allah / kang ngosikaken ing dhiri / (lan) sakarenteging manah//

09. //Osik ira karenteging ati / saking Allah lawan urip ira / iya saking Allah kabeh / awas ira puniku / dudu awas ir apribadi / pan iya saking Allah ./ karep ira dhewek / iya iku pan tunggal saking yang widi / poma sira denawas//

10. //Pamiharsa nira mangka yayi / mapan dudu pamiharsa nira / iya saking Allah kabeh / dening khakekatipun / sira iki tan anduweni / ing sadra khakekatipun / oduwe pisan pisan / tarimanen / iya wuruk isun yayi / den temen piker ira//

11. //Yen sira (u)wis piker ing ati / lamon uwis kagem ing wardaya / nulis ira age age / amet tatanya wulu / aniyata sembayang yayi / yen arep ngangkat salat / angadeg sireku / iku ira den rumasa / ana nira / dudu ana nira pribadi / puniku saking Allah//

12. //Aja ngrasa duwe jisim / aja ngrasa yayi duwe gesang / aja ngrasa aduduwe / karentege atimu / obah ira ingkang lahir / iku arsaning Allah / lawan malihipun / wujud ira urip ira / (i)ya iku dudu urip ira pribadi / iku uriping Allah//

13. //Satemene ora ana kang urip / anging Allah ora ana kang ana / iya among Allah dhewek / ana nira puniku / satemene Adam khakiki / kaya

(19)

lagi duk nora / ing gaibul guyub / pomata sira den awas / ana nira / kaya mangke du king nguni / aja sira kasamaran//

14. //Satemene ana nira yayi / ora wujud iku pisan pisan / arah dening khakekate / anging Allah kang wujud / anging Allah mangke kang urip / among Allah kang amiharsa / paningal puniku / mung Allah kang angandika / anging Allah / kang karsa kang angwruhi / mu Allah kang kuwasa//

15. //Lamon sira amaca usalli / tekad ira jrone ati nira / ora ana wujud liya(ne) / among Allah kang wujud / among Allah mangke kang urip / kang duwe tingkah polah / mung Allah kang luhur / ana dene awak ira / tarimanen punika ngadam khakiki / tan ana wujud ira//

16. //Lan maning ngesa jrone usalli / aniyata yen sira sembayang / niyata j(e)ro atine / parlu tegese parlu / luhur ngasar magrib lan ngisa / subuh punika / niyataken waktu / den weruh parlu la(wa)n sunah / dipun weruh / esah lawan batale puniki / aja koru ping niyah//

17. //Yen angucap arta rakangatin / kawruh ana kehe kang rankangat / waktu kang siji sijine / poma aja kaliru / den tetela sawiji wiji / lan yen maca adahan / kawruh ana iku / niyate (ing) ati nira / padha mengko / yen amaca imaman (ingkang) singgih / niyata dadi imam//

18. //Tet kalane angucap lillahi / tang Allah (pu)iku krana Allah / k(a)rasa rasul niyate / kalawan malihipun / lamon sira mangke abakir / sirna kena mangka den kebat / asya jagat iku / apa dening badan nira / sirna kena / tetepena jroning ati / aja sira ngrasa ana//

19. //Aja esak sira aja sirik / (tarimanen) tarimanen sakehe kang mojudat / iku ngadam sarap kabeh / among Allah kanga gung / among Allah (ing)kang angurip / kang murba amisesa ing sakabeh iku / ajana kang katingalan / among Allah kang salat ingkang atakbir / angucap Allahu akbar//

20. //Kang angucap Allah kang atakbir / data nana tingkahing kawula / iya among Allah bae / wong dening makhluk iku / sirna gempur kang ngadam sarpin / tan ana mantra nira / ara mambu wujud / ora ana pisan pisan / anging Allah kang salat ikang atakbir//

21. //Kang anebut asmane pribadi / angrawruhi maring dhewek ira / nembah muji ing dheweke / tan ana liyanipun / ingkang ora (ana) kakalih / kang esah ing dat ira / esah sipatipun / lan sah ing apngal ira /

(20)

anging Allah / tan ana w(ju)d kekalih / tunggal tunggal tunggal (tunggula)//

22. //Sampurnaning takbir (kang) khakiki / data nana tingali ningalan / anane among (a)dhewek / tegese makhluk iku / sirna nglabur ngadam khakiki / kaya lagi duk nora / ingga lagi duk guyub / sira jagaman gamma / pan ing mangka / kaya lagi du king nguni / poma sira den awas//

23. //Dipen mantep ana nira yayi / aja mangmang / mangmang ati nira / mapan tan ana liyane / (ing)kang takbir puniku / datan liyan saking yang widi / dat sipat ing kawula / sampun sirna gempur / ingkang amaca patekah / ingkang rukuh / asujud ingkang alinggih / tan liyan saking Allah//

24. //Oranana wujud liyan maning maning / anging Allah kang molah atingkah / (ing)kang amuji ing dhewek / ngawruh ing dhirinipun / kang amuji pinuji nganggil / tan ana liyan nira / mung Allah kang wujud / tan ana kang liyan liyan / anging Allah kang ana wu(ju)d khakiki / (da)tan ana mamadha//

25. //Data nana wujud malih malih / among Allah anebut asalat / anebut asmane dhewek / kang pinuji puniku / mapan muji (ing) dhiri nireki / nembah pinembah tunggal / tan liyan yang ngagung / kang anembah iku sukma / kang sinembah puniku tunggal yang widi / (da)tan ana liya nira//

26. //(ing)Kang takyat awal lawan akhir / datan liyan saking yang maha mulia / kang salam punpa dene / tan liyan saking yang (a)gung / kang akarya bumi lan langit / kang amurba amisesa ing sakabeh iku / ana dene awak ira / ora pisan yen duwe ya osik / wujud silage ora//

27. //Yen wus salam awak ira yayi / den rumasa sira kawula / anglakoni parentahe / parentahing yang ngagung / ingkang kinon kang den cegah winegah / ing parentahipun / nuli sira nenedha amaring Allah / den temen sira awedi / nedhaa pangapura//

28. //Den temen sira ing widi / muga Allah mangke ngapuraha / sasakehe dosamu kabeh / den rumasa sira iku / lamon sira dosa kang widi / den akeh tabat ira / maring ing yang ngagung / sakehe panedha nira / nenedha maring yang kang maha tinggih / sawuse bada (sa)salat//

(21)

29. //Wong (kang) nenedha maring yang widi / lamon nora anglampahi salat / ora (u)sah panedhane / sidhekaha ping sewu / lamon nora ngabekti / iku tan katarima / maring ing yang ngagung / Seh Jabar mangke wecana / iya yayi (ing)sun wuruk ngabekti / sun kingdungeken salaksa//

® Pupuh 08 ® KIDUNG SALAKSA

01. //Allah iku adheppen kalawan khulur / Allah iku pujinen lawan birahi / Allah iku sembahen kalawan suci//

02. //Kawruh ana patitising sembah puji / sembah iku den bener ing pernah ira / sembah iku aja mangmang ing ngalira//

03. //Puji nira den kawayang kang sinebut / den kasebut asmane lan masamane / asma iku minangka ugering tingal//

04. //Asma iku minangka warganing tingal / tingal iku den awas ing margane / mapan kapir dadi sasar jeneg ira//

05. //Yen wus awas tingale maring Yang widi / mapan iku olih jenenging wali mumin / yen wus olih sapangate nabi nabi//

06. //Mapan dadi sampurnan ing jenengira / badan nira bebalung ngiri / roh ira pan tan driya sampurna ing jenegira//

07. ///Asma iku den kabuwang den kapupu / den atinggal ing asma mapan munapek / yen tetepa ing asma / iku pan kupur//

08. //Akhadiyat khayate kalawan khayun / jisim ira uripe lawan pangeran//

09. //Wakdhat iku ngilmune lawan ngalimun / ati nira ngawruhi lawan Allah//

10. //Wakhidiyat ing date lawan muridun / napsu nira karepe kalawanAllah//

11. //Alamarwah kudrate lawan kadirun / anggaotan ira mosik meneng lawan rasul//

12. //Ngalam missal samane lawan samingun / kuping ira miharsa kalawan rasul//

(22)

13. //Ngalam ajesam besare lawan basirun / netra nira ningali kalawan rasul//

14. //Ngalam insane kamil kalame mutakalimun / lathinira angucap kalawan rasul//

15. //Mpan iku sampurna ing laku nira / yen wus awas apa kang den ucap malih / eling eling den pakeling / kawruhana yen atakbir / den awas ing khurup ira / khurup iku wowolun kathah ireki / aksara alif lam awal kalawan tasjid//

16. //Khurup ehe alip akhir kap ebe / genep ira wowolu pan kurup re / Nyi Mutmainah / anembah wus api pada / Ki Seh Jabar ngandika maring kang rayi / iku yayi sun kanthi ngakerat//

® Pupuh 09 ® K I N A N T H I

01. //Nyi Mutmainah amatur / maring kang raka ririh / sampeyan guru kawula / tuwan padhangena gusti / prantane wong (kang) (a)salat / lawan kakatipun malih//

02. //Sampurna akate (i)sun / Seh Jabar ngandika aris / pranteneng salat (pun)ika / limang prakara kathah neki / (a)pan sajatineng polah / angadeg lan lungguh nenggih//

03. //Arukuh kalawan sujud / aniyat sampurna iki / kang rayi aris ngandika / sajatine niyat pundi / Seh Jabar mangke ngandika / kang ana langgeng ing pasti//

04. //Siti Mutmainah (u)matur / tegese ngadeg punapa / Seh Jabar mangke ngandika / angadeg asaleng api / dudu api kenang pejah / pan dudu api kinardi//

05. //Dudu api saking watu / dede geni saking bumi / pan dudu geni neraka / dudu geni owah gingsir / pan dudu geni mujijat / sejati(ne) aksara alip//

06. //Iya alip tegesipun / urip (da)tang kenang pati / mapan sajatineng cahya / amadhangi ing jasmani / iku (ing) aranan sirullah / iku yayi wuruk mami//

07. //Kang rayi anembah matur / sarwi mekul pada kalih / inggih tuwan guru hamba / wonten atur hamba malih / asale rukuk punapa / Seh Jabar wuwuse aris//

(23)

08. //Yayi pamiharsanipun / arukuh asaleng angin / lam awal asale ika / Jabarai nure iki / ingkang rukuk lam awal ika / puniku dadine angin// 09. //Dudu angin barat lisus / dudu angin owah gingsir / dudu angin kenang pejah / dudu angin angatisi / dudu angin (ing) mujijat / dudu angin saking ukir//

10. //Dudu angin angruhaken kayu / iku sajatining angin / mosik ora kandheg sanalika / siyang dalu lumampah nenggih / yen rusak jagat nenggih//

11. //Kang amuji siyang dalu / angin kang sampurna iki / lir toya mili kang lampah / sajatine angin neki / iya iku angin napas / kang misesa maring jisim//

12. //Tatalineng urip (pun)iku / kathahe patang prakawis / ingkang karihin (a)napas / tanapas ping kalih neki / kaping tigane anapas / sekawan pupus sireki//

13. //Kang aneng ketetg iku / napas kang medaling kuping / kang medal ngirung tanapas / napas miyos cangkem nenggih / anapas akuning warnanya / kanga bang tanapas iki//

14. //Kang putih iku pupus / ingkang ijo napas nenggih / pujineng napas punika / inahurabna (pun)iki / ilallah pujineng (a)napas / pujineng tanapas iki//

15. //Lailahaillallah iku / pujineng napas iki / anenggih yahu Allah / sampurna kayapa (sira) yayi / iku pamanggih manira / Nyi Mutmainah ature inggih//

16. //Sampun tanggung awakipun / tuwan babarana malih / asale sujud punapa / Seh Jabar ngadika aris / iku pamanggih manira / kang sujud asaleng wari//

17. //Dudu toya asat agung / dudu toya (kang) kinardi / pan dede toya samara / dudu toya manis pait / pan dudu toya mujijat / miwah toya owah gingsir//

18. //Dede banyu keneng surud / sajtine toya nenggih / lam akir nuru bubiyah / iya nyawa jati neki / siyang dalu ora samar / saking nurullah madhangi//

(24)

20. //Paran karsa nira iku / Mutmainah awot sari / inggih nedha wejang tuwan / kadi pundi ingkang inggih / Seh Jabar mangke ngandika / alinggih asaleng bumi//

21. //Dudu bumi pulo gunung / dudu bumi owah gingsir / dudu wadhas karakal / dudu bumi nglebu wedhi / pan dudu mimujijat / dudu bumi putih kuning//

22. //Dudu bumi bata watu / dede guwa curang wurig / sajatine bumi ika / jisim nakirah aran nenggih / saking sepi epi nang kanya / nyawa sukma iku yayi//

23. //Jatine bumi (kang) luhung / kang lamon neraka lan swargi / yayi pan karsa nira / (pun)iku pamanggih mami / kang rayi matura nembah / anedha kawula gusti//

24. //Kawula estu aguru / maring tuwan isun gusti / andika kang madhangana / pundi asihe estu alaki / andika kang tudhuh marga / sarta nembang layon keli//

® Pupuh 10 ® YON KELI

01. //Yayi muradipun malih / sejatine api ika / iya roh ilapi mangka / ratuneng nyawa sadaya / wenang aran datullah / langgeng pamisesanipun / iku kersandhaning Allah//

02. //Yayi sajatineng angin / rokhani ingangked taya / kang mimbuhi kahanane / kang pinung rasa surasa / wenang aran sirullah / kahanane asung wibuh / trasandane rasulullah//

03. //Yayi sajatineng wari / roh rabani (pun)ika / kanga gung purbane reko / rasa kang luwih sampurna / cahya ingkang apadhang / cahya (kang) purba nugrahan agung / wenang (kang) aran datullah//

04. //Yayi sajatineng bumi / iya roh jasmani ika / mapan kawi tuwan mangka / kalbu mumin bae tullah / kang tan pegat elingnya / kawisesa maring yahu / wenang (kang) aran wudullah//

05. //Murade kang asal lapsi / uripe (pu)iku sadaya / ingkang angin iku mangka / uripe napas kewala / kang asal toya ika / uripe pan dalu / langgeng ing paningal ira//

(25)

06. //Murade kang asal bumi / pasthi uripipun rasa / lan murade malih mako / asal api punika / he hidayatullah / lir komala cahyanipun / medal ati putih ika//

07. //Kang tetep tingali reki / kang asal angin punika / masum imane mangka / warnane limarcu ika / kadi wulan purnama / metu saking ati danu/ punika dipun waspada//

08. //Ingkang asal wari yayi / pasthi makbul imane ika / ing ngati puad margane / ijo warnane punika / kanga salami ika / imane rekeh puniku / sadrah (pun)iku aranya//

09. //Ya endah warnane singgih / lir dammar kurungan toya / ing ngati putih asale / murade api punika / langgeng tan kena owah / cahyane urip puniku / iya yayi lautan//

10. //Murade kang asal angin / iya madhep ing sarullah / kadi lintang ing cahyane / gumilang gilang apdhang / kadi sasi purnama / murade kang asal banyu / madhep maring rasa mulia//

12. //Datan kena owah gingsir / kang caya kadi purnama / ingkang asal api mangka / angaturaken caya / nur mani ingkang nama / kang asal banyu puniku / burhan kang katur (pun)ika//

13. //Murade kang asal bumi / roh rahmani kang atur ika / wus tekeng sang nata mangka / pangeraning wong sajagat / iku pamanggih ing wang / kang garwa nyungkemi suku / asruh denira karuna//

® Pupuh 11 ® ASMARADHANA

01. //Dhuh laki nisun gusti / pangeran dunya akerat / kang estu asrih ngabdine / among tuwan guru amba / apa kang sun walesena / dating sampeyan pukulun / ngabdine tekeng (kang) sampurna//

02. //Kapundhi ingasta kali / katantebna ing rema / gumarit werdayaning ngong / wuruk sampeyan kakang / kalangkung Katarina / Seh Jabar mangke amuwus / yayi midela karuna//

03. //Ana muradipun malih / anenggih patang prakara / wujude kanga pi ing reko / ingkang dhingin dadi rupa / lawan jajantung ika / dadi utek kaping telu / kaping sakawane dat//

(26)

04. //Anenggih wujuding angin / limang prakara wujudnya / asma lan apngal mangkong / jinem (ka)lawan lilimsa / anenggih kaping lima / iya ingaranan paru / punika dununging sukma//

05. //Anenggih wujuding wari / patang parka wu(ju)dnya / getih sungsum lawan otot / karinget lan pancadriya / ati lawan wisesa / iya atipu wadiku / dununge rasa sakawan//

06. //Anenggih wujude malih / (pun)iku patang prakara / kang bumi iku wujude / kahanan kalawan sipat / daging babalung iku / ingkang karep maring kabalt//

07. //Dhadha tinapi gagir / tangan lawan pupu nira / lambung kiwa lan tengene / irung lawan kuping ira / cangkem kalawan sirah / sakehe kang kena lebur / iya iku aran kahanan//

08. //Aworing tekad puniki / sedating galling polah / takbir usali namane / kawruh ana denira / tan weruh pagurokenan / ing salate wong (kang) luhung / datan kena tiniruwa//

09. //Aja ningali kang wajib / lampahana kang rumaksa / waktu lilima kathahe / iku panggawening sukma / nyatane Rasulullah / iya salat limang waktu / iku laku kang siniyan//

10. //Kasrah nabi sinemir / mulane kinen asalat / anglairakan muliane / pepek anggaotan nira / saking waktu lilima / miharsa l(aw)an pandulu / waktu luhur gene nyata//

11. //Patang rakangat puniki / pamiharsa rong prakara / kalawan paningal mangkong / anenggih kang waktu ngasar / patang rakangat ika / gigir lawan dhawa iku / lambung tengen lawan kiwa//

12. //Anenggih (wa)waktu magrib / tigang rakangat salat(e) / ing nabidulah tandhane / grana kalih lawan muka / waktu ngisa punika sakawan rakangatipun / anenggih pupulan asta//

13. //Ing sarira Nabisinggih / waktu subuh rong rakangat / punika kanyataan / roh kalawan jasad / mulane asembayang / waktu lilima puniku / pepek aneng sarira//

14. //Nyatane Nabi kakasih / salat limang waktu ika / pan rumaksa ing ngumate / kang anukma ing sarengat / madhep ing Yang tan pegat / anglampahi limang waktu / iya lampah (ing)kang mulia//

(27)

15. //Kang ray amuwus aris / ataken dhateng ing priya / andika rabi maring (ing) ngong / kawula kinarya paran / lan ing ngaku punapa / yen patemon lawan isun / ing pundi yen kapanggiya//

16. //Lamon andika kapanggih / punapa andika aras / punapa dinulu mangka / andika cekel punapa / kawula dika wejang / kiyai panutan isun / inggih tuwan guru hamba//

17. //Seh Jabar (a)muwus aris / (ing)kang sunakua nira / asihe suncekel mangka / date sun tingali ika / lan sipat (ing)kang mulia / sukmane sun aras iku / kapanggih ing rakmatulah//

18. //Isun gawe sira singgih / kanyataan rasa mulia / isun lawan sira mangka / wedalan pasiyanulah / punapa karsa nira / punika pamanggih ingsun / (pun)iku jatine karma//

19. //Kang rayai (u)matur malih / wonten kari atur ingwang / sampun salah tampa mangka / kawula Tanya andika / tuhu estu ing tuwan / wus asare lawan isun / mulane andika siram//

20. //Punapa kawula najis / atawa makruh lan mubah / punapa khukume mangka / manira parlu dinupsan / mapan (a)wujud tunggal / alumuh manira iku / asare kalawan tuwan//

21. //Lan paran jinabat singgih / pira kehe mukaranah / pira ta kathahe mangka ingkang aran tukaranah / kiyai dika wejang / kadi pundi tingkahipun / Seh Jabar mangke ingucap//

22. //Krana isun adus yayi / ngestokaken turning johar / kang ingaranan johar mangka / banyu urip pinangkanya / tiba ing bumi rakmat / ing kiten roro puniku / mulane parlu dinusan//

23. //Kang milu dinusan singgih / sipatulah ingkang mulia / kalawan edate mangka / lan sipating prakara / kalawan wujud tunggal / nora ana liyanipun / ningyung jati (a)wisesa//

24. //Kang rayi asruh anangis / adhuh guru amba tuwan / sarwi guru amba tuwan / sarwi (a)nungkemi padane / among lakiku pangeran / ingkang asung sawarga / sampeyan karma rong puluh / kawula dadi pawongan//

25. //Pinembut wau kang rayi / kang nama Nyai Mutmainah / Seh Jabar lingnya (a)lon / among sira rabi ningwang / tekeng dunya akerat / den tan bakti maring isun / Allah megataken rakmat//

(28)

® Pupuh 12 ® M E G A T R U H

01. //Ki Seh Jabar garjita denira muwus / guru ningsun yayi / (a)muruk mangke maring isun / den seru tanget ireki / angawula yang manon// 02. //Amangun kal siyang latri (pun)iku / aja pegat murakabah (iki) / maring pangeran kanga gung / anyirnakaken ing sirik / kang abarsa roro mangka//

03. //Kang abang saroro den uculi iku / cengeng madheping (kang) tunggil / kang nora roro (pun)iku / dat sipat mani (si)reki / apngal jumeneng mangka//

04. //Miwah panglipt ira inf asya iku / lir angganing karta iki / (ka)lawan puputihipun / tan ana ing jro ing jawi / datan kena ngucap karo//

05. //Datan kena ing ngucap kakalih iku / tunggal tunggal (da)tan tunggil / (rasa)ning wong kang sampun rawuh / tingale wong tekeng jati / den tingali kabeh mangka//

06. //Den tingali sakehe mojudat iku / den tingali pangeran neki / sakehe suwara kang karungu / kang mona moni (pun)iki / anudhuhaken (ing) yang manon//

07. //Pujining yang anebut maring yang agung / (a)nebuting dhewek ireki / anyatakaken asmanipun / lamon nama Allah iki / sampurna maripat kang wong//

08. //Sampurnaning mripat kakiki aku / iku ora aningali / iya maring dhewekipun / kanga ran liyan (pun)iki / sirna lebur adam tinon//

09. //Adam kakiki kaya lagi duk ora (iku) / ing gaibul guyub iki / aja kasamaran iku / pan ing mangka (pun)iku / kaya lagi kuna kang wong// 10. //Awas ira kawruh ana malih iku / dudu awas ira pribadi / saking arah khaketipun / dening abaran neki / ling miyangga warmin mangka// 11. //Paningaling miyangga maring sakibipun / tuhu kinarya wangsulan (iki) / (a)nyatakaken asmanipun / (a)nglairaken sipat neki / kinarya kalakuwan yang manon//

12. //Kalakuwan lahir batin (pun)iku / aja nyana sira iki / (ka)lawan kahananipun / sadrah asya (da)tan sepi / saking tajalining yang manon//

(29)

13. //Allah kang ngalah wisesa sang purba agung / poma tingalana iki / dipunawas ira iku / aja sira ora ningali / sampurna tingale punang wong//

14. //Sapa arep weruh(a) ing sajati iku / kawruhana sarira neki / kanga ran awak (pun)iku / dudu johar lawan jisim / pan kakekatepun ningwang//

15. //Mapan kakekat ika / kang tetep ana ing ngilmu / (ing)kanga ran ayan sabit / maluming pangeran iku / puniku kadim tabingi / langgeng tan rusak punang wong//

16. //Ana nira ing mangke sira den weruh / aja nyana sira iki / salaya lan kakekatipun / kang tetepana ing ngilmi / kang aran malum yang manon//

17. //Malum kakiki kalairan sipat yang ngagung / kanga ran jalalan tamil / egoning lair nama iku / lair ing isim ngalami / aja kasamaran kang wong//

18. //Sapa (kang) weruh wirasaning urip iku / satuhune kanga ran mumin / jenenge wong iku / kawruh ana den sayakti / jejuluk pangeran kanga gung / kang wajibul wujud ika / asipat kadim baka iku / langgeng sinom maijo//

® Pupuh 13 ® S I N O M

01. //Lan malih kawula Tanya / anembang sinom pangrawit / amba nedha barkah tuwan / pundi roh ing salat nenggih / lawan tegese malih / napsu neng salat puniku / pundi ngilmuning salat / lawanipun Tanya malih / kaya paran kanga ran jasading salat//

02. //Lan malih isun atanya / kuripaning salat singgih / (men)apa badaning salat / sukuning salat (a)nenggih / lan atanya malih / astaning salat puniku / apa sira eng salat / kawula atanya malih / kaya paran bebalung suteking salat //

03. //Mangke padhangena tuwan / aja kaliru ing tangwal / amiyat napsuning salat / roh ing salat atakbir / ana coreke malih / sampurnaning takbir iku / atudhuh maring nala / kang angucapaken nenggih / angging tuwan (ing)kang maha luhur sampun//

(30)

madhep maring ing yang ngagung / kalawan pingil kita / madhep ing pingil kakiki//

05. //Ngilmuning salat punika / nyataaken awal akir / anapon sirah ing salat / amaca patekah singgih / anenggih rukuk (pu)iki / bebalunging salat iku / lungguh jasading salat / kuripaning salat singgih / iya iku asujud kali perkara//

06. //Anapon badaneng salat / amaca takyat kang akir / anapon suku neng salat aweh salam kaping kalih / uteking salat singgih / nenggih astaning salat / amaca puji lan wirid / sampun jangkep kabeh sawelas parkara//

07. //Anapon maca patekah / atuduh ing wujud singgih / sampurnaha ing manusa / tegese ruku (kang) singgih / iku aselang angin / (a)ngilangaken ka king wujud / yane sujud punika / aja sira aningali / sakathahe labet (ing)kang bangsa riyah//

08. //Kaol pandhita stengah / salat limang waktu singgih / lapan nabine lilima / iku ingkang anderbeni / caya nira aputih / punika salat subuh / batas Nabi Adam ika / iku ingkang andarbeni / waktu subuh iya iku wijiling rasa//

09. //Waktu luhur kang kawarna / atas Nabi Ibrahim / akuning cayane ika / wijiling caya awarni / kang waktu ngasar nenggih / atas Nabi Yunus / iya ijo caya nira / Nabi Yunung kang darbeni / iya iku wijiling napas sadaya//

10. //(ing)Kang waktu magrib ika / atas Nabi Musa iki / cayane dadu punika / wijiling caya awarni / salat ngisa kawarni / atas Nabi Ngisa iku / iya abang caya nira / Nabi Ngisa kang darbeni / iya iku wijiling badan lan sipat//

11. //Yayi paran karsa nira / (pu)iku manira manggih / umatur Nyai Mutmainah / nyungkemi padaning laki / anging tuwan puniki / pangeran isun kang tuhu / tekeng dunya akerat / mojar Seh Jabar yayi / isun wejang anembang nglanglangi nala//

® Pupuh 14 ® NGLANGLANGI NALA

01. //Sakehe urip puniki / kawruhana mulanira / mulane kang ngilmu reko / endi ta pinangkanira / sembahira duk nora / den awas sira ing surup / kang ngilmu pagurokena//

(31)

02. //Kang ngilmu mulane dadi / pundi ngilmu punika / dudu nyawa sukma mangka / pan dudu urip ira / iku lah takokkena / den awas sira ing ngilmu / (ing)kang ingaranan sahadat//

03. //Pagurokena den yakti / lagi sira tanpa bapa / miwah tanpa babureko / sing ngendi pinangkanira / duk lagi ora ana / lawan nglapas ing pangawruh / iku ingaranan sahadat//

04. //Miwah ugi nira uning / den nyata pagurokena / tan beda iku surupe / waktu mulanira ika / awasena den nyata / punika pangawruh ingsun / pamuruk(ing) sukma ring sira//

05. //Iku gaib ingkang singgih / ujar (pun)iku linarang bapa anak isun reko / iku yayi dipunawas / pan gaibing pandhita / tan kena winakrang kalbu / tampanira dipunwikan//

06. //Aja sira milang jisim / aja katungkul ing sastra / miwah sipating Yang reko / aja sira angucap / iman tokid maripat / iku pan katungkul angung / aja tungkuling dat sipat//

07. //Lagi sira tanpa jisim / den awas sira tumingal / nyatakena padha mengko / (pun)iku prapta manggesang / sampurnanen kasidan / kang singaran jasad iku / pagurokena den awas//

08. //Iku gaib ingkang singgih / yayi den awas ing pejah / bilih tekeng urip reko / kaping kalih dipunnyata / poma pagurokena / jatining awasing ngingilmu / ingaranan sadat sakarat//

09. //Iku den weruh sira yayi / ulihena tingal ira / du kana (ing) dalem kalbune / ingwang atuwanira punika / pujinira ing manah / ingaranan sadat sireku / tanpa sandhang pangan nira//

10. //Endi delanira uni / duk tumraping wong atuwa / sapa rong wongira reka / endi sembah pujinira / lawan sampurnaning kawruh / iku sadatira pejah//

11. //Pagurokena den yakti / sasmitaning anurat / kanga ran dadalan reko / duk tumrap ingwang ngatuwa / duk dereng tumrap ika / kang ingaken duluripun / ing ngendi duk during ana//

12. //Yogya kawruhana yayi / pan sira duk during ana / ingaranan dadalan reko / sasmitaning kang anurat / yogya pagurokena / sasmita puniku laku / ingaranan isining sahadat//

(32)

13. //Punika ingaranan isi / sayogya(ne) kawruhana / napsu gaib ingarane / den awas aja pepeksa / sasmita kang utama / yen sampun awas puniku / sapolahe dadi salat//

14. //Yen awas ing tudhuh singgih / pan sakehe iku salat / miwah sadat sakarate / nora uninga sembayang / sira duk lagi nora / den awas sira ing surup / mulia duk tanpa bapa//

15. //Singgihena marga sirik / edohena (ing) marga sasar / tudhuhena marga reka / den awas ing paran nira / sira duk lagi nora / sapa (ing)kang sira dulu / duk during badan lan nyawa//

16. //Iku gaib ingkang singgih / yayi den awas ing pejah / pilih tekeng urip reko / kaping kalih dipun nyata / poma pagurokena / Siti Mutmainah (a)matur / sasambat eku dhangdhangan//

® Pupuh 15 ® DHANGDHANGGULA

01. //Ki Seh Jabar mangke wuwus aris / tarimanen yayi wuruk ingwang / maring sira iku mangke / aja ing ngrasa luhung / aja ngrasa bisa sakalir / aja ta ujub riya / s(um)uwah sira iku / aja kibir aja riya / drengki jail / aja kaduk sabdaneki / aja paksa bumisa//

02. //Aja lali ingkang sampun singgih / aja suwung aja ambubungah / puputan sira mangke / duk cipta nira iku / aja kadariyah sira iki / aja kabajariyah / aja kaduk iku / aja mbrasta ing ling tuwan / aja samar / yen sira reketan yakti / tan tulus adhepira//

03. //Ki Seh Jabar angandika aris / miwah ingsun dewata ing tilam / inten ing sawargi mangke / sadalu ora turu / rabi nira den wawarahi / pratingkang ing ngagesang//

04. //Bayanipun angrawuhi dhiri / sayaktine akeh wong kasasar / dening akeh rencunane / aja kaya sireku / sira malih ta yayi mami / dening dereng tumingal / jatineng kawruh / prayoga atatakona / aari ningsun / ing tingal kang nyata iki / iku den tekokena//

05. //Prandene anang j(e)roh sawargi / pan kagodha dening belis lanat / wong luhung akeh godhane / (ing)kang kaya sireku / sira malih ta yayi mari / dening derng atanya / jatineng kawruh / prayoga atatakona / ariningsun / (ing) tingal kang nyata ing dhiri / iku pagurokena//

06. //Nyi Mutmainah anuhun aris / singgih nuhun pangandika tuwan / muga mulasena asihe / saking bodho katengsun / sapa sinten ingkang

(33)

madhangi / yen boten karsa tuwan / atulung margayu / Ki Seh Jabar angucap / pirang bara yen nansih ing Yang Widi / atulung maring sira// 07. //Pitutur ingsun ing sira yayi / lamon bejang / yayi asun pejah / andika den pened mangke / (a)krama antuk wong agung / ing wong luhung pandhita lami / andika ngabaktiya ing kakung / (pun)ika ana sambrana / ing pakone / iku yayi den astiti / aja langgane karsa//

08. //Aja watek sira andhingini / kang karsane babu laki nira / tuten saparentahe / bab ing najis asu / den ekon sira bukti / annuli lampah ana / iku parentah (ing) kakung / iku angger ora karam / sapa kang wong pawestri anuting laki / ngalammat manjing s(a)warga//

09. //Lamon sira asare lan laki / aja wani rayi tunggal bantal / den (ka)ping sor enggene sare / aja kaping dhuwur / aja padha genira muling / yen ora mawi karsa / iku dosa (a)gung / balik yen wus sawombana / laki nira sungana bukti / poma den kalampahan//

10. //Aja mawas wedanan neng laki / kenang dosa / babu ariningwang / den wedi gumati angger / sakawan parlu nisun / wong alaki tadi pun eling / abersih ana / sinjang kelambi lan kampuh / (ka)lawan gene sembayang / den karaksa / lan pernahe ta (a)guling / kelawan yen adhahar//

11. //Ambeg ira / nyawa den aresik / sega jangan ira (yayi) dipunpelag / pinggan pirange kabeh / kumbahen lawan banyu / ulam rada pun aresik / sadayanipun pelag / rakiten den bagus / nadyan tan ngangge ya ulam / den apura yen rakit ira abecik / iku wuruk manira//

12. //Poma iku wuruk mami / wuruk kena ing atmaja nira / sakehe (kang) wuruk iya / aja pepek(a) sireku / den astiti (a)ngawula Nini / lamon aduwe kaya / den yatna sireku / aja sira sumembrana / (ing) kayane lamon tinakonan ing laki / aja maringaken wong lanang//

13. //Lan raksanen wiwiranging laki / lamon sira adhedhayoan / ing sanak lan persanake / den becik sabdinipun / ulatira dipunaris / akengken rewngira / poma aja rengu / aja sira paendhalan / im bature akonen lan sabda manis//

14. //Poma poma sira Nini / lamon laki nira dhedhaharan / ajao doh sing pernahe / jagong ngasandhingipun / aja kesah karsa pribadi / yen maksih dhadhaharan / yen ora ing ngutus / mapan tilari ing priya kang maksih bukti//

(34)

15.//ana maning waktas isun iki / lamon kinamaru dewene sikaki / den amot sira angger / lamun anemu maru / angrasaha yen sira kari / akunen yaya rena / mara tuwa iku / den adhep sapolah ira / asprane maru nira priyen asih / den kalili ing sira//

16. //Andhapane den kadi siti /polahira maring biyang / lamon simicara dhewek / nadyan sampun weruh / apiapiya sira rumihin / priyen mamarahana / maring sira iku / yen dangu ora micara / marunira anulya sira pribadi / den enggal tatakona//

17. //Sira takon luwanging laki / bubudene maring marunira / wateke lan ringane / takona den putus / dhedhemene laki nira iki / lan doyane pisan / takokkena ing maru / ajana kang kaliwatan / marunira samba andhapana Nini / sangkane popoyana//

18. //Lamon sira nyawa sida (a)krami / lamon dadi rabi tuwa pisan / den amomot sira angger / iku sakarsaneng kagung / lah wengkunen denira nini / aja sira sebrana / (te)tetguhana ing kalbu / iku nyawa wuruk ingwang / angrasaha sira kinarya uwit / kinarya gugunangan//

19. //Sakathahe maru nira nini / ingkang panengah panggulu ika / wuragil miwah selira / lan dhedhemeneng kakung / padha kena putra wuragil / aja sira beda iki / sih ira den tulus / miwah yen anemu raka / maru nira maring sira iku gusti / poma teka menenga//

20. //Poma poma aja sira padhani maru nira kang wani ing sira / teka enengana bae / den amot sira ing kalbu / aja sira mona lan wani / aja ebot ulat ira / daserah ing guyu / yen darbe wewehana / ing karepe maru nira iku nini / yen teka pituturana//

21. //(Ing) karsane pituturana nini / parandene yen katutugan / iku teka kalah dhewek / poma ujar ingsun / lamon sira marusira tampi giliran / poma aja rengu / den abening ulat ira / balik lamon maru niratuwa iki / den tinggal wewehana//

22. //Atenapi yen ayun den gitik / maru nira dening priya nira / adhangana age age / dipunawani ngrabut / amadhani napsuneng laki / takoning marunira / den asih lulut / asruh n(a)rima becik ira / tur gumanti marunira wedi asih / sabab ing becik ira//

23. //Kakangira asruh ngengraming ati / maring sira katon mulat ira / maring maru k(a)liwat mule / katon atut memaru / asruh bungah kakung ireki / dadi sihe tumeka / (ma)ring sira tan surud / iku poma

(35)

lakonana / wekas ingsun yen arep kanggo alaki /poma poma wuruk ingwang//

24. //Sira nyawa aja krana rahi / yen aweweh maring marunira / barang sira weweh akeh / aja ngareping kakung / lamn sira nyawa paparing / raksanen maru nira / wiwirange iku / wewe ya sisingidan / ing cupete marunira iku yayi / aja ngarep(ing) wong lanang//

25. //Maru nira dadi wedi / maring sira roh sira atuwa / anyampeni karsane / yen maru nira ngangluh / den gumatiya sira nini / angulati usada / dipun gupuh gupuh / yen tan warang dening sira / age age popoyanana maring laki / sira atetarene//

26. //Tarekena enggene sakit / marunira maring priyanira / nedha aparentahe / lamon kakangira muwus / (a)marentah maring sira nini / age age lakonana / sakarsaning kakung / yen maru nira sirna / ing sakite pan asruh gene ngabekti / tur sanget asih ira//

27. //Laki nira asruh ngeleming ati / maring sira tur piniti pinta / asihe tan ana sudane / nadyan botene purun / maru nira (ma)ring sira nini / kakangira tan suka / asruh enggene bendul / padha kinon angidhepa / maring sira sabab genira gumanti / maring maru maring wong lani// 28. //Yen laki nira duwe kekasih / sira uga age miluwa / maring dhedhemene / miwah asih ing maru / atanapi asih ing selir / teka sira miluwa / den asih kalulut / pasti miwah ganjaran / ing pangeran wong wadon bakti ing laki / ngalamat manjing s(a)warga//

29. //Kaping kalihe wong estri / angrabekaken maring wong lanang / manjing sawarga jangjine / (ka)ping tigane wong iku / wong estri bakti ing laki / anut ujareng priya / tan malang ing kadhum / (da)tan sumangga ing karsa / iku dudu wong wadon linuwih / kang kantuk sih nugrahan//

30. //Poma poma ujar isun yayi / lamon sira arsa anendrah / aja andhingini sare / balik kakang ngireku / lamon arsa munggah aguling / anulya wasuhana / padaneng kakung / lamon sira kurang toya / rema nira karya nem ngusapi sikil / mala ring ngapuraha//

31. //Sajenenge wong wadon puniki / raina wengi iku kenang dosa / sira den weruh ta angger / yen sira sare karihin / yen arip netra nira / aja sare ing kasur / (a)turuwa ana tundhangan / parandene yen kakangira aguling / munggah ing pasareyan//

Referensi

Dokumen terkait

Berdasarkan uraian diatas, maka peneliti terinspirasi dengan ide penghadiran Waterfall Resort (Resort Air Terjun) sebagai salah satu fasilitas penunjang pariwisata guna

Perubahan aksesibilitas petani terhadap sumber teknologi, lokasi usahtani padi, jalan raya dan pasar input akan mempengaruhi peluang petani dalam mengadopsi

Jumlah yang tidak terbatas dari kontur-kontur nada yang berbeda adalah manifestasi dari jumlah yang terbatas dari pola-pola intonasi dasar.. Setiap pola intonasi

Metode penelitian yang digunakan dalam peneliltian ini adalah metode penelitian secara kualitatif, dimana metode ini bertujuan untuk menjelaskan atau

SITI HALIMAH,

[r]

Hasil dari Tugas Akhir ini adalah kerangka uji algoritma berupa mekanisme pengujian algoritma yang terdiri dari kumpulan metrik untuk menilai kualitas algoritma penjadwalan,

Untuk menghindari adanya pelebaran dan kerancuan pembahasan mengingat wilayah-wilayah yang luas dalam pembahasan penelitian ini. Bab Pertama Pendahuluan, meliputi; latar