PENGABDIAN PADA MASYARAKAT
SINAU GENDHING
KARAWITAN
PURWADI
PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
Telp: 0274-550843-12; Email: purwadi@uny.ac.id
SINAU GENDHING KARAWITAN1
Pasinaon gendhing menika prelu kangge ngudi kawruh saha kasagedan
karawitan. Kajawi menika ugi wigatos dhateng raos kawiramaning gesang
kabatosan, awit tansah nenuntun dhateng raosing manah kadosta: raos runtut,
patut, titi, pratitis, tetep, tatag, antep, lan mantep. Sanesipun menika ngiyataken
tuwin ngeningaken raos kasusilan kadosta: raos alus, suci, lebet, santosa, jejer,
gadhah prabawa, mandhiri, budi pakerti, raos gesang bebrayan.
Seserepan gendhing ingkang adhedhasar kasarjanan boten namung badhe
nggampilaken pasinaonipun, nanging ugi badhe saged ngekahaken jejering
gendhing Jawi tuwin nggesangaken, margi badhe saged nyirnakaken samukawis
cencangan ingkang sarwa nyrimpung lan ngreribeti lampah, mardikaning
gendhing Jawi temahan badhe saged nyaekaken, ngajengaken, saha nambah
kaluhuraning kabudayan bangsa (Harsono Kodrat, 1982).
Swaraning gendhing menika warni kalih, inggih menika saged tumanduk
sarana swaraning manungsa, lajeng winastan nama ‘gangsa’ (gamelan), ingkang
limrahipun lajeng winastan sekar (tembang), saged ugi sarana swaraning pirantos
ingkang limrahipun lajeng winastan sekar (tembang), saged ugi sarana swaraning
1
pirantos ingkang limrahipun lajeng winastan ‘gendhing’. Kalih-kalihipun kasebat
lagu. Gendhing ugi dados srana murih manunggaling para warga ingkang
kagungan pamanggih benten (Sukatmi Susantina, 2001). Ing gendhing Jawi
wirama makaten kaperang dados pinten-pinten warni, ingkang karingkes dados
tigang bagiyan: a. gendhing ageng, b. gendhing madya, c. gendhing alit; dados
sami kaliyan perangan gendhing swara: sekar ageng (kawi), sekar madya
(tengahan, dhagelan) tuwin sekar alit (macapat). Watakipun gendhing lan sekar
tigang warni menika piyambak-piyambak: a. lebet, antep, kendho, b. cekapan, c.
entheng, cethek lan kenceng (Siswoharsojo, 1953). Lagu swara menika ing
salebeting kagunan Jawi mesti ngangge wirama mardika, wondene gendhing
gangsa makaten meh sadaya ngangge wirama ajeg. Sekar gendhing makaten
gendhing swara ingkang kedah tumanduk sesarengan kaliyan gangsa.
B. Laras Pelog lan Laras Slendro
Laras tuwin pathet menika kalih-kalihipun dados tetangsulipun swaraning
gendhing utawi swara ingkang saged damel tumata, menapa dene pantes luwesing
sadaya lagu (Ki Hajar Dewantara, 1953). Laras inggih menika urut-urutan swara
wiwit ingkang ageng ngantos dumugi ingkang alit. Swara kalawau kapiyarsa
tetep, urut lan patut. Swarantara menika elet antawisipun swara satunggal kaliyan
sanesipun. Laras makaten ugi kangge namekaken satunggal-satunggaling swara
ingkang sampun kalebet ing urut-urutan swara ingkang sampun tinata.
Titi-laras punika wujud angka 1 2 3 4 5 6 7 kangge sesulih namaning
wilahan gangsa supados gampil dipun serat. Pamaosipun dipun wancah: ji, ro, lu,
Slendro : barang 1 pelog : bem 1 barang : barang 7
gulu 2 gulu 2 gulu 2
dada 3 dada 3 dada 3
lima 5 lima 5 lima 5
nem 6 nem 6 nem 6
Pathet menika rakitan swara, inggih perangan saking
satunggak-satunggaling laras, minangka ambah-ambahaning lagu amrih saged tumanduk
sakeca, satemah saged damel nges sarta saged nuwuhaken raos ingkang tartamtu.
Gangsa menika pirantos tetabuhan kangge ngungelaken gendhing. Peranganipun
warni-warni sarta kenging kabagi dados sakawan warni, inggih menika pirantos
kangge: Yasa wirama: kendhang tuwin keprak, yasa swara: rebab, gender,
bonang, gambang, suling, clempung tuwin saron peking. Reksa wirama: kethuk,
kempul, kenong, gong, kempyang, ketipung, kecer, kemanak, bendhe, lan beri.
Reksa swara: bonang penembung, gender penembung, saron demung tuwin saron
limrah.
Wiramaning gendhing dumados dening swara, tuntunaning kendhang
kados kasbut ing ngandhap: Kendho kencenging lampah dumados dening antal
utawi seseging tabuhan kendhang. Dados swaraning kendhang makaten, kajawi
saged antal utawi seseg, wonten warni: dang, dung, pak, tong, tuwin tek.
Sanes-sanesipun nama prenesan sadaya. Rampak runtuting lampah kareksa ugi dening
thuthukaning saron, kethuk, kenong, kempul, tuwin gong, ingkang kenging
titik pada, kadosdene tatananing cara pancering sekar. Ingkang nama wirama
Perangan-peranganing lelagon ingkang kaapit-apit ing garis wirama
kawastanan sawirama wetah. Kajawi menika swaraning kempul makaten
nuwuhaken raos minggah, entheng utawi cethek, satemah damel bingah, wondene
swaraning kenong nuwuhaken raos medhak, lebet, antep, satemah damel tentrem
utawi sareh, swraning gong makaten cetha nuwuhaken raos marem, lega,
sampurna. Lampahing gendhing menika kecetha dening lampahing saron, sarta
kaperang dados kalih warni ingkang pokok: lampah lamba (thuthuking
balunganing gendhing, lampah dados (ngracik), tikelipun lampah lamba, ingkang
lajeng saged damel cethaning lagunipun (Sunardi Wisnubroto, 1997). Ing
salebeting lampah lamba ing dalem sakenongipun isi wolung thuthukan saron
tumrap gendhing alit lan gendhing madya, wondene tumrap gendhing ageng isi
nembelas thuthukan utawi isi tigangdasa kalih thuthukan. Dene ing salebeting
Laras salendro menika nggadhahi 5 laras: barang, jangga, dhadha utawi
tengah, gangsal lan enem. Sadaya swarantara-nipun sami agengipun, pramila
gadhah raos gagah lan bingah. Laras pelog langkung enem tinimbang laras
salendro, nggadhahi 5 laras ugi, sami namanipun kaliyan ing salebeting laras
salendro nanging swarantaranipun boten sadaya sami, antawisipun barang kaliyan
jangga ageng, jangga dhadha alit, dhadha gangsal ageng, gangsal enem alit, enem
barang alit (Trimanto, 1984). Wilahan ‘bem’ tuwin wilahan ‘pelog’ menika
sajatosipun inggah-inggahan ‘barang’ tuwin ‘dhadha’. Ngedhakaken utawi
nginggahaken laras makaten minangka asri-asrining cengkok, sarta namung
kadhang-kadhang katandukaken.
Minggahipun laras barang dados bem yen kangge tetep, lajeng
ngawontenaken laras rakitan swara enggal, inggih laras bem. Laras barang miring
menika ingkang sepuh piyambak, tandhanipun kangge ing salebeting Ki Lurah
Semar tetembangan, mangka Semar menika wayang ingkang sepuh piyambak
(Dwijo Carito, 2000). Laras ‘barang miring’ boten nggadhahi pirantos gangsa.
Laras barang miring makaten ing bagiyan ngandhap, wiwit barang dumugi
gangsal swarantaranipun memper laras salendro, wiwit gangsal dumugi barang
memper pelog, pramila caranipun nyekaraken barang miring makaten ngangge
gangsa salendro, sanadyan cengkok-cengkokipun semu raos pelog.
Ingkang sinebat tembung pathet punika tumraping laras pelog beda kaliyan
ing laras slendro. Pramila pangrembagipun inggih kula silah-silahaken. Kangge
madhahi sadaya lagu swara utawi lagu gendhing amrih saged trep lan sakeca, laras
Laras salendro nggadhahi pathet warni tiga kados ingkang katerangaken ing
ngandhap menika: Pathet nem, ngangge dhasar swara laras jangga
grambyanganipun pathet inggih menika urut-urutaning laras:
jangga-dhadha-lima-nem utawi kacelak: jangga-dhadha-lima-nem-jangga. Gendhing-gendhing ingkang pathet jangga-dhadha-lima-nem makaten
manut pranataning gendhing kaungelaken ing wanci sonten dumugi jam 11
nuwuhaken raos bingah prasaja lir gesanging lare, tembung ‘enem’ boten
gandheng kaliyan namaning laras enem, nanging gandheng kaliyan
pralambanging raos pancadriya, inggih raosing lare. Pathet sanga, dhedhasar laras
gangsal, grambyanganipun urut-urutaning laras: gangsal-enem-barang-jangga
utawi kacelak: jangga-gangsal. Gendhing-gendhing ingkang pathet sanga makaten
kaungelaken ing wanci tengah dalu, nuwuhaken raos tentrem, gagah, sabar,
semepuh lan sasaminipun.
Babagan lungiting seni, Raden Bekel Wulan Karahinan (1991) sampun
damel cepengan kanthi irah-irahan Gendhing-gendhing Mataram Gaya
Yogyakarta dan Cara Menabuh. Pathet manyura, dhasar swaranipun laras enem,
grambyanganipun: enem-barang-jangga-dhadha-utawi kaungelaken ing wanci
enjing, wiwit jam 3 dalu dumugi nyar raina, nuwuhaken raos bingah, asri, kenes,
ngenem-enemi sapiturutipun. Tembung ‘manyura’ asalipun saking ungeling
merang ing wanci enjing. Dados pathet punika tegesipun: mapaning lelagon yen
kaungelaken wonten ing gangsa. Larikan sanesipun boten kalimrah kangge
thuthukan ing gangsa. Mila inggih boten wonten namaning pathetipun. Nitik
tuladha punika terang bilih tumraping lelagon slendro, madegipun dados pathet,
Ing ngriki tegesipun pathet ugi mapaning lelagon yen kaungelaken ing
gangsa. Ewa semanten wonten bedanipun kaliyan pathet tumraping laras slendro.
Sarehning let-letaning swara ing laras slendro punika ajeg sami, mila lelagon
pathet manyura kenging kaandapaken sawilahan dados pathet sanga. Menawi
kaandapaken kalih wilahan malih dados pathet nem.
Ngandapaken laras mekaten punika wonten ing laras pelog boten saged
tumindak, jer let-letaning swara boten ajeg sami. Teranganipun mekaten. Ing laras
slendro, lelagon 6 1 2 3, punika sami kaliyan 5 6 1 2 utawi 3 5 6 1. Ing laras
pelog: 6 1 2 3 boten sami kaliyan 5 7 1 2 utawi 4 6 7 1 sapiturutipun. Dados pathet
punika tumraping laras pelog, kejawi mapaning lelagon yen kaungelaken ing
gangsa, ugi bedaning racikaning larasipun.
Manawi nyinau lelagon taksih ngangge pirantos upami gender utawi
cente, sapanunggilanipun, punika namanipun dereng sampurna. Sampurnanipun
not punika kedah lajeng dipun waos kemawon tanpa dipun padosi larasipun ing
gangsa. Prayoginipun menawi nyinau slendro, inggih slendro kemawon rumiyin.
Dangu-dangu temtu pakecapan ji ro lu (pat) ma nem (tu) lajeng gandeng
kaliyan andap-inggiling laras. Malah menawi sampun kulina, mireng lelagon
inggih lajeng kemawon saged nyerat notipun. Sakabehing gawe ing sekawit angel,
angel iku kalah dening tlaten, tlaten iku witing kabisan. Menawi sampun kulina,
titi-laras punika kenging dipun waos, dene menawi dereng kulina, inggih kedah
ngangge srana nutuk wilahaning gangsa. Caranipun ingkang gampil, wilahan
Sambet kaliyan pratelan ada-ada, prayoginipun ukel lan cengkok
swaraning rebab lan suling, lampahing wilet gambang tuwin gender, lampahing
kendhangan batangan sapanunggalanipun sampun ngantos katetepaken sarana titi
lagu ingkang kedah dipun turut cara pola, kengingipun kaserat namung minangka
tuladhaning cengkok lan ukel salebeting sinau (Sunarto, 1976). Saben tiyang
kedah kenging ngawontenaken wilet piyambak-piyambak.
C. Ricikan Gamelan
Para pengrawit prayogi menawi nyumerepi ricikan dalah nami piranti seni
kerawitan. Kanthi makaten para pengrawit badhe gancar lan lancar anggenipun
nindakaken pakaryan. Wondene ricikan gamelan saged dipun pratelakaken kados
seratan ing ngandhap punika.
Nami ricikan kangge gancaring wirama: Kendhang, cacahipun wonten
sekawan inggih punika: a. Kendang gede, b. Kendang kalih, c. Ketipung, d.
Ciblon. Kethuk, Kempyang, Kenong, Kempul, Gong, Kecar, Rebab, Gender gede,
Gender penerus, Gambang, Bonang gede, Bonang penerus, Slenthem, Demung,
Saron barung, Saron penerus, Clampung lan Suling. Ricikan kala wau gadhah
gina piyambak-piyambak.
1. Kendang, sinebat pemurba wirama.
2. Kethuk, sinebat pemangku wirama
3. Kenong, sinebat pemangku wirama.
4. Kempul, sinebat pemangku wirama
5. Gong, sinebat pemangku wirama
7. Gender gedhe, sinebat pemangku lagu
8. Bonang gedhe, sinebat pemangku lagu
9. Gambang, sinebat pemangku lagu
10.Clempung, gender penerus, bonang penerus, sinebat pemangku lagu.
11.Slenthem, demung, saron barung, sinebat pemangku lagu.
12.Saron penerus, sinebat pemangku lagu.
Ricikan inggil punika perlu sanget dipun sumerepi. Kodiron (1989) nyerat
seserapan kanthi irah-irahan Marsudi Karawitan Jawi. Gangsa ingkang sumebar
saindenging jagad raya punika warni-warni nami lan wewujudanipun. Perlu
kawuningan bilih saperangan gangsa wau dados pusaka ingkang wigatos.
Namaning gangsa-gangsa ingkang misuwur ing Surakarta: Kraton Surakarta
kagungan gangsa gamelan sekaten Naga Jenggot; Kyai Jimat; Sl.
Larasati-Pengasih Pl.; Sl. Gunturmadu-Kancilbelik Pl.; Sl. Kadukmanis-Manisrengga
Pl.Lsp. Pura Mangkunegaran kagungan Gangsa Kanyutmesem Sl-Pl.; Sl.
Udanasih-Udanarum Pl.; Sl. Udanriris, Lipur-tamba-Neng Pl. Sanesipun Gangsa
Senggani (abebadan kaca); Gangsa Genthana. Namaning gangsa-gangsa inkang
misuwur ing Yogyakarta: Kraton kagungan gangsa Gamelan sekaten Naga Ilaga,
Guntursari; Sl. Harjanegara-Harjamulya Pl.; Sl. Madukentir-Siratmadu Pl.; Sl.
Mrdharsih-Mikatsih Pl. Pura Pakualaman kagungan gangsa Sl.
Pengawesari-Telagamuncar Pl.; Gangsa PB X. Kepatihan kagungan gangsa Sl. Yudasih,
Ngakraarum Pl.
Saben-saben papan gadhah adat ingkang benten. Irwan Sudjono (1990)
kerawitan menika gumantung kaliyan swasana, wekdal, wragad dalah kawontenan
ingkang nembe lumampah. Saged kawastanan luwes supados sedayanipun boten
kecicir. Pramila anggenipun para pengrawit nabuh gamelan ugi mawas ingkang
ngersakaken, punapa punika klenengan jangkep, gadhon utawi pethilan.
Wernining ricikanipun gangsa klenengan kados ingandhap punika: a). Rebab: 1.
plangkan; b). Gender barung, c). Gender penerus, d). Gambang, e). Slenthem, 1.
pangkon; f) Saron barung: 2 pangkon; g). Kenong: 2a 3; h). Kempul tiga, laras:
1-6-5; i). Gong Kemodong: sarakit; j) Gong suwukan laras: 2-1; k) Kethuk,
kempyang, engkuk, kemong; l). Suling, m). Clempung, n). Clempung panerus:
nyatunggal; o). Kendhang: tiga; p). Keprak, kepyak.
Gangsa Ageng: ricikanipun kados kasbut nginggil, kawewahan: q).
Bonang, r) Bonang panerus; s). Demung, t). Saron panerus, u). Gong Ageng: 6-5.
Gamelan Gadhon: ricikanipun namung methil saperlunipun kemawon: 1).
Slenthem, 2) Gender, 3) Gambang, 4) Suling, 5) Kethuk, 6) Kenong, 7)
Kendhang, 8) Gong.
Gendhing Kebogiro upaminipun, punika kaungelaken wradin ing
ricikaning gangsa, sadaya ricikan katabuh, nadyan namung awis-awis. Wondene
gendhing rebab, gendhing bonang, gendhing gender, gendhing gambang punika
Ingkang mbukani gendhing. Dene ricikan sansipun punika namung mematut sarta
ngendhongi, murih nambahi rengeng lan sakecaning swara.
Gendhing rebab : krawitan, gambirsawit, onang-onang.
Gendhing bonang : babarlanjar, jalaga, slebrak.
Gendhing gambang : undur-undur kajongan, ketawang srepegan,
ketawang segaran, gendhing bremara.
Ing gendhing bonang: rebab, gender, gender panerus, gambang, suling lan
clempung, sami boten kaungelaken, amargi
rakitanin gamelan kagolongaken: gangsa ageng.
Ing gendhing gender : bonang, bonang panerus, demung lan peking boten
katabuh, awit rakitaning gangsa kagolongaken
gamelan klenengan.
Wondene gendhing gerongan inggih punika gendhing ingkang dipun
bukani Bawa Sekar ageng, kabarung tiyang kathah, nggerong miturut laguning
gendhing gerongan. Rakitanipun: Gamelan ageng sarancak jangkep, utawi
kenging ugi: gamelan klenengan. Babagan gendhing karawitan Soetrisno (2001)
sampun nyerat pustaka ingkang saged kangge gladhen. Tumpraping para siswa lan
dwija pustaka punika estu piguna sanget.
D. Panutup
Sinau gendhing karawitan punika perlu tlaten. Sauger tlaten tartamtu
badhe panen. Punika jumbuh kaliyan wejanganipun para sesepuh, ngelmu iku
kelakone kanthi laku. Sakedhik baka sakedhik anggenipun nyinau karawitan
lajeng kasembadan.
Murih lestarining seni adiluhung punika, ing sadhengah papan cocog
manawi dipun adani gladhen karawitan. Ing pendhapi dhusun, kantor, pawiyatan
lan balai kesenian prayogi sanget menawi gladhen mirunggan dipun lampahi
Langkung-langkung dhumateng para dwija ingkang kajibah ngreksa basa
lan sastra Jawi, langkung sae menawi dipun jangkepi kaliyan ketrampilan nabuh
gamelan. Kanthi makaten para siswa ugi langkung gampil cara pasinaonipun.
KAPUSTAKAN
Dwijo Carito, 2000. Pakeliran Sedalu Natas Lampahan Semar Boyong, Cendrawasih. Surakarta.
Harsono Kodrat, 1982. Gending-gending Karawitan Jawa. Balai Pustaka. Jakarta.
Irwan Sudjono, 1990. Lelagon Gagrag Enggal. Cendrawasih. Surakarta
Ki Hajar Dewantara, 1953. Pasinaon Titi Laras Gendhing. Barata. Jakarta.
Kodiron, 1989. Marsudi Karawitan Jawi. Cendrawasih. Surakarta
Raden Bekel Wulan Karahinan, 1991. Gendhing-gendhing Mataram Gaya
Yogyakarta dan Cara Menabuh. Kraton Yogyakarta Hadiningrat.
Yogyakarta.
Siswoharsojo, 1953. Gamelan Ingkang Kangge Ngiringi Wayang. Gondolayu. Yogyakarta.
Soetrisno, 2001. Seni Kerawitan. Sadang. Surabaya.
Sukatmi Susantina, 2001. Inkulturasi Gamelan Jawa. Philpres. Yogyakarta.
Sunarto, 1976. Seni Kerawitan Jawi. Sadubudi. Surakarta.
Sunardi Wisnubroto, 1997. Sri Lestari An Introduction to Gamelan. Gama Press. Yogyakarta.