SERAT SULUK NGABDULSALAM SERAT SULUK NGABDULSALAM SERAT SULUK NGABDULSALAM SERAT SULUK NGABDULSALAM PUPUH I PUPUH I PUPUH I PUPUH I DHANDHANGGULA DHANDHANGGULA DHANDHANGGULA DHANDHANGGULA
1. Mangun sabda binarunging gendhing/ amurwaka kang parasèng rasa/ madu sarkara sekaré/ kasmaran resmiyéngrum/ ing pangruming wardaya kadi/ satpada mangrès rasa/ mrih praptaning santun/ mangun basa susilarja/ rèhning arsa mangun caritaning ngélmi/ miwah asaling jagad// Memulai cerita seirama gending/ permulaan yang menggugah rasa/ tembang dhandhanggula/ membangkitkan gairah asmara/ menyenangkan hati seperti/ lebah menghisap rasa/ datangnya dengan sopan/ merangkai cerita dengan indah/ sebab keinginan untuk memulai cerita tentang ilmu/ dan asal mula dunia//
2. Sumarmanya kabrataning asih/ kawuryaning panuksmeng wardaya/ kojah sing èdi purwané/ pindha prakawiknyéng tembung/ tembung tembang kang kandel tipis/ miwah kang dawa cendhak/ mandheg lawan laju/ sumedya tumaméng sastra/ kwentar saking dèrèng kawuryaning galih/ mring ri sadaya arsa//
Oleh karena cinta setia/ terlihat jiwa di hati keluar/ cerita yang indah permulaannya / seperti mengenai susunan kalimat yang serasi/ kalimat tembang yang tebal dan tipis/ serta panjang pendek/ berhenti dan berlanjut/ bersiap masuk ajaran/ terkenal karena belum terbuka hati/ pada semua kehendak//
3. Mintaningsun nenggih ing Hyang Widhi/ kang asipat jalal jamal kahar/ kang amengku ing rat kabèh/ ngudanéni sadarum/ déné kangdéné kangdéné kang akiring déné kang akiring akiring akiring dumadi
dumadi dumadi
dumadi/ kang sangkan wus kasamar/ Gusti Maha Agung/Gusti Maha Agung/Gusti Maha Agung/Gusti Maha Agung/ ingkang asih ing akérat/ kang murah ing donya kang tansah pinuji/ kang ngganjar kang aniksa//
Saya mohon pada Tuhan/ yang mempunyai sifat agung, indah, kuasa/ yang menguasai dunia seisinya/ maha mengetahui semua/ adapun akhir kejadian/ yang asal sudah tersembunyi/ Tuhan Yang Maha Besar/ yang mengasihi pada jaman akhir/ maha pemurah di dunia dan selalu dipuji/ yang memberi anugrah dan menghukum//
4. Tinengeran kang nulis puniki/ apeparab pun Martadimeja/ kampung Astana wiyosé/ Nglawiyan dunungipun/ Surakarta kilèn nagari/Surakarta kilèn nagari/Surakarta kilèn nagari/ anistha Surakarta kilèn nagari/ alit mila/ sru kawélas ayun/ marmané kalunta-lunta/ pan tinilar ing bapa duk maksih alit/ anéng dhusun Prambanan//
Ditandai yang menulis ini/ bernama Martadimedja/ lahir di kampung Astana/ rumah di Laweyan/ sebelah barat Surakarta/ maka kecilnya menyedihkan/ sangat membuat iba/ sebab hidupnya terlunta-lunta/ sewaktu kecil ditinggal mati bapaknya/ ketika masih tinggal di Prambanan//
5. Marsudi tyas amarnéng palupi/ rinesepna sanak kang amaca/ kang layang akéh pédahé/ wawasen ing jro kalbu/ ywa katungkul amemaoni/ kirang langkung ing sastra/ lan ukaranipun/ ja maoni aja nacad/ luwung meneng wacanen baé ya becik/ dadi sira utama//
Melatih hati untuk menjadi teladan/ agar diresapi orang yang membaca/ buku ini banyak manfaat/ hayati dalam hati/ jangan terlena dan mencela/ kekurangan dan kelebihan ajaran/ dan kalimatnya/ janganlah mencela/ diam dan bacalah dalam hati sebab itu lebih baik/ agar kamu menjadi utama//
6. Déné kang wus lumrah mangsa mangkin/ lamun ana dènremeni ika/ angalem katèngkèng-tèngkèng/ lamun ala puniku/ pan sinengit kapati-pati/ puniku lamun bisa/ cegahen sadarum/ sampun ngalem lawan nacad/ myang ngrasaningrasaningrasani ala mring samining jalmi/ myang sanak baturira// ngrasani
Adapun yang sudah umum saat ini/ kalau ada yang disukai/ akan selalu di puji / kalau jelek/ akan sangat dibenci/ itu kalau bisa/ cegahlah semua itu/ jangan memuji dan menghina/ serta menggunjing pada orang lain/ dan dengan sanak saudara//
7. Ngandhut rukun ing ngarep pan becik/ pan ing buri ngrasani kang ora/ iku sétan upamané/ jaman akir puniku/ kéh ijajil nukmeng mring jalmi/ mila dipunprayitna/ dènraharjèng kalbu/ saben dina kang kapaksa/ ingkang émut aja sira kongsi lali/ yèn sira ayun mulya//
Di depannya menjaga kerukunan dengan berharap baik/ padahal di belakang menggunjingkan hal-hal jelek/ diupamakan setan/ jaman akhir/ banyak setan yang merasuki manusia/ karena itu agar hati-hati/ agar
selamatlah hati/ dengan paksaan tiap hari/ ingatlah dan jangan sampai lupa/ jika kamu ingin mulia//
8. Waskithanen purwané kang nulis/ dèn anyata sampun kaya-kaya/ giluten ing surasané/ wawasen ing jro kalbu/ prasudinen ingkang kaésthi/ yèn olih kanugrahan/ wruh surasanipun/ yèn wus weruh mirantia/ ywa pepéka dèn gemi angati-ati/ ywa tinggal ing dalilnya//
Ketahuilah dulu yang menulis/ sesungguhnya jangan khawatir/ pelajari isinya/ resapilah dalam hati/ usahakan niatnya/ jika mendapat anugrah/ tahu maksudnya/ kalau sudah tahu maka bersiaplah/ jangan lengah hendaknya berhati-hati/ jangan meninggalkan dalilnya//
9. Kang wus lumrahé sanabi wali/ kitab Kur’an tan mung lapal makna/ sejatinipun
sejatinipun sejatinipun
sejatinipun karsané/ yèn wus wruh dipunkukuh/ pan kekeren dipunprayogi/ wawasen kang sarira/ mobah mosikipun//// saben dina dènkareksa/ sampun kandheg ing rupa warna samangkin/ tuna yèn tantuna yèn tantuna yèn tantuna yèn tan weruha//
weruha// weruha// weruha//
Sudah sewajarnya seluruh nabi dan wali/ kitab Quran bukan hanya ucapan yang bermakna/ sesungguhnya itu adalah kehendak Tuhan/ jika sudah tahu harap dipegang teguh/ jika dipegang teguh akan lebih baik/ ingatlah pada badan/ tingkah lakunya/ teladanilah tiap hari/ jangan silau terhadap gemerlap dunia/ sebab rugilah jika tidak tahu//
10.Pamintèng sun mring Hyang Maha Luwih/ marang sanak kang marsudèng maca/ kadugèna sakarsané/ panjanga ingkang umur/ dèn-junjunga ing suka singgih/ jinurunga kamulyan/ gung ganjaranipun/ waspadaa panduming tyas/ kinasiha marang Hyang Suksmana Jati/ kang samar binukaa//
Permintaan saya pada Tuhan/ kepada saudara yang giat membaca/ laksanakan sebisanya/ dipanjangkan umur/ diangkatlah pada kebaikan/ semoga ditunjukkan pada kemuliaan/ besar anugrahnya/ waspadalah pada nasib hati/ yang dikasihi oleh Illahi/ bukalah yang tersamar itu//
PUPUH II PUPUH II PUPUH II PUPUH II ASMARADHANA ASMARADHANA ASMARADHANA ASMARADHANA
1. Kasmaran temen wak mami/ wonten sajuga Pandhita/ ambeg sang tapa kinaot/ aran Ki Sèh Ngabdulsalam/ karya pamungkas tékad/ adhedhépok Ardi Catur/ aran dhukuh Kabuwanan//
Bahagia benar saya/ ada seorang pendeta/ watak sang pertapa utama/ pendeta itu bernama Seh Abdulsalam/ bertekad terakhir/ bertempat tinggal di Gunung Catur/ bernama desa Kabuwanan//
2. Punika jalma utami/ sang tapa tan darbé karya/ among olah dhiri baé/ déné ingkang para putra/ ganti-ganti kang prapta/ warna-warna para sunu/ wenéh alim lawan jawa//
Dialah manusia utama/ tidak punya pekerjaan/ cuma bertapa saja/ sementara putra-putranya/ datang silih berganti/ bermacam-macam anaknya/ sebagian sangat alim dan sopan//
3. Kang alim kitabé wegig/ kang jawa suluke limpat/ pasamya bebana kabèh/ mring rama Sèh Ngabdulsalam/ wonten putra satunggal/ pembarep bagus tyas terus/ bisa mantek lan midekat//
Yang alim ahli kitab/ yang sopan pandai bersuluk/ mereka bersama-sama datang/ pada Seh Abdulsalam/ ada seorang putra/ tertua sungguh tampan/ datang dan mendekat//
4. Rahadyan kalangkung alim/Rahadyan kalangkung alim/Rahadyan kalangkung alim/Rahadyan kalangkung alim/ kang awisma Ujung AlangUjung AlangUjung Alang/ radyan putra Ujung Alang pembarebé/ Sasrawardaya waskitha/ ing wanci pukul sapta/ sowan ing rama sang wiku/ sang tapa anuju lenggah//
Putra paling alim/ bertempat tinggal di Ujung Alang/ sebagai putra tertua/ Sasrawardaya sangat awas/ pukul tujuh/ menghadap ayah sang guru/ sang guru sedang duduk//
5. Kasaru kang putra prapta/ Rahadyan Sastrawardaya/ sang tapa ngandika alon/ kulup dèn kepareng ngarsa/ radèn majeng awotsekar/ wus tata dènira lungguh/ radèn putra matur sembah//
Mendadak sang putra datang/ Raden Sasrawardaya/ Sang guru berkata pelan/ nak silahkan maju/ raden maju menyembah/ setelah duduk/ Raden menyembah//
6. Kawula anuwun uning/ pratingkahé wong asalat/ hakékat lan makripaté/ saréngat lawan tarékat/ kang kawengku ing salat/ kawula nuwun pituduh/ sang tapa terus ngandika//
Saya ingin tahu/ tingkahnya orang salat/ hakekat dan makripat/ syariat dan tarekat/ yang terkandung dalam salat/ saya minta petunjuk/ sang pertapa kemudian berkata//
7. kang dhingin iku pan takbir/ micara parluning salat/ wowulas iku kathahé/ kaping kalih iku niat/ kawengku jroning ikram/ikram/ikram/ikram/ ing kurupé pan wewolu/ kang lapal Allahu Akbar//
Yang pertama takbir/ berbicara tentang kewajiban salat/ itu berjumlah delapan belas macam/ yang kedua niat/ yang terkandung dalam ikram/ berjumlah delapan huruf/ yang berbunyi Allahu akbar//
8. Kang dhingin aksara alip/ alip kamil aranira/ lam awal kaping kalihé/ martabaté akadiyat/ lam akir kaping tiga/ martabat wahdat dumunung/ aksara hahaha ping sekawan// ha
Pertama huruf alif/ sebutannya alif kamil/ yang kedua lam awal/ itu martabat ahadiyat/ ketiga lam akhir/ tempatnya martabat wahdat/ keempat huruf ha//
9. Wakidiyat kang winarni/ alip kang kaping limanya/ mutakalimun mutakalimun mutakalimun mutakalimun wakité/ kaping nemé kap kabirah/ pitu bababa rububiyah/ ré rapingu darajatun/ ba sampun jangkep kurup astha//
Wakidiyat yang diceritakan/ alif yang kelima/ yaitu muta aliman wakid/ keenam kap kabirah/ ketujuh ba rububiyah/ huruf ra rafihu darajatun/ lengkap sudah delapan huruf//
10.Ping kalih niat puniki/ mukaranahé tetiga/ kitakrul lawanlawanlawanlawan takyiné//// kasmu panejaning manah/ takrul nyataken uga/ anèng jroning kang lapal hu/ takyin wus nyata katingal//
Kedua niat ini/ kebetulan ada tiga/ kitakrul dan takyin/ warna cahayanya hati/ takrul sesungguhnya/ terkandung dalam huruf ha/ takyin sudah jelas terlihat//
11.Kang jejuluk insan kamil/ yèn sira nora weruha/ takbir mangkono ta kuwé/ sembahira tanpa karya/ angur baya dolana/ ari aninangari aninangari aninangari aninang-aninung/aninung/aninung/aninung/ déné ingkang kaping tiga//
Yang dinamakan insan kamil/ jika kamu tidak tahu/ bertakbirlah kamu/ doamu tidak berguna/ lebih baik bermainlah/ bersuka ria/ selanjutnya yang ketiga//
12.Angadeg asaling geni/ sejatiné geni cahya/ kang sumrambah badan kabèh/ iku sira ulihena/ marang sangkaning cahya/ insan kamil purwanipun/ kaping pat maca Patékah//
Menghadap asalnya api/ sesungguhnya cahaya api/ yang menjalar keseluruh tubuh/ itu kamu kembalikan/ pada asalnya cahaya/ asalnya insan kamil/ keempat membaca Al fatekah//
13.Wus sun tuturaken dhingin/ amepaki ing sarira/ rukuk kang kaping limané/ kaping nemé tumaninah/ mulané tumaninah/ sajroné sira rukuk/ ulihna sangkaning barat//
Sudah saya utarakan dahulu/ untuk melengkapi badan/ yang kelima rukuk/ keenam tumaninah/ maka tumaninah itu/ di dalam kamu rukuk/ kembalikan ketempat asalnya angin//
14.Arukuk asaling angin/ sejatiné angin napas/ anpas lan napas wuwusé/ iku sira ulihena/ iya sangkaning napas/ akadiyat purwanipun/ kaping pituné iktidal//
Rukuk pada asalnya angin/ sesungguhnya angin nafas/ anpas dan nafas ucapannya/ itu kamu kembalikan/ pada asalnya nafas/ permulaannya akhadiyat/ ketujuh itu ihtidal//
15.Ping wolu tumaninahi/ sajroné sira iktidal/ kaya takbir ukarané/ mila nganggé tumaninah/ awasta kamil insan/ kaping sanga iku sujud/ ping sepuluh tumaninah//
Kedelapan itu tumaninah/ ketika kamu ihtidal/ seperti dalam takbir kalimatnya/ makanya pakai tumaninah/ itu sebutannya insan kamil/ kesembilan itu sujud/ yang kesepuluh tumaninah//
16.Mulané tumaninahi/ jro sujud mulaken toya/ ulihna sangkan parané/ sejatiné getihira/ purwané saking sahdad/ ping sawelas iku lungguh/ kaping rolas tumaninah//
Maka tumananinahlah/ dalam sujud muliakan air/ kembalikan asal muasalnya/ sesungguhnya darahmu/ berasal dari sahadat/ kesebelas itu duduk/ keduabelas itu tumaninah//
17.Jroning salat sira linggih/ aja lali tumaninah/ mulané kaya mangkono/ lungguh asaling bantala/ jisimira kang wadhag/ iku bumi kang linuhung/ ulihna mring wakidiyat//
Dalam salat kamu duduk/ jangan lupa tumaninah/ sebab seperti itu/ duduk pada asal tanah/ jasadmu yang kasar/ itu tanah yang dimuliakan/ kembalikan pada wakidiyat//
18.Wus telas asaling mayit/ telulas lungguhé tahyat/ patbelas maca tahyaté/ atakiyat burubanya/ marang kang Maha Mulya/ rerupa dhong arsa lampus/ Madum Sarpin dadi béka//
Sudah habis asalnya jasad/ tiga belas itu duduknya takhiyat/ empat belas itu membaca takhiyat/ ahtakhiyat burubannya/ pada Tuhan Maha Mulia/ perwujudan pada kehendak mati/ Makdum Sarpin menjadi susah//
19.Mila kawruhana kaki/ yèn sira nora weruha/ dadi béka salawasé/ urip miwah yèn palastra/ ingkang kaping limalas/ salawat mring kanjeng rasul/ nembelas tartip muwalat//
Maka ketahuilah/ jika kamu tidak tahu/ akan susah selamanya/ hidup dan mati/ yang kelima belas/ salawat pada Nabi Muhammad/ enam belas tartib mualat//
20.Pitulas tegesé tartip/ turun-turun yèn palastra/ sulbi Kakbah ingkang kosén/ campur mring raga lan mulya/ tedhak Sri Naranata/ mudhun jurang munggah gunung/ ping wolulas awèh salam//
Tujuh belas maksudnya tartib/ jika keturunan mati/ rahim Kabah yang menjadi tiang/ bersatu badan dan kemuliaan/ keturunan raja/ turun jurang mendaki gunung/ kedelapan belas memberi salam//
21.Ana déné kang dènwèhi/ salam iku kadangira/ kang mungging kanan kéringé/ supayaa supayaa supayaa supayaa aja béka/ ing donya lan akérat/akérat/akérat/akérat/ yèn wus weruh dipunwanuh/ dèn kadi madu raosnya//
Adapun yang diberi/ salam itu saudaramu/ yang di sebelah kanan kirimu/ agar jangan mendapat susah/ di dunia maupun akhirat/ jika sudah tahu harap dimengerti/ seperti rasa madu//
PUPUH III PUPUH III PUPUH III PUPUH III DHANDHANGGULA DHANDHANGGULADHANDHANGGULA DHANDHANGGULA
1. Iya iku rasakna sayekti/ sejatiné wong sembahyang ika/ nyalatken mayité dhéwé/ pomaa dipunémut/ ingkang putra nyuwun ngabekti/ wonten putra panenggak/ langkung limpatipun/ kang wisma ing Garbaretna/ langkung wasis wignya limpat tatag trampil/ cahya mindha sasangka//
Maka itu rasakan benar/ sesungguhnya orang sembahyang itu/ menyalatkan mayatnya sendiri/ harap diingat/ sang putra menghaturkan sembah/ salah seorang putra kedua/ lebih pintar/ yang tinggal di Garbaretna/ lebih cerdas bijaksana dan trampil/ bersinar seperti bulan// 2. Sira rahadèn sinung kekasih/ marang kiyai Sèh Ngabdulsalam/ Surya
Sasmita kinaot/ pukul kasapta dalu/ Radèn Surya garjiténg galih/ sowan mring kabuwanan/ tan antara rawuh/ majeng umareg ing rama/ mangenjali kang rama ngandika aris/ radèn sira lungguha//
Beliau putra yang bernama/ Seh Abdulsalam/ Suryasasmita yang utama/ pukul tujuh malam/ Raden Surya senang dalam hati/ datang ke Kabuwanan/ tak berapa lama/ maju menghadap ayah/ menyembah sang ayah berkata lembut/ silahkan duduk//
3. Paran karsané prapta ing latri/ teka béda lawan saban-saban/ radyan alon ing aturé/ rama kawula matur/ wingi siang kula mring mesjid/ wonten jalma satunggal/ langkung wignyanipun/ kawula tansah sinual/ sakalangkung nggén kula putek ing galih/ makaten panyualnya//
Ada maksud apa datang malam-malam/ datang tidak seperti biasa/ raden Surya pelan berkata/ saya ingin menceritakan/ kemarin siang sewaktu di
masjid/ ada seseorang/ yang pandai/ saya selalu ditanya/ kemudian saya bingung menjawabnya/ begini pertanyaannya//
4. Wonten siti pinendhem jro bumi/ lawan banyu kinum jroning toya/ lawan srengéngé dènepé/ miwah geni tinunu/ lawan lanjar dèrèng akrami/ parawan darbé priya/ tigan bisa kluruk/ lan jaka rabiné papat/ ing wong mangan saben dina maksih ngelih/ lawan mangan sepisan//
Ada tanah dipendam dalam tanah/ air direndam oleh air/ matahari dijemur/ ada api dibakar/ ada janda tapi belum menikah/ gadis sudah bersuami/ ada telur bisa berkokok/ pemuda beristri empat/ ada orang yang makan tiap hari masih lapar/ cuma makan sekali//
5. Mung sapisan waregé salami/ lan wong cébol angungkuli arga/ mbok limaran tenunané/ gringsing wayang puniku/ sentèg pisan gya anguwisi/ sentèg pindho gya nigas/ kalawan si lumpuh/ kabaré ngideri jagad/ damar murub tanpa sumbu lawan malih/ ron ijo tanpa wreksa//
Cuma sekali makan kenyang selamanya/ orang cebol melebihi tinggi gunung/ tenunannya mbok limaran/ itu batik gringsing wayang/ menghentakkan sekali selesai/ menghentakkan kedua langsung jadi/ serta orang lumpuh/ mampu mengelilingi dunia/ lampu bisa menyala tanpa sumbu/ daun hijau tanpa pohon//
6. Lawan ngangsu apikulan warih/ nyumet geni sarwi adedamar/ kodhok angemuli lèngé/ warangka manjing dhuwung/ lan parahu ngemot jaladri/ kuda ngerap pandengan/ lan tigan kaluruk/ tapaké kuntul ngalayang/ kakang barep adhiné wuragil nenggih/ pancuran tanpa tlaga//
Mengambil air pikulan air/ menyalakan api dengan lampu/ katak menyelimuti liangnya/ sarung keris masuk ke dalam keris/ perahu memuat laut/ kuda lari dalam kandang/ telur berkokok/ tapak kaki bangau bisa terbang/ kakak yang tertua adik yang termuda/ pancuran tanpa telaga//
7. Kados pundi kula nuwun uning/ kajarwakna ing wejanganira/ Sèh Ngabdulsalam wuwusé/ iku sasmita agung/ kang micara kitab sanusi/ bumi pinendhem lemah/ jasad sira kulup/ sayekti pinendhem karsa/ ingkang darbé karsa rupanira sami/ yekti/ yekti/ yekti nora sulaya// / yekti
Bagaimana saya ingin tahu artinya/ diterangkan dalam nasehatnya/ Seh Abdulsalam mengatakan/ itu sebuah tanda besar/ yang terdapat dalam Kitab Sanusi/ bumi dipendam dalam tanah/ itu jasadmu sesungguhnya/ dipendam dalam keinginan/ yang punya keinginanmu sekalian/ sesungguhnya tidak berbeda//
8. Déné banyu kinum jroning warih/ sejatiné iku uripira/ kendhih ing kitab uripé/ sipat urip puniku/ tan sulaya warnanya sami/ geni tinunu ika/ rupanira kulup/ kendhih rupaning wasésa/ luwih éwuh srengéngé dènpé puniki/ ya rasaning kawula//
Adapun air direndam dalam air/ sesungguhnya hidupmu/ kalah dalam kitab hidup/ sifat hidup itu/ tak ada beda sama warna/ api yang dibakar itu/ perumpamaan wajahmu nak/ kalah pada wajah Tuhan/ lebih sulit lagi matahari yang dijemur ini/ yaitu perasaan hamba//
9. Yekti kendhih ing rasa sejati/ barang kendhih ing pepanas/ tigan kaluruk tegesé/ yèn sira nora muwus/ langkung ramé sajroning ati/ lanjarlanjarlanjarlanjar dèrèng akrama/ wong kang alim kulup/ wus wruh kitab kathah-kathah/ dèrèng weruh marang sampurnaning pati/ purwa madya wekasan//
Sesungguhnya kalah pada rasa sejati/ bagi yang kalah pada panas/ telur berkokok artinya/ kalau kamu tidak berkata/ lebih ramai dalam hati/ janda belum menikah/ itu orang yang alim nak/ sudah belajar banyak kitab/ tidak tahu pada kesempurnaan mati/ awal tengah dan akhir//
10.Déné prawan tansah dèrèng krami/ tegesipun wong Jawa kawignya/ tan bisa maca kitabé/ nanging suluké putus/ mring sasmita kalangkung lantip/ luwar madya wekasan/ wruh surasanipun/ jejaka rabiné papat/ suksma suksma suksma suksma ingkang mulya la
ingkang mulya la ingkang mulya la
ingkang mulya lan adi linuwih/n adi linuwih/n adi linuwih/n adi linuwih/ iku rabiné papat//
Adapun perawan belum menikah/ itu orang Jawa yang pintar/ tidak bisa membaca kitab/ tapi pandai suluk/ pada perlambang lebih pintar/ bebas ditengah dan akhir/ tahu artinya/ perjaka istrinya empat/ jiwa yang mulia dan luhur/ itu istrinya empat//
11.Purba langgeng misésa sakalir/ kang jejuluk napsu mutmainah/ nyawa rahmani arané/ tegesé mangan iku/ saben dina teksih angelih/ iku sembahyangira/ yèn sira nora wruh/ marang wewengkoning salat/ makripaté mangan sapisan maregi/ wareg slawasing gesang//
Dat abadi yang menguasai semua/ bernama napsu mutmainah/ nyawa rahmani sebutannya/ artinya makan itu/ tiap hari masih lapar/ sebetulnya salat kamu/ jika kamu tidak mengetahui/ pada makna salat/ makrifatnya itu makan sekali membuat kenyang/ kenyang selama hidup//
12.Sira yèn wus bisa salat kaji/ wus katingal jroning pancamaya/ pasthi wareg salawasé/ cébol ngungkuli gunung/ andhegena aywa ginupit/ tegesé mbok limaran/ gringsing wayang iku/ sentèg pisan nulya pisan/ sentèg pindho anigas napas siréki/ manjing pindhoné medal//
Jika kamu sudah bisa salat haji/ sudah terlihat isinya lima bayangan/ pasti kenyang selamanya/ cebol yang mengungguli gunung/ hentikan jangan digubah/ yang dimaksud mbok limaran/ berbatik gringsing wayang/ menyentak sekali lalu selesai/ menyentak kedua memutus nafasmu/ masuk kedua lalu keluar//
13.Déné lumpuh angideri bumi/ yèn aturu yektiné supena/ weruh negara doh-adoh/ tegesé damar murub/ tanpa sumbu puniku kaki/ Dat mutelak katingal/ endi sumbunipun/ taru ijo tanpa wreksa/ tegesipun cahya kang sumrambah kaki/ marang badan sadaya//
Adapun orang lumpuh mengitari bumi/ ketika tidur lalu bermimpi/ melihat negara di segala penjuru/ maksud lampu menyala/ tanpa sumbu itu/ yang terlihat adalah dat mutlak/ dimana sumbunya/ daun hijau tanpa pohon/ artinya cahaya yang menjalar/ ke seluruh tubuhmu//
14.Kekayoné marang insan kamil/ sayektiné pilih kang uninga/ kang kaétung mung nyatané/ ngangsu pikulan banyu/ sejatiné uripirèki/ dadi osiking manah/ ing salaminipun/ dadya Malékat Mukarab/ pangrasané Malaékat Mukarabi/ iya néng awang-awang//
Pengharapan pada insan kamil/ sebetulnya sedikit yang tahu/ yang terhitung adalah kenyataan/ menimba dengan pikul air/ sesungguhnya hidupmu/ jadi penggerak hati/ selamanya/ jadilah malaikat muarab/ kehidupan malaikat muarab/ cuma di angan-angan//
15.Sejatiné pan aneng siréki/ apék geni sarwi adedamar/ ingsun tuturi jatiné/ sira salaminipun/ angulati iman kang suci/ tegesé iman mulya/ insan kamil iku/ pan wus tetep anéng sira/ déné kodhok angemuli lèngé kaki/ kodhoké jasadira//
Sesungguhnya ada pada kalian/ mencari api dengan lampunya/ saya ceritakan sesungguhnya/ kamu selamanya/ melihat iman suci/ yaitu iman mulia/ insan kamil itu/ karena sudah menyatu dalam dirimu/ adapun katak menyelimuti liangnya/ yang menjadi katak jasadmu //
16.Elèngipun Muhammad akiki/ déné wrangka kang manjing curiga/ ingsun tuturi jatiné/ kala sira manekung/ amaladi samadi ening/ tegesé bangsa rangka/ jasadira kulup/ kerisé isining raga/ yèn wus kamil dènira semadi ening/ pasthi salin dadaran//
Liangnya itu Muhammad hakiki/ adapun sarung keris yang masuk dalam keris/ saya ceritakan sesungguhnya/ ketika kamu berdoa/ mengheningkan cipta/ artinya sarung keris/ itu badanmu/ kerisnya berisi badan/ jika sudah sempurna sewaktu kau mengheningkan cipta/ pasti berganti ujian//
17.Déné prau angemot jaladri/ baitané iku jasadira/ insan kamil segarané/segarané/segarané/segarané/ kuda ngrap tegesipun/ ing pandengan ingsun jarwani/ tegesé kéhing rasa/ rasa kang pinunjul/ rasa Jawa rasa Arab/ pandengané yekti marang insan kamil/ iku purwaning rasa//
Adapun perahu memuat air laut/ perahu itu ragamu/ insan kamil lautnya/ kuda lari kencang artinya/ dalam kandang saya jelaskan/ artinya banyaknya rasa/ yang utama/ rasa Jawa dan Arab/ ibaratnya pada insan kamil/ itu asalnya rasa//.
18.Tapaké kontul nglayang puniki/ tegesipun dènira anglayang/ nora arah nora enggon/ tan rupa warna iku/ ulatana tapakiréki/ insan kamil punika/ taraké kang tuhu/ kang kakang barep punika/ pambarepé kang aran nyawa rahmani/ iku ratuning nyawa//
Tapak kaki bangau yang terbang itu/ sesungguhnya saat kamu terbang/ tanpa arah tanpa tempat/ tanpa rupa itu/ lihatlah telapakmu ini/ insan kamil itu/ sinarnya yang nyata/ kakak tertua itu/ tertuanya disebut nyawa rahmani/ yaitu rajanya nyawa//
19.Kakangané yekti neptu gaib/ kang pinandeng jroning lapal Akbar/ iku awasena radèn/ wuragil adhinipun/ wuragilé nyawa nabati/ adhinipun amira/ tegesipun pancur/ ingkang datanpa telaga/ uripira telagané iku kaki/ iku Srinataningrat//
Kakaknya sesungguhnya lahirnya yang gaib/ yang dilihat dalam bunyi akbar/ itu amatilah raden/ adiknya termuda/ adiknya itu nyawa nabati/ adiknya berbilang/ arti air pancuran/ yang diterima telaga/ hidupmu itu adalah ibarat telaga/ itulah sang raja//
PUPUH IV PUPUH IV PUPUH IV PUPUH IV S S S S IIII NNN ONOOO MMM M
1. Tapaké kontul ngelayang/ iku sejatiné santri/ angaji mring Surabaya/ amrih sampurnaning pati/ yèn sira angrasani/ ngélmu rasa kang pinunjul/ teka wedi misésa/ dinalih yèn ngélmu singkir/ iya iku polahé ajrih ing udan//
Jejak burung bangau terbang/ itu sebenarnya santri/ belajar di Surabaya/ agar memperoleh kesempurnaan kematian/ jika kamu membicarakan/ ilmu rasa yang unggul/ langsung takut pada yang maha menguasai/ disangka kalau ilmu sihir/ itu tandanya takut pada hujan//
2. Rahadèn Suryasasmita/ branténg tyas nawang nampani/ tingal karacut sadaya/ nulya pamit mintar aglis/ wonten ariné malih/ Purwakusuma jejuluk/ prajané Madyantara/ semana rahadyan pekik/ kéwran ing tyas kitabé MurabsaidnyaMurabsaidnyaMurabsaidnyaMurabsaidnya//
Raden Suryasasmita/ gembira hati menerima/ semua sudah dikuasai / segera pamit pergi/ ada lagi adiknya/ Purwakusuma namanya/ kerajaannya di Madyantara/ ketika itu raden yang tampan/ sedang bingung mengerti kitab Murabsaid//
3. Ing wanci pukul sadasa/ nulya rahadyan lumaris/ umarekumarekumarekumarek marang ing rama/ datan kawarna ing margi/ Kabuwanan wus prapti/ sang tapa anuju lungguh/ rahadyan sigra prapta/ sang tapa ngandika aris/ anak ingsun dèn-kapareng ingkang arsa//
Pukul sepuluh /segera raden berjalan pelan/ menghadap pada ayahnya/ tidak diceritakan di jalan/ sudah sampai di Kabuwanan/ Sang Tapa sedang duduk/ putranya segera datang/ sang pertapa berkata pelan/ anakku silahkan mendekat//
4. Rahadyan gya awotsekar/ matur mring rama sang yogi/ rama kawula miyarsa/ Kitab Masailah nenggih/ kathah kang mungel tulis/ jroning Kitab
Sualipun/ awit rukuning Islam/ kawula dèrèng udani/ myang parluné kang rama aris ngandika//
Raden Purwakusuma segera menghormat/ bicara pada ayah sang guru/ ayah saya mengetahui/ Kitab Masailah itu/ banyak yang dibicarakan/ dalam kitab pertanyaannya/ tentang rukun Islam/ hamba belum mengerti/ serta kegunaannya/ sang ayah pelan berkata//
5. Déné pikukuhing Islam/ lelima kathahiréki/ ingkang dhingin iku sadat/ salat ingkang kaping kalih/ ping tiga jakatjakatjakatjakat nenggih/ pasa Ramelan puniku/ iku kaping sakawan/ kaping lima munggah kaji/ tegesipun sadat kang pasthi sapisan//
Adapun rukun Islam/ berjumlah lima/ pertama itu membaca sahadat/ yang kedua salat/ ketiga itu zakat/ puasa ramadhan itu /itu yang keempat/ kelima naik haji/ maksudnya sahadat yang pertama//
6. Dudu sadat ing wawacan/ rupané sadat kang pasthi/ iku sira ulatana/ kang jejuluk insan kamil/ Lintang Johar raneki/ jroning Johar iku Rasul/ yèn sira tan uninga/ sahadat kang pasthi yakin/ sayektiné durung bisa maca sadat//
Bukanlah sekedar bacaan sahadat/ wujudnya syahadat yang pasti/ itu kamu amatilah/ yang disebut insan kamil/ bintang kejora namanya/ di dalam kejora itu rasul/ kalau kamu belum tahu/ yakin sahadat itu/ sesungguhnya belum bisa membaca sahadat//
7. Wekasané durung Islam/ déné ingkang kaping kalih/ iku jenenging asalat/ sakawan kathahiréki/ wus ta ingkang rumiyin/ salat saréngat panutup/ dakim salat tarékat/ déné salat ismualim/ sajatiné ingaran salat kakékat// Akhirnya belum Islam/ adapun yang kedua/ itu yang dinamakan salat/ jumlahnya ada empat/ yang dahulu kali/ salat syariat penutup/ daim salat tarekat/ salat ismualim/ sesungguhnya itu salat hakekat//
8. Salat kaji tegesira/ salaté makripat ening/ yèn sira wis bisa misah/ mring béda-bédaning tunggal/ iku sampurna jati/ yèn sira durung wruh iku/ angur baya turona/ ping tiga wéh jakat iki/ tegesipun aloma sariranira// Salat haji artinya/ salatnya makripat rohani/ jika kamu mampu memisahkan/ perbedaan dalam kesatuan/ itu sudah sempurna / jika kamu
belum tahu/ lebih baik tidur saja/ yang ketiga memberi zakat/ artinya kemurahanmu//
9. Artiné wong bangsa loma/ yèn turu bisaa mati/ yèn kaésthi atangia/ nembaha marang Hyang Widhi/ kang aran salat kaji/ lakokna sajroning dalu/ iku tandha yèn loma/ puasa Ramelan kaki/ sun jarwani tegesé pasa Ramelan//
Artinya orang pemurah itu/ jika kamu tidur seperti mati/ namun jika niat tentu bisa bangun/ berdoalah pada Tuhan/ yang namanya salat haji itu/ lakukan pada malam hari/ itulah tanda orang pemurah/ puasa ramadhan itu/ saya jelaskan arti puasa ramadhan//
10.Nadyan pasa saben dina/ yèn sira arsa semédi/ marang ing lalétul kodar/ kang jejuluk roh ilapi/ kerumin alpisahri/ warna ingkang luwih bagus/ iku dipunwaspada/ kaping lima munggah kaji/ iya marang sajeroné ing Bétolah//
Meski kamu tiap hari puasa/ jika kamu ingin bersemedi/ pada lailatul qodar/ yang disebut roh ilafi/ karumin alfisahri/ wujud yang lebih bagus/ maka hati-hatilah/ kelima yaitu naik haji/ yaitu di dalam baitullah//
11.Sing sapa wongé amunggah/ ing Betolah iku kaki/ aningali Ajar Aswat/ dadi ilang dosanéki/ lan malih sun jarwani/ rukuné sadat puniku/ iya patang prakara/ tasdik taklim kurmat iki/ lan tilawat bangsa tasdik tegesira//
Siapa saja yang naik/ ke rumah Tuhan itu nak/ jika melihat Hajar Aswat/ jadi hilanglah dosamu/ dan saya terangkan lagi/ rukun sahadat itu/ ada empat perkara/ tasdik taklim hormat/ dan bertilawah tasdik itu maksudnya//
12.Tasdik angestokken uga/ marang Pangèran kang luwih/ ping kalih mring rupa-rupa/ yèn ngrungu tuwin ningali/ émuta ismualim/ bangsa taklim tegesipun/ ngegungken ing Pangèran/ aja sira ngrasa jati/ lan malihé ngegungena ngélmu dira//
Tasdik juga berbakti/ pada Tuhan/ kedua hal yang beraneka macam/ jika mendengar dan melihat/ ingatlah pada ismualim/ taklim berarti/ mengagungkan nama Tuhan/ janganlah kamu merasa benar/ dan lagi mengagungkan kepandaianmu//
13.Ping tiga ingaran kurmat/ tegesé kurmat puniki/ memulé ing ngélmunira/ ping kalih marang Hyang Widhi/ yèn rerasaning ngélmi/ iya becik enggonipun/ wong memulé Hyang Suksma/ aja pegat dhikir ati/ barang tingkah aja lali mring kang murba//
Ketiga disebut hormat/ arti hormat itu/ memuliakan ilmu kamu/ kedua pada Tuhan/ jika berbicara mengenai ilmu/ juga baik tempatnya/ orang yang memuliakan Tuhan/ jangan berhenti untuk selalu zikir/ segala tindakan jangan lupa pada Tuhan yang maha kuasa//
14.Ping sakawan tilawat/ manut mareng kanjeng nabi/ iku lakuné saréngat/ aja sira nyulayani/ yèn sira nyulayani/ yekti rusak ngélmunipun/ rahadyan matur nembah/ kawula umatur malih/ nyuwun jarwa bédané iman lan Islam//
Yang keempat tilawah/ patuh pada nabi/ itulah jalannya syariat/ janganlah kamu menyimpang/ sebab jika kamu menyimpang/ ilmu kamu sungguh rusak/ raden menghormat/ saya bertanya lagi/ minta diterangkan perbedaan iman dan Islam//
15.Yèn pisah pundi kang pisah/ tuwin yèn nunggila nenggih/ ngandika Sèh Ngabdulsalam/ sarwi gumujeng aririh/ tegesé iman niki/ rong prakara kathahipun/ dhingin iman tarékat/ iman makripat ping kalih/ sun jarwajarwajarwa jarwa dunungé satunggal-satunggal//
Jika berbeda mana perbedaannya/ dan sebaliknya jika bersatu/ Seh Abdulsalam berkata/ sambil tertawa pelan/ artinya iman/ ada dua perkara jumlahnya/ pertama iman tarekat/ kedua iman makripat/ saya jelaskan asalnya satu persatu//
16.Tegesé iman tarékat/ sajroning Darusalami/ yaiku ratuning barang/ jejuluknya wa rahmani/ yaiku iman tasdik/ anama ikral kang lungguh/ ing nagri Darusalam/ iku kawruhana kaki/ yèn tan wruha sira iku durung Islam//
Iman tarekat berarti/ di dalam Darusalam/ ada rajanya semua/ disebut warahmani/ yaitu iman tasdik/ bernama ikral yang berada/ di negeri Darusalam/ itu mengertilah kamu/ jika tidak tahu berarti belum Islam//
17.Tegesé iman makripat/ kang jejuluk insan kamil/ kang adhaton Bandarulah/ iku sira dèn-patitis/ yèn sira tan ngawruhi/ iman rong prakara iku/ dadi kéblating salat/ kang pinandeng jroning takbir/ lungguhipun kang lapal Allahu Akbar//
Maksudnya iman makripat/ disebut insan kamil/ yang menghuni Bandarullah/ hendaknya kamu yang teliti/ sebab jika tidak tahu/ dua perkara iman/ yang menjadi kiblatnya salat/ yang terdapat dalam takbir/ tempatnya yang berbunyi Allahu Akbar//
18.Tegesé kang aran Islam/ wicara kitab Juwahir/ al islamu lapalira/ pan antaslimu Illahi/ maknané sun jarwani/ utawi Islam puniku/ yektiné pasrah jiwa/ raganira iku kaki/ marang Allah kang amurba kang masésa//
Artinya yang dinamakan Islam/ menurut kitab Juwahir/ bunyinya al Islamu/ antaslimu Illahu/ saya terangkan maksudnya/ atau Islam itu/ sesungguhnya berserah diri jiwa/ ragamu itu nak/ kepada Tuhan yang menguasai segalanya//
19.Pasrah polah lawan tingkah/ yèn ngrungu tuwin ningali/ muni meneng lawan muna/ saking ati ngrasa takbir/ ngrasaa yèn kebalik/ barang polah tingkahipun/ mokal yèn mangkonoa/ nanging sajatiné yekti/ tingkahira kakanthèn tan pisah sira//
Berserah diri tingkah laku/ jika mendengar dan melihat/ diam dan bicara/ sesungguhnya dalam hati mengucapkan takbir/ merasalah kalau terbalik/ segala tingkah lakumu/ mustahil kalau begitu/ namun sesungguhnya/ tingkah lakumu ujudnya tidak bisa kamu pisahkan//
PUPUH V PUPUH V PUPUH V PUPUH V KINANTHI KINANTHIKINANTHI KINANTHI
1. Sang tapa malih amuwus/ iku rasakena kaki/ rahadyan matur sandika/ mundur sarwi nuwun pamit/ putra sangking parikanan/ marek ing rama sang yogi//
Sang Tapa berkata lagi/ rasakanlah nak/ sang raden mengiyakan/ mundur mohon pamit/ lalu putra dari Parikanan/ mendekat pada Seh Abdulsalam//
2. Sèh Ngabdulsalam amuwus/ radèn dika pareng ngarsi/ radèn majeng awot sekar/ sang tapa ngandika aris/ kulup apa karsanira/ énjang-énjang prapténg ngriki//
Seh Abdulsalam berkata/ kamu silahkan mendekat/ raden mendekat/ sang guru berkata lembut/ nak apa keinginanmu/ pagi-pagi datang kesini//
3. Kang putra aris umatur/ kula rama wau latri/ adolan marang padésan/ wonten sujalma satunggal/ kalangkung kabisanira/ kawula dipuntakéni// Sang putra lembut berkata/ saya semalam/ bermain ke pedesaan/ ada seseorang/ sangat pandai/ saya ditanya//
4. Makaten pitakénipun/ sipat ingkang kalih dési/ pisah kumpulé punika/ tuwin dunungé néng ragi/ kang rama aris ngandika/ mengko sira sun tuturi//
Begini pertanyaannya/ sifat duapuluh/ pisah dan kumpulnya itu/ serta asalnya dari badan/ sang rama lembut bicara/ nanti saya jelaskan//
5. Déné sipat kang rong puluh/ wujud kidam baka iki/ myang lilkawadisi ika/ wakiyamu binapsihi/ wahdaniyatwahdaniyatwahdaniyatwahdaniyat lawan kodrat/ iradat ngélmu kayati// Adapun sifat duapuluh itu/ Wujud kidam baka/ serta lil hawadisi/ kiyamuhu binafsihi/ Wahdaniyat dan kodrat/ iradat ilmu dan hayat//
6. Samak basar kalam iku/ kodiran lan muridani/ ngaliman kayan samingan/ basiran mutakalimi/ sampun jangkep kalih dasa/ sun cendhakké baé kaki//
Sama’ Basar kalam itu/ kodiran dan muridan/ al iman kayan sami’an/ basiran muta’aliman/ saya pendekkan saja//
7. Wujud dadi badan alus/ kodam jisim baka daging/ lillillillil kawadisikawadisikawadisikawadisi menika/ dadi ototira kaki/ wakiyamu binapsihya/ dadi getih warni-wani//
Wujud itu badan halus/ kodam badanmu baka itu daging/ lil hawadisi adalah ototnya/ kiyamuhu binafsihi/ adalah darah yang berwarna//
8. Wahdaniyat dadi balung/ kodrat budinira kaki/ iradat karep kang nyata/ ngélmu sikilira nenggih/ kayat ati sir punika/ samak limpanira kaki//
Wahdaniyat jadi tulang/ kodrat itu budimu/ iradat keinginan yang nyata/ ilmu itu kakimu/ hayat menjadi bagian hati/ sama’ adalah limpanya//
9. Basar pusuh kalam jantung/ kodiran kaketeg néki/ muridan gaginjelira/ ngaliman atimu yekti/ kayan getih putih iya/ samingan getih kang kuning// Basar itu hati kalam itu jantung/ kadiran itu detak jantungnya/ muridan itu ginjal/ al iman itu hati/ kayan itu darah putih/ sami’an itu darah kuning// 10.Basiran iku dumunung/ getih ingkang ijo kaki/ mutaaliman punika/ dadi
ilatira kaki/ wus kumpul sakèhing sipat/ kabèh dumunung néng ragi// Basiran itu tempatnya/ darah berwarna hijau/ mutaaliman itu/ menjadi lidahmu/ sudah kumpul semua sifatnya/ semuanya berada di dalam badan//
11.Déné sipat kang rong puluh/ kumpul dadi catur nenggih/ kang dhingin sipat napsiyah/ sipat salbiyah ping kalih/ sipat mangani ping tiga/ kaping pat makna wiyati//
Adapun sifat duapuluh itu/ dikumpulkan menjadi empat/ pertama sifat napsiah/ kedua sifat salbiah/ ketiga sifat mangani/ keempat maknawiyah// 12.Sun jarwani pencaripun/ dumukané siji-siji/ sipat napsiyah punika/ wujud
ingkang anduwéni/ salbiyah duwé lelima/ kidam baka kawadisi//
Saya jelaskan uraiannya/ dirinci satu persatu/ sifat napsiah itu/ yang punya wujud/ salbiah punya lima/ yaitu kidam baka lil hawadisi//
13.Kaping paté wakiyamu/ ping lima wakdaniyati/ mangani pitu kathahnya/ kodrat iradat lan ngélmi/ kayat samak basir kalam/ iku jangkep kasaptéki// Keempat itu kiyamuhu binafsihi/ kelima itu Wahdaniyat/ mangani banyaknya tujuh/ kodrat iradat dan ilmu/ hayat sama’ Basar kalam/ genap tujuh jumlahnya//
14.Maknawiyah duwé pitu/ kodiran lan muridani/ ngaliman kayan samingan/ basiran mutakalimi/ ana déné sipat papat/ riningkes dadi kekalih//
Maknawiah punya tujuh/ kodiran dan muridan/ al iman kayan dan sami’an/ basiran mutaaliman/ adapun sifat keempat/ diringkas jadi dua// 15.Istipar Istikna iku/ sajatiné sun jarwani/ tegesé bangsa istipar/ kang
anembah kang amuji/ déné kang aran istikna/ kang sinembah kang pinuji//
Istigfar an istiqna/ sesungguhnya saya jelaskan/ yang dimaksud istigfar/ yaitu yang menyembah dan memuji/ adapun istiqna itu/ yang disembah dan dipuji//
16.Déné sipat loroloroloroloro iku/ riningkes dadi sawiji/ iya anéng jisim wahdat/jisim wahdat/jisim wahdat/jisim wahdat/ lapal Allah dadi néki/ iku sira kawruhana/ sakawan kurupé singgih//
Adapun kedua sifat itu/ diringkas jadi satu/ yang ada dalam badan kasar/ menjadi bunyi Allah/ hendaknya kamu ketahui/ empat huruf yang mulia// 17.Papat dumunung siréki/ alip dadi insan kamil/ lam awal dadi adiyat//// lam
akir wakdal puniki/ èhé dadi wakidiyat/ ana malih kang ginupit//
Keempat asalmu itu/ alif adalah insan kamil/ lam awal jadi akhadiyat/ lam akhir jadi wahdal/ huruf ha jadi wahadiyat/ ada lagi yang digubah//
18.Sipat sakawan puniku/ jalal jamal kamal iku/ kaping paté sipat kahar/ jalal dadi aksara lip/ jamal dadi lam kang awal/ kamal dadi lam kang akir// Sifat empat itu/ yaitu jalal jamal kamal/ yang keempat itu kahar/ jalall jadi huruf alif/ jamal jadi huruf lam awal/ kamal jadi lam akhir//
19.Déné sipat kahar iku/ kurup èhé dadinéki/ yèn sira nora weruha/ kurup kang mangkono kaki/ durung weruh ing uripnya/ yèn weruh rasané manis//
Adapun sifat kahar itu/ menjadi huruf ha/ jika tidak tahu/ huruf seperti itu/ belum tahu hidupnya/ jika tahu sungguh manis rasanya//
PUPUH VI PUPUH VI PUPUH VI PUPUH VI DHANDHANGGULA DHANDHANGGULADHANDHANGGULA DHANDHANGGULA
1. Iku kaki poma dèn-patitis/ surasané sipat kalih dasa/ dadi uripira kabèh/ Radèn kalangkung nuwun/ mundur saking ngarsa sang yogi/ wonten putra satunggal/ langkung wasisipun/ ingkang wisma sing gapura/ majeng marek sang tapa ngandika aris/ radèn sira lungguha//
Itu tadi harap dimengerti/ makna sifat dua puluh itu/ menjadi pedoman hidup kalian semua/ sang raden berterima kasih/ mundur dari hadapan gurunya/ ada seorang putra/ lebih pandai/ yang tinggal di Gapura/ maju menghadap ki Seh berkata lembut/ duduklah kamu nak//
2. Radèn kang srah majeng awotsari/ mring sang kiyai Sèh Ngabdulsalam/ melas asih ing aturé/ rama kawula matur/ tuduhena rasaning ngélmi/ saréngat lan tarékat/ kakékat makripat/kakékat makripat/kakékat makripat/ yèn béda pundi bédanya/ tuwin kakékat makripat/ tunggil sang tapa ngandika aris/ dhingin ngélmu tarékat//
Raden maju dengan pelan/ menghadap Seh Abdulsalam/ halus tutur katanya/ ayah hamba yang berbicara/ tunjukkan maknanya ilmu/ syariat tarekat/ hakekat dan makripatnya/ kalau beda dimana letak perbedaannya/ Sang Tapa pelan berujar/ yang pertama itu ilmu tarekat// 3. Sun jarwani caritané kaki/ kitab usul ingkang amicara/ tarékat iku arané/
mangarep anapsahu/ wahdawahdawahdawahdat ngaran pra bahu singgih/ sapa wruh ing awaknya/ temen-temen weruh/ marang kang murba misésa/ wiwitané saking asalira kaki/ kang nembelas prakara//
Saya jelaskan ceritanya/ dari kitab asal yang mengatakan/ tarekat itu sebutannya/ di depan nafsunya/ wahdat dinamakan derajat yang mulia/ siapa yang tahu terhadap badannya/ benar-benar tahu/ pada yang menguasai dunia/ asalnya dari diri kamu/ yang enam belas perkara// 4. Kang kariyin iku bangsa jisim/ asalipun saking wahidiyat/ wewolu iku
kathahé/ saking bapa karuhun/ pan sakawan kathahiréki/ otot bebalung iya/ wulu lawan sungsum/ saking biyung kulitira/ getih daging sakawan jeroan singgih/ jangkep wolung prakara//
Pertama itu adalah raga/ berasal dari wakidiyat/ ada delapan jumlahnya/ dari bapaknya/ ada empat jumlahnya/ yaitu otot tulang/ rambut dan
sumsum/ dari ibu kulitnya/ darah daging dan organ dalam/ lengkap jumlahnya delapan//
5. Ana déné gegawaning Widhi/ kathahipun pan wolung prakara/ sing wahdat iku asalé/ ngalam insan jejuluk/ suksma purba ingkang rumiyin/ dadi pikir kang nyata/ lungguhira iku/ adarbé lapal satunggal/ aran napsu luamah pinurwa malih/ kang aran suksma purba//
Adapun bawaan dari Tuhan/ ada delapan perkara/ yang wahdat itu asalnya/ disebut alam insan/ pertama sukma purba/ menjadi akal yang nyata/ kedudukannya itu/ mempunyai satu ucapan/ disebut nafsu luamah dimulai lagi/ juga dinamakan jiwa yang awal//
6. Ajejuluk Jeng Iman Kanapi/ kala madhep marang ing Bétolah/ loring ngebét ing wismané/ yekti madhep mangidul/ dina Wagé ingkang darbéni/ ireng rupané nyata/ yèn adéwa kulup/ Bathara Wisnu ranira/ apan dadi iya Malaékat bumi/ yèn ingutus Hyang Suksma//
Dinamakan Iman Hanafi/ ketika menghadap ke Baitullah/ letaknya di sebelah utara/ sungguh menghadap selatan/ hari Wage yang punya/ warnanya hitam/ jika dewa kamu/ bernama dewa Wisnu/ menjadi malaikat bumi/ yang diperintah oleh Tuhan//
7. Ajejuluk ati Jabarail/ kala anéng sajroning kadatyan/ Hyang Suksma Murba arané/ pan duwé pintu agung/ kala miyos angemban kapti/ jatiné ingkang lawang/ tutukira kulup/ saking ngriku wedalira/ lamun sira angucap basa kang becik/ sangkané saking purba//
Dinamakan hati Jibril/ ketika ada dalam istana/ sebutannya adalah yang Maha Menguasai/ yang punya pintu agung/ saat lewat mengemban kehendak/ sesugguhnya pintu itu/ adalah mulut kamu/ dari situlah keluarnya/ jika kamu berbicara hal yang baik/ itu asalnya dari jiwa//
8. Lamun sira muwus ala kaki/ iya iku saking baturira/ kang aran Luamah mangké/ nenggih karemanipun/ Ki Luamah turu lan bukti/ srengen myang reruntikan/ sakaremanipun/ nanggulang mring kabecikan/ mung karemé sabarang kang dadi runtik/ andadra ngombra- ambra//
Jika ucapanmu buruk/ asalnya dari pembantumu/ yaitu dinamakan luamah/ yaitu kesukaannya/ hanya tidur dan makan/ marah dan sakit hati/
kesukaannya/ menghalangi kebaikan/ kegemarannya hal yang mengakibatkan amarah/ maka akan menjadi-jadi//
9. Ana déné ingkang kaping kalih/ suksma langgeng iku aranira/ dadi akalira anggér/ alungguh anéng ngriku/ yèn imana Iman Maliki/ wisma sakulon Kakbah/
Kakbah/ Kakbah/
Kakbah/ yèn déwaa kulup/ ingaran Sang Kamajaya/ apan kuning dina Pon ingkang marengi/ kala ngemban paréntah//
Adapun yang kedua/ dinamakan sukma langgeng/ menjadi akalmu/ duduk di situ/ diibaratkan iman maliki/ tempatnya disebelah barat kabah/ jika itu dewamu/ dinamakan dewa Kamajaya/ warnanya kuning dan kebetulan harinya Pon/ ketika menjalankan perintah//
10.Ajejuluk Malékat Mikail/Mikail/Mikail/Mikail/ apan dadi malaékat toya/ darbé bala satunggalé/ amarah namanipun/ andarbéni pintu anenggih/ iya ing kupingira/ artiné pangrungu/ sun jarwani iku uga/ basa kang ala lawan basa kang becik/ suksma langgeng kang tampa//
Dinamakan Malaikat Mikail/ jadi malaikat air/ punya teman satu/ bernama amarah/ mempunyai pintu/ yaitu ada di telingamu/ artinya kalau mendengar/ saya jelaskan itu juga/ hal yang buruk maupun baik / yang menerima itu sukma langgeng//
11.Ki Amarah tan purun nampani/ yèn angrungu marang kabecikan/ milih ingkang ala baé/ ingkang basa tan patut/ sayektiné kang dènkaremi/ remenéki amarah/ ngumpet nora purun/ nanggulang mring kabecikan/ mung karemé cipta kang sajroning ati/ mrih wuru kang lalakyan//
Ki amarah tidak mau menerima/ jika mendengar hal yang baik/ lebih memilih yang buruk saja/ ucapan yang tidak patut/ justru jadi kesukaannya/ kesukaannya nafsu amarah/ yaitu tidak mau sembunyi/ senang menghalangi hal yang baik/ kesenangannya membujuk hati/ untuk mabuk pada hal-hal yang mentah//
12.Kaping tiga kawuwusa malih/ ingkang mijil saking alam insan/ suksma wasésa arané/ budinira satuhu/ ingaranan wasésa kaki/ ing ngriku lungguhira/ yèn imana kulup/ Iman Kambali ranira/ dina Paing abang rupanira nenggih/ kala ngemban paréntah//
Saya terangkan lagi yang ketiga/ yang keluar dari alam insan/ sebutannya sukma wasesa/ sesungguhnya budimu/ dinamakan wasesa/ sebab disitu
tempatnya/ jika imannya/ Iman Hambali namanya/ harinya Pahing warnanya merah/ ketika menjalankan perintah//
13.Ajejuluk Malékat Ngisrapil/ rikala sajroning kadhatiyan/ suksma wasésa arané/ malékat angin putus/ andarbéni pintu anenggih/ iya paningalira/ palawanganipun/ saking ngriku wedalira/ lamun sira ningali basa kang becik/ wasésa ingkang tampa//
Dinamakan malaikat Israfil/ ketika di dalam istana/ disebut sukma wasesa/ malaikat ahli Angin/ mempunyai pintu/ yaitu penglihatanmu/ sebagai pintunya/ disitulah tempat keluarnya/ jika kamu melihat hal yang baik/ yang menerima sukma wasesa//
14.Ki Supiyah yekti datan apti/ yèn ningali maring kabecikan/ milih ingkang ala baé/ nenggih karemanipun/ Ki Supiyah ingsun jarwani/ sakéhing pepéngénan/
pepéngénan/ pepéngénan/
pepéngénan/ panasten puniku/ panas baran lakunira/ ambuntoni marang ati ingkang becik/ marang ing kawaspadan//
Ki Supiyah Sungguh tidak mengkehendaki/ jika melihat sesuatu yang baik/ memilih hal yang buruk/ sungguh kesukaannya/ Ki Supiyah saya terangkan/ segala keinginannya/ suka marah/ gampang marah tingkahnya/ menyumbat hati yang baik/ pada kewaspadaan//
15.Déné ingkang kaping catur nenggih/ suksma luhur ingkang dadi iman/ pan ing ngriku kadhatoné/ kakasihé Hyang Agung/ ajejuluknya dharah mani/ iku retuning nyawa/ pepatih satuhu/ pan ingaken rasaning Dat/ kang misésa sakéhing kang wadya alit/ mila ingaran iman//
Adapun yang keempat yaitu/ sukma luhur jadi iman/ karena di situ istananya/ kekasih Tuhan/ bernama darah mani/ itu intinya nyawa/ wakil sesungguhnya/ karena disuruh intinya Dat/ yang menguasai rakyat kecil/ maka dinamakan iman//
16.Yèn ingaran déwaa ta kaki/ Mahadéwa Legi dinanira/ aputih iku rupané/ dina Legi dumunung/ ngalim aran Ngijrail nenggih/ bénjang dinten kiyamat/ amundhuti gupuh/ mring sakéhing nyawa suksma/ ingkang anèng jroning ati jiwa jisim/ kang nyampurnakken raga//
Kalau dinamakan dewa itu/ Mahadewa harinya Legi/ warnanya itu putih/ asalnya hari Legi/ yang alim namanya Ijrail/ nanti pada hari kiamat/
mengambil nyawa/ pada kebanyakan nyawa/ yang ada di dalam hati jiwa raga/ yang menyempurnakan raga//
17.Nyawa ingkang aneng kulit daging/ nyawa balung lawan nyawa erah/ nyawa wulu nyawa otot/ pan darbé pintu agung/ ing gerana ingkang sejati/ darbé bala satunggal/ tan sulayèng kayun/ apa karsané kang iman/ mutmainah tan arsa amis lan bacin/ purwa mijiling sastra//
Nyawa yang ada di kulit daging/ nyawa tulang dan nyawa darah/ nyawa rambut nyawa otot/ karena punya pintu yang agung/ di hidung sesungguhnya/ punya satu teman/ tak berbeda dalam tujuan/ apa kehendaknya iman/ mutmainah tidak berasa amis dan bacin/ awal munculnya ajaran//
PUPUH PUPUHPUPUH PUPUH VIIVIIVIIVII
M M M
M IIII JJJJ IIII LLL L
1. Sampun tamat asalira kaki/ tuduh kang mangkono/ tarékaté misih ana malih/ bangsanira tetelu prakawis/ mangké sun jarwani/ wiji-wijinipun// Sudah selesai asalmu nak/ petunjuk yang demikian itu/ tarekatnya masih ada lagi/ seperti itu ada tiga perkara/ nanti saya terangkan/ satu persatu// 2. ingkang dhingin bumi dadi jisim/ déné kang kapindho/ banyu dadi getihira
anggér/ ping teluné iku bangsa angin/ napasira kaki/ tanapas lan nupus// Pertama bumi adalah badan/ adapun yang kedua/ air jadi darah kamu/ ketiga itu angin/ nafasmu nak/ tidak bernafas dan mati//
3. Kaping paté iku bangsa api/ dadi cahyaning wong/ kang sumrambah badanira anggér/ kaping lima nyawaning nabati/ nyawa wulu yekti/ kaping enemipun//
Keempat itu api/ jadi cahaya bagi manusia/ yang menjalar ke tubuhmu/ kelima itu nyawanya kayu / nyawanya rambut sungguh/ yang keenam// 4. Ajejuluk kang nyawa kéwani/ nyawa balunging wong/ kaping pitu rokani
nyawané/ sayektiné dadi nyawa getih/ ping woluné malih/ jasmani ranipun//
Dinamakan nyawa hewani/ nyawanya tulang manusia/ ketujuh nyawa rohani/ sesungguhnya jadi nyawanya darah/ kedelapan lagi/ dinamakan jasmani//
5. Yekti dadi nyawaning kumelip/ ping sanga nakingong/ nyawa rahmani punika rané/ dadi ratuning nyawa sekalir/sekalir/sekalir/sekalir/ ping sadasanéki/ napsani ranipun//
Sesungguhnya jadi nyawa yang berkilau/ kesembilan anakku / nyawa rahmani sebutannya/ menjadi penguasa seluruhnya/ yang kesepuluh/ dinamakan nafsani//
6. Iku dadi nyawaning kang daging/ sawelas kinaot/ nyawa nurani iku arané/ dadi nyawa cahya nyawa pikir/ rolas joharmani/ tan kena winuwus//
Itu jadi nyawanya daging/ kesebelas yang utama/ dinamakan nyawa nurani/ menjadi nyawa cahaya nyawa pikiran/ dua belas adalah joharmani/ tak bisa diterangkan//
7. Ping telulas bumi tapel nenggih/ panggonaning uwong/ lamun mati punika enggoné/ nadyan adoh pasthi dènparani/ tibaning kang bumi/ jalma nuli lampus//
Yang ketiga belas yaitu tanah/ tempat orang/ jika mati itulah tempatnya/ meskipun jauh pasti didatangi/ jatuhnya ke bumi /manusia segera mati// 8. Pan wus telas tarékaté kaki/ iku dènmangertos/ tegesipun tarékaté
anggér/ milang-milang saisining ragi/ poma dèn-patitis/ radèn matur nuwun//
Karena sudah habis tarekatnya/ itu agar dipahami/ maksudnya tarekat nak/ perhatikan seisi badan/ sungguh diteliti/ raden berterima kasih// 9. Kakékaté sun tuturi nenggih/ barang polahing wong/ yèn dulua tuwin
pangrunguné/ aja sira rumangsa ndarbéni/ nadyan rupi-rupi/ ya mangkono iku//
Hakekatnya saya ceritakan lagi/ perilaku manusia/ ketika penglihatan dan pendengarannya/ janganlah kamu merasa memiliki/ meskipun rupa-rupa/ ya begitulah//
10.Ingkang muni Kitab Pat Kulmubin/ uniné katonton/ lamakbudha Ilalah maknané/ nora nana kang sinembah iki/ mung Pangran kang luwih/ kang tunggal pamuwus//
Dalam kitab Pat Kulmubin/ uraiannya terlihat/ maknanya sepadan dengan agama Ilahi/ tidak ada yang disembah/ hanya pada Tuhan/ yang satu perkataan//
11.lamojuda ilalah kang lapil/ manawa rumaos/ nora nana kang mujudken kabèh/ saisining banyu lawan bumi/ sakéh kang kumelip/ datan urip iku// Terwujudlah nama Tuhan/ jika merasa/ tidak ada yang mewujudkan semua/ seisi laut dan bumi/ banyaknya cahaya yang berkilau/ tidak pernah hidup//
12.Nanging Allah ingkang jeneng urip/ kabèh iku layon/ pan wus tamat ngélmu kakékaté/ makripaté sira sun tuturi/ radèn angabekti/ nuwun aturipun//
Hanya Allah yang tetap hidup/ semuanya itu mayat/ karena sudah selesai ilmu hakekat/ saya lanjutkan pada ilmu makripat/ raden menghormat/ minta diterangkan//
13.Basa makripat puniku kaki/ yekti dipunanon/ uripira wiwit wekasané/ ananira iku saka ngendi/ kang dadi rumiyin/ badanmu sakujur//
Makripat itu nak/ harap diketahui/ awal hidupmu sampai matinya/ asalmu itu dari mana/ yang jadi asalnya/ sekujur badanmu//
14.Yèn tan wruha kang dadi rumiyin/ misih angelamong/ durung aran makripat arané/ lan malihé lawan sira urip/ solah muna-muni/ ngendi sangkanipun//
Jika tidak tahu asal muasalnya/ masih gentayangan/ belum dinamakan makripat itu/ dan perubahan hidupmu/ selalu mencaci maki/ dimana datangnya//
15.Apa déné yèn sira ngemasi/ ngendi ingkang enggon/ basa kérat ngendi panggonané/ sejatiné wong kang sampun sidik/ enggon kang sayekti/ Darusalam iku//
Seperti kalau kamu mati/ dimana tempatnya/ dimana tempatnya akherat/ sesungguhnya orang yang sudah diberi petunjuk/ tempat sesungguhnya/ adalah Darusalam//
16.yèn tan wruha Darusalam kaki/ patiné neng lamong/ kelayaban tan weruh enggoné/ layak kawruh sampurnaning pati/ sampurnaning urip/ bingung mendhem pocung//
Jika tidak tahu Darusalam ini/ matinya gentayangan/ berkelana tanpa tahu tempatnya/ perlu ilmu kesempurnaan kematian/ sempurna dalam hidup/ kebingungan mengubur mayat//
PUPUH PUPUH PUPUH PUPUH VIIIVIIIVIII VIII P
P P
P OOO COCCC UUUU NNN GNGGG
1. Radèn kasrah kalangkung padhang tyasipun/ wonten malih prapta/ kang kekutha Ngatas Angin/ ajejuluk Rahadyan Purwagupita//
Raden berserah lebih terang hatinya/ lalu ada lagi yang datang/ yang tinggal di kota Atas Angin/ bernama Raden Purwagupita//
2. Langkung wignya rahadyan warnanya bagus/ putus ing sasmita/ titi tatag tanggon trampil/ datan kéwran nampani préntahing rama//
Sangat pandai juga raden yang tampan/ pandai dalam pertanda/ teliti tegas teguh trampil/ mudah menerima perintah dari ayahnya//
3. Pukul kalih siyang wayahnya pinuju/ gya marekmarekmarekmarek kang rama/ majeng sami mangenjali/ praptèng arsa ngandika Sèh Ngabdulsalam//
Pukul dua siang saat yang dituju/ segera menghadap sang ayah/ maju bersama menyembah/ datang kehadapan Seh Abdulsalam berkata// 4. Apa anggér siyang prapta ngarsaningsun/ rahadyan tur sembah/ rama
kawula miyarsi/ lapalipun kang kitab Makyatumakram//
Ada apa siang ini datang kehadapaanku/ putranya memberi hormat/ saya mohon diberitahu/ ucapannya Kitab Makyatumakram//
5. Wicarané pitung prakawis winuwus/ dat kalawan sipat/ asma apngalira nenggih/ ping pituné iman tokit lan makripat//
Isinya ada tujuh perkara disebutkan/ dat dan sifat/ yaitu asma apngalnya/ yang ketujuh iman tauhid dan makripat//
6. Ingkang pundi dunungé satunggalipun/ kula yun uninga/ sang tapa ngandika aris/ anak ingsun nora kaya yèn bocaha//
Di mana saja letaknya satu persatu/ saya hendaknya diberitahu/ Sang Tapa pelan berkata/ anakku janganlah seperti bocah//
7. Basa edat iku wujudira kulup/ saisining jagad/ ana gedhé ana cilik/ wujudipun ingaranan dat sadaya//
Dat itu sesungguhnya wujudmu/ seisi dunia/ ada besar dan kecil/ wujudnya dinamakan Dat semua //
8. Bangsa sipat ingkang rupanira wujud/ pasthi rupa-rupa/ ana ala ana becik/ ana asor ana unggul ana cendhak//
Sifat yang ujudnya kamu/ pasti berbeda-beda/ ada buruk dan baik/ ada kalah dan menang dan ada pendek//
9. Sining bumi rupa-rupa warnanipun/ wenéh rupa jalma/ pitik iwén kang kumelip/ warna-warna apa déné sato kéwan//
Isi dunia bermacam-macam wujudnya/ apa lagi rupa manusia/ ayam-ayam yang berkilau/ bermacam-macam seperti halnya hewan//
10.Basa asma sayekti jenengé wujud/ sami jenengira/ iku panggawéné sami/ liya jeneng nora sami karyanira//
Asma itu sesungguhnya nama wujud/ namanya sama/ pembuatannya sama/ beda nama tidak sama pekerjaannya//
11.Basa iman yekti pangéstuning kalbu/ mring kang Maha Mulya/ nora duwé tingal kalih/ anging Allah kang amurba amisésa//
Iman sesungguh restunya hati/ pada Tuhan Mulia/ tidak punya sepasang mata/ hanya Allah yang menguasai dunia//
12.Basa tokit tunggal ing kajaténipun/ ingsun lawan sira/ saisining jagad kabir/ kabèh iku pan tunggal kajaténira//
Tauhid itu satu sesungguhnya/ saya dan kamu/ seisi alam dunia/ semuanya itu sesungguhnya cuma satu//
13.Nora nana kang wujud loro tetelu/ pasthi mung satunggal/ nyamadi isining bumi/ kabèh iku kasamadèn Si datulah//
Tidak ada yang berwujud dua atau tiga/ pasti hanya satu/ yang memberkati dunia seisinya/ seluruhnya diberkahi Dat Allah//
14.Tegesipun makripat puniku lungguh/ kéhing rupa-rupa/ awit bisa muna-muni/ kawruhana sangkané polah lan tingkah//
Artinya makripat itu/ tempat yang beraneka ragam/ sebab bisa berbicara/ ketahuilah asalnya polah tingkah//
15.Dènnya waspada sangkané polah tingkah/ tuwin sining jagad/ yèn sira nora udani/ Islam lahir kapir batin kadya Cina//
Agar diwaspadai asalnya polah tingkah/ serta isi dunia/ jika kamu tidak tahu/ lahirnya Islam batinnya kafir seperti orang Cina//
16.Sira kaki dènénget sangkaniréki/ puji sembahira/ weruha ingkang nampani/ apa déné kang amuji kang anembah//
Harap kamu ingat asalnya/ sembah dan pujimu/ tahu siapa yang menerima/ sama halnya yang memuji dan menyembah//
17.Remé nétra turuné ingkang winuwus/surupé dènawas/ saparané wong angimpi/ nanging ésuk weruha paraning pejah//
Terpejamnya mata tidurnya yang diceritakan/ diwaktu sore diwaspadai/ tempat dituju orang mimpi/ tapi esoknya tahu-tahu mati//
18.Yekti tunggal kang nampani puji iku/ kang mundhut mring sira/ kang sinembah kang pinuji/ kang adhaton anéng nagri Bandarulah//
Hanya satu yang patut menerima pujian/ yang mengambil kamu/ yang disembah dan dipuji/ istananya bertempat di negeri Bandarullah//
19.Upamané salatira iku kulup/ yèn takbir ta sira/ dènawas sajroning takbir/ dènnya mandeng néng lapal Allahu Akbar//
Misalnya salat kamu/ saat kamu takbir/ diwaspadai sewaktu takbir/ agar melihat ucapan Allahu Akbar//
20.Yèn wis katon anéng sajroning lapal hu/ iku kawruhana/ kang sinembah kang pinuji/ salawasé sira putus anéng dunya//
Jika sudah tahu makna ucapan ha/ itu pahamilah/ yang disembah dan dipuji/ selamanya kamu pintar di dunia//
21.Apané ta panutanira yèn lampus/ yèn sira tan wruha/ marang sasmita puniki/ sayektiné durung aran wong utama//
Apa yang kamu turuti jika mati/ jika kamu tidak tahu/ pada isyarat ini/ sebenarnya belum dinamakan orang utama//
22.Angandika Pangèran kang maha luhur/ al insanu lapal/ siruhu wanafsirihi/ tegesipun manungsa iku sadaya//
Perkataan Tuhan yang Maha Besar/ ucapan al insanu/ siruhu wanafsirih/ maksudnya semua manusia itu//
23.Duwé rasa pan rasaningsun sadarum/ wus telas sadaya/ akal budi iman pikir/ mosikipun saking jroning Bandarulah//
Punya rasa serta perasaan semua/ telah habis semua/ akal budi iman dan fikiran/ geraknya berasal dari Bandarullah//
24.Lan malihé sira ngawruhana kulup/ lungguhé Patékah/ bis bumbuné lungguh iki/ mil rasa rahman rahim lungguhanira//
Dan ganti mengertilah kamu nak/ Kedudukan al fatekah/ bis itu bumbunya asal ini/ mil itu sebenarnya rasa rahman rahim asalnya//
25.Sayektiné dadi paningalmu kulup/ alkamduripira/ lilahi cahyamu kaki/ rabil alamin puniku nyawa napas//
Sebenarnya jadi penglihatanmu/ alhamdu itu hidupmu/ lillah berarti cahayamu/ rabil alamin itu nyawanya nafas//
26.Rahman rakim lungguhira luwih éwuh/ maliki ing dhadha/ yomidin lungguhiréki/ ing jejantung iyaka lungguhé grana//
Lebih susah arti rahman rahim/ maliki ada di dada/ letaknya yaumidin/ ada di jantungmu iyaka tempatnya di hidung//
27.Kanakbudu ing padharan lungguhipun/ wa iyaka ika/ nastangin baunya kalih/ pan ikhdinas pan dadi saksentilira//
Kanakbudu tempatnya diperut/ wa iyaka itu/ nasta’in tempatnya di kedua bahu/ ikhdinas tempatnya di pangkal lidah//
28.Kang siratal dadi ilatira kulup/ mustakim punika/ ula-ula dadi niki/ lungguhipun lapal siratal ladinaladinaladinaladina//
Siratal jadi lidahmu/ mustakim itu/ tempatnya di tulang belakang/ tempatnya lafal siratal ladina//
29.Ingkang keteg angata budiniréku/ ngalihim tahiya/ pan dadi pancering ati/ kang kairil pan dadi ulesing manah//
Lafal anamta jadi akalmu/ alaihim itu/ pusatnya hati/ kairil itu simpulnya hati//
30.Mahlubikung sayekti dadi rempelu/ ngalihim punika/ lungguhing wentis kekalih/ walabdolin sayekti dadi panadha//
Maghlubikun sebenarnya jadi empala/ alaihim itu/ tempatnya di kedua paha/ walab dalin sesungguhnya jadi pengucap//
31.Amin iku pan dadi panrima tuhu/ wus telas sadaya/ kabèh dumunung siréki/ pramilané salat tan kena tininggal//
Amin itu jadi penerima nyata/ telah selesai semua/ semuanya kembali pada kamu/ karena itu salat tidak boleh ditinggal//
32.Krananipun surat Patékah puniku/ tan kena tininggal/ sadanguné maca iki/ angarani marang badané sadaya//
Sebab surat Al Fatekah itu/ tidak boleh ditinggal/ setelah membaca surat ini/ mengingatkan pada tubuh kita//
33.Dèn waspada marang sampurnaning ngélmu/ pisah kumpulira/ anéng jroning salat iki/ jroning salat iku pan patang prakara//
Waspadalah terhadap sempurnanya ilmu/ pisah kumpulnya/ ada dalam salat/ dalam salat itu ada empat perkara//
34.Saréngaté sun tuturaken karuhun/ wawacané lisan/ déné tarékaté kaki/ sakathahé nggénira maca Patékah//
Syariatnya sudah saya terangkan sebelumnya/ bacaannya secara lisan/ adapun tarekatnya/ sebanyak-banyaknya kamu membaca Al fatekah// 35.Lungguhipun ingaran tarékat iku/ kakékat punika/ dunungé ingsun
jarwani/ deging salat émuta alip punika//
Tempatnya disebut tarekat itu/ hakekat itu/ asalnya saya terangkan/ sewaktu salat ingatlah pada huruf alif//
36.Aja duwé ngrasa urip salat kulup/ yèn rukuk émuta/ kurup lam awal puniki/ aja ngrasa sira duwé solah tingkah//
Jangan merasa hidup salatmu/ jika rukuk ingatlah/ huruf lam awal itu/ jangan kamu merasa sudah melaksanakan//
37.Yèn asujud émuta lam akir iku/ aja sira ngrasa/ duwé rasa lawan osik/ yèn alungguh aksara hé dipuncetha//
Jika sujud ingatlah lam akhir/ jangan kamu merasa/ sudah punya rasa dan kata hati/ huruf ha diperjelas//
38.Aja ngrasa sira duwé jisim iku/ sadaya paésan/ kabèh kagungané Widhi/ makripaté sun jarwani kang tétéla//
Jangan merasa kamu punya badan/ semua cermin/ semua kepunyaan Tuhan/ makripatnya saya terangkan dengan jelas//
39.Wus tinutur ngulihken mring asalipun/ bumi angin toya/ tuwin cahya sadayéki/ mring martabat yekti salin ngèsthi branta//
Sudah diajarkan kembali pada asalnya/ bumi angin air/ serta semua cahaya/ pada martabat ganti niat asmara//
PUPUH IX PUPUH IXPUPUH IX PUPUH IX ASMARADHANA ASMARADHANA ASMARADHANA ASMARADHANA
1. Iku rasakena kaki/ rahadyan matur sandika/ manembah nulya luméngsér/ putra-putra ing marota/ majeng marek ing rama/ wasis marang sasmita gung/ arabé langkung utama//
Itu rasakanlah nak/ raden mengucapkan terima kasih/ menyembah lalu berangsut pergi/ putra-putra dibagi/ menghadap pada ayahnya/ pandai terhadap tanda kebesaranNya/ arabnya paling utama//
2. Jawané kalangkung wegig/ rahadyan wewanginira/ sabda sampurna kinaot/ wasis limpat tur waskitha/ warna bagus utama/ ing kawi sastra wus putus/ anteng semuné nggrahita//
Jawanya paling pandai/ putra yang mengharumkan/ bicaranya sempurna utama/ pandai dan serba tahu/ wajah paling tampan/ dalam ilmu sastra paling pandai/ setenang hatinya//
3. Sang tapa kalangkung asih/ marang putra radyan sabda/ wanci jam sapta daluné/ rahadyan nulya amarak/ mring rama sang pandhita/ Sèh Ngabdulsalam amuwus/ radèn dika pareng ngarsa//
Sang Tapa sangat sayang/ pada putra-putranya berkata/ saat jam tujuh malam/ putranya segera mendekat/ pada ayah sang pendeta/ Seh Abdulsalam berkata/ raden boleh maju//
4. Kang putra majeng wotsari/ kang rama aris ngandika/ kulup sira kadingarén/ dalu prapta ngarsaning wang/ apa karyamu radyan/ kang putra aris umatur/ rama kawula miyarsa//
Putranya maju pelan/ dengan lembut Ki Seh berkata/ kamu tidak biasanya/ malam-malam datang menghadapku/ apa keinginanmu raden/ sang putra lembut menjawab/ hamba ingin tahu ayah//
5. Surasané ingkang ngélmi/ awit rekangaté salat/ dèna abéda kathahé/ ing wektu satunggal-tunggal/ punapa purwanira/ kawula nuwun pituduh/ sang tapa alon ngandika//
Makna ilmu itu/ sebab rekaatnya salat/ adapun berbeda banyaknya/ tiap waktunya satu persatu/ bagaimana awalnya/ saya mohon petunjuk/ Sang Tapa berkata pelan//
6. Salat luhur iku kaki/ mulané patang rekangat/ duk sira dinadékaké/ tangan kalih suku kala/ déné ta salat ngasar/ sakawan rekangatipun/ ing kadadéan manira//
Salat luhur itu nak/ makanya empat rekaat/ saat kamu dibuat/ dua tangan dan kaki/ sedangkan salat asar/ empat rekaatnya/ seperti waktu kamu dibuat//
7. Tangkebé dhadha kekalih/ kala kosen lawan kopar/ lawan gigirira karo/ gigir kanan gigir kiwa/ salat maghribmaghribmaghribmaghrib punika/ sun jarwani dunungipun/ mila rekangaté tiga//
Dilipat pada kedua dada/ saat kosen dan kofar/ dan kedua punggung/ punggung kanan dan kiri/ salat maghrib itu/ saya terangkan lagi/ maka jumlah rekaat ada tiga//
8. Bolonging grana kekalih/ kalawan tutuk satunggal/ jangkep tetiga dunungé/ ana déné salat ngisa/ mila rekangat papat/ sun jarwani dunungipun/ iku ing kekupingira//
Lubangnya kedua hidung/ dan satu mulut/ genap tiga asalnya/ sedangkan salat isya/ maka rekaatnya empat/ saya terangkan asalnya/ itu ada di telingamu//
9. Kalih pisan bolongnéki/ kalawan paningalira/ apan jangkep rekangaté/ déné salat subuh ika/ mila kalih rekangat/ dadiné badaniréku/ kalawan nyawa rokiyat//
Ada dua lubangnya/ serta penglihatanmu/ sudah genap rekaatnya/ sedangkan salat subuh itu/ maka rekaatnya dua/ jadinya tubuh kamu/ serta nyawa roh//
10.Ana déné salat witir/ punika sunat mukadat/ tan kena tinggal wong kuwé/ kekalih rekangatira/ dadiné winicara/ thukulé alis puniku/ alis kanan alis kiwa//
Adapun salat witir/ adalah salat sunah muakad/ tidak boleh kamu tinggalkan/ jumlahnya dua rekaat/ asalnya dikatakan/ tumbuhnya alis itu/ alis kanan dan kiri//
11.Sunat rekangatal witri/ pan dadi bumbunanira/ mengko sun tuturi manéh/ déné kang wektu lelima/ nabiné béda-béda/ kang ndarbéni salat wektu/ iku sira dènwaspada//
Rekaat sunah fitri/ menjadi pendukungnya/ nanti saya terangkan lagi/ adapun waktu kelima salat itu/ nabi berbeda-beda/ yang mempunyai waktu salat/ makanya kamu waspadai//
12.Salat subuh iku kaki/ kang ndarbéni Nabi Adam/ dukkala tinurunaké/ saking suwarga dimulya/ pisahé lan kang garwa/ jeng nabi susah kalangkung/ pisahé lan Siti Kawa//
Salat subuh itu/ dimiliki oleh Nabi Adam/ ketika diturunkan/ dari surga yang dimuliakan/ sewaktu pisah dengan istrinya/ saat itu sangat sedih/ pisah dengan Siti Hawa//
13.Wonten parmaning Hyang Widhi/ Jabarail ngemban préntah/ dhawuh mring jeng nabi agé/ paduka tampi sihing Hyang/ andika asalata/ subuh rong rekangat iku/ jeng nabi matur sandika//
Ada kemuliaan Tuhan/ Jibril membawa perintah/ menyuruh pada nabi/ hamba menerima cintanya dari Tuhan/ kamu salatlah/ subuh dua rekaat/ sang nabi patuh//
14.Pukul lima pajar sidik/ Nabi Adam nulya salat/ kalihkalihkalih rekangat salamé/ uluk kalih salam kéring kanan/ kang garwa anéng wuntat/ nauri salam ngalékum/ anulya arerangkulan//
Pukul lima pagi/ Nabi Adam segera salat/ dua rekaat salamnya/ memberi
salam kanan kiri/ istrinya dibelakang/ menjawab dengan