• Tidak ada hasil yang ditemukan

AAK culture library I Javanese Manuscripts

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "AAK culture library I Javanese Manuscripts"

Copied!
16
0
0

Teks penuh

(1)

KITAB PUNTIR PALAKIYAH

Bab punika ingkang gadhah pikajengan badhe sires mawi kalantar an2 iji dhadhu, namung bucal sapindhah kadosta main dhadhu. Kadosta: manawi badhe mitaken ing bab prakawis jangka 13 ”ingkang sakit punika saget saras punapa boten?” sesampunipun dhadhu kabucal ing mangka cecegan ing dhadhu medal 3 kaliyan 4, lajeng kacocogna kaliyan gambaring dhadhu. Sangandaping dhadhu angka 6. Lajeng terus kauruta mangandhap dumugi kothaking aksara, sarta lajeng kajejeraken ing angka 13 kapering kiwanipun. Ing ngriku pinanggih aksara ”ga” lajeng ngupadosana ing kaca aksara ”ga” nunten angupadosa angka 6. Ing ngriku mungel ” wong kang lara kaparingan mulya dening Allah”. Insya Allah tiyang ingkang sakit tamtu saget waluya sarana sadhengah jampi kemawon.

Ingkang gadhah Kitab Puntir Palakiyah punika Raden Ngabei Mangun Utama mantri pulisi ing Wotgaleh dhistrik Kitha Ageng Kalasan. Kaserat kaping 12 Sapar Dal 1839 utawi kaping 5 Maret taun 1909.

Punika salebetipun 21 prakawis pitakenan. Pundi ingkang katakekaken :

1. Pikajengan punika pikantuk punapa boten?.

2. Saged manggih kauntungan punapa boten?

3. Punapa untung punapa katunan?.

4. Punapa tetep manggen ing ngriki punapa sanes panggenan?.

5. Tiyang ingkang kesahan wangsul malih punapa boten?.

6. Barang ingkang ical punika saged pinanggih punapa boten?.

7. Sobat punika sae manahipun punapa boten?.

8. Lampah punika klayan wilujeng punapa manggih susah.

9. Tiyang punika sanget asih punapa boten?.

10. Paningkah punika dados sae punapa awon?.

11. Punapa estri punapa priya ingkang manggih kauntungan?. 12. Tiyang ingkang wawrat punika medal jaler punapa estri?. 13. Ingkang sakit punika saged saras punapa boten?.

14. Ingkang susah punika angsal pangapunten punapa boten?. 15. Sapunika kacilakan punapa kabegjan ingkang dados?.

(2)

16. Punapa jarwanipun supenan punika?. 17. Kedut punika awon punapa sae?.

18. Manggih kauntungan ing dharatan punapa ing lautan?. 19. Paten punika menang punapa kawon?.

20. Tiyang ingkang kesah prang punika kawon punapa menang?

21. Tiyang pegatan punika saged rujuk malih punapa boten? Ing saderengipun ngasta dhadhu mawi maca patekhah rumiyin sapindhah, lajeng ngastadhadhu sarta malih maca salawat kaping tiga.

TABEL

A: angka urut terusaning pitakenan 21 prakawis. B: angka urut terusaning jarwaning pitakenan.

A

ALLAH IKU KALUWIH DENING KUASA

1. Apa kang sira ajap sayekti katekan lan kadadian.

2. Aja sira kuwatir sayektine ora sida pegatan.

3. Iku wong nora mati nanging kataton paprangan.

4. Ing dina iki aja kongsi nepsu, mesthi nemu cilaka badanmu.

5. Ing laut sira nemu untung yen tinimbang lawan ing

dharatan.

6. Sira oleh kabar luwih saka susah.

7. Awit impen iku wahanane sira bakal nemu susah.

8. sajrone dina iki sayekti akeh cilaka anekani.

9. Aja susah atinira sawatara dina sayekti antuk ngapura.

10. Lara iki sayekti ora bisa waras nganti tumeka patine. 11. Wetengan iku metu wadon.

12. Lanang oleh rabi becik yen wadon lakine ala. 13. Nikahan iki dadine kalawan akeh kacilakan. 14. Dheweke ora tresna terusing atine.

15. Yen lumaku dina iki oleh pakurmatan lan slamet. 16. Mitra iki aja kopracaya marga tan jujur atine.

(3)

18. Sajroning rong sasi dheweke teka tan nganti setaun. 19. Sira ora ngalih marang liyan nagara.

20. Dina iki Allah ngadohake marang kerugianira. 21. Kauntunganira kalawan susah bisane oleh.

HA

ELINGA PENGGAWE BECIK

1. Kauntunganira tan oleh ing sajroning nagara kene.

2. Pakarepanira tan ana dadine yen kanthi lelungan.

3. Ora kena pegatan sarta uripe salawase becik.

4. Wong kang sajroning paprangan iku wus tumeka patine

5. Padune ora kalah nanging kelangan ragad akeh.

6. Ing dharatan sira luwih untung katimbang ana ing lautan.

7. Sira arep katekan sanak sadulur liyan nagara.

8. Impen iku sira bakal tampa dhuwit.

9. Dina iki tan ana kacilakan kang tumeka.

10. Ora oleh pangapura kongsi tumeka patine.

11. Wong kang lara mengko dadi becik utawa waras. 12. Wetengan iku metu lanang lan dawa umure. 13. Lanang oleh ala yen wadon lakine oleh becik. 14. Nikahan iki klawan Asmaning Allah dadi becik, 15. Dheweke asih mulane sira aja lali dheweke. 16. Yen lumaku dina iki cedhak marang cilakane. 17. Mitra iki bener atine sarta kena dipracaya.

18. Barang iku tan ketemu maning kang nyolong nemu susah. 19. Wong kang lunga saka kene ora bisa bali.

20. Sira mengko manggon ing liyan nagara.

21. Ing dina iki sira kacedhakan kacilakan lan karugian.

NA

NUDUHNA MARANG PATAKONAN KANG NYATA

1. Saka prakara wong wadon siji sira dadi katunan.

2. Aja sira ngajap kauntungan krana durung tutug mangsane.

3. Apa kang dadi pangajapmu kalawan malarat ngakire

kadadian.

4. Sira bakal pegatan ananging nora lawas bakal tepung

(4)

5. Wong kang ana ing paprangan menang sarta tumuli teka.

6. Prakaranira bakal menang sarta ora katunan.

7. Ing dharat oleh uga kauntungan nanging kalawan susah.

8. Arep oleh kiriman saka liyan nagara.

9. Aja lunga saka ngomah karana impenira tan becik.

10. Akeh wong arep gawe cilaka nanging siji tan ana tumeka. 11. Sapisan iki oleh ngapura, nanging liya wektu ora.

12. Lara iku mesthi waras.

13. Wetengan iku wadon nanging cendhak umure. 14. Lanang oleh wadon ala, yen wadon becik. 15. Ningkah iki tan slamet sarta mlarat.

16. Katon dheweke asih nanging buri gawe cilaka uga. 17. Ing dina iki kena lumaku tan ana siji kang ngaru biru. 18. Kena uga kopracaya nanging aja banget-banget.

19. Barang kang ilang wis dibagi lan ora katemu maneh. 20. Wong kang lunga saka kene mengko gelis bali maneh. 21. Sira ora ngalih saking nagara iki.

CA

CARITAA MARANG LABET KANG LUWIH RAHARJA

1. Kowe ngalih uga saka kene nanging dadi malarat.

2. Sira uga sawatara katunan nanging gelis untung maneh.

3. Kauntunganira kena uga diarep nanging kalawan susah.

4. Ing pangajapira kena diarep nanging ana kang jahili.

5. Ing buri sira pegatan tumeka pati.

6. Wong kang ana paprangan iku kanin sahingga mati.

7. Padu iku nganti lawan durung bisa pedhot.

8. Tan ana kang ngaru biru sira kena manggon ing dharat.

9. Bakale oleh kabar saking sanak sadulur lara banget.

10. Sira aja nglarakake ati impen iku dadi becik. 11. Saka kanane badanira dina iki tumiba ing cilaka.

12. Dheweke tan antuk ngapura salawase ana sajrone susah. 13. Sadiyanana bae mesthi karana dheweke bakal mati.

14. Wetengan iku metu wadon sarta begja wong tuwane. 15. Wadon oleh laki ala, lanang bojone apik,

16. Aja sira ningkah karana dudu untungira ing kono. 17. Dheweke ora asih sarta akire gawe susah.

18. Sawuse rong dina iki sira kena lumaku.

(5)

20. Barang kang ilang mengko bisa katemu manih.

21. Wong kang lunga tan bisa bali marga wus laki rabi liyan nagara.

RA

RACIKANA LAN SABAR TAWEKALIRA

1. Dheweke nuli teka nanging gelis nuli lunga maneh.

2. Sira nuli lunga seka kene yen tan lunga bakal nemu susah.

3. Ora katunan nanging ya ora untung akeh.

4. Sira tan nemu kauntungan lamun tan tumemen lakumu.

5. Apa kang sira ajap sajroning dina iki ora oleh.

6. Aja sira niyat pegatan karana dheweke temen-temen.

7. Wong kang aneng paprangan oleh pangkat gedhe.

8. Bicara iku ora dadi apa.

9. Aja setiyar ing dharat, marga akeh kang gething.

10. Sira bakal nemu sabab kawanuhanira kang becik. 11. Impen iku kadadeane ora becik.

12. Ing dina iki caket banget saka kacilakanira. 13. Bakale oleh ngapura nanging ora dawa umurira. 14. Lara iku slawase tan waras kasi tumeka patine. 15. Wetengan iku metu lanang nanging akeh cilakane. 16. Sira mengko oleh bojo sugih.

17. Oleh sira ningkah nanging aja rame-rame. 18. wong iku tresna marang sira kasi mati.

19. Ing dina iki sira kena lumaku nanging nemu kasusahan. 20. Sesanakan iki duwe pangarah marang rayat bojomu. 21. Barang kang ilang iku wong wadon kang jupuk.

KA

KADARIRA ANENG DUNYA DADYA MANUSA

1. Kawanuh kang wus sira pracaya kang nyolong barang iku.

2. Dheweke nuli teka nanging lagi nyampurnakna prakarane.

3. Karepira ora tetep manggon ing kene.

4. Sira mengko bakal nemu pitulungan gedhe.

5. Ora tinemu kauntungan sira salawase.

6. Sira tan susah ngajap apa-apa kabeh ora tinemu.

(6)

8. Wong kang ana paprangan wis mati ilang sirahe.

9. Padu iku pakolehe ora kalawan gamarang.

10. Ing dharatan sira oleh untung tinimbang lautan. 11. Arep kapaten sanak kang ana liyan negara. 12. Wahanane impen iku sira arep nemu cilaka.

13. Ing dina iki arep tumeka cilakanira, kang ngati-ati. 14. Tan olehing ngapura nganti tumeka ing patine. 15. Lara iku dadi waras nanging ragade akeh.

16. Iku wetengan metu wadon nanging gawa malarat. 17. Sira oleh bojo gawe padu rina wengi.

18. Aja ningkah karana akeh wuruging wong kang ala. 19. Uwong iku ora asih kalawan bener atine.

20. Aja lumaku dina iki marga keh cilaka ing dalan. 21. Kawanuhanira iki mengko gawe kacilakanira.

DA

DADI LAN DEN ELING KAHANANIRA

1. Kawanuhan iku arep ngalani marang sira.

2. Barang kang ilang cinolong marang wong lanang sarta tan

bisa bali.

3. Dheweke yekti gelis teka.

4. Sira tan oleh untung ing nagara kene.

5. Sira mengko anemu kauntungan gedhe.

6. Sira mengko nemu kauntungan nanging lawan akehing

susah.

7. Kena sira ajap nanging aja nganti katara ing wong liya.

8. Nadyan sapira pangojoking wong ora dadi pegate.

9. Wong kang aneng paprangan iku kanin nanging tan dadi

patine.

10. Saka prakara iku gampang pinanjus.

11. Ing dharatan sira luwih untung katimbalaning lautan. 12. Sira bakal tampa rejeki ning Allah.

13. Anane impen iku sira nemu kasenengan becik ripane. 14. Ana sawijining wong mengko gawe cilakaning awakira. 15. Saka pitulunganing wong dheweke luwar saka susah. 16. Tan susah tinambanan, iku lara bisa waras.

17. Wetengan iku metu lanang, bocah iku gawa kauntungan. 18. Sira mengko nemu jodho lan gawa kauntungan.

(7)

20. Uwong iku asihe ana kang dadi sabab.

21. Antara rong dina telung dina mangkata dadi becik.

TA

TAN KENA SAKEHING LAKU KANG NYATA

1. Yen sira arep lumaku aja kaliwat ing dina iki.

2. Kawanuhan iki akeh lara atine marang sira.

3. Barang kang ilang kalawan kaget bisa katemu.

4. Dheweke tan nuli teka marga ana kang dienteni.

5. Sira becik lunga saka nagara iki supaya aja cilaka.

6. Sira mengko dadi katunan marga saka sawijining wong.

7. Wis parek saka tekane kauntunganira.

8. Aja sira akeh pangajap karana tan ana kang kadadiyan.

9. Nadyan becika ing tembe dadi pegatan.

10. Wong kang ana paprangan iku wis mati sarta ilang jisime. 11. Bicara iki bakal kapancus kene, nanging ana susahe.

12. Sarehna ing dharatan bakal tumeka untungira. 13. Kedutira iku pangertine, begjanira isih adoh. 14. Awit impenira iku sira bakal nemu susah.

15. Ana siji wong kang tulung marang kowe jroning dina iki. 16. Dheweke aja pegat nunuhun ing Gusti Allah.

17. Dhukun saka liyan nagara kang bakal marasna laranira.

18. Wetengan iku metu lanang nanging patine kamangsa macan. 19. Sira mengko olih jodho becik.

20. Enggal nuli ningkaha aja kangsi tlangke sasi maneh. 21. Uwong iku banget asihe marang sira.

SA

SATEMENE SIRA MUNG KINARYA MARGA

1. Katon asih marang sira nanging uga dhemen marang liyane.

2. Antara sapuluh dina maneh sira kena lumaku.

3. Mitramu iku luwih asih marang sira lan bener atine.

4. Barang ilang iku wus adoh ora bisa katemu.

5. Kang lunga iku nuli teka nanging mawa lelara.

6. Aja sira gingsir panggonan iki karana wus cedhak

untungmu.

(8)

8. Trimanen kalawan sabar, sira antuk kauntungan.

9. Yen kelawan sabar mengko sira bakal tampa.

10. Prakara dhuwit mengko dadi pegatan.

11. Wong kang lunga perang mesthi menang sarta antuk ganjaran kasenengan.

12. Prakara iku bakal pinutusan saka liya nagara.

13. Ing taun iki dharatan ing lautan sira nemu kauntungan. 14. Anane kedut iku Gusti Allah aweh kauntungan marang sira. 15. Impen iku sira bakal nemu kasusahan gedhe.

16. Sawijining wong kang bakal gawe cilakanira. 17. Ora pisan-pisan sira nemu pangapura.

18. Wong kang lara aja diarep warase sarta tumeka patine. 19. Wetengan iku wadon nanging besuk ala lakune.

20. Sira oleh jodho becik lakune.

21. Becik sira ngantia telung sasi maneh nikaha.

WA

WAJIB WERUH MANUSA MARANG PANGERAN

1. Taun iki aja sira ningkah dhingin.

2. Dhewekne luwih asih marang sira.

3. Aja sira lumaku sadurunge dina Akad.

4. Mitramu iku luwih asih marang sira nanging tan katara.

5. Kang jupuk barang wong wadon wus diwehake wong liya.

6. Dheweke gelis teka kalawan rena atine.

7. Sira tan duwe untung ing kene prayoga ngalih nagara.

8. Sajrone sasi iki sira bakal kauntungan.

9. Sira tan duwe untung lamun tan ana wong kang nulungi.

10. Apa kang dadi pangajapira dina iki ora oleh. 11. Saka pangojoking sanak sadulure dadi pegatan. 12. Wong kang perang iku lagi ginanjar.

13. Prakara iku tan bisa putus yen tan tekan dhuwur.

14. Ing taun iki ana kauntunganira nanging aja ing dharatan. 15. Arep nemu susah sarta katunan, wahananing kedut iku. 16. Impen iku sira bakal nemu susah luwih banget.

17. Wong wadon mengko kang gawe kauntunganira. 18. Ngantia sawatara dina mengko oleh pangapura.

19. Wong lara kena kaarep warase nanging turuten karepe. 20. Wetengan iku metu lanang nanging kapundhut wong gedhe. 21. Bisa oleh jodho becik tur sugih nanging nglarake ati.

(9)

LA

LABUHANA WASKITHANE KAWRUHIRA

1. Sira oleh wanita kang becik tingkah polahe.

2. Sajrone taun iki becik sira ningkaha.

3. Sayekti banget asihe marang sira.

4. Aja sira lumaku lamun ora dina Slasa.

5. Katon ala, tan becik, nyatane becik atine.

6. Barang ilang dicolong wong lanang nanging wis didol.

7. Dheweke teka kalawan susah atine.

8. Sajrone nagara kene ora becik ana ira.

9. Oleh kauntungan ananging kalawan susah.

10. Ana kauntunganira nanging saka margane wong wadon. 11. Apa kang dadi pangajapira ora lawas tinekan.

12. Marga saka wong wadon sira mengko pegatan. 13. Wong kang ana paprangan nemu kanin pupune. 14. Prakara iku ora suwe bakal kapanyus.

15. Taun iki dharat padha uga, krana adoh cilakanira.

16. Ananing kedut iku sira bakal nemu untung saka wanita. 17. Impen iku sira bakal diulemi rame-rame.

18. Dina iki bakal nemu cilaka saka sawijining wong.

19. Ora antuk pangapura malah-wus takdire lunga saka nagara. 20. Ananing ati dadi waras mulane aja diaru-biru.

21. Wetengan lair wadon besuk jodhone wong gedhe.

PA

PASTI TAN LANGGENG SIRA ANA ING DUNYA

1. Metu anak lanang, nanging bocah iku slawase mlarat bae.

2. Bakale oleh jodho tedhak wong gedhe nanging miskin.

3. Yen kena aja sira ningkah karana akeh sengkalane.

4. Dheweke ora pati asih marga atine tan tetep.

5. Kena lumaku saiki nanging aja kasi kliwat jam 10.

6. Kawanuhanira iki ngarah barangira bae.

7. Barang Iku ora katemu kang nyolong wong wadon.

8. Dheweke mengko teka kalawan bungah nanging gelis lunga

maneh.

(10)

10. Ora oleh kauntungan karana sengkala saking sanakmu. 11. Tan nemu kauntungan marga saking sedulurira.

12. Apa kang sira ajap lawas tekane.

13. Ora sida pegatan marga anata elingane becik. 14. Wong kang ana paprangan iku lara banget. 15. Saka prakara iku kapancus ing ngisor tangan. 16. Taun iki ing lautan untungira luwih adoh. 17. Arep nemu cilaka, jalaran saka wong wadon.

18. Sira iku katimbalan wong gedhe marga saka kasusahan. 19. Dina iki akeh cilaka marga akeh wicara kang nasar. 20. Sapisan iki kalawan pesthi oleh ngapura.

21. Yen ora sabar lan alon lara ira tan waras.

DHA

DESTHI SADUSA YOGYA DEN ADOHANA

1. Lara iku waras tinulungan saka ruh-karuhe.

2. Wetengan iku metu lanang nanging amlaratake.

3. Oleh jodho saka liyan nagara.

4. Yen sira ningkah marga ora ana alane.

5. Dheweke tresna nganti kaya badane dhewe.

6. Kena lumaku dina iki nanging aja kasi kliwat patang dina.

7. Mitramu iki delengen kang becik-becik sarta jaganen.

8. Barang iku isih kependhem lemah ana sajroning omah.

9. Ora teka, dheweke kena prakara.

10. Katahana ing nagara kene mengko ana kang tulung. 11. Sajroning taun iki sira bakal nemu untung,

12. Kauntunganira isih tangeh.

13. Pangajapira tan kena sira arep-arep.

14. Yen andadekna tukar sayekti dadi pegate. 15. Wong kang aprang mengko gelis teka. 16. Prakara iki bakale dadi dawa.

17. Taun iki yen sira ing lautan sira anemu cilaka. 18. Arep oleh kiriman saka sadulur adoh.

19. Sira arep diundang wong kang arep takon siji prakara. 20. Dina iki ora ana pisan cilakanira.

21. Amesthi oleh ngapura tulungan saka wanita.

(11)

JALARANING ARJA SAKING UTAMA

1. Wong kang ana jroning susah tan oleh apura.

2. Wong kang lara, ngenteni tamba saking liyan sarah.

1. 3 Wetengan iku metu wadon, bocah gawa kauntungan.

3. Yen lanang nemu kauntungan yen wadon nemu laki miskin.

4. Nikah iki ana kang nyegah marga prakara dhuwit.

5. Ya bener dheweke asih, nanging ora lawas.

6. Dina iki aja lumaku, sesuk bae lumakua.

7. Mitramu iku tan bener atine manawa nedya gawe ala.

8. Barang iku ora ilang marga lali bae.

9. Dheweke arep bali nanging ana kang tan aweh.

10. Becik sira lunga saka kene marga akeh kacilakan. 11. Sajroning taun ioki sira katunan bae.

12. Kauntunganira wus parek.

13. Kang dadi pangajapira mengko gelis oleh. 14. Prakara kang tan mirsa mengko dadi pegatan. 15. Wongkang ana paprangan dupateni bature dhewe. 16. Prakara iki ora dadi apa-apa.

17. Taun iki kauntunganira ing lautan.

18. Kedut iku sira bakal nemu kabar sadulurira mati. 19. Sira are p ditimbali wong gedhe dijak sukan-suka. 20. Dina iki akeh cilaka marga saka wanita.

YA

YEKTINE MANUSA TINITAH MULYA

1. Dina iki akeh cilakanira marga akeh suka nira.

2. Wong kang ana jroning susah oleh ngapura.

3. Wong kang lara rada samar yen tan oleh tamba becik.

4. Wetengan iku metu wadon nanging tan dawa umure.

5. Yen lanang oleh bojo becik, yen wadon sugih.

6. Nikah iku becik tur slamet bisa golek sandhang pangan.

7. Dheweke tan asih sajroning rong sasi iki.

8. Dina iki kena lumaku nanging ngantia jam 10 awan.

9. Wong iku atine becik nanging gelis mati.

10. Barang iku cinolong wong wadon tan bisa katemu. 11. Sajroning 6 utawa 7 dina pasthi teka.

12. Kena ana kene nanging atinira kang gedhe. 13. Kowe katunan marga saking rabinira dhewe.

(12)

14. Sira tan untung marga saka prasanakanira.

15. Pangajapira mengko katekan nanging liyan nagara. 16. Marga saking keh ing papacak mengko dadi pegate. 17. Wong kang ana paprangan bakal nemu kahurmatan. 18. Prakara iki kapancus ing ngisor adan.

19. Taun iki tumiba katunanira margi dikemplang uwong. 20. Sira nemu kabar saka paningkahe sanakira.

21. Impenira iku tan dadi ngapa.

NYA

NYAKETANA PANGGAWE INGKANG SAMPURNA

1. Impen iku mengko sira kaundang nglayat wong mati.

2. Dina iki ana rong prakara cilakanira kang bisa dadi.

3. Wong kang susah diwuwuhi susah marga bakal tumeka patine.

4. Wong lara iku nuli waras nanging tan lawas nuli lara maneh.

5. Wetengan iku metu lanang nanging tan dawa umure.

6. Yen lanang oleh wong ayu yen wadon laki becik.

7. Nikah iku tan prayoga karana salawase padu bae.

8. Dheweke luwih akeh gething tinimbang lan asihe.

9. Aja lumaku yen durung kaliwat pukul 1 awan.

10. Sanakan iku katon becik awit duwe karep.

11. Barang kang ilang kacolong wong lanang wus ora katemu. 12. Dheweke durung duwe kaingetan arep bali maneh.

13. Ana liyan nagara tumeka kauntunganira. 14. Sira ika akeh katunan marga kerep lali.

15. Sira bakal nemu kauntungan saka mitramu katulung. 16. Bakal tinekan kang dadi pangajapira.

17. Awit saka mitramu dadi wurunge pegatan. 18. Wong kang ana paprangan ginanjar lara sikile. 19. Prakara iku mengko kapancus dening wong agung. 20. Taun iki sira becik ana ing lautan.

21. Sira bakal kena prakara karo wong agung.

MA

MANTRI PIKALANG INGKANG UTAMA

1. Kedut iki sira arep nemu prakara karo wong gedhe.

(13)

3. Dina iki kareksaa kang becik cilaka bakal teka.

4. Wong kang ana ing kasusahan mengko sadulure kang nulungi.

5. Wong kang lara tan oleh tamba lan wus tekan janjine.

6. Wetengan iku metu lanang sarta ana kauntungane.

7. Yen lanang bojo becik yen wadon laki ala.

8. Nikah iku marga saka wong tuwane dadi ora becik.

9. Dhemen asihe marga ana sababe, waspadakna kang trang.

10. Dina iki akeh kacilakan aja lumaku.

11. Mitra karuh iku bener atine nanging uga antarakna. 12. Barang iku ora ilang marga kaleru pandokoke. 13. Banget arep mulih ananging ana kang gegodha.

14. Ana untungira nanging sira wis laku salah dadi angel tinemu. 15. Mengko dadi untung nanging wis lumaku salah, dadi ora oleh. 16. Untungira tan tumeka isih ginanjar malarat.

17. Pakare p pangajapira katekan nanging isih lawas. 18. Wis tan bali meneh marga wus duwe karep seje.

19. Wong kang ana ing paprangan ora kurang apa-apa. 20. Prakara iku nganti mati salah siji durung dipancus. 21. Ing dharatan sira tan oleh kauntungan.

GA

GARAYANG SAKEHING JARWA INGKANG PRAYOGA

1. Ananira tan duwe kauntungan ing lautan.

2. Satrunira anduweni eling becik ananing kedut iku.

3. Jarwane impen iku bakal tampa arta saka wong.

4. Ing dina iki tan ana apa-apa, adoh cilakanira.

5. Kang ana jroning kasusahan iku kadange kang susah ing

susah.

6. Wong kang lara kaparingan mulya dening Allah.

7. Wetengan iku metu lanang nanging tan dawa umure.

8. Wadon oleh laki bagus lanang oleh mlarat.

9. Ningkah iku mung ngarah arta tan murih prawan kang apik

rupane.

10. Asihe marga saka prajanjian.

11. Dina iki kabener cilaka yen lumaku wektu asar. 12. Mitranira iku apik atine karana ana kang di elingi. 13. Barang iku kacolong wong wadon.

14. Wis mulih ananging mampir ana ing dalan. 15. Aja manggon nagara kang akeh gununge.

(14)

16. Sira katunan marga ana kancanira kang lumaku salah. 17. Kauntunganira wis penak saking badanira.

18. Pangajapira ora katekan.

19. Ora sida pegatan marga katarik ing prakara. 20. Wong kang perang kalah bareng lan kancane.

21. Prakara iki gelis kapancus nanging sira kalah kasusahan.

BA

BABU BAPA WAJIB SIRA BEKTENANA

1. Saka prakara iku menang nanging akeh metuning ongkos.

2. Sira dagang ing lautan ora duwe kauntungan.

3. Kedut iku katekan sedyanira panggaotan.

4. Impen iku sira arep nemu susah ati.

5. Dina iki tau ana kacilakan lamun lan metu saka ngomah.

6. Wong kang sajroning susah tinulungan wong saka liyan

nagara.

7. Wong kang lara yen kurang seneng atine dadi patine.

8. Wetengan metu lanang nanging bapakne kalah.

9. Lanang oleh jodho ala,wadon oleh becik.

10. Aja ningkah karana tan lawas nuli pegatan. 11. Asihe mung sedhela bae.

12. Dina iki keh cilaka mangkata jam 9 esuk. 13. Mitra karuh iki tan bener atine.

14. Kaya arep mulih kaya ora nanging tunggunen bae.

15. Barang ilang wong lanang kang jupuk wis ginawa metu nanging ketemu.

16. Aja sira manggon negara gedhe. Nemu cilaka.

17. Tunggunen ing dalem, jam 12 iku tumekaning untungira. 18. Untungira iku antinen rong taun lawase.

19. Elinga bae ing Allah apa karepe ira katekan.

20. Dheweke sih padha sih nanging isin sida dadi pegat.

21. Wong kang ana paprangan lan nedya mulih marga wis seneng atine.

THA

THENANGIRA WAJIB ANGAWASNA

(15)

2. Prakara iki sira menang nanging kalawan ragat akeh.

3. Ing dharatan lamun sira dagang bisa dadi untung.

4. Kedut iku mitramu wus lali eling maneh.

5. Impen iku sira bakal dipondhoki wong.

6. Dina iki akeh cilakanira marga saka wong liya.

7. Wong ing sajroning susah oleh ngapura.

8. Wong kang lara kalawan kabuling donga nuli waras.

9. Wetengan metu wadon nanging gawe mlarat.

10. Yen lanang jodho becik wadon demen dolan lakine. 11. Ningkah iku aja klakon karana kang lanang gelis mati. 12. Mulane asih marga wus antuk marang kalakuhane. 13. Dina iki lumakua slamet.

14. Prasanakanira iki becik atine ing salawase.

15. Iku barang cinolong wong lanang wis tan tinemu. 16. Dheweke gelis mulih nanging mlarat.

17. Sira tetep ing kene nanging aja gugu ajare wong liya. 18. Saka ngawal tumeka akir nemu katunan.

19. Sajrone taun iki untungira teka. 20. Pangajapira oleh kang sabar bae.

21. Prakara pegatan iku tan bisa atut maneh.

NGA

NGAKIRIRA MURIHA MARGA UTAMA

1. Pegatan iku atut nuli pegatan maneh.

2. Wong kang prang ora sida mengko bali meneh.

3. Prakara iku sira dadi kalah lan akeh ongkos.

4. Ing laut sira untung sathithik yen dharatan ora oleh.

5. Bakal diulemi rame-rame nanging kasusahan.

6. Impen iku sira nemu susah marga saka arta.

7. Dina iki slamet.

8. Jroning susah nemu ngapura.

9. Wong kang lara gelis waras.

10. Metu anak wadon nemu kauntungan.

11. Lanang oleh liyan bangsa becik wadon laki ala. 12. Ningkah iku slamet nanging tan duwe anak. 13. Asihe marga saka arta, liyane tan ana.

14. Dina iki aja sira lunga marga ing dalan sira cinegat begal. 15. Kuwanuhanira tan bener atine mung prayoga ucape. 16. Barang kang ilang gelis katemu saking tanganing bocah.

(16)

17. Susah ing dalan mulane lawas tekane.

18. Liya sasi sira banget arep ngalih saka ing kene.

19. Marga saka panggewene baturmu sira katunan akeh. 20. Taun iki sira ana kauntunganira nanging durung nyukupi. 21. Saka pangajapira katekan jalaran saka wanita.

Referensi

Dokumen terkait

Kerjasama Badan Pemberdayaan Masyarakat Pemerintahan dan Pembangunan Desa Provinsi Riau dengan Lembaga Penelitian dan Pengabdian kepada Masyarakat Universitas Riau 78 No Komoditas

Berdasarkan uraian diatas, maka peneliti terinspirasi dengan ide penghadiran Waterfall Resort (Resort Air Terjun) sebagai salah satu fasilitas penunjang pariwisata guna

Identifikasi dilanjutkan pada penilaian faktor pendorong dan faktor penghambat pada agroindustri produk olahan kopi olah basah di Desa Sidomulyo Kecamatan Silo,

Perubahan aksesibilitas petani terhadap sumber teknologi, lokasi usahtani padi, jalan raya dan pasar input akan mempengaruhi peluang petani dalam mengadopsi

Jumlah yang tidak terbatas dari kontur-kontur nada yang berbeda adalah manifestasi dari jumlah yang terbatas dari pola-pola intonasi dasar.. Setiap pola intonasi

SITI HALIMAH,

[r]

b) Meminta peserta didik untuk mengerjakan tugas yang ada pada poin c... 17) Guru menuliskan nilai yang diperoleh peserta didik, baik nilai sikap, nilai pengetahuan serta