• Tidak ada hasil yang ditemukan

AAK culture library I Javanese Manuscripts

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "AAK culture library I Javanese Manuscripts"

Copied!
5
0
0

Teks penuh

(1)

SULUK JAYALENGKARA

PUPUH I DHANDHANGGULA

1. //Amestuti ruwiya utami / Suluk Jayalengkara pramiyan / prakawis

ya rayasane / nistha madya tameku / kanang murweng gita sawitning/ Pangran Pekik ing sura / kaya duking dangu / sinawung jawindrasmara / sinancaya saarsa tinedhak sungging / dening Sang Drengge Sastra//

2. //Kaping nembelas ri Soma manis / wulan Rabingulakir Je warsa /

nuju Kulawu lambange / Sancaya ingkang windu / sinengkalan angkaning warsi / pamuluking dahana / ngesthi jagat agung / pinurwa murtining kandha / Prabu Santya Gnyana Sunya wirya nagri / ratu gung pinandhita//

3. //Amenga wak nirada sutengsi / tumanggah karya ambeg

apanggah / ngapus ing ngrat pungkasane / kapandhitanya putus / tuhu prabu anyakrawati / prakatha dipaning ngrat / ing ngrat kang pinulung / lulutaning lokatara / prabu luwih jejulukira Narpati / Bathara Santya Gnyana//

4. //Yen amangun laga jayeng jurit / pan pratama ingering supaka / murba titih bebakune / agama sedya hayu / prabu jaya wijayeng jurit / kinasihan dening Yang / sudibya beg alus / kinajrihan ing sesame / sameng nata sakathahe kang sumiwi / samya jrih kumawula//

5. //Kwulaning wadya den uningani / uninganira sangking sinuksma /

sinukma salir kawane / bawaning ratu luhur / tan angendhak manahing bangkit / bangkit kang karya sura / surasa biyantu / anuntuni manah midha / anrepaken wadya ingkang manah tunggil / tunggal sapari-polah//

6. //Kakasihe Kangjeng Sri Bupati / Maha Pandhita Sang Kala Sonya

/ tuhu patut prawirane / sembada tengranipun / prabu anom wicakseng luwih / garwanirayu endah / lir kumala murup / lir Supraba ayunira / tuhu endah warnanira sang suputri / pideksa pengadegnya//

7. //Angripta Kumbacarana kadi / ing sakalire pradikanira / kang

amadani kaya oleh / supana ayonipun / pan tegese angreka kadi / tulis pamolahira / kumba artenipun / kadi ukiran kencana / acerana lir warana yen kaeksi / lir wulan karahinan//

8. //Angripta ika tegese kadi / antuke anyipta hayonira / anawenga

(2)

yen dereng arengu / pinten lamine kagarwa / mring sang nata tan kena pisah salatri / lan Dewi Wiladmara//

9. //Adarbe putra tetiga estri / kalih jalu tur awicaksana /

Jayalengkara kasihe / lampah yukti tan sinung / dene Kangjeng Sri Narapati / tan suka cinacada / langkung sih sang prabu / pan putra ginadhang nata / gentyanana ing rama sri narapati / aneng sunya wibawa//

10. //Kaduk mindel semunya awingit / Kangjeng Rahadyan Jayalengkara / andhap lusrah andikane / bagus semunya luhur / ajatmika ambegan wingit / tansah karya la-ela / kang anem sang bagus / Dyan Subekti kekasihnya / angler kembar citrane rahadyan mantra / anglir sang maha dewa//

11. //Awayah umur patbelas warsi / lagya remen angadu ing bala / kang ginulang-gulang tang nglen / ing sandi sastra putus / wiru tameng sudigbya luwih / pratameng baya gita / ngenaki tyas wadu / angsung la-elaniredyang / samya brangta mintir atur burat wangi / sekar ruming kang seda//

PUPUH II M I J I L

1. //Amangun kiswa tuna sawawi / pangaskartanya wong / Dewi

Ragasmra luwih sedune / anglungita jro tur angenteni / ing ngrenah ing dasih / bisa anir wuyung//

2. //Tan kuwasa amarnaa malih / pangaskartanya wong / mapan

tunggal lan ibu warnane / ananging tan kang ibu meh tili / rah anenta meksih / taruna yu surub//

3. //Eman tan panuku suka aji / ambengan wirangrong / denira prih

driyanira Raden / Jayalengkara dhemit ing galih / Rahadyan Subekti / mirsa kedah tumut//

4. //Dadya kewran Raden Jaya dening / ranten tumut marot / apa

dene ramaji tan aweh / sun limpe de araning sun benjing / lah kaya pa yayi / temahe tumutur//

5. //Ingsun uga sung wingit busari / dadya mrih mak gallon / anawun

tyas amrih atunggule / tigang candra geng mendra mong resmi/ ana wong ajawi / wayang wong kaburu//

6. //Sanamun-samun tan kena lali / ing panduganing nyong / sampun

lipuh kang rayi rahaden / sangking wagete anawun kapti / denya mrih sukaning / yayah lawan ibu//

7. //Langkung lembahe raden meh silip / kawarna sang katong / arsa

(3)

8. //Sotya balut sayembuh kang manis / angres tyase katong / amlas arsa kang garwa ature / kakang aji kadi paran benjing / solah patik haji / yen ki putra nglangut//

9. //Tansah ketang ngen-angening ati / sinten yogya katong / yen

suruda paduka ing tembe / raden putri-putra samya nangis / nangis pyuh tyasnya nerpati / jinejel ing atur//

10. //Pukulun yen tulus kaki mantra / atilar kedhaton / kadospundi patik sang arajeng / suka pejaha ing Wanagiri / raden putri anjrit / kawula bu tumut//

11. //Kewran tyase sang sri narapati / jaja lir tinonyog / mulat ing putra sanget tangise / kumembeng waspanira tyas rujit / nanging tyas tan lali / dhateng ing Hyang Agung//

12. //Sang nata ngling Allah sira yayi / dening tresnaning ngong / nanging yayi tan ana wandene / kaki putra atilar nagari / nging panduga mami / tyase during lipur//

13. //Angur yayi kesahe ki mantra / leheng ta rinojong / sinung mantri kang milu lampahe / kang ngawruhi lara patineki / sanggone ki mantra / iku sunga weruh//

14. //Yen lunga les kaki putra benjing / agung marmaningong / tur ta sapa wruha ing parane / menet yayi dilalah na ugi / so kana amantri / kang wruh paranipun//

15. //Iya yayi tresnaning mring siwi / pasrahna Yang Manon / lah ta yayi kawruhana rehe / ing tumuwuh suka duka pati / pan sangking Yang Widi / tan kena winangsul//

16. //Sapa nulak karsane Yang Widi / yen wus pesthining wong / supa ngrusak yen suksma sih mule / sapa sanggup rumeksa ing pesthi / yen Hyang Suksma amrih / rusake wong iku//

17. //Iku yayi sira ywa kasilip / ujar wus mengkono / titahing Yang sira aywa kaget / parandene yen Hyang Suksma asih / pinanggihken malih / kaki putra wangsul//

18. //Lawan kesahe putra yayi / datan watak awon / dudulange iku ta solahe / kaya amrih kasenten sun liri / prameswari anjrit / miwah Raden Galuh//

19. //Maturira ta tan pegat nangis / sebda pegat-pegot / dhuh sang aji swawi sami dherek / karsanipun ki mantra mring pundi / sampun wonten dasih / ingkang atut pungkur//

20. //Melar malar meranga ing margi / lungane Ki Ino / bilih agunga ina ing tyase / wagu gening tyas sri narapati / myang aturing sari / ngandika sang prabu//

(4)

21. //Wijiling sabda asepet gendhis / kendela riningong / ingsun arsa sinewaka angger / tigang candra ingsun tan tinangkil / lah paliwara glis / priksanen wadyengsun//

22. //Kang anangkil dyan paliwara glis / lampahira alon / sakpraptane ing jawi / lampahe tinon pesat sagunging kang nangkil / tan owah ing linggih / ing saprehipun//

23. //Wangsul ing Sri Manganti ningali / namur lampahnya wong / datan kadi ingutus polahe / anamun tingal amitambuhi / bilih wonten uning / dyan prapta umatur//

24. //Sang aprabu dyan kampuhanapti / busana kang katon / denya rujit ing galih sang aji / akampuhira sumisir silir / sampun kaping kalih / kampuh kang rinasuk//

25. //Harja paningset pita sinamir / lancingan bebukten / mirip lan Hyang Asmara baguse / dhuwung kaprabotan pasesumping / makutha di mukti / cihnaning piturun//

26. //Akarya la-alaning kang ati / prabanya sumarot / pan wus tedhak sang nata miyose / plara-lara neng wingking sang aji / sawijiling kari / upacara dulur//

27. //Sumrek lampah ingarsa narpati / pacara tan kledhok / prang wedani asri pawohane / puh jenggi gandhek kacuja rukmi / kidang sawunggaling / ardawalika gung//

28. //Horeg kabeh wadya kang anangkil / sawiyosing katong / ajrih lamun yen nyama pengangge / yen ana kang nyama kampuh aji / winangsulken aglis / wong tan wrin ing angkuh//

29. //Wus mliringa mring kancanereki / wong tan wring ing kewoh / anyenyampat wekaning sang rajeng / wus tinundhung medal sekala glis / dadya samya uning / niti krameng prabu//

30. //Lan sang nata tedhak ing sitinggil / sumrek wadya tumon / para mantri tilar ing lantene / sampun lenggah kangjeng sri bupati / ing dhedhampar rukmi / cahyane umancur//

31. //Angsung cipta mring sagunging mantra / majegan wot sinom / para mantra atata silane / mukane sewa sri narapati / seseg ngarsa aji / kya patih ing ngayun//

32. //Sinang arya tumenggung dipati / datan kena adoh / demang rangga ngabehi jajare / asya duaji tandha myang mantra / nomnya anyambungi / gandhek lawan manggung//

33. //Kawarnaa agunging pra dipati / ingkang jageng kewoh / pan Ki Patih Jaya Santa rane / Tumenggung Mulya Wecana tuwin / tuwin demang wong prajeki / Rangga Wijayeku//

(5)

34. //Demang Urawan andeling jurit / tan kewran tinaros / Dipati Jagalaya ajare / mong wasita paniti prajeki / pandaming nagari / andel karyanipun//

35. //Datan nana swarane kumlisik / miwah kang kekayon / datan nana kumresek swarane / miwah peksi tan ana kang muni / mung kemasan gendhing / lawan manuk engkuk//

36. //Kang anangkil angrepa konjeming / ing siti tan anon / saklangkung jrihnya mring sang ngarajeng / samya yun yunenan dika aji / rasanireng ati / kadya amegatruh//

Referensi

Dokumen terkait

Kerjasama Badan Pemberdayaan Masyarakat Pemerintahan dan Pembangunan Desa Provinsi Riau dengan Lembaga Penelitian dan Pengabdian kepada Masyarakat Universitas Riau 78 No Komoditas

Identifikasi dilanjutkan pada penilaian faktor pendorong dan faktor penghambat pada agroindustri produk olahan kopi olah basah di Desa Sidomulyo Kecamatan Silo,

Perubahan aksesibilitas petani terhadap sumber teknologi, lokasi usahtani padi, jalan raya dan pasar input akan mempengaruhi peluang petani dalam mengadopsi

Jumlah yang tidak terbatas dari kontur-kontur nada yang berbeda adalah manifestasi dari jumlah yang terbatas dari pola-pola intonasi dasar.. Setiap pola intonasi

SITI HALIMAH,

[r]

b) Meminta peserta didik untuk mengerjakan tugas yang ada pada poin c... 17) Guru menuliskan nilai yang diperoleh peserta didik, baik nilai sikap, nilai pengetahuan serta

Pada hari Minggu 20 Maret 2016, kita memperingati dan mensyukuri Ulang Tahun HKBP Bandung Reformanda dan Ressort Bandung Tengah yang ke-5 dengan melaksanakan Perjamuan Kudus