• Tidak ada hasil yang ditemukan

serat tundhung pedhut

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "serat tundhung pedhut"

Copied!
6
0
0

Teks penuh

(1)

SERAT TUNDHUNG PEDHUT

PAMBUKA

Rahayu Wilujeng.

Nuwun, mugi para Agung Tanah Jawi dipun agung aksamanipun,

dumateng kawula ingkang sapun kumalancang kumawani pari peksa

lumuwih, amemangun cariyos ingkang gati. Serat Tundhung Pedhut

punika sinawung ing sekar macapat

anyar i osak en babagan

dumadi ni ng r ubeda jal ar an manah k at aman r er i bet

, dene

tujuwaning pangimpun : namung sadermi ngelingaken kemawon lan

angleluri kabudayan Jawi supados mboten kasilem ing jaman, boten

sanes namun rasa tresnanipun dumateng budaya tilaranipun para

leluhur Agung Tanah Jawi, paribasan : “canthing jail dicidhukna

banyu segara olehe iya mung sathithik, lowung dene taksih saged

nyidhuk, sanadyan namung saisining canthing jail, tinimbang

suwung blung” (R.Ng.Ranggawarsita, Serat Wirit Soponoloyo).

Wusananing atur, mugia saged migunani dhumateng para maos ugi

sutrisna budaya Jawi, bilih wonten galap gangsuling tembung, para

winasis lan sarjanadi kaparenga paring angunging pangaksami.

Nuwun.

Mas Kumitir

SERAT TUNDHUNG PEDHUT

PUPUH I

DHANDHANGGULA

1. Hawa kandamu ing mesem manis, mesu sruning sedya peksa

suka, kablureng saking blerenge, lali kelangan laku, padune nggugu

nepsu arit, kabut datan kababat, padhang padhing tundhung, punika

manungsa lena, linimput tan emut tapak tepunging sir, sirna

dadining welas.

2. Telas wis sihing Hyang manusa di, kang kurang sedya suka mong

manah, warta den dadosaken nase, candhak supados cundhuk,

kirang cagak kagondhol gogik, gajah sak kuntul gengnya, ngajeng

gajeg kuntul, nanging ta wulung mbuh ora, angaku gajah tan darbe

tlale gadhing, wedhi amalih gula.

(2)

4. Tlatah badan den muntahken nisthip, sasat susut ngesotken

nirnya, nirmala malaning gawe, gaweyaning pangluput, samar margi

kalimput padhing, ginubel pedhut padhat, arah aruh tan wruh,

kumandel ngandelaken was, emut emut luput momot pedhut

padhing, nggubel dados rubeda.

5. Pundi wismanipun swanten gendhing, sinten kang pantes amireng

nglaras, sumangga paduka suksmeng, mbuh leres ya mbuh luput,

kawula saderma ngengeti, mring awu tan awonnya, sak bangsa sak

luhur, ngelingaken saderminya, amarga sadaya sampun dicukupi,

Allah Maha Kuwasa.

6. Wawadi manawi mawi sandi, sandhing sandhung sendhu bendhu

sida, cepak copot budi cupet, punika ingkang kaliru, balero balilu

panampi, kasusu kaseselan, selak mambu mumbul, kaki nini mbok

hayo ta, mipik mapag mupuk mupakating ngati, ngati ati waspada.

7. Waspada ingkang kados punapi, awas sakaliring pasemonan,

tresna sapada padane, mawas pamuwus damu, selamet botena

niwasi, pandhu tan padu padha, uncalna was wasmu, den padha

dados santosa, lawas-lawas sasat datan padha sudi, sida sadu suda.

8. Sasedyaning reh kang wus rumakit, rumaket saking saking talining

tekad, kababar jembar layare, cagak kayu kayunghyun, eneng ening

tibaning padhing, niyat kuwating barat, barat kang mung sarju, tuju

tujuwaning palwa, lumaku telenging samodra bayani, coba cepaking

ombak.

9. Mila kedah waspada lan eling, enget bangsaning rahsa kelingan,

tayar buyar kalingane, nahkoda awas semu, gondhelan gondhal

gandhul eling, setir kuwat santosa, coba manggon laku, hamung

tetep mantep minta, sihing Gusti Murbeng Jagad sahir kabir, beda

kandhaning kongkang.

10. Thethet theyot theblung muna muni, brangkele karepe dhewe

polah, kungkum toya imbon jare, supe asale kawruh, wujud gula

kasebut wedhi, muwus wulung bul pethak, suka saking luput, sipat

rusak ngajak ajak, dhuh kaki nini den waspada lan eling, urip nora

gampang.

11. Pang epanging wreksa urip okih, tingalen wit jatining manungsa,

owalah ongel gawate, puniku kedhung ngelmu, takokna ingkang ahli

swargi, golekana jro sastra, purwa kuna luhung, angluluri adat

budya, anjaga jejeging jagad agung lan lit, dados satriya tama.

(3)

jujur jejering mojar, aja udan idu, yen tan wikan arahing byat, katona

poh cubluk simpenen sing wasis, wadhag dados sarana.

13. Ngupaya dayaning niyat yekti, ngayahi gayunge panggayuhan,

kaya kaya kawayangke, jeneng jenang nggih lembut, asma simo

bubukti daging, den obahken dhalangnya, nanging kala laku,

kalimput kabut lan padhat, surem surem remeng mangku morat

marit, wayang tan weruh dhalang.

14. Samar samar semu amanglingi, kalingling anglingipun walikan,

wayang glenyengan katone, gandhang kumandhang kadhung,

walangan lengan lingak lingik, ngakak ambiyak layak, goyang gonyak

ganyuk, ting panthalit karanjingan, anggugu gegering gogor nggagar

regi, gumrenggeng garundelan.

15. Kocap katonton lakon jempalit, pepali kagingsir pepulutnya,

permadi nyuli limbuk, tepuk tepuk tapa tinampik, de gawat aywa was

was, lamun ana kabut, dhalang kebat kebut kipat, kipatanipun

amepeg hawa wiwit, kendhali dhiri mangga.

16. Manggen minggah mahom pahoman di, sigeg gantos cariyos

tetela, kala bumi geng bentere, mbranang mawinga kolu, siti brekah

tirtanya lari, muluk dedel ngawiyat, kaboyong lan bayu, kompal

kampul sami kempal, giling mogol gulung mega mendhung silih, hreg

gugrug gludhug gempal.

17. Gempil gampil sumebar ambyari, ginilutan barat beng sangsaya,

muter tarikan derese, jejeg anjojog kebuk, jaja jinujug tan kaot ti,

ngeg bumi sumusupan, jawah tansah dhawuh, dhawah anggrojog

bantala, surya sasi kasisip tan katingal lir, ratri rata grahana.

18. Hananging nggih wonten malih alih, kalih warni kawarna karana,

kapisan surya bentere, hangobahken warih ruh, mangarah ing

tawang tinari, kapindhonipun barat, kapanasan mlayu, napasipun

nepis toya, warih kagyat minggah panggih sami ganti, mendhung

mega kumambang.

PUPUH II

MASKUMAMBANG

1. Tingalana solah bawa hawa kaki, kala sabab buwang, adhem asrep

ngarep rupi, panas rahsa peteng rupa.

2. Kawruhana jagad saged reged gedhi, lan kawulanira, bingung

pengung amung muring, kendel ngempalaken dosa.

(4)

4. Golongane jawah salah mangsa dugi, rupa manggen cipta,

ginathukan dados pasthi, nami rupa kanyatanan.

5. Kasetanan nami rupi nggagar regi, boten panggih harja, malah

panggah pangguh dhemit, utek buntet manah susah.

6. Tan pramana tan pranawa datan titis, galih tan kawawa, ngangge

hawa mawa remit, peteng ndhedhet ndudut padhang.

7. Jawah polah bantala tan kesti, jawah wus tan dhawah, ganti rupi

pedhut padhit, kandel mendel sesek sesak.

8. Mrayang tanpa kocap gepokaning budi, estining manungsa,

suwung blung wong kothong jati, tangeh panggiha raharja.

9. Raharjaning janma rahayuning bumi, cipta manjing rasa, gepok

senggol wus nyawiji, mangayubagyaning begja.

10. Tanpa kira agung nugrahaning Gusti, wus pasthi sadaya, janma

sapa ingkang nampi, jer basuki mawa bea.

11. Sapandurat rarat tanna amlarati, ngruwat mrih kuwat, sipate

ambabat lamis, santer anter rinesepan.

12. Kumawula dalah datan kumawani, wolak walik uwal, kawalane

amiwiti, mudhar angkarane mudha.

PUPUH III

SINOM

1. Rerengganing ngati swara, gumarenggeng angebeki, sumrambah

angambah ambah, babahane ambabari, rineksa tanna tepi, tepine

wus manggen catur, tanpa tuturnya uga, ingaturan Jawata di, ngarah

rahsa tumekaning kang sinedya.

2. Cumadhonge taren driya, ya ta sapa sangka dadi, kadadeyan

kadadaran, manungsa darbe pamuji, pepujane ngadhili, adhil medal

wus kadudul, dilalah oleh begja, awal parentulan wadi, wewudane

dadi pepancadan guna.

3. Migunani warna warna, sumebyare kedhung janmi, den prayitna

mring pusernya, pilih sawiji wajibing urip, kang peni handayani,

hangobahken nama kedhung, tan kintir tanna kalap, kelap kelip kang

kumintir, ngupayaha memaniking kedhung jagad.

(5)

amerbawani katutur, turah sabarang sawab, datan aber tanpa kibir,

tetandhaning kang wus manjing kedhung jagad.

5. Sajuga sajagad mulya, lega legawaning ngurip, bebasane bebas

rahsa, karahsa telenging ngati, mulur nalare pikir, ambikak kuntha

wilantun, padhang jingglang panyawang, bebana awrat sinangga,

aywa was was jer kagungan panggayuhan.

6. Eling eling kekidungan, sapa temen tinemu wi, bebanane nggih

punika, kuwat mbabat kabut wiwit, okih kedhung sabumi, den

waspada sadulur sun, tan katingal sadaya, kasalimur pedhut padhit,

nuwuhaken kekembaning kekembengan.

7. Kambu kemba kombe sambat, wegah wigih datan panggih, yen ta

amung thekluk theklak, kabut sangsaya anjaring, kapaleye ring

jroning, ider ideraning kedhung, kintir ring puserannya, ambyar sipat

ngirib irib, kedhung buthek angga lethek gelagepan.

8. Kedhung abang badan mbranang, nanging ta kedhung ingkang

pundi, wonten nama kedhung buta, bagya pijer tangeh panggih,

senenge semu semir, katon tanpa tata tuntun, tan kinira jiwangga,

hawa wuwus gegilani, karahsa jro taksih arum bathang kongkang.

9. Buta butuh betah kerah, kerep kedhung buta kadi, jamak kedhung

sesiluman, sumebar samargi margi, pating plenthong tur plenthing,

seluman sila selumun, anuwek nuwek jaja, cegat mangsa plilak plilik,

jahil muthakil awet besiwit watak.

10. Kedhung baya keh bebaya, boyong bangke bungkuk budi,

kedhung sawer sawur wisa, supe sipating bebecik, nggares sing

nggegirisi, kedhung gegremetan langkung, ageng agenging kalap,

muser seser serik tarik, mas katon wingka wingka katon kencana.

11. Lintah cacing lan kelabang, resrespanan kalajengking, maringis

paring geganas, nggeget necep nucup getih, walah sapisan malih,

waspadakna sadulur sun, gegondhelaning dalan, rikat reh kakukud

rakit, tata titi tuntun temah tutug tapa.

12. Kelem manik kedhung jagad, murba mosik kedhung nguni,

kinadohken ingkang perak, kaperaken ingkang tebih, saged tetep

ingkang tebih, mara perak sangsaya wur, sami sesanti mangga,

anggen genah anggan galih, gegalangan ageng agung kedhung jagad.

13. Kedhung kadhung lumeberan, asrep asri srireh bumi, seger rerem

arum mara, rum ruming semu cahya wi, yem ayom mahom bumi,

marem bawana tan gunggung, seleh tan salah puja, pepunjinan

panjang galih, hawa kadya kanyut gendhing kekahyangan.

(6)

kirang, arang pakareme keri, kareman ulah puji, jumedhul brul

namung dumuk, wit mot wohing pepuja, idhum adhem manjing

bumi, ati anteng saking hawa bawaning wit.

15. Awit ruwat rawat sawab, doh mala alaning siti, kasengsem

samarginira, jejeg jujug tekad dhiri, pinayungan roning wit, buta

musna manungsa yu, rahayu saking Allah, betah maratapa singgih,

tepa tapa patang tingkah kanepsonan.

16. Kena pisan luput pisan, datan keni minangkani, kadadeyan lan

kabegjan, angupaya luwih becik, donyane angawali, akherate mukti

nemu, aywa salah dedalan, mangewu ewuan margi, tan kinira tan

kanyana melok mata.

17. Kalamatan nikmating mat, memet pamilihing lungit, kadya

karemet remeta, pametuning kang pinilih, pawungkule makarti,

supadya begja sadarum, mukti salaku mulya, mulyane akemul kamil,

pramilanya gegayuhan borong manah.

18. Lelaku samarga marga, marginipun warni warni, gonjang ganjing

ogil ogal, lumaku lemek ukara , mathentheng anjemparing, tan anolih

anamung hru, amawas singacapa, ngalemprek lemprek lan nganti,

kadya tanceping waos ing pakulitan.

19. Dhiri pinisakit nyata, ya ta gung apura ngriki, wekasan luhuring

raga, reh katata seleh silih, amrih beciking akhir, kira kirane

sinamur, kasalimur sadaya, dayanipun daya ngeli, dedokohan tresna

marang sapepadan.

20. Pada pada tetulisan, kapranan araga Jawi, winarneng pinantes

sekar, arum rasa arum ganda, dhuh ganthilaning ati, tetep guyub

tetep rukun, kumandel ahlul swarga, tansah setya among gati,

gumatine madukara lan gendhiswara.

Referensi

Dokumen terkait

Nyata lamun lelabuhan suci, ingkang bisa gawe tentrem jagad, rahayu pra titah kabeh, kang kadunungan ngelmu, sempurnaning urip lan pati, sempurnaning panembah, mring

// Den kadi duk jaman purwa / garwanta Sang Pandhusiwi / kang kocap layang wiwaha / lelima ayu linuwih / tiga putrining aji / kang kalih atmajeng wiku / pantes

Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh durjana, tan wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep akeh bongsa, nora wurung dadi

// natèng Kumbina tatanya / mring Arjuna adhimu si Rugmini / apa durung sira lampus / Arjuna aturira / inggih déréng wit datan ana kang dhawuh / saking paduka sang nata /

Pinaringan mring garwa lan siwi / wusnya rampung panupigsanira / dyan Ripangi andikane / kapriye pamikirmu / dhuh ibune lan putra mami / kang garwa tur sumangga / kula

Dadi kapinteranira, mung sira anggo pribadi, nora asung tetempilan, marang bangsanira sami, nrima enak ndheweki, yen mangkono kurang parlu, tan mikir mring

Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh durjana, tan wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep akeh bongsa, nora wurung dadi

Pinaringan mring garwa lan siwi / wusnya rampung panupigsanira / dyan Ripangi andikane / kapriye pamikirmu / dhuh ibune lan putra mami / kang garwa tur sumangga / kula