DEWI RUCI Nate sun nekad tambuh tumrap awak dewe
Tumapak sesongaran sasruning sumber awak dewe Sun tambuh endah tambane
Tembene pundat sumbarku
Sun tambuh kapan kapanduk tumungkul awak dewe
Sena:
Aglaring taman peteng ndedet
Tanpa rupa tarlen mung wangi hmmmm Rum wangi tamankang peteng ing ati
Tamaning teleng ati kang nedeng kayungyun Keng sliro
Ing puncak wangi taman jroning nolo mak kroso kori nggege den minep Dreng mbrengengengku satemah Tan kumawa ngancas kasantosanku Nggo mengak regolmu
Sapenjagong lan ngucup cahyomu..
Dewi Ruci:
Was saguh mbok tamatke taman nir rupo Wus saguh mbok wangekke wanguning cuwo Tan sak pandurat netro cat katon
Tan tetanduran tanpo wewengkon