• Tidak ada hasil yang ditemukan

Buku tuntunan. ST27i/ST27a

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "Buku tuntunan. ST27i/ST27a"

Copied!
128
0
0

Teks penuh

(1)
(2)

Isi

Xperia™ go Pandhuan pangguna...6

Persiyapan...7

Android™ – apa lan ngapa?...7

Ringkesan...7

Ngrakit...8

Nguripake lan mateni piranti ...10

Kunci layar...11

Pandhuan atur wiwitan...11

Akun lan layanan...11

Ngerteni piranti...13

Nggunakake tombol...13

Baterei...13

Nggunakake layar demek...16

Nggunakake layar kemunci...18

Layar ngarep...19

Kanggo ngakses lan nggunakake aplikasi...21

Status lan kabar...23

Menu Setelan...24

Ngetik teks...25

Kustomisasi piranti...29

Memori...32

Nggunakake piranti tanpa nyekel ...33

Setelan internet lan olahpesen...33

Ngontrol panggunaan data...34

Setelan jaringan seluler...35

Google Play™...37

Miwiti Google Play™...37

Ngundhuh saka Google Play™...37

Mbusak data aplikasi...37

Ijin...38

Nginstal aplikasi sing dudu saka Google Play™ ...38

Nelpon...39

Telpon darurat...39

Nangani telpon...39

Surat swara...41

Telpon multi...41

Telpon konferensi...41

(3)

Kontak ...44

Babagan Kontak...44

Nransfer kontak menyang piranti anyar...44

Kontak ikhtisar layar...46

Ngatur kontak...46

Komunikasi karo kontak sampeyan...48

Nuduhake kontak...48

Nggawe serep kontak...48

Olahpesen...50

Nggunakake olahpesen teks lan multimedia...50

Pilihan pesen teks lan pesen multimedia...51

Google Talk™ ...52

Email...53

Miwiti Email...53

Nggunakake email...54

Aplikasi "WALKMAN" ...57

Babagan aplikasi "WALKMAN"...57

Ngirim file media menyang piranti ...57

Nggunakake aplikasi "WALKMAN" ...58

Visualiser ...59

Ngolehi informasi luwih lengkap babagan track utawa artis...59

Nggunakake Musikku kanggo ngatur trek ...59

Ngatur dhaptar lagu...61

Aplikasi widget "WALKMAN" ...62

Njaga pangrungon...62

Layanan musik...63

Teknologi TrackID...63

Music Unlimited™...64

Nggunakake layanan PlayNow™...64

radio FM...66

Babagan radio FM...66

Nggunakake saluran radio favorit...67

Setelan swara...67

Ngenali trek radio nggunakake TrackID™...68

Kamera...69

Babagan kamera...69

Nggunakake kamera foto...69

Nambahake posisi geografis menyang foto...70

Nggunakake setelan kamera mati...71

Nggunakake kamera video...74

(4)

Mobile BRAVIA® Engine...79

Ndeleng potret lan video sing disimpen ing Gambar tab ...79

Ndeleng potret lan video sing disimpen ing Albumku lagu tab ...80

Ndeleng potret ing peta...84

Ndeleng album online...86

Film...88

Babagan Film...88

Nganggo Film...88

Video Unlimited™...90

Babagan Video Unlimited™...90

Nyewa utawa tuku video...90

Nonton video saka Video Unlimited™...91

Jlajah web...92

Babagan jlajah web...92

Konektivitas...93

Nyambung menyang jaringan nirkabel...93

Enggo bareng isi karo piranti DLNA Certified™...96

Teknologi nirkabel Bluetooth™...98

Nyambungake piranti karo komputer...101

Waca cepet kode balok nganggo aplikasi NeoReader™...103

Sambungake Cerdas...104

Sinkronisasi data ing piranti...105

Babagan nyinkronake data ing piranti...105

Sinkronisasi nganggo Google™...105

Nyelarasake email, tanggalan lan kontak perusahaan...105

Nyinkronake karo Facebook™...106

Peta lan lokasi...108

Babagan layanan lokasi...108

Nggunakake GPS...108

Google Maps™...108

Nggunakake Google Maps™ kanggo mangerteni arah...109

Tanggalan lan jam weker...110

Tanggalan...110

Jam weker...110

Dhukungan lan perawatan...113

Nganyarake piranti...113

Mulihake piranti...114

Ngunci lan njaga piranti...114

(5)

Referensi...118

Ringkesan setelan...118

Ringkesan lambang kabar lan status...119

Ringkesan aplikasi...120

Informasi penting...122

Brosur informasi penting...122

Watesan layanan lan fitur...122

Kedhap banyu...122

Informasi hukum...123

(6)
(7)

Persiyapan

Android™ – apa lan ngapa?

Telpon Xperia™ saka Sony mlaku nganggo platform Android. Piranti Android bisa nglakokake akeh fungsi sing padha minangka komputer lan bisa disetel miturut

kabutuhan sampeyan. Contone, sampeyan bisa nambah utawa mbusak aplikasi, utawa ningkatake aplikasi sing wis ana kanggo ngapikake kagunaan. Ing Google Play™ sampeyan bisa ngundhuh sawetara aplikasi lan game saka koleksi sing terus saya akeh. Sampeyan uga bisa nggabungake aplikasi ing piranti Android™ karo aplikasi liyane lan layanan online sing sampeyan gunaake. Contone, sampeyan bisa nggawe serep kontak, ngakses akun email lan tanggalan liyane saka sakpanggonan, nglacak janjian, lan aktif ing jaringan sosial.

Piranti Android™ saya suwe saya apik. Yen kasadhiya versi piranti lunak anyar lan piranti ndhukung piranti lunak anyar iki, sampeyan bisa nganyarake piranti kanthi njupuk fitur-fitur anyar lan pangapikan pungkasan.

Piranti Android™ wis diiseni layanan Google™. Kanggo ngoptimalake layanan Google™ sing kasadhiya, sampeyan kudu nggawe akun Google™ lan mlebu ing akun kasebut nalika sapisanan miwiti piranti. Sampeyan uga kudu duwe akses internet kanggo nggunakake fitur-fitur ing Android™.

Rilis piranti lunak anyar bisa uga ora kompatibel karo kabeh piranti.

Ringkesan

1 Tombol daya 2 Spiker 3 Sensor jarak 1 4 Sensor jarak 2 5 Sensor cahya 6 LED Kabar

7 Port pangisi daya/kabel USB 8 Tombol Volume/Atur ukuran 9 Tombol menu

10 Mikropon utama 11 Tombol Ngarep

(8)

13 Layar demek

14 Konektor piranti tanpa nyekel

15 Lampu LED kamera 16 Lensa kamera 17 Spiker 18 Bolongan tali 19 Mikropon kaloro

Ngrakit

Nyopot tutup mburi

• Lebokake kuku jempol menyang bukaan bolongan tali ing tutup mburi, banjur gunakake jempol kanggo nyungkil munggah tutup.

Nglebokake kertu SIM

Aja nglebokake kertu SIM sing ora kompatibel, contone, kertu SIM mikro, menyang slot kertu SIM. Yen kuwi ditindakake kertu SIM utawa telpon bisa rusak saklawase.

(9)

1 Copot tutup mburi, banjur cungkil wadhah kertu SIM saka pinggiran telpon.

2 Selehake kertu SIM menyang wadhah kertu SIM , kanthi kontak werna emas madhep mendhuwur.

(10)

Nglebokake kertu memori

1 Copot tutup mburi saka telpon.

2 Kanggo nyopot tutup slot kertu memori, lebokake kuku ing longkangan antarane tutup slot kertu memori karo konektor piranti dipasang ning sirah, banjur cungkil tutup.

3 Lebokake kertu memori menyang slot kertu memori kanthi kontak werna emas madhep mendhuwur.

4 Gunakake pinggiran kertu SIM utawa kertu sing ukurane padha, surung mlebu kertu memori menyang slot nganti keprungu swara ngunci.

5 Surung tutup slot kertu memori bali menyang posisi nganti tememplek kenceng.

Masang tutup mburi

1 Selehake tutup mburi ing bagean mburi telpon, banjur dipenerake menyang slote.

2 Geser tutup menyang bagean ngisor telpon. Sampeyan bakal krungu swara klik yen kunci tutup mburi wis semeleh.

Nguripake lan mateni piranti

Nguripake piranti

Priksa manawa baterei wis kebak kanggo paling sethithik 30 menit sadurunge nguripake piranti kaping pisanan.

(11)

1 Penet terus tombol daya nganti piranti kedher.

2 Yen layar dadi peteng, penet tombol daya sedhela kanggo nguripake layar.

3 Kanggo mbukak layar, seret munggah utawa seret mudhun.

4 Tik PIN kertu SIM yen dijaluk, banjur pilih OK.

5 Enteni sedhela nganti piranti wiwit.

PIN kertu SIM pisanane disedhiyakake dening operator jaringan, nanging sampeyan bisa nggenti mengko saka menu Setelan. Kanggo ngoreksi kasalahan sajrone ngetik PIN kertu SIM, tutul .

Mateni piranti

1 Penet terus tombol daya nganti menu pilihan mbukak.

2 Ing menu pilihan, tutul Daya mati.

3 Tutul OK.

Butuh sawetara wektu nganti piranti mati.

Kunci layar

Nalika piranti urip lan dienengake sawetara wektu, layar dadi peteng kanggo ngirit daya baterei, lan ngunci kanthi otomatis. Kunci iki ngalangi tumindak tanpa kasengaja ing layar demek nalika sampeyan lagi ora nggunakake piranti. Ing layar kemunci, sampeyan isih bisa njupuk potret lan muter trek audio.

Ngaktifake layar

• Penet sedhela tombol daya .

Mbukak kunci layar

• Seret munggah utawa seret mudhun.

Ngunci layar kanthi manual

• Nalika layar aktif, penet sedhela tombol .

Pandhuan atur wiwitan

Nalika sapisanan sampeyan miwiti piranti, pandhuan atur wiwitan mbukak kanggo nerangake fungsi dhasar lan mbantu sampeyan ngatur setelan sing penting. Iki wektu sing apik kanggo ngatur piranti supaya cocog karo kabutuhan tartamtu. Sampeyan uga bisa ngakses pandhuan atur wiwitan mengko saka menu setelan.

Ngakses panuntun atur wiwitan kanthi manual 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Tutul Setelan > Panuntun persiyapan.

Akun lan layanan

(12)

Google™ menyang Kontak supaya kabeh disimpen ing sak panggonan. Sampeyan bisa mlebu ing layanan online anyar saka piranti lan uga saka komputer.

Akun Google™

Duwe akun Google™ kuwi kunci kanggo nggunakake rerangken aplikasi lan layanan ing piranti Android. Sampeyan perlu akun Google™, contone, kanggo nggunakake aplikasi

Gmail™ ing piranti, kanggo ngobrol karo kanca-kanca nggunakake Google Talk™, lan nyelarasake aplikasi tanggalan ing piranti karo Google Calendar™. Sampeyan uga mbutuhake akun Google™ kanggo ngundhuh aplikasi lan game, musik, film, lan buku saka Google Play™.

Microsoft

®

Exchange ActiveSync

®

account

Selarasake piranti karo akun Microsoft® Exchange ActiveSync® perusahaan sampeyan.

Kanthi mangkene, sampeyan bisa nglacak email, kontak lan acara tanggalan perusahaan kapan wae.

Akun Facebook™

Facebook™ iku layanan jaringan sosial sing nyambungake sampeyan karo kaca, kulawarga lan kolega sak donya. Atur wiwitan Facebook ben bisa dianggo ing piranti supaya sampeyan bisa tetep bisa dikontak saka ngendi wae.

(13)

Ngerteni piranti

Nggunakake tombol

Mundur

• Mundur menyang layar sadurunge

• Tutup tombol layar, kothak dialog, menu pilihan, utawa panel Kabar Ngarep

• Pindhah menyang Layar Ngarep

• Penet terus kanggo mbukak jendhela sing nuduhake aplikasi sing lagi wae digunakake Menu

• Bukak dhaptar pilihan sing kasadhiya ing layar utawa aplikasi saiki

Baterei

Piranti wis ditempeli baterei.

Ngisi daya baterei

Baterei wis diisi sebagean nalika sampeyan tuku piranti. Perlu wektu sawetara menit sadurunge lambang baterei katon ing layar nalika sampeyan nyambung kabel pangisi daya karo sumber listrik, kayata port USB utawa pangisi daya. Sampeyan isih bisa nggunakake piranti nalika piranti diisi daya. Ngisi daya piranti nganti suwe banget, umpamane sawengi nutug, ora bakal ngrusak baterei utawa piranti.

Baterei bakal kalong sethitik sawise diisi daya nganti kebak banjur ngisi maneh daya sawise sawetara wektu nalika pangisi daya disambungake. Iki tujuane supaya umur baterei awet lan status pangisian daya ngatonake tingkat kurang saka 100 persen.

(14)

Ngisi daya piranti

1 Tancepake pangisi daya menyang stopkontak.

2 Tancepake pucuk kabel USB menyang pangisi daya (utawa menyang port USB ing komputer).

3 Tancepake pucuk kabel USB sijine menyang port mikro USB ing piranti, kanthi lambang USB madhep munggah. LED status baterei bakal murup nalika ngisi daya diwiwiti.

4 Yen warna LED status baterei ijo, tegese piranti wis diisi daya nganti kebak. Jabut kabel USB saka piranti kanthi narik nanging aja nganti nekuk. Aja nganti nekuk konektor nalika njabut kabel saka piranti.

Yen daya baterei kosong, bisa diperlokake sawetara menit sadurunge lampu LED murup sawise kabel pangisi daya disambungake menyang sumber listrik.

Status baterei LED

Ijo Isi daya baterei wis kebak Abang Baterei kari sethithik

Oranye Baterei lagi diisi daya. Tingkat baterei sedheng

Mriksa level baterei

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Babagan telpon > Status > Tingkat baterei.

Ngapikake kinerja baterei

Tips ngisor iki bisa nulung ngapikake kinerja baterei:

• Kerepa ngisi daya baterei piranti. Iki ora nggawa dampak tumrap jangka wektune baterei.

• Ngundhuh data saka internet iku nganggo daya akeh. Yen lagi ora nggunakake internet, sampeyan bisa ngirit daya kanthi mateni kabeh sambungan data sing liwat jaringan seluler. Setelan iki ora ngalangi piranti ngirim data liwat jaringan nirkabel liyane.

• Pateni Bluetooth™ lan Wi-Fi® nalika ora mbutuhake fitur-fitur iki. Sampeyan bisa nguripake lan mateni fitur-fitur kasebut kanthi luwih gampang kanthi nambahake widget setelan Cepet menyang Layar Ngarep.

• Gunakake fitur mode STAMINA lan Mode baterei kari sethithik kanggo nyuda konsumsi daya baterei. Sampeyan bisa milih mode irit daya sing paling cocog karo cara panggunaan piranti sampeyan. Sampeyan uga bisa matutake setelan saben mode irit daya.

• Setel aplikasi sinkronisasi (digunakake kanggo nyelarasake email, tanggalan, lan kontak) kanggo nyelarasake kanthi manual. Sampeyan uga bisa nyelarasake kanthi otomatis, nanging bakal nambah interval sinkronisasi.

• Priksa menu panggunaan baterei ing piranti kanggo ndeleng aplikasi endi sing nggunakake daya paling akeh. Baterei nganggo daya luwih akeh nalika sampeyan

(15)

• Pateni piranti utawa uripake setelan Mode pesawat yen sampeyan ana ing wilayah sing ora kalebu area jaringan. Yen ora, piranti bakal bola-bali nlusur cepet jaringan sing kasadhiya, lan iki nggunakake daya.

• Gunakake piranti tanpa nyekel asli saka Sony kanggo ngrungokake musik. Piranti tanpa nyekel nggunakake daya baterei luwih sethithik tinimbang spiker piranti iku dhewe.

• Aktifake piranti ing mode siyaga kapan wae yen bisa. Wektu siyaga nuduhake wektu sajrone piranti disambungake menyang jaringan lan lagi ora digunakake.

• Atur supaya kabeh wallpaper urip ora bisa aktif.

Ngakses menu panggunaan baterei 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya > Panggunaan baterei.

Nambahake widget Kiriman data menyang layar Ngarep 1 Tutul terus area kosong ing Layar Ngarep.

2 Tutul Widget > Alat.

3 Tutul terus widget Data seluler, banjur seret menyang area kosong ing layar Ngarep.

Nambahake widget setelan Cepet menyang layar Ngarep 1 Tutul terus area kosong ing Layar Ngarep.

2 Tutul Widget > Alat.

3 Tutul terus widget Setelan cepet, banjur seret menyang area kosong ing Layar Ngarep.

Nggunakake mode STAMINA

Nguripake fitur mode STAMINA kanggo nggawe ngaso sambungan Wi-Fi® , kiriman data lan sawetara aplikasi sing nganggo daya akeh nalika layar ora aktif. Nalika mode STAMINA aktif, sampeyan isih bisa nampa panggilan telpon, lan pesen teks lan pesen multimedia. Sampeyan uga bisa nyetel dhaptar aplikasi kanggo ngidini sawetara aplikasi tetep mlaku nalika layar ora aktif. Yen layar aktif maneh, kabeh fungsi sing ngaso terus urip.

Nguripake mode STAMINA 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya.

3 Tutul ing jejere mode STAMINA, banjur tutul Aktifake.

Mateni mode STAMINA 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya.

3 Tutul ing jejere mode STAMINA.

Nggenti setelan kanggo mode STAMINA 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya.

3 Kanggo mbukak menu setelan, tutul mode STAMINA.

4 Nambah utawa mbusak aplikasi, kaya sing dikepengini.

5 Yen wis rampung, tutul Rampung.

Ngira-ira wektu siyaga ing piranti

Wektu siyaga ngrujuk menyang jumlah wektu baterei bisa tahan yen piranti disambung menyang jaringan nanging lagi ora digunakake contone, kanggo nampa utawa nelpon. Mode STAMINA, yen diuripake, tansah ngetung wektu siyaga sing isih ana, sing bisa mawerna-wrna gumantung kepiye carane sampeyan nggunakake piranti. Mode

(16)

Yen sampeyan arang-arang ngunci layar, mbokmenawa sampeyan ora bisa ngerti pangapikan kinerja baterei.

Yen sampeyan lagi pisanan nggunakake piranti, wektu siyaga sing dikira-kira iku bisa uga ora akurat amarga durung ana riwayat panggunaan sadurunge.

Ndeleng wektu siyaga sing wis dikira-kira suwene 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya.

Nggunakake mode baterei Cendhek

Sampeyan bisa nguripake fitur Mode baterei kari sethithik yen level baterei cendhek. Fitur iki nulung sampeyan kanggo nyetel setelan kanggo pepadhang, kiriman data, lan fungsi kedher supaya sampeyan bisa nyuda panggunaan baterei.

Nguripake mode baterei Cendhek 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya.

3 Tutul ing jejere Mode baterei kari sethithik, banjur tutul Aktifake.

Mateni mode baterei Cendhek 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya.

3 Tutul ing jejere Mode baterei kari sethithik.

Nggenti setelan kanggo mode baterei Cendhek 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Manajemen daya.

3 Kanggo mbukak menu setelan, tutul Mode baterei kari sethithik.

4 Setel setelan kaya sing dikepengini.

5 Yen wis rampung, tutul .

Nggunakake layar demek

Lembar plastik pelindhung ditempelake ing layar piranti nalika sampeyan tuku piranti iku. Lembaran iki kudu diklethek sadurunge sampeyan nggunakake layar demek. Yen ora, layar demek ora bisa digunakake kanthi bener.

Nalika piranti urip lan dienengake sawetara wektu, layar dadi peteng kanggo ngirit daya baterei, lan ngunci kanthi otomatis. Kunci iki ngalangi tumindak tanpa kasengaja ing layar demek nalika sampeyan lagi ora nggunakake piranti. Sampeyan uga bisa nyetel kunci pribadhi kanggo njaga langganan lan pesthekake yen mung sampeyan sing bisa ngakses isi ing piranti.

Layar piranti sampeyan digawe saka kaca. Aja ndemek layar yen kaca retak utawa pecah. Aja njajal ndandani dhewe layar sing rusak. Layar kaca sentisif kena benturan lan goncangan mekanis. Rusak amarga sembrono ora dijamin dening layanan garansi Sony.

Mbukak utawa nyorot item • Tunyuk item.

Nandhani pilihan

Kothak sing dicenthang Kothak sing ora dicenthang Pilihan dhaptar sing dicenthang

(17)

Nyenthang utawa mbusak pilihan

• Tutul kothak sing cocog utawa pilihan dhaptar.

Zoom

Pilihan zoom sing kasedhiya gumantung menyang aplikasi sing digunakake.

Ngatur ukuran

• Tempelake driji loro ing layar banjur ciutake bareng-bareng (kanggo nyilikake) utawa ambakake (kanggo nggedhekake).

Nalika sampeyan nggunakake driji loro ing layar kanggo ngatur ukuran, kuwi mau bisa ditindakake yen driji loro ana ing area sing bisa diatur ukurane. Yen sampeyan, umpamane, arep ngatur ukuran kanthi nggedhekake potret, priksa yen driji loro wis ana ing area pigura potret.

Nggulung

Gulung kanthi ngobahake driji menduwur utawa mengisor ing layar. Ing sawetara kaca web sampeyan bisa uga nggulung nyamping.

Nyeret utawa nggulung cepet ora bakal mengaruhi layar.

Nggulung

• Seret utawa gulung cepet driji menyang arah sing arep digulung ing layar.

(18)

Nggulung cepet

• Kanggo nggulung luwih cepet, geser cepet driji menyang arah sing dipengini ing layar. Sampeyan bisa ngenteni obahe nggulung nganti mandheg dhewe, utawa bisa dumadakan nyetop kanthi nunyuk layar.

Sensor

Piranti sampeyan nduweni sensor sing ndeteksi cahya lan jarak. Sensor cahya ndeteksi tingkat cahya sekitar banjur nyetel padhange layar sing cocog. Sensor jarak mateni layar demek sajrone telpon swara nalika kuping sampeyan cedhak layar. Iki ngalangi supaya ora sengaja ngaktifake sawetara fungsi piranti nalika sampeyan nelpon.

Nggunakake layar kemunci

Ing layar kemunci, sampeyan bisa muter trek, njupuk protret lan ngrekam video tanpa ngunci layar.

Njupuk potret saka layar kemunci

1 Kanggo nguripake layar, penet sedhela tombol daya .

2 Kanggo nguripake kontrol kamera, seret menyang sisih kiwa layar.

3 Tutul .

Muter trek audio saka layar kemunci

1 Kanggo nguripake layar, penet sedhela tombol daya .

2 Kanggo nampilake kontrol pamuter musik, seret menyang sisih tengen layar.

3 Tutul .

Ngaso trek audio saka layar kunci

1 Kanggo cepet ngaktifake layar, penet tombol daya sedhela wae.

2 Yen ditampilake kontrol pamuter musik, tutul .

Ngganti trek audio sing lagidiputer saka layar kunci

(19)

Layar ngarep

Layar Ngarep iki minangka gateway menyang fitur utama ing piranti. Sampeyan bisa ngatur Layar Ngarep karo widget, trabasan, folder, tema, wallpaper lan item liyane. Ambane Layar Ngarep ngluwihi tampilan layar biasane, dadi sampeyan kudu nggulung cepet ngiwa utawa nengen kanggo ndeleng konten ing kabeh panel layar Ngarep. nuduhake bagean Layar Ngarep sing saiki dipanggoni. Sampeyan bisa nyetel salah siji panel minangka panel layar Ngarep, lan nambah utawa mbusak panel.

Item ing garis ing sisih ngisor layar tansah kasedhiya kanggo akses cepet.

Kanggo pindhah menyang layar Ngarep • Pencet .

Kanggo nelusur layar Ngarep • Gulung cepet nengen utawa ngiwa.

Nyetel panel minangka panel layar Ngarep utama

1 Demek terus area kosong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher.

2 Gulung cepet ngiwa utawa nengen kanggo njlajah panel sing arep disetel minangka panel layar Ngarep utama, banjur tutul .

Nambahake panel menyang layar Ngarep

1 Demek terus area kosong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher.

2 Gulung cepet ngiwa utawa nengen kanggo njlajah panel, banjur tutul .

Mbusak panel saka layar Ngarep

1 Demek terus area kosong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher.

2 Gulung cepet ngiwa utawa nengen kanggo njlajah panel sing arep dibusak, banjur tutul .

Widget

Widget yaiku aplikasi cilik sing bisa langsung digunakake ing Layar Ngarep. Contone, widget pamuter “WALKMAN” ngidini sampeyan miwiti muter musik kanthi langsung.

(20)

Sawetara widget bisa diowahi ukurane, dadine sampeyan bisa nggedhekake kanggo ndeleng isi luwih akeh utawa nyilikake kanggo ngirit papan ing Layar Ngarep.

Nambahake widget menyang layar Ngarep

1 Demek terus area kothong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher, banjur tutul

Widget.

2 Golek banjur tutul widget sing arep ditambahake.

Ngowahi ukuran widget

1 Demek terus widget nganti dadi gedhe lan piranti geter, banjur culake widget. Yen widget bisa diowahi ukurane, contone, widget Tanggalan, pigura sing disorot lan titik sing diowahi ukurane bakal katon.

2 Seret titik kasebut mlebu utawa metu kanggo nyilikake utawa nggedhekake widget.

3 Kanggo konfirmasi ukuran anyar widget, tutul ngendi wae ing Layar Ngarep.

Ngatur maneh layar Ngarep

Ngatur tampilan layar Ngarep lan ngganti fitur sing bisa diakses saka layar kasebut. Nggenti latar mburi layar, mindhah-mindhah item, gawe folder, lan tambah trabasan lan widget.

Pilihan Kustomisasi

Yen sampeyan demek terus area kosong in layar Ngarep, pilihan kustomisasi iki bakal katon:

Nambahake widget ing layar Ngarep. Nambahake aplikasi lan trabasan. Nyetel wallpaper ing layar Ngarep. Nyetel tema layar mburi.

Ndeleng pilihan pangaturan dhewe saka layar Ngarep

• Demek terus area kosong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher lan pilihan pangaturan dhewe katon ing sisih ngisor layar.

Nambahake trabasan menyang layar Ngarep

1 Demek terus area kosong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher.

2 Tutul Aplikasi > Trabasan.

3 Pilih trabasan.

Sampeyan bisa nambahake trabasan aplikasi langsung saka layar Aplikasi kanthi ndemek terus aplikasi kasebut.

Mindhah item ing layar Ngarep

• Demek terus item nganti dadi gedhe lan piranti kedher, banjur seret item menyang panggonan anyar.

Mbusak item saka layar Ngarep

• Demek terus sawijine item nganti dadi gedhe lan piranti geter, banjur seret item menyang .

Nggawe folder ing layar Ngarep

1 Demek terus lambang aplikasi utawa trabasan nganti dadi gedhe lan piranti kedher, banjur seret lan selehake ing ndhuwure lambang aplikasi utawa trabasan liyane.

(21)

Nambah folder ing layar Ngarep

• Tutul terus sawijine item nganti dadi gedhe lan piranti geter, banjur seret item menyang folder.

Nggenti jeneng folder ing layar Ngarep 1 Tutul folder kanggo mbukak.

2 Tutul garis judhul folder kanggo nuduhake kolom Jeneng folder.

3 Tik jeneng folder anyar banjur tutul Rampung.

Ngganti latar mburi layar Ngarep

Atur Layar Ngarep kanthi gaya sing dikarepake nggunakake macem-macem wallpaper lan tema.

Nggenti wallpaper layar Ngarep

1 Tutul terus bagian kosong ing Layar Ngarep nganti telpon kedher.

2 Tutul Wallpaper banjur pilih pilihan.

Nyetel tema layar Ngarep

1 Demek terus area kosong ing Layar Ngarep nganti piranti kedher.

2 Tutul Irah, banjur pilih tema.

Yen sampeyan nggenti tema, ing sawetara aplikasi, latar mburi uga bakal digenti.

Kanggo ngakses lan nggunakake aplikasi

Mbukak aplikasi saka trabasan ing Layar Ngarep utawa saka layar Aplikasi.

Layar aplikasi

Layar Aplikasi, sing dibukak saka Layar Ngarep, amot aplikasi sing wis pra-nstal ing piranti bebarengan karo aplikasi sing diundhuh.

Layar Aplikasi bisa ngluwihi ambane layar reguler, dadi sampeyan perlu nggulung cepet ngiwa lan nengen kanggo ndeleng kabeh isi.

Kanggo mbukak layar Aplikasi

• Saka Layar Ngarep, tunyuk .

Kanggo nelusur layar Aplikasi

• Saka layar Aplikasi, gulung cepet nengen utawa ngiwa.

Nggawe trabasan menyang aplikasi ing layar Ngarep 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Demek terus lambang aplikasi nganti layar kedher, banjur seret lambang menyang sisih ndhuwur layar. Layar Ngarep mbukak.

3 Seret lambang menyang panggonan sing dipengini ing Layar Ngarep, banjur angkat driji.

(22)

Enggo bareng aplikasi saka layar Aplikasi 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Tutul , banjur tutul Tuduhake. Kabeh aplikasi sing bisa dienggo bareng dituduhake minangka .

3 Tutul aplikasi sing arep dienggo bareng, banjur pilih pilihan lan konfirmasi, yen perlu. Sambungan kanggo ngundhuh aplikasi dikirim menyang wong-wong sing sampeyan pilih.

Mbukak lan nutup aplikasi

Kanggo mbukak aplikasi

• Saka Layar Ngarep utawa layar Aplikasi, tutul aplikasi.

Kanggo mindhah aplikasi • Pencet .

Sawetara aplikasi dadi ngaso yen sampeyan menet kanggo metu, nanging aplikasi liyane bisa terus aktif ing latar mburi. Yen mengkono, liya wektu yen sampeyan mbukak aplikasi, sampeyan bisa nerusake sing ketundha. Elinga yen ing sawetara aplikasi sampeyan kudu mbayar biaya sambungan data nalika diuripake ing latar mburi, contone, layanan jaringan sosial.

Jendhela aplikasi sing bubar digunakake

Sampeyan bisa ndeleng lan ngakses aplikasi sing bubar digunakake saka jendhela iki.

Mbukak jendhela aplikasi sing mentas digunakake • Penet terus .

Menu aplikasi

Sampeyan bisa mbukak menu kapan wae sampeyan nggunakake sawijine aplikasi. Menu katon beda-beda gumantung saka aplikasi sing digunakake.

Mbukak menu ing aplikasi

• Nalika nggunakake aplikasi, penet . Menu ora kasadhiya ing kabeh aplikasi.

Ngatur maneh layar Aplikasi

Mindhah-mindhah aplikasi mubeng ing layar Aplikasi miturut pilihan.

Ngatur aplikasi ing layar Aplikasi

1 Saka Layar Ngarep, tutul pindhah menyang layar Aplikasi.

2 Tutul dhaptar gulung mudhun ing sisih ndhuwur kiwa layar banjur pilih pilihan.

Mindhah aplikasi ing layar Aplikasi 1 Bukak layar Aplikasi.

2 Demek terus item nganti dadi gedhe lan piranti kedher, banjur seret item menyang panggonan anyar.

Sampeyan mung bisa mindhah aplikasi yen Urutake dhewe dipilih.

Mbusak instal aplikasi saka layar Aplikasi 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Tutul , banjur tutul Busak instal. Kabeh aplikasi sing ora bisa dibusak instale dituduhake nganggo .

(23)

Status lan kabar

Garis status ing layar paling dhuwur ngatonake apa sing lagi aktif ing piranti. Ing sisih kiwa sampeyan entuk kabar yen ana sing anyar utawa sing lagi aktif. Umpamane, pesen anyar lan kabar tanggalan ditampilake ing kene. Sisih tengen ngatonake kekuwatan sinyal, status baterei, lan informasi liyane.

Garis status ngidini sampeyan nyetel setelan dhasar ing piranti, contone, Wi-Fi®, Bluetooth™, kiriman data, lan swara. Sampeyan uga bisa mbukak menu setelan saka panel Kabar kanggo nggenti setelan liyane.

Lampu kabar uga menehi informasi status baterei lan sawetara kabar. Umpamane, lampu biru kelip-kelip tegese ana pesen anyar utawa telpon ora kejawab. Lampu kabar bisa uga ora murup yen baterei kari sethithik.

Priksa kabar lan aktivitas sing lagi ditindakake

Sampeyan bisa nyeret garis status kanggo mbukak panel Kabar lan njupuk informasi liyane. Umpamane, sampeyan bisa nggunakake panel kanggo mbukak pesen anyar utawa ndeleng acara tanggalan. Sampeyan uga bisa mbukak sawetara aplikasi sing mlaku ing latar mburi, kayata pamuter musik.

Mbukak panel Kabar

(24)

Kanggo nutup panel Kabar

• Seret munggah tab ing bagian ngisor panel Kabar.

Mbukak aplikasi sing mlaku saka panel Kabar • Tutul lambang aplikasi sing mlaku kanggo mbukak.

Nolak kabar saka panel Kabar

• Selehake driji ing kabar banjur gulung cepet ngiwa utawa nengen.

Mbusak panel Kabar

• Saka panel Notifikasi, tunyuk Busak.

Setel piranti saka panel Kabar

Sampeyan bisa mbukak menu setelan saka panel Kabar kanggo nyetel setelan dhasar piranti. Contone, sampeyan bisa nguripake Wi-Fi®.

Mbukak menu setelan piranti saka panel Kabar 1 Seret mudhun garis status.

2 Tutul .

Nyetel setelan swara saka panel Kabar 1 Seret mudhun garis status.

2 Tutul .

Ngontrol fungsi Bluetooth™ saka panel Kabar 1 Seret mudhun garis status.

2 Tutul .

Ngontrol fungsi Wi-Fi® saka panel Kabar 1 Seret mudhun garis status.

2 Tutul .

Ngaktifake utawa mateni lalu lintas data saka panel Kabar 1 Seret mudhun baris status.

2 Tutul .

Menu Setelan

(25)

Ngakses setelan piranti 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Tutul Setelan.

Sampeyan uga bisa nyeret garis status undhuhan ing layar Ngarep banjur tutul kanggo ngakses setelan piranti.

Ngetik teks

Sampeyan bisa milih saka angka ing papan tombol lan cara input kanggo tik teks sing amot huruf, angka lan karakter liyane.

Keyboard layar

Tunyuk tombol ing keyboard QWERTY sing ana ing layar kanggo ngetik. Sawetara aplikasi mbukak keyboard layar kanthi otomatis. Sampeyan uga bisa mbukak keyboard iki kanthi nutul kolom teks.

Nggunakake papan tombol layar

1 Genti huruf gedhe-cilik banjur uripake tombol huruf kapital. Kanggo sawetara basa, tombol iki digunakake kanggo ngakses karakter ekstra ing basa kasebut.

2 Nutup tampilan papan tombol layar. Cathet yen lambang iki ora katon ing mode ngadeg. 3 Tampilake nomer lan simbol.

4 Nggawe pribadhi papan tombol. Tombol iki ora katon sakwise papan tombol digawe pribadhi. 5 Tik spasi.

6 Penet tombol bali utawa konfirmasi input teks. 7 Busak karakter sadurunge kursor.

Kabeh ilustrasi mung ditujokake kanggo ilustrasi lan ora kanthi nyata nggambarake piranti.

Nuduhake keyboard layar kanggo ngetik teks • Tunyuk kolom entri teks.

Ndhelikake keyboard layar

• Nalika tombol layar mbukak, penet .

Nggawe pribadhi tombol layar 1 Bukak tombol layar, banjur tutul .

2 Turuti instruksi kanggo nggawe pribadhi tombol layar, contone, tandhani kothak centhang Tombol smiley.

Yen sampeyan ora menehi tandha ing kothak centhang Tombol smiley nalika nggawe pribadhi tombol layar, lambang smiley ora bakal katon.

(26)

Nggunakake tombol layar ing orientasi mujur nengen • Nalika ngetik teks, puter piranti ing posisi miring.

Supaya papan tombol ndhukung fitur iki, mode mujur nengen kudu didhukung aplikasi sing digunakake, lan setelan orientasi layar kudu disetel dadi otomatis.

Ngetik teks nggunakake keyboard layar

• Kanggo ngetik karakter sing ana ing keyboard, tunyuk karakter kasebut.

• Kanggo ngetik karakter liyane, tutul terus karakter keyboard biasane kanggo entuk dhaptar pilihan sing kasedhiya, banjur pilih saka dhaptar. Umpamane, kanggo ngetik "é", tutul terus "e" nganti ditampilake pilihan liyane, banjur, kanthi tetep menet driji ing keyboard, seret lan pilih "é".

Ngalih antarane huruf kapital lan huruf cilik

• Sakdurunge sampeyan ngetik layang, tunyuk kanggo ngalih menyang baris ndhuwur , utawa sakwalike.

Ngaktifake huruf kapital

• Sadurunge ngetik tembung, demek terus utawa nganti metu.

Ngetik angka utawa simbol

• Nalika ngetik teks, tunyuk . Bakal ditampilake keyboard angka lan simbol. Tunyuk kanggo ndeleng pilihan liyane.

Tik tandha waca sing umum

1 Yen wis rampung tik tembung, tutul bar spasi.

2 Pilih tandha waca saka bar calon. Tandha sing dipilih dilebokake sadurunge spasi. Kanggo ngetik titik kanthi cepet, tutul bar spasi kaping pindho yen sampeyan wis rampung ngetik tembung.

Kanggo mbusak karakter

• Tunyuk kanggo nyeleh kursor sakwise karakter sing arep dibusak, banjur tunyuk .

Kanggo ngetik tombol bali

• Nalika ngetik teks, tutul kanggo ngetik tombol bali.

Milih teks

1 Tik sawetara teks, banjur tutul ping pindho teks mau. Tembung sing ditutul bakal disorot ing tab loro-lorone.

2 Seret tab ngiwa utawa nengen kanggo milih teks liyane.

Ngowahi teks ing orientasi mujur nengen

1 Tik sawetara teks, banjur tutul ping pindho teks sing ditik.

2 Pilih teks sing arep diowahi, banjur tutul Owahi... lan pilih pilihan.

Kanggo nemplekake teks saka clipboard, tutul ping pindho kolom teks kanggo ngatonake

Tempel, banjur tutul Tempel.

Ngowahi teks ing orientasi ngadeg

1 Tik sawetara teks, banjur tutul ping pindho teks sing ditik kanggo ngatonake garis aplikasi.

2 Pilih teks sing arep diowahi, banjur gunakake garis aplikasi kanggo nggenti kaya sing dikarepake.

(27)

Baris aplikasi

1 Nutup baris aplikasi 2 Milih kabeh teks

3 Motong teks

4 Nyalin teks

5 Nempel teks

mung katon yen sampeyan nyimpen teks ing clipboard.

Nggunakake fungsi Tulis gangsar kanggo nulis tembung

Sampeyan bisa nulis teks kanthi ngusapake driji saka huruf menyang huruf liyane ing tombol layar.

Tulis gangsar mung kasedhiya yen sampeyan nggunakake tombol layar.

Ngetik teks kanthi nggunakake fungsi Tulis gangsar

1 Nalika sampeyan ngetik teks kanthi nggunakake tombol layar, geser driji saka huruf siji menyang huruf liyane kanggo nglacak tembung sing arep ditulis.

2 Angkat driji sawise sampeyan rampung ngetik tembung. Tembung sing

disaranake adhedhasar huruf sing dilacak. Yen perlu, pilih tembung sing bener ing garis calon.

3 Kanggo ndeleng pilihan liyane, gulung nengen utawa ngiwa ing garis calon tembung. Yen sampeyan ora bisa nemu tembung sing dikarepake, tutul sepisan kanggo mbusak kabeh tembung. Banjur coba maneh nglacak tembung kanthi nggunakake fungsi tulis Gangsar, utawa tutul saben huruf kanggo ngetik tembung.

4 Yen setelan Spasi sadurunge nyeret diuripake, lacak tembung sakbanjure sing arep ditik. Yen ora, tutul balok spasi lan lacak tembung sabanjure sing pengin diketik.

Kanggo ngetik tembung camboran nalika setelan Spasi sadurunge nyeret urip, geser menyang bagean kapisan tembung, banjur tutul huruf liyane kanggo ngetik tembung nganti rampung.

Nggenti setelan Tulis gangsar

1 Nalika ngetik teks nggunakake keyboard layar, tutul .

2 Tunyuk , banjur tunyuk Setelan papan tombol.

3 Tunyuk Setelan input teks.

4 Tandhani utawa busak tandha kothak Tulis gangsar.

5 Yen sampeyan pengin kanthi otomatis nambah spasi ing antarane obahe driji tanpa kudu saben-saben nutul bar spasi, tandhani kothak Spasi sadurunge nyeret.

Phonepad

Phonepad iku padha karo keypad telpon standar 12 tombol. Phonepad menehi pilihan input teks prediktif lan multitap. Sampeyan bisa ngaktifake cara input teks Phonepad liwat setelan keyboard. Phonepad mung kasedhiya ing orientasi mujur.

(28)

Nggunakake Tombol Telpon

1 Milih opsi input teks

2 Nggenti huruf gedhe-cilik lan nguripake tombol huruf kapital 3 Nampilake angka

4 Nampilake simbol lan smiley 5 Ngetik spasi

6 Ngetik tombol bali utawa konfirmasi input teks 7 Mbusak karakter sadurunge kursor

Kabeh ilustrasi mung ditujokake kanggo ilustrasi lan ora kanthi nyata nggambarake piranti.

Mbukak Phonepad kaping pisanan 1 Tutul kolom entri teks, banjur tutul .

2 Tunyuk , banjur tunyuk Setelan papan tombol.

3 Tutul Tampilan papan tombol > Layout papan tombol.

4 Pilih Tombol telpon.

Tombol telpon mung bisa digunakake ing mode ngadeg.

Ngetik teks nggunakake Phonepad

• Nalika ditampilake ing Phonepad, tunyuk saben karakter mung sapisan, sanajan huruf sing dipengini dudu huruf kaping pisanan ing tombol kasebut. Tunyuk tembung sing ditampilake utawa tunyuk kanggo ndeleng saran tembung liyane banjur pilih saka dhaptar.

• Nalika ditampilake ing Phonepad, tunyuk tombol ing layar kanggo karakter sing pengin diketik. Penet terus nganti ditampilake karakter sing dipengini. Banjur tindakake padha kanggo karakter liyane sing pengin diketik.

Ngetik angka nggunakake Phonepad

• Nalika Phonepad mbukak, tunyuk . Phonepad angka bakal ditampilake.

Nyisipake simbol lan smiley nggunakake Tombol telpon

1 Nalika Tombol telpon mbukak, tutul . Tampilan kothak nganggo simbol lan smiley katon.

2 Gulung munggah utawa mudhun kanggo ndeleng pilihan liyane. Tutul simbol utawa smiley kanggo milih.

(29)

Ngakses setelan tombol layar lan Phonepad

1 Nalika ngetik teks nggunakake tombol layar utawa Tombol telpon, tutul utawa .

2 Tunyuk , banjur tunyuk Setelan papan tombol.

Nambah basa tulis kanggo nulis teks

1 Nalika ngetik teks nggunakake tombol layar utawa Tombol telpon, tutul utawa .

2 Tutul , banjur tutul Setelan papan tombol.

3 Tutul Basa > Basa tulis banjur tandhani kothak centhang sing cocog. Tutul OK

kanggo konfirmasi.

Setelan input teks

Nalika ngetik teks nggunakake tombol layar utawa Phonepad, sampeyan bisa ngakses menu setelan input teks sing nulung sampeyan nyetel pilihan kanggo prediksi teks, spasi otomatis lan koreksi cepet. Misale, sampeyan bisa namtokake carane opsi tembung ditampilake lan carane tembung dikoreksi nalika sampeyan ngetik. Sampeyan uga bisa nyetel aplikasi input teks kanggo ngeling-eling tembung anyar sing ditulis.

Nggenti setelan input teks

1 Nalika ngetik teks nggunakake tombol layar utawa Tombol telpon, tutul utawa .

2 Tutul , banjur tutul Setelan papan tombol > Setelan input teks lan pilih setelan sing cocog.

Ngetik teks nggunakake input swara

Nalika ngetik teks, sampeyan bisa nggunakake fungsi input swara tinimbang ngetik. Sebutake tembung sing pengin sampeyan ketik. Input swara iku teknologi eksperimen saka Google™, lan kasedhiya kanggo sawetara basa lan wilayah.

Sampeyan kudu nduweni koneksi data ing jaringan seluler utawa Wi-Fi® kanggo nggunakake layanan iki. Bisa dikenani biaya tambahan.

Mbisakake input swara

1 Nalika ngetik teks nggunakake tombol layar utawa Tombol telpon, tutul utawa .

2 Tunyuk , banjur tunyuk Setelan papan tombol.

3 Centhang kothak Tombol ngetik swara Google.

4 Penet kanggo nyimpen setelan. Lambang mikropon katon ing tombol layar utawa tombol telpon.

Ngetik teks nggunakake input swara

1 Pesthekake yen fungsi input swara bisa dianggo lan sampeyan nduweni koneksi data sing bisa digunakake.

2 Nalika katon ing tombol layar utawa Papan tombol, tutul wae. Nalika tombol basa input, contone, , katon, demek terus tombol mau.

3 Nalika katon, omonga kanggo ngetik teks. Yen wis rampung, tutul maneh. Teks sing disaranake katon.

4 Owahi teks kanthi manual yen perlu.

Kustomisasi piranti

Sampeyan bisa nyetel setelan saperangan piranti supaya cocog karo kabutuhan. Contone, sampeyan bisa nggenti basa, nambah dering pribadhi, utawa nggenti padhange layar.

Nyetel volume

(30)

Ngatur volume dering nganggo tombol volume • Pencet tombol volume munggah utawa mudhun.

Ngatur volume pamuter media nganggo tombol volume

• Nalika muter musik utawa nonton video, pencet tombol volume munggah utawa mudhun.

Nyetel setelan swara

Sampeyan bisa nyetel setelan swara. Contone, sampeyan bisa nyetel piranti dadi mode bisu supaya bel ora muni nalika sampeyan lagi rapat.

Nyetel piranti ing mode bisu

1 Penet tombol volume nganti piranti kedher lan katon ing garis status.

2 Penet tombol volume maneh. katon ing garis status.

Sampeyan uga bisa menet terus tombol daya banjur nutul ing menu sing mbukak kanggo nyetel piranti sampeyan dadi mode bisu.

Nyetel piranti ing mode kedher

• Penet tombol volume mudhun nganti katon ing garis status.

Sampeyan uga bisa menet terus tombol daya lan banjur tutul ing menu sing mbukak kanggo nyetel piranti dadi mode kedher.

Nyetel piranti menyang mode kedher lan bel 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Swara.

3 Wenehi tandha ing kothak Kedher yen dering.

Nggedhekake volume spiker nggunakake xLOUD™ 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Swara.

3 Wenehi tandha ing kothak xLOUD™.

Nguripake fitur xLOUD™ ora ana pengaruhe tumrap aplikasi komunikasi swara. Contone, kwalitas swara ing telpon swara ora genti.

Wektu lan tanggal

Sampeyan bisa nggenti wektu lan tanggal ing piranti.

Nyetel tanggal kanthi manual 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Tanggal & wektu.

3 Busak tandha centhang ing kothak Tanggal & wektu otomatis, yen dicenthang.

4 Tutul Setel tanggal.

5 Setel tanggal kanthi nggulung munggah utawa mudhun.

6 Tutul Rampung.

Nyetel wektu kanthi manual 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Tanggal & wektu.

3 Busak tandha ing kothak Tanggal & wektu otomatis, yen wis dicenthang.

4 Tutul Setel wektu.

5 Gulung munggah utawa mudhun kanggo nyetel jam lan menit.

6 Yen cocog, gulung munggah kanggo nggenti am dadi pm, utawa kosok balene.

(31)

Nyetel zona wektu

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Tanggal & wektu.

3 Busak centhang ing kothak Zona wektu otomatis, yen dicenthang.

4 Tutul Pilih zona wektu.

5 Pilih salah siji.

Setelan nada dering

Nyetel dering

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Swara > Nada dering telpon.

3 Pilih nada dering.

4 Tutul Rampung.

Ngaktifake nada demek 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Swara.

3 Centhang kothak Nada demek dialpad lan Swara demekan.

Milih swara kabar

1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Swara > Kabar gawan.

3 Pilih swara sing arep diputer nalike ana kabar teka.

4 Tutul Rampung.

Setelan layar

Nyetel padhange layar 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Tampilan > Padhang.

3 Seret tandha geser kanggo ngatur padhange layar.

4 Tutul OK.

Tingkat padhang nggawa efek marang kinerja baterei. Kanggo tips carane ngapikake kinerja baterei, waca Ngapikake kinerja baterei.

Nyetel layar supaya kedher 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Swara.

3 Centhang kothak Kedher yen demek. Saiki layar kedher yen sampeyan nutul tombol-tombol ing layar lan aplikasi tartamtu.

Ngatur wektu meneng sadurunge layar dipateni 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Tampilan > Turu.

3 Pilih salah siji.

Kanggo cepet mateni layar, penet tombol daya sedhela wae.

Supaya layar tetep aktif nalika piranti ngisi daya 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Pilihan pangembang.

3 Wenehi tandha ing kothak Tetep siyaga.

Setelan basa

Sampeyan bisa milih basa gawan kanggo piranti lan nggenti maneh basa mau liya wektu.

(32)

Nggenti basa telpon 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Basa & input > Basa.

3 Pilih salah sijine pilihan.

4 Tutul OK.

Yen sampeyan salah milih basa lan ora bisa maca teks menu, golek lan tutul . Banjur pilih teks ing jejere , lan pilih entri kapisan ing menu sing mbukak. Sampeyan banjur bisa milih basa sing dipengini.

Mode pesawat

Ing mode Pesawat, transceiver jaringan lan radio dipateni kanggo ngalangi gangguan ing peralatan sing sensitif. Nanging, sampeyan isih bisa main game, ngrungokake musik, nonton klip video lan isi liyane, anggere kabeh isi iki wis disimpen ing kertu memori utawa panyimpenan internal. Sampeyan uga bisa diwenehi kabar nganggo weker, yen weker wis diuripake.

Nguripake mode Pesawat nyuda panggunaan baterei.

Nguripake mode Pesawat 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Liyane....

3 Wenehi tandha ing kothak Mode pesawat.

Sampeyan uga bisa menet terus tombol daya banjur pilih Mode pesawat ing menu sing mbukak.

Memori

Sampeyan bisa nyimpen isi ing kertu memori piranti.

Kertu memori

Piranti ndhukung kertu memori microSD™, sing digunakake kanggo nyimpen isi. Jinis kertu iki uga bisa digunakake minangka kertu memori portabel nganggo piranti liya sing cocog.

Sampeyan bisa uga kudu tuku kertu memori kanthi kapisah.

Njabut kertu memori kanthi aman

Sampeyan bisa nyopot kertu memori saka telpon sakwayah-wayah nalika telpon

dipateni. Yen pengin nyopot kertu memori nalika telpon urip, sampeyan kudu njabel kertu memori dhisik sakdurunge nyopot saka telpon. Iki kanggo ngalangi supaya kertu memori ora rusak utawa data sing disimpen ing kertu memori ora ilang.

Medhot pasangan kertu memori 1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Panyimpenan > Copot kertu SD.

Ngowahi format kertu memori

Sampeyan bisa ngowahi format kertu memori ing piranti, contone, kanggo mbebasake memori. Iki tegese sampeyan mbusak kabeh data ing kertu.

Kabeh isi ing kertu memori dibusak yen sampeyan ngowahi format kertu. Pesthekake yen sampeyan wis nggawe serep kabeh data sing pengin disimpen sadurunge ngowahi format kertu memori. Kanggo nggawe serep isi sampeyan bisa nyalin isi kasebut menyang komputer. Kanggo informasi liyane, waca bab Nyambungake piranti karo komputer ing kaca 101.

(33)

Nggunakake piranti tanpa nyekel

Gunakake aksesori sing disadhiyakake bareng karo piranti, utawa aksesori sing kompatibel liyane, supaya kinerja bisa optimal.

Nggunakake piranti tanpa nyekel

1 Sambungake piranti tanpa nyekel menyang piranti.

2 Kanggo njawab telpon, penet tombol jawab telpon.

3 Kanggo mungkasi telpon iki, penet tombol nangani telpon.

Yen piranti tanpa nyekel ora kalebu bareng piranti, sampeyan bisa tuku kapisah.

Yen sampeyan lagi ngrungokake musik, musik mandheg nalika sampeyan njawab telpon lan dibacutake maneh sawise sampeyan mungkasi telpon.

Setelan internet lan olahpesen

Kanggo ngirim pesen teks lan pesen multimedia lan kanggo ngakses internet, sampeyan kudu duwe sambungan data seluler lan setelan sing bener. Ana sawetara cara sing beda kanggo njupuk setelan iki:

• Kanggo umume jaringan seluler lan operator, setelan internet lan olahpesen wis diinstal sadurunge ing piranti. Sampeyan bisa wiwit langsung nggunakake internet lan kirim pesen.

• Ing sawetara kasus, sampeyan bakal diwenehi pilihan ngundhuh setelan internet lan olahpesen nalika sapisanan nguripake piranti. Sampeyan uga bisa ngundhuh setelan iki liya wektu saka menu Setelan.

• Sampeyan bisa nambah lan nggenti setelan internet lan jaringan kanthi manual ing piranti sawayah-wayah. Hubungi operator jaringan kanggo informasi rinci babagan setelan internet lan olahpesen.

Ngundhuh setelan internet lan olahpesen 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Xperia™ > Setelan Internet.

3 Tutul Tampa.

Mulihake setelan internet gawan 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Tutul Setelan > Liyane... > Jaringan mobile > Access Point Name.

3 Tutul .

(34)

Access Point Name (APN)

APN digunakake kanggo masang sambungan data antarane piranti karo internet. APN nemtokake jinis alamat IP sing arep digunakake, cara pangamanan sing arep dianggo, lan sambungan tetep-pungkasan sing arep digunakake. Priksa yen APN migunani yen sampeyan ora bisa ngakses internet, ora ana sambungan data, utawa ora bisa ngirim utawa nampa pesen multimedia.

Ndeleng APN sing saiki 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.

3 Tutul Jeneng Jalur Akses.

Yen sampeyan nduwe sawetara sambungan sing kasedhiya, sambungan jaringan sing urip bakal dituduhake nganggo tandha centhang.

Nambah setelan internet kanthi manual 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Liyane... > Jaringan mobile > Jeneng Jalur Akses.

3 Tutul .

4 Tutul APN anyar.

5 Tutul Jeneng banjur tik jeneng profil jaringan sing arep digawe.

6 Tutul APN banjur tik jeneng jalur akses.

7 Tik kabeh informasi sing dijaluk dening operator jaringan.

8 Tutul , banjur tutul Simpen.

Info panggunaan

Demi kualitas, Sony nglumpukake kanthi anonim lapuran kesalahan lan statistik babagan panggunaan piranti. Informasi sing diklumpukake ora kalebu data pribadhi.

Ngidini pangiriman katrangan panggunaan 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Xperia™ > Setelan info panggunaan.

3 Tandhani kothak centhang Kirim katrangan dianggo yen durung ditandhani.

4 Tutul OK.

Ngontrol panggunaan data

Tetep mantau trek lan kontrol jumlah data sing dikirim menyang lan saka piranti sajrone wektu tartamtu. Contone, sampeyan bisa nyetel bebaya panggunaan data lan watesan piranti supaya ora mbayar tambahan prabeya. Sampeyan uga bisa matesi jumlah data sing digunakake dening aplikasi individu.

Nyetel setelan panggunaan data bisa nulung supaya sampeyan tetep luwih bisa ngontrol panggunaan data nanging ora bisa njamin prabeya ora tambah.

Ngakses setelan panggunaan data 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Panggunaan data.

Nguripake utawa mateni kiriman data 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Panggunaan data.

3 Kanggo nguripake utawa mateni kiriman data, tutul tombol urip-mati ing sandhinge Lalu lintas data seluler.

Sampeyan uga bisa nguripake utawa mateni kiriman data kanthi menehi utawa busak tandha ing kothak centhang Lalu lintas data seluler ing bab Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.

(35)

Nyetel bebaya panggunaan data

1 Pesthekake sampeyan wis nguripake kiriman data.

2 Saka Layar Ngarep, tutul .

3 Temokake banjur tunyuk Setelan > Panggunaan data.

4 Kanggo nyetel tingkatan bebaya, seret garis menyang angka sing dikepengini. Sampeyan nampa kabar bebaya nalika jumlah kiriman data nyedhaki tingkatan sing disetel.

Nyetel watesan panggunaan data

1 Pesthekake sampeyan wis nguripake kiriman data.

2 Saka Layar Ngarep, tutul .

3 Golek banjur tutul Setelan > Panggunaan data.

4 Wenehi tandha ing kothak Setel watesan data seluler yen durung ditandhani, banjur tutul OK.

5 Kanggo nyetel watesan panggunaan data, seret garis menyang angka sing dikepengini.

Yen panggunaan data wis tekan watesan sing disetel, kiriman data ing piranti bakal mati kanthi otomatis.

Ngontrol panggunaan data aplikasi individu 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Panggunaan data.

3 Golek banjur tutul aplikasi sing dikepengini.

4 Wenehi tandha ing kothak Watesi data latar mburi.

5 Kanggo ngakses setelan sing luwih spesifik kanggo aplikasi kasebut, tutul Deleng setelan aplikasi banjur genti sing dikepengini.

Setelan spesifik kanggo aplikasi ora mesthi bisa diakses.

Kinerja aplikasi individu bisa kena pengaruh yen sampeyan nggenti setelan panggunaan data sing gegandhengan.

Setelan jaringan seluler

Piranti kanthi otomatis ngoper saka antarane jaringan seluler gumantung ing jaringan seluler apa sing kasadhiya ing wilayah kasebut. Sampeyan uga bisa kanthi manual nyetel piranti kanggo nggunakake tipe jaringan seluler tartamtu, contone, WCDMA utawa GSM.

Milih mode jaringan 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.

3 Tunyuk Mode Jaringan.

4 Pilih mode jaringan.

Milih jaringan liya kanthi manual 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Liyane... > Jaringan mobile > Sadhiya jaringan.

3 Tutul Mode tlusuran > Manual.

4 Pilih jaringan.

Yen sampeyan milih jaringan kanthi manual, piranti ora bakal nggoleki jaringan liya, sanajan sampeyan pindhah menyang sanjabane jangkoan jaringan sing dipilih kanthi manual.

Nguripake pilihan jaringan otomatis 1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile > Sadhiya jaringan.

3 Nalika ditampilake jendhela sembul, tutul Mode tlusuran.

(36)

Mateni kiriman data

Sampeyan bisa mateni kabeh sambungan data nganggo jaringan seluler supaya ora ana undhuhan data lan sinkronisasi sing ora dipengini. Hubungi operator jaringan yen mbutuhake informasi rinci babagan rencana langganan lan prabeya kiriman data. Nalika kiriman data dipateni, sampeyan isih bisa nggunakake sambungan Wi-Fi® lan Bluetooth™. Sampeyan uga bisa ngirim lan nampa pesen multimedia.

Mateni kabeh lalu lintas data 1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.

3 Busak centhang ing kothak Lalu lintas data seluler.

Roaming data

Sawetara jaringan operator ngidini sambungan data jaringan seluler liwat jaringan seluler nalika sampeyan lagi ana njaban jaringan asal (roaming). Elinga, iki bisa dikenani prabeya pindhah data. Hubungi operator jaringan kanggo informasi sing luwih lengkap.

Aplikasi bisa uga nggunakake sambungan internet ing jaringan asal tanpa ngabari, contone, nalika ngirim panjalukan tlusur lan panjalukan sinkronisasi. Prabeya tambahan bisa dikenani yen sambungan internet sing kaya mengkono kuwi wis ditemtokake nalika sampeyan lagi roaming. Hubungi operator jaringan kanggo informasi sing luwih lengkap.

Nguripake roaming data 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.

3 Wenehi tandha ing kothak Roaming data.

(37)

Google Play™

Miwiti Google Play™

Bukak Google Play™ lan mlebua ing donya aplikasi lan game. Sampeyan bisa nelusuri aplikasi lan game liwat sembarang kategori. Sampeyan uga bisa menehi rating aplikasi utawa game banjur ngirim saran.

Kanggo nggunakake Google Play™, sampeyan perlu nduwe akun Google™. Waca Ngatur wiwitan akun Google™ ing piranti ing kaca 54.

Google Play™ bisa uga ora kasedhiya ing kabeh negara utawa wilayah

Kanggo Mbukak Google Play™ 1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Play Store.

Ngundhuh saka Google Play™

Sampeyan bisa ngundhuh kabeh jinis aplikasi saka Google Play™, kalebu aplikasi gratis.

Sadurunge ngundhuh aplikasi

Sadurunge wiwit ngundhuh saka Google Play™, priksa manawa ana sambungan internet sing bisa digunakake.

Uga, elinga yen sampeyan bisa uga dikenani prabeya kiriman data nalika ngundhuh isi menyang piranti. Hubungi operator kanggo informasi liyane.

Ngundhuh aplikasi sing gratis

1 Ing Google Play™, golek item sing arep diundhuh kanthi nelusur kategori, utawa nggunakake fungsi telusur.

2 Tutul item kanggo ndeleng rincian, banjur turuti pandhuan kanggo ngrampungake panginstalan.

Ngundhuh aplikasi sing mbayar

1 Ing Google Play™, golek item sing pengin diundhuh kanthi njlajah kategori, utawa kanthi nggunakake fungsi tlusur.

2 Tutul item kanggo ndeleng rincian, banjur turuti instruksi kanggo ngrampungake tetukon.

Mbukak aplikasi sing diundhuh

1 Ing Google Play™, penet , banjur tutul App-ku.

2 Tunyuk aplikasi sing diundhuh.

Sampeyan uga bisa ngakses aplikasi sing diundhuh saka layar Aplikasi.

Mbusak data aplikasi

Sampeyan kadhangkala bisa uga perlu mbusak data aplikasi. Iki bisa uga amarga, contone, memori aplikasi kebak, utawa sampeyan pengin mbusak skor game paling dhuwur. Sampeyan bisa uga pengin mbusak email mlebu, pesen teks lan multimedia ing sawetara aplikasi.

(38)

Mbusak kabeh cache aplikasi 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan.

3 Tutul Aplikasi.

4 Tutul aplikasi sing kabeh cache-ne pengin dibusak.

5 Tutul Busak cache.

Sampeyan ora bisa mbusak cache kanggo sawetara aplikasi.

Mbusak aplikasi sing diinstal 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan.

3 Tutul Aplikasi.

4 Pilih aplikasi sing pengin dibusak.

5 Tutul Busak instal.

Ora mungkin mbusak sawetara aplikasi prainstal.

Ijin

Sawetara aplikasi bisa uga butuh ngakses data, setelan, dan maneka fungsi ing piranti sampeyan supaya bisa temandang kanthi bener. Yen mengkono, aplikasi perlu ijin sing cocog saka sampeyan. Contone, aplikasi navigasi perlu ijin kanggo ngirim lan nampa kiriman data, uga ngakses panggonan sampeyan. Sawetara aplikasi bisa uga nyalahi panggunaan ijin kanthi nyolong utawa mbusak data, utawa nglapurake panggonan sampeyan. Pesthekake yen sampeyan mung nginstal lan menehi ijin menyang aplikasi sing dipercaya.

Ndeleng idin aplikasi 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan.

3 Tutul Aplikasi.

4 Tutul aplikasi sing dipengini.

5 Gulung mudhun kanggo ndeleng rincian ing Ijin.

Nginstal aplikasi sing dudu saka Google Play™

Nginstal aplikasi saka sumber sing ora dingerteni utawa ora dipercaya bisa ngrusak piranti. Kanthi gawan, piranti sampeyan disetel kanggo mblokir pamasangan sing kaya mengkono. Nanging, sampeyan bisa nggenti setelan iki lan ngidini pamasangan saka sumber sing ora dingerteni.

Sony ora menehi jaminan utawa garansi babagan kinerja aplikasi saka pihak katelu utawa isi sing dikirim liwat undhuhan utawa antarmuka liyane menyang piranti sampeyan. Kajaba iku, Sony ora tanggung jawab kanggo karusakan apa wae utawa sudane kinerja piranti amarga kanggo ngirim isi pihak katelu. Mung gunakake isi saka sumber sing dipercaya. Hubungi panyedhiya isi manawa sampeyan duwe pitakonan utawa uneg-uneg.

Ngidini panginstalan aplikasi sing dudu saka Google Play™ 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Keamanan.

3 Centhang kothak Sumber ora dingerteni.

(39)

Nelpon

Telpon darurat

Piranti ndhukung nomer darurat internasional, contone 112 utawa 911. Biasane,

sampeyan bisa nggunakake nomer kasebut kanggo telpon darurat ing negara endi wae, nganggo utawa tanpa nglebokake kertu SIM yen sampeyan ana ing jangkoan jaringan.

Telpon nomer darurat

1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Telpon.

3 Ketik nomer darurat banjur tunyuk Telpon. Kanggo mbusak nomer, tunyuk . Sampeyan bisa nelpon nomer darurat sanajan ora ana kertu SIM sing dipasang utawa yen telpon metu dialangi.

Telpon nomer darurat yen kertu SIM dikunci 1 Tunyuk Telpon darurat.

2 Ketik nomer darurat banjur tunyuk Telpon. Kanggo mbusak nomer, tunyuk .

Nangani telpon

Sampeyan bisa nelpon kanthi mencet nomer telpon sakcara manual, kanthi nutul nomer sing disimpen ing dhaptar kontak, utawa kanthi nutul nomer telpon ing layar cathet telpon. Sampeyan bisa gunakake fitur pencet cerdas kanggo golek nomer kanthi cepet saka dhaptar kontak lan cathet telpon.

Muter nomer telpon 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Goleki banjur tunyuk .

3 Yen cathetan telpon dituduhake, tutul kanggo mbukak layar dial pad.

4 Ketik nomer telpon banjur tutul .

Kanggo mbusak sak digit sing diketik tanpa sengaja, tutul .

Kanggo nelpon nganggo pencet cerdas 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Telpon.

3 Gunakake tombol angka kanggo ngetik hurup utawa angka sing cocog karo-kontak sing pengin ditelpon. Nalika sampeyan ngetik saben hurup utawa angka, daphtar sing cocog bakal katon.

4 Tutul kontak sing arep ditelpon.

Mungkasi telpon • Tutul Pungkasi telpon.

Telpon nomer internasional 1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Telpon.

3 Demek terus 0 nganti ditampilake tandha “+”.

4 Ketik kode negara, kode wilayah (tanpa 0), ketik nomer telpon, banjur tunyuk

(40)

Njawab telpon

• Seret menyang sisih tengen layar.

Nolak telpon

• Seret mangiwa ngideri layar.

Nolak telpon liyane

• Yen krungu suara bip bola-bali nalika lagi nelpon, tutul .

Ngganti volume speaker sajrone nelpon • Pencet tombol volume munggah utawa mudhun.

Nguripake spiker sajrone nelpon • Tutul .

Nggawe bisu mik sajrone nelpon • Tunyuk .

Ngaktifake layar sajrone nelpon • Penet .

Ngetik nomer sajrone nelpon

1 Sajrone nelpon, tunyuk Tombol angka. Papan tombol dituduhake.

2 Tunyuk nomer sing pengin diketik.

Nggawe bisu nada dering kanggo telpon mlebu • Nalika nampa telpon, pencet tombol volume.

Telpon pungkasan

Ing cathetan telpon, sampeyan bisa ndeleng telpon ora kejawab , telpon mlebu lan telpon metu .

Ndeleng telpon ora kejawab

1 Nalika ana telpon ora kejawab, katon ing bar status. Seret mudhun baris status.

2 Tutul Telpon ora kejawab.

Nelpon nomer saka cathetan telpon 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Telpon.Ditampilake cathetan telpon ing sisih ndhuwur layar.

3 Kanggo nelpon nomer kanthi langsung, tutul nomere. Kanggo ngowahi nomer sadurunge nelpon, demek terus nomer kasebut, banjur tutul Owahi nomer sadurunge telp.

Sampeyan uga bisa nelpon nomer kanthi nutul > Telpon balik.

Nambahake nomer saka cathetan telpon menyang kontak 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Telpon.Ditampilake cathetan telpon ing sisih ndhuwur layar.

(41)

Surat swara

Yen lengganan sampeyan kalebu layanan surat swara, panelpon bisa ninggal pesen surat swara nalika sampeyan ora bisa njawab telpon. Nomer layanan surat swara biasane disimpen ing kertu SIM. Yen ora, sampeyan bisa njaluk nomer saka panyedhiya layanan lan ngetik kanthi manual.

Ngetik nomer surat swara 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Setelan telpon > Surat swara >Setelan surat swara > Nomer surat swara.

3 Ketik nomer surat swara.

4 Tutul OK.

Nelpon layanan surat swara 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Telpon.

3 Demek terus 1.

Telpon multi

Yen ngaktifake telpon tunggu, sampeyan bisa nangani sawetara telpon sekaligus. Yen diaktifake, sampeyan bakal nampa swara thit yen ana telpon liya mlebu.

Ngaktifake utawa mateni telpon tunggu 1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Setelan tambahan.

3 Kanggo ngaktifake utawa mateni fungsi ngenteni telpon, tunyuk Telpon tunggu.

Njawab telpon liya lan nahan telpon sijine sing lagi aktif • Yen krungu suara bip bola-bali nalika lagi nelpon, tutul .

Telpon nomer liyane

1 Sajrone nelpon, tunyuk Tombol angka.

2 Ketik nomer panampa banjur tunyuk Telpon.

3 Telpon kapisan ditahan telpone.

Prosedur iki uga ditrapake menyang telpon liyane.

Ngalih ing antarane sawetara telpon

• Kanggo ngalih menyang telpon liya lan nahan telpon aktif, tutul .

Mungkasi telpon aktif lan bali menyang telpon sing ditahan • Tunyuk Pungkasi telpon.

Telpon konferensi

Kanthi telpon konferensi utawa multi peserta, sampeyan bisa nggabung obrolan karo rong peserta utawa luwih.

Kanggo rincian cacahe peserta sing bisa ditambahake menyang telpon konferensi, hubungi operator jaringan.

Telpon konferensi

1 Sajrone nelpon, tunyuk Tombol angka.

2 Penet nomer peserta kaloro banjur tunyuk Telpon. Yen peserta liyane njawab telpon, telpon saka peserta sijine bakal ditahan.

3 Tunyuk kanggo nambahake peserta kaloro menyang telpon konferensi.

(42)

Ngobrol kanthi pribadi karo peserta telpon konferensi 1 Sajrone telpon konperensi, tutul {0} peserta.

2 Tutul nomer peserta sing pengin diajak ngobrol kanthi pribadi.

3 Kanggo mungkasi obrolan pribadi lan bali menyang telpon konferensi, tutul .

Medhot peserta saka telpon konferensi

1 Sajrone telpon konferensi aktif, tunyuk tombol sing nuduhake nomer peserta. Contone, tunyuk 3 peserta yen ana telung peserta.

2 Tunyuk ing jejere peserta sing pengin dipedhot.

Mungkasi telpon konferensi

• Sajrone telpon konferensi, tunyuk Pungkasi telpon konferensi.

Setelan telpon

Nolak telpon nganggo pesen

Sampeyan bisa nolak telpon nganggo pesen sing wis disetel sadurunge. Nalika sampeyan nolak telpon nganggo pesen sing kaya mengkono, pesen dikirim kanthi otomatis menyang panelpon lan disimpen ing piranti sampeyan.

Enem pesen wis disetel ing piranti. Sampeyan bisa milih saka pesen-pesen sing wis disetel iki, sing uga bisa diowahi yen perlu.

Yen arep nolak telpon kanthi pesen sing-wis disetel. • Seret Tolak nganggo pesen munggah, banjur-pilih pesen.

Nolak telpon kapindho kanthi pesen sing wis disetel

• Nalika sampeyan krungu swara bip bola-bali sajerone nelpon, seret Tolak nganggo pesen munggah, banjur pilih pesen.

Ngowahi pesen sing digunakake kanggo nolak telpon 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Tolak telpon nganggo pesen.

3 Tutul pesen sing pengin sampeyan owahit, banjur.gawe owah-owahan saperlune.

4 Yen wis rampung, tunyuk OK.

Nerusake telpon

Sampeyan bisa nerusake telpon, contone menyang nomer telpon liya, utawa menyang layanan panjawab.

Nerusake telpon

1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Terusake telpon.

3 Pilih salah siji.

4 Ketik nomer sing pengin dienggo nerusake telpon banjur tunyuk Aktifake.

Mateni terusake telpon 1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Terusake telpon.

3 Pilih opsi, banjur tutul Pateni.

Nuduhake utawa ndhelikake nomer telpon

(43)

Nuduhake utawa ndhelikake nomer 1 Saka Layar Ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Setelan tambahan > ID panelpon.

Nomer Telpon Saluran Tetep

Yen wis nampa kode PIN2 saka panyedhiya layanan, sampeyan bisa nggunakake dhaptar Nomer Telpon Saluran Tetep (FDN) kanggo matesi telpon metu.

Ngaktifake utawa mateni telpon winates 1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Nomer telpon tetep.

3 Tunyuk Aktifake telpon winates utawa Pateni telpon winates.

4 Ketik PIN2 banjur tutul OK.

Ngakses dhaptar panrima telpon sing dijawab 1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2 Temokake banjur tunyuk Setelan > Setelan telpon > Nomer telpon tetep >

(44)

Kontak

Babagan

Kontak

Gunakake aplikasi Kontak kanggo nyimpen lan ngatur kabeh nomer, alamat email, lan data kontak liyane ing sak panggonan. Cukup tutul kontak siji kanggo ndeleng kabeh komunikasi ing kontak kasebut kanggo ndeleng ringkesan kanthi gampang.

Sampeyan bisa nambah kontak anyar ing piranti lan nyelarasake karo kontak sing wis disimpen ing akun Google™, akun Microsoft® Exchange ActiveSync®, utawa akun liyane

sing ndhukung sinkronisasi. Aplikasi Kontak kanthi otomatis gawe entri anyar lan uga nulung sampeyan nyocogake data kayata alamat email karo entri sing wis ana.

Nransfer kontak menyang piranti anyar

Ana sawetara cara kanggo ngirim kontak menyang piranti anyar. Pilih cara kirim sing paling cocok karo kahanan.

Ngirim kontak nggunakake PC

Sampeyan bisa nggunakake PC kanggo ngirim kontak saka sawetara merek piranti, kalebu iPhone, Samsung, HTC lan Nokia.

Sampeyan mbutuhake:

PC kasambung internet sing nganggo Windows® • Kabel USB piranti sing lawas

• Kabel USB kanggo piranti Android™ sing anyar

• Piranti sing lawas

• Piranti Android™ sing anyar

Nggunakake program PC Companion kanggo ngirim kontak

Yen sampeyan ngirim kontak nganggo PC, gunakake program PC Companion. Aplikasi iki gratis, lan file panginstalan wis disimpen ing piranti sampeyan. PC Companion uga nawakake maneka fitur, kalebu pitulung kanggo nganyarake piranti lunak piranti.

Nginstal PC Companion

1 Piranti anyar: Uripake piranti Android™ anyar banjur sambung karo PC kanthi nggunakake kabel USB.

2 Piranti anyar: Tutul Instal kanggo instal PC Companion menyang PC.

3 Komputer: Yen jendhela nyembul katon menehi kabar bab piranti lunak PC, pilih

Aktifake Startme.exe.

4 Komputer: Klik Instal kanggo miwiti pamasangan banjur tindakake instruksi kanggo ngrampungi pamasangan.

Ngirim kontak menyang piranti anyar nggunakake PC Companion 1 Pesthekake yen PC Companion wis diinstal ing PC.

2 Bukak program PC Companion ing PC, banjur klik Contacts Setup lan turuti prentah kanggo ngirim kontak.

Ngirim kontak nggunakake komputer Apple® Mac®

Kanggo instruksi rincian carane nggunakake komputer Apple Mac kanggo ngirim kontak saka piranti sing lawas, pindhah menyang Transfer your contacts.

Ngirim kontak nganggo akun sinkronisasi

Referensi

Dokumen terkait

Berdasarkan hasil penelitian dan pembahasan dapat ditarik kesimpulan bahwa pelaku usaha kelompok milenial di sektor pariwisata memiliki persepsi yang baik dan sikap yang

Menurut peneliti hasil penelitian ini menunjukkan bahwa ada pengaruh pemberian massage terhadap peningkatan berat badan pada balita usia 3-5 tahun, terlihat dari

Pemilihan Umum Anggota DPR, DPD, DPRD Provinsi dan DPRD Kabupaten/Kota Tahun 2014.

• Menyerahkan formulir pendaftaran disertai fotokopi surat baptis katolik dan fotokopi Kartu Keluarga kepada Pengurus Lingkungan serta kelengkapan lain yang tertera

kalimat yang tidak didahului oleh kata  semua/ beberapa maka maksudnya adalah SEMUA untuk contoh soal yang lain bisa dilihat disini :

Dalam situasi seperti ini, media bisa menjadi fasilitator yang membuat kita lebih akrab satu sama lain yang membangkitkan persepsi baru sebagai keluarga yang

Sampel diambil berdasarkan metode purposive sampling dengan kriteria: (1) Perusahaan yang terdaftar secara berturut-turut pada periode tahun 2008-2012; (2)

Disa të tjerë thanë: Ndikimi i mëkateve në shkurtimin e jetës është për arsye se realiteti i jetës është jeta e zemrës, dhe për këtë arsye Allahu i ka quajtur