• Tidak ada hasil yang ditemukan

Panca Windu Wulangan Basa Jawi. Provinsi Jawi Tengah Tan sepi tumrap pambanguning watak tuwin pekerti. Sudi Yatmana

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "Panca Windu Wulangan Basa Jawi. Provinsi Jawi Tengah Tan sepi tumrap pambanguning watak tuwin pekerti. Sudi Yatmana"

Copied!
8
0
0

Teks penuh

(1)

1

Panca Windu Wulangan Basa Jawi Provinsi Jawi Tengah 1970 - 2010

Tan sepi tumrap pambanguning watak tuwin pekerti Sudi Yatmana

Kala taun 1970 Provinsi Jawi Tengah mbabar pranatan babagan Wulangan Basa Jawi. Punika minangkani tuwin jumbuh kaliyan Kurikulum 1968.

Ing rerangkening Kurikulum 1975, kala taun 1980 Provinsi Jawi Tengah yasa Garis-garis Besar Program Pengajaran (GBPP) Wulangan Basa Jawi saha evaluasinipun.

Kangge njangkepi Kurikulum 1984 ( ingkang ugi dipunwastani Kurikulum 1975 yang Disempurnakan), Wulangan Basa Jawi dipundamelaken GBPP dening Bappeda Tingkat I Jawi mawi paraga-paraga ahli, wekdal, dalasan beya ingkang nyekapi (26 Febru-ari 1988). Ngetrepi Kurikulum 1994, Provinsi Jawi Tengah damel GBPP Muatan Lokal Mata Pelajaran Bahasa Jawa,ingkang polanipun saemper GBPP Wulangan Basa Indo-nesia, saha materinipun ketumusan GBPP Bappeda kasebat ing ngajeng ( tanggal 13 Juni 1994). Kangge penyempurnaan dalah penyesuaian kadamelaken suplemen (27 September 1999).

Kurikulum Berbasis Kompetensi (KBK) 2004 tumrap Wulangan Basa Jawi karakit sarta kaayoman Keputusan Gubernur Jawi Tengah No.895.5/01/2005, katitimangsan 23 Februari 2005. Punika nyakup kangge SD/MI, SMP/MTs, tuwin SMA/SMK/MA.

Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan (KTSP) 2006 dipuncepaki Standar Isi (SI) punapa dene Standar Kompetensi Lulusan (SKL) Wulangan Basa Jawi (November 2008). Punika kaayoman Keputusan Gubernur Jawi Tengah No.423.5/5/2010, katitimangsan 27 Janu-ari 2010.

Menggah isi saha beda-bedaning kurikulum satunggal kaliyan satunggalipun sumedya katur. Tumrap materi racak sami ngewrat sacara integrative babagan ingkang sakalangkung wigati kangge panggulawenthahing para siswi siswa, para putri putra, miwah para mudhi mudha generasining bangsa. Babagan kasebat limrah kawastanan budi pekerti.

(2)

2

Ing pangangkah tundhonipun sami saged mangertos saha sami saged ngecaken tata- susila, tatakrama, budi pekerti mangun jatidhiri. Dene proses salejengipun sa-ged nuhoni gegayuhaning bangsa, amangun watak tuwin pekerti ingkang luhur, ingkang murakabi kangge sesami. Kalayan makaten Wulangan Basa Jawi Provinsi Jawi Tengah ngenut kurikulum ingkang lumampah ing salebeting panca windu, 1970-2010, tan sepi tumrap ambangun-ing watak tuwin pekerti, tanpa kendhat gegayutan lestari ngrembaka dumugi sapriki.

PANCA WINDU WULANGAN BASA JAWI PROVINSI JAWI TENGAH 1970-2010

tan tumrap pambanguning watak tuwin pekerti

Kala taun 1970 Provinsi Jawi Tengah mbabar pranatan babagan Wulangan Basa Jawi. Punika minangkani tuwin jumbuh kaliyan Kurikulum 1968. Wonten perangan ingkang mratelakaken bilih Wulangan Basa Jawi punika dados basa pengantar ing kelas 1 dumugi kelas 3 Sekolah Dhasar ingkang basa Jawi. Dalah kapratelakaken isi panggulawenthah ing 1 dumugi kelas 6.

Panggulawenthah punika pungudi murih para tuwin para siswa gadhah watak (budi) saha pekerti ingkang luhur, ingkang murakabi. Murakabi kangge pribadi kulawarga bebrayan sarta sesami.

Kala samanten babagan watak tuwin pekerti sampun dados kawigatosanipun tiyang sepuh, bebrayan, saha ingkang kawogan. Ing rerangkening Kurikulum 75, kala taun 1980 Provinsi Jawi Tengah yasa Garis-garis Besar Program Pengajaran (GBPP)Wulangan Basa Jawi saha evaluasinipun. Kurikulum kasebat mratelakaken bilih Wulangan Basa Jawi tumut nemtokaken inggah-inggahan kelas. Biji Wulangan Basa Jawi ing rapor kaserat mandireng pribadi. Boten kadamel radin kaliyan Wulangan Basa Indonesia. Karaos Wulangan Basa Jawi gadhah kawibawan.

Kangge njangkepi Kurikulum 1984 (ingkang ugi dipunwastani Kurikulum 1975 yang Disempurnakan), Wulangan Basa Jawi dipundamelaken GBPP dening Bappeda Tingkat I Jawi Tengah mawi paraga-paraga ahli, wekdal, dalasan beya ingkang nyekapi. Punika dados saha lumados kala 26 Februari 1988. Kathah ingkang mastani Kurikulum Bappeda punika lebet, wiyar, saha jangkep tebanipun, minangka refleksinipun budaya Jawi.

Ngetrepi Kurikulum 1994, karakit GBPP Muatan lokal Mata Pelajaran Bahasa Jawa,ingkang polanipun saemper GBPP Wulangan Basa Indonesia. Dene

(3)

3

materinipun ketumusan GBPP Bappeda kasebat ngajeg. Punika pratandha bilih GBPP Bappeda pranyata unggul. Rakitan kaladosaken kala 13 Juni 1994. Ing salajengipun rehne kawawas sampun wonten tuna dungkapipun kangge njumbuhaken kala mangsanipun, kadamelaken suplemen rikala 27 September 1999 minangka penyempurnaan dalah penyesuaianipun.

Kurikulum Berbasis Kompetensi (KBK) 2004 tumrap Wulangan Basa Jawi karakit sarta kaayoman Keputusan Gubernur Jawi Tengah No. 895. 5/01/2005, katiti mangsan 23 Februari 2005. Punika sakalangkung wigati jer Wulangan Basa Jawi dados wulangan wajib kangge SD/MI, SMP/MTs, dalasan SMA/SMK/MA.

Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan (KTSP) 2006 dipuncepaki Standar Isi (SI) punapa dene Standar Kompetensi Lulusan (SKL) Wulangan Basa Jawi kala wulan November 2008. Punika kaayoman Keputusan Gubernur Jawi Tengah No. 423.5/5/2010, katitimangsan 27 Januari 2010. Wulangan Basa Jawi nyakup kangge SD/SDLB/MI sarta SMP/SMPLB/MTs., kalajengaken kangge SMA/SMK/MA.

Sinaosa Wulangan Basa Jawi punika sampun ngewrat babagan pambanguning watak tuwin pekerti ingkang sae (akhlak tuwin amal karimah), parandene wiwit taun 2000 ngantos dumugi ing samangke ingkang kawogan makaping-kaping ngawontenaken pelatihan utawi sajinisipun babagan Model Pengintegrasian Pendidikan Budi dan Pekerti ke dalam Mata Pelajaran Bahasa Jawa.Mila lajeng sami milah dalah milih kajumbuhaken kaliyan kabetahan, kapendhetaken saking kautamen (values) cacah 56 (Edi Sedyawati, 1997), 82 (Depdiknas), 12 (Linda tuwin Richard Eyre, 1997), punapa dene 17 (Sudharto tuwin Sudi Yatmana, 1990), dalasan sanes-sanesipun ingkang nunggil laras. Para dwija sageda dados patuladhan utami, pelatih ingkang mumpuni, saha komunikator ingkang murakabi.

Ing ngandhap punika kula cuplikaken kompetensi dhasar saking kurikulum ingkang lumampah ing samangke, ingkang saged kangge pancadan, murih kasembadaning sedya.

Kangge SD/SDLB/MI

 Mendengarkan tembang dolanan.

 Menyapa dengan kalimat sederhana dan santun.

 Menjawab sapaan sesuai unggah-ungguh.

(4)

4

 Mendengarkan pesan lisan dalam ragam ngoko dan ngoko alus.

 Mendengarkan dongeng binatang.

 Membaca nyaring.

 Menyanyikan tembang dolanan.

 Mendengarkan cerita tokoh wayang (Panakawan).

 Membaca indah (misal: geguritan, tembang dolanan).

 Menulis nama gamelan, Panakawan, dan benda di sekitarnya yang didiktekan.

 Mendengarkan tembang dolanan.

 Membaca nyaring lancar teks sastra sederhana (maksimal 15 kalimat).

 Membaca indah.

 Mendengarkan cerita wayang tentang tokoh Pandhawa.

 Membaca nyaring dengan lafal dan intonasi yang tepat (15-20 kalimat).

 Membaca pemahaman cerita sederhana tentang tokoh wayang Pandhawa.

 Mendengarkan tembang Pocung.

 Membaca indah (misalnya geguritan, tembang Pocung).

 Mendengarkan pembacaan geguritan.

 Membaca nyaring dengan lafal dan intonasi yang tepat (20-25 kalimat).

 Mendengarkan tembang Gambuh.

 Menceritakan tokoh wayang Puntadewa.

 Mendengarkan cerita tokoh wayang Wrekudara.

 Mendengarkan tembang Mijil.

 Menanggapi persoalan faktual menggunakan ragam bahasa yang santun.

 Membaca indah (misalnya geguritan).

 Mendengarkan cerita tokoh wayang Arjuna.

 Membaca tembang Pangkur.

 Mendengarkan cerita tokoh wayang Nakula dan Sadewa.

 Menceritakan isi pidato sesuai unggah-ungguh.

 Mengapresiasikan tembang Kinanthi. Kangge SMP/SMPLB/MTs.

 Mendengarkan cerita teman tentang budi pekerti/pahlawan dalam ragam ngoko dan krama.

 Membaca pemahaman bacaan sastra (cerita wayang Ramayana) atau bacaan nonsastra dengan tema tertentu.

 Membaca nyaring.

(5)

5

 Menulis pengalaman pribadi menggunakan ragam ngoko dan krama.

 Bercerita tentang tema tertentu menggunakan ragam ngoko, krama atau dialek.

 Membaca indah tembang macapat Megatruh.

 Menulis dialog sesuai unggah-ungguh.

 Membaca pemahaman bacaan sastra (cerita lanjutan wayang Ramayana) atau bacaan nonsastra dengan tema tertentu.

 Membaca indah geguritan dan tembang Asmaradana.

 Membaca nyaring teks nonsastra.

 Membaca indah cerkak dan tembang Sinom.

 Membaca nyaring cerita wayang Ramayana.

 Membaca indah tembang Dhandhanggula.

 Menulis susastra sederhana, misalnya geguritan atau cerita rakyat. Kangge SMA/SMK/MA

 Mendengarkan cerita pengalaman yang disampaikan secara langsung atau melalui rekaman dalam ragam bahasa krama.

 Bercerita pengalaman yang mengesankan dalam ragam krama.

 Membaca indah geguritan.

 Menulis geguritan.

 Mendengarkan geguritan yang disampaikan secara langsung atau berupa rekaman.

 Menyampaikan sambutan dalam bentuk pambagyaharja.

 Berdialog sesuai dengan tingkat kesantunan.

 Nembang macapat.

 Menulis syair tembang macapat.

 Mendengarkan tembang macapat yang disampaikan secara langsung atau berupa rekaman.

 Membahas atau mendiskusikan isi tembang macapat.

 Membaca nyaring naskah pidato.

 Menulis parikan dan atau wangsalan.

 Menyampaikan sambutan dalam bentuk pasrah panganten atau panampi pasrah pangantendalam upacara adat pengantin Jawa.

 Mendiskusikan pitutur luhur yang terkandung dalam cerita wayang.

(6)

6

Wondene kados pundi menggahing kalajenganipun, kasilipun, punapa dene kasembadanipun sumangga. Sadaya betah iguh pratikel, bau suku, miwah bandha beya. Mbokbilih prelu wontenipun pangrekadaya sinergi pancalogi saking para pribadi, kulawarga, pawiyatan, bebrayan, dalasan ingkang sami kawogan.

Kalayan mekaten Wulangan Basa Jawi Provinsi Jawi Tengah ngenut kurikulum ingkang lumampah ing salebeting panca windu, 1970-2010, tan sepi tumrap pambanguning watak tuwin pekerti, tanpa kendhat gegayutan lestari ngrembaka dumugi sapriki.

Sudi Yatmana

Jl. Kaliwiru V/5 Semarang BIBLIOGRAFI

 Badan Perencanaan Pembangunan Daerah (BAPPEDA) Tingkat I Jawa Tengah. 1988. Garis-garis Besar Program Pengajaran Bahasa Jawa. Semarang.

 Departemen Pendidikan dan Kebudayaan Republik Indonesia. 1976. Kurikulum Sekolah Dasar 1975.Jakarta.

 Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Propinsi Jawa Tengah. 2004. Kurikulum 2004 Mata Pelajaran Bahasa Jawa(SD/MI, SMP/MTs., SMA/SMK/MA). Semarang.

 Direktorat Pendidikan Prasekolah/Sekolah Dasar/Sekolah Luar Biasa Direktorat Djendral Pendidikan Dasar Departemen Pendidikan dan Kebudajaan. 1968. Kurikulum Sekolah Dasar. Djakarta.

 Edi Sedyawati dkk. 1997. Pedoman Penanaman Budi Pekerti Luhur.Jakarta, Balai Pustaka.

 Linda & Richard Eyre. 1997. Mengajarkan Nilai-nilai kepada Anak.Jakarta, PT Gramedia Pustaka Utama.

 Sudharto; Sudi Yatmana. 1990. Tata Krama.Semarang, Media Wiyata.

 Sudi Yatmana. 2002. “Analisis Kurikulum-GBPP Basa Jawi”. Semarang, Balai Penataran Guru.

 Sumarlam. 2009. “ Aktualisasi Budi Pekerti Secara Verbal dan Non-Verbal”. Semarang, IKIP PGRI SEMARANG.

(7)

7

 Tim Penyusun. 1994. GBPP Muatan Lokal Mata Pelajaran Bahasa Jawa. Semarang, Kanwil Depdikbud Prop Jateng.

BIOGRAFI Sudi Yatmana *

Lair ing Surakarta, Minggu Paing 28 Maret 1937 jam 11.11. Sekolah ing SR (SD) Pracimantara 1,

SD Banaran, lan

SD Pracimantara 2 (1950); SMP SIAP, SMP Murni 2,

ujian SMP Negeri 1 Surakarta Bagian Sastra Sosial (1953), Kursus Guru B Negeri (ing SMP Negeri 3 Surakarta); SMA Negeri 1 Surakarta Bagian Sastra (1956),

Private English Teaching School Mr. Chan; BI Bahasa Jawa Yogyakarta (1959),

BI Bahasa Indonesia Semarang (1962), Institut Pendidikan Guru Madiun (1964), lan Soon Study Courses Australia (1975 dan 1982).

Gelare Dhoktor Basa Jawa saka The London Institute for Applied Research Inggris (1992).

Pengalamane babagan basa sastra seni budaya Jawa pepak.

Ing sasi Mei – Juni 2005 ana ing Nagara Landa lan Suriname (Amerika Kidul) nggelar makalah ing Seminar International Basa Jawa Ing Paramaribo.

Dadi guru/dhosen ing pirang-pirang sekolahan/pawiyatan luhur (1959 nganti saiki).

Dheweke duwe kaunggulan mulang Basa Jawa.

Kawiwitan 1 April 1959 ing SGA (SPG) Don Bosko. Banjur tanpa kendhat, bareng, gonta-ganti ing SPG Fransiskus,

B I PGRI, KPG Negeri, SMP/SMA Diponegoro, SMA PGRI,

SMA Institut Indonesia (ketemu jodhone), SMP Domenico Savio 2,

Permadani, IKIP Negeri Semarang, banjur IKIP PGRI.

(8)

8

Durung suwe iki tampa ayahan melu ngampu Magister Ilmu Susastra Jawa ing Universitas Diponegoro.

*Ganepe

Referensi

Dokumen terkait

Lebih lanjut dari hasil penelitian didapatkan hasil korelasi positif antara kepercayaan merek dengan minat beli ulang sebesar 0.004 ini mengindikasi adanya

Setelah dilakukan suplementasi selama 6 minggu pada 18 orang kelompok perlakuan diperoleh hasil bahwa suplementasi vitamin C 250 mg dan vitamin E 400 IU tidak

Faktor resiko yang dapat diubah dari pasien adalah riwayat pajanan asap rokok yang didapatkan dari kebiasaan kakek yang merokok di dalam rumah, polusi udara sekitar rumah

Untuk mengetahui pengaruh gaya kepemimpinan terhadap motivasi kerja para.. karyawan di PT

Prasetyowati, Bernadeta Y. A Study on Preposition Errors Made by Tenth Grade Students of SMA 1 Sapuran, Wonosobo. Yogyakarta: English Education Study Program, Sanata

bertujuan untuk mempermudah panitia penerimaan peserta didik dalam memproses data dan menentukan peserta didik terbaik yang memiliki nilai tertinggi sesuai dengan

[ 35 ] Hz. Âdem’in cennetten yeryüzüne inişi kastedilmektedir. Bâûrâ, Tevrat ve İslâm kaynaklarında, önceleri iyi bir mümin iken daha sonra Hz. Mûsâ ve kavmi

Pengujian dan pengamatan yang dilakukan penulis merupakan pengujian dan pengamatan yang dilakukan terhadap perangkat keras dan perangkat lunak dari sistem secara keseluruhan