• Tidak ada hasil yang ditemukan

s JAWA PL Mazmur Maleakhi

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "s JAWA PL Mazmur Maleakhi"

Copied!
1514
0
0

Teks penuh

(1)

Alkitab

Bahasa Jawa

Edisi Formal 1981

(2)

JABUR

Jilid I: MASMUR 1--41

Bab uripe wong mursid

lan uripe wong duraka 1:1-6

1

1Rahayu wong

kang lakune ora manut pangangen-angene wong duraka,

lan ora ngambah dalane wong dosa

sarta ora awor lungguh ing pajagongane wong memoyok,

2nanging kang karem marang

angger-anggere Sang Yehuwah, lan digilut-gilut rina wengi.

3Wong iku kaya wit kang tinandur ana ing

sapinggiring kali,

kang metokake woh ing kalamangsane, lan ora alum godhonge,

apa bae kang ditandangi mesthi lestari.

4Ora mangkono mungguh wong duraka,

nanging prasasat mrambut kang kabur ing angin.

5Mulane wong duraka iku ora tulus ana ing

ngarsane pangadilan,

(3)

JABUR 1.6–2.7 2

6amarga Sang Yehuwah mirsa lakune wong

mursid,

nanging lakune wong duraka iku ngener marang karusakan.

MASMUR 2

Ratu kang jinebadan dening Sang Yehuwah

2:1-12

2

1Geneya para bangsa padha

mampang-mampang wringuten,

lan para suku bangsa padha ngangen-angen kang tanpa guna?

2Para raja ing bumi padha siyaga ing perang

lan para panggedhe sakuthon

arep ngayoni Sang Yehuwah lan Sang Jebadane, pangucape:

3“Payo padha medhot dhadhunge

lan mbuwang kendharate.”

4Panjenengane kang lenggah ana ing swarga

iku gumujeng,

Sang Yehuwah moyoki wong-wong mau.

5Nuli padha didhawuhi kalawan bendu

lan digirisake kalawan bramantyane:

6“Ingsun kang wus ngadegake ratuningSun

ana ing Sion, gunungingSun kang suci.”

7Aku arep ngandhakake kekancingane Sang

Yehuwah;

pangandikane marang aku: “Sira iku putraningSun!

(4)

JABUR 2.8–3.1 3

8Sira nyenyuwuna marang Ingsun,

mesthi Sira Sunparingi para bangsa dadi pusakanira,

lan pungkasaning bumi dadi darbekira.

9Iku bakal Sira ejur kalawan gada wesi,

bakal Sira remuk kaya grabahing kundhi.”

10Mulane, he para raja, padha tumindaka

kang wicaksana;

para hakim ing bumi, padha ngrungokna marang pepeling!

11Padha ngabektia marang Sang Yehuwah

kanthi pakering;

lan sungkemana sampeyane kanthi gumeter,

12supaya Panjenengane aja paring deduka,

temah kowe tumpes ana ing dedalan, amarga bebendune gampang banget

anggone mulad-mulad.

Rahayu sakehing wong kang ngungsi marang Panjenengane!

MASMUR 3

Kidung ing wayah esuk ing sajrone adhep-adhepan karo mungsuh

3:1-8 (3:1-9)

3

1Masmur anggitane Sang Prabu Dawud,

nalika keplajeng saka ing ngarsane kang putra Pangeran Absalom.

(3-2) Dhuh Yehuwah, pinten-pinten satru kawula,

(5)

JABUR 3.2–8 4

2(3-3) kathah tiyang ingkang mungel tumrap

kawula makaten:

“Iku mesthi ora oleh pitulungan saka Gusti Allah.” (Selah)

3(3-4) Nanging Paduka, dhuh Yehuwah,

ingkang dados tetameng kawula, ingkang ngaling-alingi kawula,

Paduka ingkang dados kaluhuran kawula, inggih ingkang ndengengekaken sirah kawula.

4(3-5) Kalawan sora anggonku nyebut

marang Sang Yehuwah,

banjur diparingi wangsulan saka ing gununge kang suci. (Selah)

5(3-6) Aku leyeh-leyeh banjur turu;

aku tangi, amarga disantosakake dening Sang Yehuwah.

6(3-7) Aku ora wedi marang bala leksan,

kang arep ngepung aku.

7(3-8) Dhuh Yehuwah, kawula aturi

jumeneng mitulungi kawula, dhuh Allah kawula,

amargi Paduka ingkang sampun nggepuk uwanging sakathahipun mengsah

kawula,

saha tiyang duraka sami Paduka rampalaken untunipun.

8(3-9) Pitulungan punika dhatengipun saking

Sang Yehuwah,

(6)

JABUR 4.1–5 5

MASMUR 4

Donga ing wayah bengi 4:1-8 (4:1-9)

4

1Kanggo lurah pasindhen, binarung

swaraning clempung.

Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.

(4-2) Manawi kawula sesambat, mugi karsaa paring wangsulan,

dhuh Allah ingkang ngleresaken kawula. Ing salebeting karupekan Paduka ingkang

paring omber dhateng kawula,

mugi karsaa paring sih-piwelas dhumateng kawula saha karsaa miyarsakaken

pandonga kawula!

2(4-3) He para priya, nganti pira suwene

kaluhuranku diwirangake,

nganti pira lawase anggonmu padha rumaket marang kang tanpa guna, sarta anggonmu mburu marang

pagorohan? (Selah)

3(4-4) Padha sumurupa yen Sang Yehuwah

wus milih kang dadi kekasihe; Sang Yehuwah karsaa midhangetake

samangsa aku nyenyuwun marang Panjenengane.

4(4-5) Nepsua nanging aja nganti gawe

dosa,

mosika sajroning atimu ana ing paturon, nanging tetepa meneng. (Selah)

(7)

JABUR 4.6–5.2 6 sarta kumandela marang Sang Yehuwah.

6(4-7) Kathah tiyang ingkang sami

mungel makaten: “Sapa kang bakal nyumurupake kang becik marang aku?” Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa

mlethekaken cahyaning wadana Paduka dhateng kawula sadaya.

7(4-8) Paduka sampun paring kabingahan

dhateng kawula,

nglangkungi tiyang-tiyang samangsa angsal gandum tuwin anggur kathah.

8(4-9) Kanthi ayem-tentrem kawula badhe

leyeh-leyeh lajeng enggal tilem,

amargi dhuh Yehuwah, namung Paduka ingkang njalari kawula manggen kanthi tentrem.

MASMUR 5

Donga ing wayah esuk 5:1-12 (5:1-13)

5

1Kanggo lurah pasindhen binarung

swaraning suling.

Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.

(5-2) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken unjuk kawula,

saha karsaa midhangetaken pasambat kawula.

2(5-3) Dhuh Ratu kawula saha Allah kawula,

(8)

JABUR 5.3–8 7 amargi dhumateng Paduka anggen kawula

ndedonga.

3(5-4) Dhuh Yehuwah ing wanci enjing

Paduka miyarsakaken swara kawula, ing wanci enjing kawula nyawisaken

kurban wonten ing ngarsa Paduka, sarta kawula ngantos-antos.

4(5-5) Amargi Paduka punika Allah ingkang

boten remen dhateng duraka,

tiyang awon boten badhe manggen wonten ing ngarsa Paduka.

5(5-6) Tiyang gumunggung boten badhe

tahan wonten ing ngarsa Paduka,

Paduka sengit dhateng sakathahing tiyang ingkang nindakaken piawon.

6(5-7) Paduka numpes sakathahipun tiyang

dora-cara,

Yehuwah eneg mirsani tiyang ingkang ngwutahaken rah saha lampah cidra.

7(5-8) Nanging kawula Paduka parengaken

sowan lumebet ing padaleman Paduka, amargi saking agenging sih palimirma

Paduka.

Kawula Paduka parengaken tumungkul sujud madhep dhateng ing padaleman Paduka

ingkang suci,

kanthi pakering dhumateng Paduka.

8(5-9) Dhuh Yehuwah Paduka mugi karsaa

nuntun kawula wonten ing kaadilan Paduka,

awit saking panjejeping mengsah kawula; Paduka mugi ngradinaken margi Paduka

(9)

JABUR 5.9–6.1 8

9(5-10) Amargi tembungipun tiyang-tiyang

punika boten wonten ingkang temen, batosipun kebak piawon,

gurungipun kadosdene kubur menga, ilatipun ngucapaken lelamisan.

10(5-11) Dhuh Allah, tiyang punika

kajengipun sami nanggel kalepatanipun, kajengipun sami dhawah margi saking

rancanganipun piyambak,

sami kabucala awit saking kathahing panerakipun,

amargi sami mbalela dhateng Paduka.

11(5-12) Nanging sakathahipun tiyang

ingkang ngungsi dhumateng Paduka, badhe sami suka rena,

sami surak-surak ing salaminipun margi sami Paduka ayomi

saha margi saking Paduka tiyang ingkang tresna dhumateng Paduka badhe sami sumyak-sumyak.

12(5-13) Amargi Paduka ingkang mberkahi

tiyang mursid, dhuh Yehuwah,

saha Paduka amping-ampingi kalayan kanugrahan Paduka, kadosdene tetameng.

MASMUR 6

Pandonga sajrone ati ngolang-ngaling 6:1-10 (6:1-11)

6

1Kanggo lurah pasindhen binarung ing
(10)

JABUR 6.2–7 9 Manut lagu: Kang kawolu. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.

(6-2) Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun Paduka ukum kalayan bebendu Paduka, mugi sampun Paduka perdi kalayan

bramantya Paduka.

2(6-3) Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka

welasi, awit kawula nglayung.

Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka sarasaken,

awit balung kawula sami gumeter,

3(6-4) lan nyawa kawula sanget kaget.

Dene Paduka, dhuh Yehuwah, taksih sapinten dangunipun?

4(6-5) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa

wangsul,

karsaa ngentas nyawa kawula,

mugi karsaa ngluwari kawula awit saking sih-kadarman Paduka.

5(6-6) Awit ing salebetipun pejah boten

wonten tiyang ingkang ngenget-enget dhumateng Paduka,

wonten ing teleng palimengan sinten ingkang badhe memuji dhumateng Paduka?

6(6-7) Kawula sampun lesah margi saking

pangesah kawula,

ing saben dalu patileman kawula kebesan ing luh kawula,

amben kawula kawula benani kalayan luh kawula.

7(6-8) Mripat kawula ngantos pendul margi

(11)

JABUR 6.8–7.2 10 sarta lamur jalaran kathahing tiyang

ingkang ngrupeki manah kawula.

8(6-9) Heh wong kang padha gawe piala,

sumingkira saka ing ngarepku, amarga Sang Yehuwah wus miyarsa

tangisku.

9(6-10) Sang Yehuwah wus mireng

panyuwunku,

Sang Yehuwah nampeni pandongaku.

10(6-11) Sakehing satruku padha kawirangan

sarta kaget banget,

lan mundur sakal tuwin kawirangan kabeh.

MASMUR 7

Gusti Allah iku Hakim kang adil 7:1-17 (7:1-18)

7

1Kidung pasambat anggitane Sang Prabu

Dawud, kang dikidungake konjuk marang Sang Yehuwah, marga saka tembunge Kusy, wong Benyamin.

(7-2) Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, Paduka ingkang kawula suwuni pangayoman, mugi karsaa ngluwari kawula saking

sakathahipun tiyang ingkang ngoyak-oyak kawula, kawula mugi Paduka luwari,

2(7-3) supados sampun ngantos nubruk

kawula kadosdene singa,

(12)

JABUR 7.3–8 11

3(7-4) Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, manawi

kawula tumindak makaten:

manawi tangan kawula nindakaken kaculikan,

4(7-5) manawi kawula damel piawon

dhateng tiyang ingkang tepangipun sae kaliyan kawula,

utawi mitunani tiyang ingkang nyatru kawula tanpa sabab,

5(7-6) manawi makaten, mugi kawula

kabujenga ing mengsah ngantos kacepeng,

lajeng gesang kawula dipun idak-idaka ing siti,

saha kaluhuran kawula kapendhema ing lebu. (Selah)

6(7-7) Dhuh Yehuwah, mugi karsaa

jumeneng ing salebeting bebendu Paduka,

mugi karsaa jumeneng nadhahi pangigit-igitipun tiyang ingkang sami nglawan dhateng kawula,

mugi Paduka wungu mitulungi kawula amargi Paduka ingkang mrentahaken pangadilan.

7(7-8) Dene para bangsa kajengipun sami

nglempak ngupengi Paduka, Paduka lajeng karsaa lenggah ing

sanginggilipun ing papan ingkang inggil.

8(7-9) Sang Yehuwah ngadili para bangsa.

(13)

JABUR 7.9–17 12 punapa kawula leres, saha punapa kawula

tulus eklas.

9(7-10) Mugi-mugi piawoning tiyang duraka

sageda mantun,

nanging tiyang mursid mugi Paduka santosakaken,

Paduka ingkang ndadar manah saha batosing tiyang,

dhuh Allah ingkang adil.

10(7-11) Gusti Allah iku tetamengku,

kang mitulungi wong kang burus ing ati.

11(7-12) Gusti Allah iku Hakim kang adil,

tuwin Allah kang tansah nglairake bebendune.

12(7-13) Manawa wong ora mratobat,

Gusti Allah bakal ngasah pedhange,

menthang gandhewane, lan kaenerake.

13(7-14) Gegaman ampuh kacawisake

kanggo wong mau, jemparinge diurubake.

14(7-15) Lah wong iku ngandhut piala

lan ngandheg bilai nuli nglairake cidra;

15(7-16) nuli gawe luwangan, didhudhuk,

nanging kecemplung dhewe ing luwangan gaweane mau.

16(7-17) Piala kang ditindakake mau mbalik

nempuh endhase dhewe,

sarta panganiayane nibani pathake dhewe.

17(7-18) Aku arep ngunjukake panuwun

marang Sang Yehuwah amarga saka kaadilane,

(14)

JABUR 8.1–5 13

MASMUR 8

Manungsa kang asor dadi titah kang luhur 8:1-9 (8:1-10)

8

1Kanggo lelurahing pasindhen. Manut

lagu: Gitit. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.

(8-2) Dhuh Yehuwah, Gusti kawula,

iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi,

kamulyan Paduka ingkang ngungkuli langit kakidungaken.

2(8-3) Sarana cangkemipun bayi-bayi lan

manungsa.

Paduka sampun nalesi kakiyatan margi saking lawanan Paduka,

supados mbungkem mengsah tuwin tiyang ingkang watek remen males piawon.

3(8-4) Manawi kawula ningali langit

pakaryanipun asta Paduka,

punapa dene rembulan saha lintang-lintang ingkang sampun Paduka tata,

4(8-5) manungsa punika punapa ta, dene

Paduka engeti?

Punapa ta anaking manungsa punika, dene Paduka galih?

5(8-6) Ewadene Paduka dadosaken langkung

(15)

JABUR 8.6–9.2 14 sarta Paduka makuthani kalayan kaluhuran

saha kamulyan.

6(8-7) Paduka kuwaosaken mengku

yeyasaning asta Paduka,

samukawis sadaya Paduka paringaken wonten ing sangandhaping

tlapakanipun:

7(8-8) sakathahipun menda tuwin lembu,

ugi sato-kewan ing ara-ara,

8(8-9) peksi ing awang-awang saha ulam ing

saganten,

saha samukawis ingkang langkung ing margining saganten.

9(8-10) Dhuh Yehuwah, Gusti kawula,

iba mulyanipun asma Paduka wonten ing salumahing bumi.

MASMUR 9

Gusti Allah iku

pangayomaning wong saleh 9:1--10:18

9

1Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu:

Mut-Laben. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.

(9-2) Kawula badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Sang Yehuwah kalayan gumolonging manah,

kawula badhe nyariyosaken sakathahing kaelokan Paduka.

2(9-3) Kawula badhe bingah-bingah sarta

(16)

JABUR 9.3–9 15 Asma Paduka kawula puji klayan masmur,

dhuh Gusti, Sang Mahaluhur,

3(9-4) awit mengsah kawula sami mundur,

rebah lajeng sirna wonten ing ngarsa Paduka.

4(9-5) Amargi Paduka ingkang mbelani

prakawis kawula lan wewenang kawula, temah kawula angsal kaleresan,

Paduka lenggah ing dhampar jumeneng Hakim ingkang adil.

5(9-6) Para bangsa sami Paduka ancam,

para tiyang duraka Paduka tumpes;

namanipun Paduka sirnakaken langgeng ing salaminipun.

6(9-7) Mengsah sampun sami tumpes tapis,

dados gempuran ngundhuk-undhuk ing salaminipun,

kithanipun sampun sami Paduka gempuri, sampun boten dipun engeti malih babar

pisan.

7(9-8) Nanging Sang Yehuwah wus lenggah

ing dhampar salawase,

dhampare kang kaadegake iku kanggo nindakake pangadilan.

8(9-9) Iya Panjenengane iku kang ngukumi

jagad kalawan adil,

sarta ngadili para bangsa kalawan patitis.

9(9-10) Iya mangkono iku anggone Sang

Yehuwah dadi pangauban tumrap wong kang katindhes,

(17)

JABUR 9.10–15 16

10(9-11) Tiyang ingkang wanuh kaliyan asma

Paduka, punika sami kumandel dhateng Paduka,

amargi Paduka, boten nate negakaken tiyang ingkang ngupadosi Paduka, dhuh Yehuwah.

11(9-12) Padha ngidungna masmur kagem

Sang Yehuwah, kang akedhaton ing Sion.

Padha nyaritakna pandamele ana ing tengahing para bangsa.

12(9-13) Dene Panjenengane kang males

marang wong kang ngwutahake getih, enget marang wong kang katindhes, ora kesupen marang pasambate.

13(9-14) Dhuh Yehuwah, kawula mugi

Paduka welasi,

mugi nupiksani kasrakatan kawula margi saking pandamelipun para tiyang

ingkang sengit dhateng kawula;

Paduka ingkang ngentasaken kawula saking gapuraning pejah,

14(9-15) supados kawula saged nyariyosaken

sadaya pakaryan Paduka, ingkang wajib pinuji punika,

sarta wonten ing gapuraning putri ing Sion, kawula asurak-surak,

awit saking pangluwaran ingkang Paduka paringaken.

15(9-16) Bangsa-bangsa wus padha

(18)

JABUR 9.16–10.2 17 sikile padha kena ing jiret, pasangane

dhewe.

16(9-17) Sang Yehuwah wus nglairake

sarirane, Panjenengane nindakake pangadilan;

wong duraka kejiret ing pasangane dhewe. Higayon. (Selah)

17(9-18) Para wong duraka bakal padha bali

menyang ing teleng palimengan,

malah uga sakehing bangsa kang padha lali marang Gusti Allah.

18(9-19) Awitdene wong mlarat iku ora

dilalekake ing sateruse,

wong kang kesrakat ora kelangan pangarep-arep ing salawase.

19(9-20) Dhuh Yehuwah, mugi karsaa

jumeneng, manungsa sampun ngantos angsal kaunggulan,

para bangsa sami kadhawahana

pangadilan wonten ing ngarsa Paduka.

20(9-21) Dhuh Yehuwah, mugi sami Paduka

damel geter,

satemah para bangsa sami ngakeni, bilih namung manungsa kemawon kawontenanipun. (Selah)

10

1Dhuh Yehuwah, punapaa dene Paduka

jumeneng wonten ing katebihan, sarta umpetan ing wekdal karupekan?

2Amargi gumunggungipun tiyang duraka

(19)

JABUR 10.3–9 18 Mugi-mugi tiyang duraka punika ketamana

ing kekajenganipun awon ingkang karantam.

3Awit tiyang duraka punika

ngegung-egungaken pepenginaning manahipun, lan tiyang kethaha punika nyupatani lan

ngawon-awon Sang Yehuwah.

4Tiyang duraka wicanten kaliyan nyungiraken

irungipun:

“Gusti Allah rak ora bakal nuntut!”

sadaya gagasanipun mungel: “Ora ana Allah.”

5Salampah-lampahipun tansah kasil,

pangadilan Paduka kinggilen tumrap piyambakipun;

sadaya ingkang nglawan dipun remehaken.

6Manahipun mosik makaten: “Aku ora bakal

gograg,

aku ora bakal tinempuh ing bilai nganti turun-tumurun.”

7Cangkemipun kebak ipat-ipat lan cidra sarta

panyikara,

ilatipun isi piawon lan panyiksa.

8Tiyang wau ngindhik-indhik wonten ing

gubug-gubug,

wonten ing pandhelikan mejahi tiyang ingkang boten lepat,

mripatipun ngindhik tiyang ingkang apes.

9Wonten ing pangumpetan ngulat-ulataken,

kados singa wonten ing gegrumbulan; ngindhik-indhik sumedya nubruk tiyang

ingkang kesrakat,

(20)

JABUR 10.10–16 19

10Mendhak, ndhekem,

para tiyang ringkih lajeng sami dhumawah ing cengkeremaning kukunipun ingkang kiyat.

11Tiyang wau mosik ing salebeting

manahipun: “Gusti Allah kalepyan,

wedanane ditutupi, mesthi bakal ora pirsa ing sateruse.”

12Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa

jumeneng. Dhuh Allah mugi karsaa mulungaken asta Paduka,

sampun ngantos kesupen dhateng tiyang ingkang kesrakat.

13Punapaa dene tiyang duraka nyenyamah

Gusti Allah,

kaliyan mosik ing salebeting manahipun: “Gusti Allah rak ora nuntut.”

14Paduka pancen mirsa, awit Paduka

nguningani kasisahan tuwin sakiting manah,

Paduka pundhut wonten ing asta Paduka piyambak,

tiyang apes sumendhe ing Paduka,

Paduka punika ingkang mitulungi lare lola.

15Tanganipun tiyang duraka saha tiyang

awon mugi Paduka tugel,

durakanipun mugi Paduka cuthati, ngantos Paduka boten manggih malih.

16Sang Yehuwah jumeneng Raja ing sateruse

lan ing salawase.

(21)

JABUR 10.17–11.4 20

17Dhuh Yehuwah, pepenginanipun para

tiyang ingkang katindhes sampun Paduka pirengaken.

Manahipun Paduka santosakaken, talingan Paduka tumiling,

18prelu paring kaleresan dhateng lare lola

saha tiyang ingkang katindhes, supados sampun ngantos wonten

manungsa ing bumi malih ingkang damel giris.

MASMUR 11

Sang Yehuwah iku jumeneng dadi pangayoman

11:1-7

11

1Kanggo lurah pasindhen. Anggitane

Prabu Dawud.

Aku ngayom marang Sang Yehuwah,

kepriye dene kowe padha wani kandha marang aku:

“Mabura menyang gunung kaya manuk!”

2Awit delengen, wong duraka padha

menthang gandhewa,

panahe dietrapake ing sendheng,

sumedya dilepasake marang wong kang burus atine ana ing panggonan kang peteng.

3Samangsa tetalese padha dibubrahi,

wong mursid iku bisa nindakake apa?

4Sang Yehuwah ana ing padalemane kang

(22)

JABUR 11.5–12.2 21 Sang Yehuwah dhampare ana ing swarga; tingale maspadakake,

kedheping tingale niti-priksa anaking manungsa.

5Sang Yehuwah ndadar wong mursid lan

wong duraka,

lan gething marang wong duraka, kang seneng tumindak keras.

6Wong duraka padha diudani areng

mengangah lan welirang;

angin kang nggesengake ngebaki tuwunge.

7Amarga Sang Yehuwah iku adil;

remen marang kaadilan:

wong kang burus atine bakal nyawang wedanane.

MASMUR 12

Pandonga nyuwun pitulungan marga saka anane wong culika

12:1-9

12

1Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu:

Kang kawolu. Masmur anggitane Prabu Dawud.

(12-2) Dhuh Yehuwah mugi karsaa paring pitulungan, awit sampun boten wonten tiyang mursid,

tiyang setya sampun sirna saking ing antawisipun anaking manungsa.

2(12-3) Rambagipun sami apus-ingapusan,

(23)

JABUR 12.3–8 22

3(12-4) Muga-muga Pangeran numpes

sakehing lambe lamis lan ilat kang umuk-umukan,

4(12-5) yaiku kang padha ngucap mangkene:

“Kalawan ilatku aku padha menang! Lambeku kang mbiyantu aku! Sapa kang

mrentah aku?”

5(12-6) Jalaran wong kang ringkih padha

katindhes,

lan marga saka pangrintihe para wong mlarat

Ingsun saiki uga jumeneng, mangkono pangandikane Sang Yehuwah,

sarta mitulungi wong kang banget anggone ngantu-antu marang pitulungan.

6(12-7) Pangandikane Sang Yehuwah iku

Sabda kang murni,

kayadene selaka kang binesot,

rinesikan ambal ping pitu ana ing kowi ing bumi.

7(12-8) Dhuh Yehuwah, Paduka badhe

netepi,

kawula tansah badhe Paduka ayomi, Paduka uwalaken saking jinis punika.

8(12-9) Para wong duraka padha

klambrangan mrana-mrana,

(24)

JABUR 13.1–5 23

MASMUR 13

Pandonga bab pracaya 13:1-6

13

1Kanggo lurah pasindhen. Masmur

anggitane Prabu Dawud.

2Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun

malih anggen Paduka boten ngengeti kawula?

Ngantos pinten dangunipun malih anggen Paduka nutupi wedana Paduka dhateng kawula?

3Ngantos dumugi benjing punapa anggen

kawula kedah ngraosaken kwatos, sarta anggenipun manah kawula sedhih

ing sadinten-dinten?

ngantos benjing punapa satru kawula anggenipun ngungkuli kawula?

4Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi

karsaa mirsani,

karsaa paring wangsulan dhumateng kawula; mripat kawula kapadhangna supados

kawula sampun ngantos katileman lajeng pejah;

5tuwin supados satru kawula sampun

ngantos wicanten makaten: “Wus daksorake,”

(25)

JABUR 13.6–14.4 24

6Nanging kawula kumandel dhumateng

sih-kadarman Paduka,

manah kawula abingah-bingah margi saking pitulungan Paduka.

Aku arep kekidungan kagem Sang

Yehuwah, amarga wus paring kasaenan marang aku.

MASMUR 14

Kapunggungane manungsa 14:1-7

14

1Kanggo lurah pasindhen. Anggitane

Prabu Dawud.

Wong punggung mosik ing sajroning atine: “Ora ana Allah.”

Apa kang dilakoni iku jember lan nistha, ora ana kang nglakoni kabecikan.

2Saka ing swarga Sang Yehuwah mirsani

mangisor

marang para anaking manungsa,

karsa nguningani apa ana kang kadunungan akal budi

lan ngupaya Gusti Allah.

3Wus padha nyimpang kabeh, kabeh wus

bejad

ora ana kang gawe becik, sijia bae ora ana.

4Apa ora rumangsa kabeh wong kang padha

nglakoni piala,

(26)

JABUR 14.5–15.2 25 lan kang ora nyebut marang Sang

Yehuwah?

5Ana ing kana padha ketaman ing pagiris

kang banget,

amarga Gusti Allah ana ing satengahe golongane wong mursid.

6Kowe padha bisa ngerang-erang kekarepane

wong kang katindhes,

nanging Sang Yehuwah jumeneng dadi pangayomane.

7Muga-muga karahayoning Israel laira saka

ing Sion!

Samangsa Sang Yehuwah mulihake kaanane umate,

Yakub bakal asurak-surak, Israel bakal suka rena.

MASMUR 15

Sapa kang diparengake sowan marang ing ngarsane Sang Yehuwah?

15:1-5

15

1Masmur anggitane Prabu Dawud.

Dhuh Yehuwah, sinten ingkang

kepareng mondhok wonten ing tarub Paduka?

Sinten ingkang kelilan manggen wonten ing redi Paduka ingkang suci?

2Yaiku wong kang lakune tanpa cacad

lan nindakake apa kang adil,

(27)

JABUR 15.3–16.3 26

3kang ora nyebar pitenah kalawan ilate,

sarta ora nindakake piala marang kancane, lan ora memada marang pepadhane;

4kang nganggep asor marang kang ambek

nistha,

nanging ngajeni wong kang padha wedi asih marang Sang Yehuwah;

kang ngantepi supatane, sanadyan kapitunan;

5kang ora nganakake dhuwite

lan ora nampani besel nglawan wong kang ora lupuh.

sapa kang tumindake kang mangkono mesthi ora keguh ing salawas-lawase.

MASMUR 16

Rahayu wong kang mursid 16:1-11

16

1Miktam. Anggitane Prabu Dawud.

Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa rumeksa dhumateng kawula,

amargi kawula ngayom dhumateng Paduka.

2Unjukku marang Sang Yehuwah mangkene:

“Paduka punika Gusti kawula,

tumrap kawula boten wonten ingkang sae kajawi Paduka.”

3Para suci ingkang wonten ing tanah ngriki,

(28)

JABUR 16.4–10 27

4Tiyang ingkang nyembah allah sanesipun

punika kasisahanipun sangsaya mindhak ageng;

kurbanipun sok-sokan rah kawula boten tumut nyaosaken;

namanipun ugi boten kula ucapaken ing lambe kawula.

5Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang dados

panduman warisan saha tuwung kawula. Paduka piyambak ingkang murugaken

panduman ingkang kaundhekaken dhateng kawula saged lestantun.

6Dhawahipun tangsul pangukur ingkang

kangge kawula wonten ing papan ingkang nengsemaken;

siti pusaka kawula ngresepaken manah kawula.

7Aku ngalembana marang Sang Yehuwah,

kang paring pitedah marang aku; malah ing wayah bengi aku digegulang

dening telenging batinku.

8Aku tansah madhep marang Sang Yehuwah,

manawa Panjenengane jumeneng ana ing tengenku,

aku mesthi ora nganti keguh.

9Mulane atiku bungah-bungah lan nyawaku

asurak-surak,

malah dagingku bakal manggon kalawan tentrem.

10Amargi Paduka boten masrahaken kawula

dhateng ing teleng palimengan;

(29)

JABUR 16.11–17.3 28

11Paduka ingkang nedahaken margining

gesang dhateng kawula;

kabingahan pinanggih luber wonten ing ngarsa Paduka;

ing asta Paduka ingkang tengen wonten kanikmatan ingkang langgeng.

MASMUR 17

Tanpa kaluputan kaoyak-oyak 17:1-15

17

1Pandongane Prabu Dawud.

Dhuh Yehuwah, mugi karsaa

miyarsakaken dhateng prakawis ingkang leres,

mugi karsaa nggatosaken ing pasambat kawula;

sarta mugi karsaa nilingaken dhateng ing pandonga kawula,

saking ing lambe ingkang boten dora.

2Mugi kawula angsala kaadilan saking

Paduka:

paningal Paduka mugi nguningani punapa ingkang leres.

3Manawi Paduka nguji dhateng manah

kawula,

niti kawula ing wanci dalu, saha mriksa kawula

Paduka boten badhe manggih punapa-punapa ingkang awon,

(30)

JABUR 17.4–10 29

4Menggah pandamelanipun tiyang,

manut sabda ingkang Paduka pangandikakaken,

kawula boten tumut-tumut kaliyan

tindakipun tiyang ingkang sami ambek roda-peksa;

5lampah kawula tetep ndherek ing tindak

Paduka

saha suku kawula boten sleyoran.

6Kawula nyebut dhumateng Paduka, amargi

Paduka paring wangsulan dhumateng kawula, dhuh Allah;

mugi Paduka karsaa nanggapaken talingan Paduka dhateng kawula mugi karsaa miyarsakaken atur kawula.

7Mugi Paduka karsaa ngatingalaken

sih-rahmat Paduka ingkang elok,

Paduka ingkang ngluwari tiyang ingkang sami ngungsi dhateng ing pangaubaning asta Paduka ingkang tengen

margi saking wontenipun para ingkang sami mbalela.

8Mugi kawula Paduka reksa kados maniking

mripat,

sarta Paduka dhelikaken wonten ing ayoming swiwi Paduka:

9margi wonten tiyang duraka ingkang sami

ngangkah dhateng karisakan kawula, inggih satru bebuyutan ingkang sami

ngepang kawula.

10Tiyang wau sami boten ngatingalaken

sih-kawelasan,

(31)

JABUR 17.11–15 30

11sami ngetutaken ing lampah-lampah

kawula, sapunika sami ngrubung kawula,

mripatipun ngangkah badhe ngeplekaken kawula ing bumi.

12Rupinipun kados singa ingkang badhe

ndekep,

kados singa nem ingkang ndhekem wonten ing pandhelikan.

13Dhuh Yehuwah mugi karsaa jumeneng,

karsaa methukaken tiyang-tiyang wau saha Paduka rebahaken,

Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking tiyang duraka klayan pedhang Paduka.

14Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa

ngluwari kawula kalayan asta Paduka, saking tiyang-tiyang kadonyan punika

ingkang pandumanipun wonten ing gesang samangke,

padharanipun katuwukana ing simpenan Paduka,

satemah anakipun sami tuwuk,

sarta tirahanipun katilarna dhateng ing bayi-bayinipun.

15Nanging kawula, badhe nyawang wadana

Paduka wonten ing salebeting kaleresan; tuwin ing satangi kawula, kawula badhe

(32)

JABUR 18.1–5 31

MASMUR 18

Kidung pamuji sokur anggitane Prabu Dawud

18:1-50 (18:1-51)

18

1Kanggo lurah pasindhen. Masmur

anggitane abdine Sang Yehuwah, yaitu Prabu Dawud kang ngunjukake wirasane kidung iki marang Sang Yehuwah, nalika wus kaluwaran dening Sang Yehuwah saka ing cengkeremaning sakehing mungsuhe lan saka ing astane Sang Prabu Saul.

(18-2) Unjuke mangkene:

“Kawula tresna dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah ingkang dados karosan kawula!

2(18-3) Dhuh Yehuwah, peparang kawula,

beteng kawula saha ingkang ngluwari kawula,

Allah kawula ingkang dados peparang pangauban kawula,

tetameng kawula, singating karahayon kawula, kitha beteng kawula!

3(18-4) Pinujia Pangeran Yehuwah:

mangkono unjukku kalawan sora;

temah aku diuwalake saka ing mungsuhku.

4(18-5) Aku tinalikung ing tetalining pati,

sarta tinempuh ing banjiring karusakan.

5(18-6) Aku digubed ing jireting teleng

palimengan,

(33)

JABUR 18.6–12 32

6(18-7) Sajroning karubedanku aku nyebut

marang Sang Yehuwah;

sarta sesambat marang Allahku nyuwun tulung.

Panjenengane tumuli miyarsakake swaraku saka ing kedhatone,

sarta pasambatku nyuwun tulung tumeka ing talingane.

7(18-8) Ing kono bumi banjur horeg

gonjang-ganjing,

sarta dhasar-dhasaring gunung padha horeg lan gumeter,

amarga saka mulad-mulading bebendune.

8(18-9) Kukus kumelun saka ing granane,

saka ing tutuke medal geni kang memangsa,

mawa mengangah metu saka ing Panjenengane.

9(18-10) Langit ditiyungake, nuli tumedhak,

mendhung nggameng ana ing sangisoring sampeyane.

10(18-11) Panjenengane nitih Kerub, banjur

mabur

lan nglayang ana ing swiwining angin.

11(18-12) Pepeteng ing sakubenge

kadadekake pasingidane, kang dadi tarube:

yaiku udah kang peteng lan mendhung kang kandel.

12(18-13) Marga saka cahya kang sumunar

ing ngarsane mendhunge padha ilang bareng karo udan es lan mawa

(34)

JABUR 18.13–20 33

13(18-14) Sang Yehuwah banjur gumludhug

ana ing langit,

Kang Mahaluhur ngulukake swarane.

14(18-15) Jemparing-jemparinge dilepasake

temah mungsuhe padha buyar, nlorongake bledheg, satrune padha

bingung.

15(18-16) Dhasar-dhasaripun seganten

lajeng sami katingal,

saha tetalesing jagad sami kaungkaban amargi saking bebendu Paduka, dhuh

Yehuwah,

saha margi saking bantering abab saking grana Paduka.

16(18-17) Panjenengane tumuli mulung

astane saka ing ngaluhur, aku banjur diasta,

lan kaentasake saka ing banjir.

17(18-18) Aku kauwalake saka

ingmungsuhku kang rosa

lan saka ing wong-wong kang padha sengit marang aku,

amarga iku kakuwatane ngungkuli aku.

18(18-19) Iku wus padha nyegat aku ing

nalikane aku lagi kacilakan,

nanging Sang Yehuwah dadi pikukuhku;

19(18-20) Panjenengane nuntun aku metu

menyang ing papan kang omber,

aku diluwari amarga karenan marang aku.

20(18-21) Sang Yehuwah males aku miturut

ing kabeneranku,

(35)

JABUR 18.21–29 34

21(18-22) amarga aku ngantepi anggonku

ngambah ing margining Sang Yehuwah, lan aku ora tumindak duraka marang

Allahku.

22(18-23) Awit aku nggatekake sakehing

angger-anggere

lan pranatane ora daklirwakake,

23(18-24) saparipolahku tanpa cacad ana ing

ngarsane,

lan aku tansah ngedohi kaluputan.

24(18-25) Mulane aku diwales Sang Yehuwah

miturut kabeneranku,

iya miturut ing resiking tanganku ana ing ngarsane paningale.

25(18-26) Tumrap tiyang ingkang setya

Paduka ugi tumindak setya,

tumrap tiyang ingkang tanpa cacad Paduka ugi tumindak tanpa cacad.

26(18-27) Tumrap tiyang ingkang suci,

Paduka inggih tumindak suci,

nanging tumraping tiyang para-cidra

Paduka inggih tumindak mbulat-mbulet.

27(18-28) Amargi bangsa ingkang katindhes

Paduka pitulungi,

nanging mripat ingkang kumingsun Paduka soraken.

28(18-29) Jer Paduka ingkang damel

murubing dilah kawula;

Sang Yehuwah Allah kawula ingkang madhangaken pepeteng kawula.

29(18-30) Amargi kaliyan Paduka kawula

(36)

JABUR 18.30–37 35 kaliyan Allah kawula, kawula wantun

nglumpati balowarti.

30(18-31) Anadene Gusti Allah iku margine

sampurna;

kasagahane Sang Yehuwah iku murni; Gusti Allah dadi tetameng tumrap sakehing

wong

kang ngayom marang Panjenengane.

31(18-32) Amarga sapa ta kang jumeneng

Allah aliya Sang Yehuwah,

lan sapa kang dadi peparang kejaba Gusti Allah kita?

32(18-33) Gusti Allah, iya Panjenengane iku

kang nyabuki aku kalawan karosan, kang ngratakake dalanku;

33(18-34) kang ndadekake sikilku kaya

sikiling menjangan

lan ngadegake aku ana ing pagunungan;

34(18-35) kang mulang perang tanganku,

nganti lengenku bisa menthang gandhewa tembaga.

35(18-36) Paduka maringi tetamenging

karahayon dhateng kawula,

asta tengen Paduka nyanggi kawula,

sih-palimirma Paduka damel luhur kawula.

36(18-37) Paduka maringi papan ingkang

omber dhumateng jangkah kawula,

temah polok kawula boten ngantos kesliyo.

37(18-38) Mengsah kawula sami kawula

oyak, ngantos kecepeng,

(37)

JABUR 18.38–44 36

38(18-39) inggih sami kawula gebag ngantos

boten saged tangi malih,

sami ambruk wonten ing sangandhapipun tlapakan kawula.

39(18-40) Kawula sampun Paduka sabuki

klayan karosan tumrap ing perang; ingkang sami nglawan kawula punika

sampun Paduka telukaken wonten ing sangandhaping pangwaos kawula.

40(18-41) Mengsah kawula sampun Paduka

damel sami keplajeng saking ngajeng kawula,

sarta para tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula sami kawula tumpes.

41(18-42) Sami sesambat nedha tulung,

nanging boten wonten ingkang mitulungi sami sesambat dhumateng Sang Yehuwah,

nanging boten kaparingan wangsulan.

42(18-43) Sami kawula ejur-ejur ngantos

lembat kados lebu ingkang kabur ing angin,

kawula bucal kados blethok ing margi.

43(18-44) Paduka sampun nguwalaken

kawula saking bebantahaning rakyat; kawula Paduka angkat dados pengagenging

para bangsa;

bangsa ingkang boten tepang kaliyan kawula punika sami ngabdi dhateng kawula;

44(18-45) kupingipun saweg mireng kawula

kemawon,

(38)

JABUR 18.45–50 37 tiyang ngamanca sami sujud lan

ngrampek-ngrampek dhateng kawula.

45(18-46) Tiyang-tiyang ngamanca sami

nglumpruk tanpa bayu,

sarta sami medal nilar beteng-betengipun klayan gumeter.

46(18-47) Sang Yehuwah gesang! Pinujia

peparangku,

linuhurna Gusti Allah, Juru Slametku.

47(18-48) Gusti Allah kang malesake aku,

lan wus nelukake para bangsa marang sangisoring pangwasaku,

48(18-49) kang wus ngluwari aku saka

mungsuhku.

Paduka malah sampun ngluhuraken kawula ngungkuli para tiyang ingkang nglawan kawula;

kawula Paduka luwari saking tiyang ingkang ambek siya.

49(18-50) Pramila dhuh Yehuwah, kawula

badhe ngidungaken pamuji sokur wonten ing antawisipun para bangsa, asma Paduka badhe kawula luhuraken

kanthi kidung masmur.

50(18-51) Panjenengane ngganjar

kaslametan kang linuwih marang raja kang kajumenengake,

lan paring sih-rahmat marang kang dijebadi,

yaiku marang Prabu Dawud lan

(39)

JABUR 19.1–6 38

MASMUR 19

Kamulyane Sang Yehuwah ana ing pakaryaning astane lan ana ing angger-anggere

19:1-14 (19:1-15)

19

1Kanggo lurah pasindhen. Masmur

anggitane Prabu Dawud.

(19-2) Langit nyaritakake kamulyaning Allah, sarta akasa mratelakake yeyasaning

astane;

2(19-3) rina ngluberake pawarta iku

ganti-gumanti,

lan wayah bengi medharake kawruh ganti-gumanti.

3(19-4) Ora ana pawarta lan ora ana

tembung,

ora keprungu swarane,

4(19-5) ewadene kumandhange ngebeki

salumahing bumi,

pamicarane tumeka ing pungkasaning jagad.

Pangeran wus mrenahake tarubing surya ana ing langit

5(19-6) kang pletheke kaya panganten

lanang kang lagi metu saka ing kamare, berag kaya prawira kang arep lumaku ing

dalane.

6(19-7) Wetune saka ing tepining langit

(40)

JABUR 19.7–12 39 ora ana barang kang ora kena ing panasing

sunare.

7(19-8) Angger-anggere Sang Yehuwah iku

sampurna,

nyegerake nyawa;

pranatane Sang Yehuwah iku setya tuhu, aweh kawicaksanan marang wong kang

ora duwe pangalaman.

8(19-9) Pangandikane Sang Yehuwah iku

patitis,

mbungahake ati;

prentahe Sang Yehuwah iku murni, gawe sumoroting mripat.

9(19-10) Wedi marang Sang Yehuwah iku

suci,

lestari ana ing salawase;

paugerane Sang Yehuwah iku bener, kabeh adil,

10(19-11) endahe ngungkuli mas,

malah ngluwihi mas murni akeh; legine ngungkuli madu,

malah ngungkuli rembesing madu saka ing tala tawon.

11(19-12) Lan malih abdi Paduka dipun

engetaken dening punika wau sadaya, sarta tiyang ingkang netepi tampi ganjaran

ageng.

12(19-13) Sinten ingkang saged ngyektosi

panasaran?

(41)

JABUR 19.13–20.2 40

13(19-14) Abdi Paduka mugi Paduka ayomi,

ugi margi saking wontenipun tiyang ingkang sami ndhugal;

punika sampun ngantos sami ngwaosi kawula!

Kawula lajeng tetep tanpa cacad

saha resik saking ing panerak ingkang ageng.

14(19-15) Mugi-mugi Paduka karenan

dhateng

kedaling cangkem kawula tuwin pangangen-angen kawula

lan panggagasing manah kawula, dhuh Yehuwah,

peparang kawula, saha panebus kawula.

MASMUR 20

Pandonga nyuwun kaunggulan kagem Sang Prabu

20:1-9 (20:1-10)

20

1Kanggo lurah pasindhen. Masmur

anggitane Prabu Dawud.

(20-2) Sang Yehuwah mugi karsaa paring wangsulan dhumateng panjenengan dalem ing wekdal karibedan;

asmaning Allahipun Rama Yakub mugi dadosa bebeteng dalem.

2(20-3) Sang Yehuwah mugi ngintunana

(42)

JABUR 20.3–9 41 sarta nyantosakaken panjenengan dalem

saking Sion.

3(20-4) Gusti Allah mugi karsaa ngengeti

sakathahing sesaosan dalem kurban, sarta karsaa nampeni kurban obaran

dalem. (Selah)

4(20-5) Mugi panjenengan dalem pinaringan

punapa ingkang kakarsakaken,

sarta mugi sageda kalampahan punapa ingkang panjenengan dalem rancang.

5(20-6) Kawula sami badhe surak-surak

margi saking kaunggulan dalem,

sarta masang umbul-umbul margi saking asmanipun Gusti Allah kawula,

Sang Yehuwah mugi njurungana ing sapanyuwun dalem.

6(20-7) Saiki aku sumurup yen Sang

Yehuwah paring kaunggulan marang kang dijebadi,

lan paring wangsulan saka ing swargane kang suci

kalawan kamenangan kang gumilang dening astane tengen.

7(20-8) Wong iku padha nggunggung

karetane lan wong kae nggunggung jarane,

nanging aku padha nggunggung asmane Sang Yehuwah Allahku.

8(20-9) Wong iku padha ambruk, padha tiba,

nanging aku padha ngadeg jejeg.

9(20-10) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi

(43)

JABUR 21.1–5 42 Mugi karsaa paring wangsulan samangsa

kawula munjuk!

MASMUR 21

Kidung panuwun marga Sang Prabu unggul

21:1-13 (21:1-14)

21

1Kanggo lurah pasindhen. Masmur

anggitane Prabu Dawud.

(21-2) Dhuh Yehuwah, Sang Prabu suka rena margi saking pangwaos Paduka,

sanget ing bingahipun margi saking kaunggulan peparing Paduka!

2(21-3) Sapangesthining panggalihipun

sampun Paduka paringi,

saha panyuwun ingkang kawedal saking lathinipun boten Paduka tampik. (Selah)

3(21-4) Dene sampun Paduka pethuk

kalayan berkah ingkang luber;

saha Paduka agemi makutha kancana murni ing mastakanipun.

4(21-5) Panjenenganipun nyuwun gesang

dhumateng Paduka; lajeng Paduka paringi,

ugi sampun Paduka paringi yuswa panjang ing salajengipun saha ing salaminipun.

5(21-6) Kaluhuranipun linangkung margi

saking kaunggulan peparing Paduka, punapa dene Paduka paringi kaunggulan

(44)

JABUR 21.6–12 43

6(21-7) Panjenenganipun Paduka dadosaken

berkah ing salaminipun;

Paduka kebaki ing kabingahan wonten ing ngarsa Paduka.

7(21-8) Amargi Sang Prabu kumandel

dhumateng Sang Yehuwah,

saha margi saking sih-kadarmanipun Ingkang Mahaluhur panjenenganipun boten keguh.

8(21-9) Asta Paduka badhe namani

sakathahipun mengsah Paduka,

ingkang sengit dhumateng Paduka sami badhe ketaman ing asta Paduka ingkang tengen

9(21-10) sami badhe Paduka dadosaken

kadosdene pawon murub,

samangsa Paduka ngatingal, dhuh Yehuwah.

Bebendunipun Yehuwah badhe nguntal tiyang wau sedaya,

sarta sami badhe kamangsa ing latu.

10(21-11) Turunipun badhe Paduka

sirnakaken saking bumi,

tuwin tedhak turunipun saking antawisipun para anaking manungsa.

11(21-12) Manawi badhe damel cilaka

panjenengan dalem,

sarta nganam-anam piawon, sami tanpa daya.

12(21-13) Malah badhe Paduka damel sami

lumajeng sadaya,

(45)

JABUR 21.13–22.4 44

13(21-14) Dhuh Yehuwah, mugi karsaa

jumeneng kanthi pangwaos Paduka! Kawula lajeng sami ngidung saha

ngrepekaken masmur

tumuju dhateng ing kasantosan Paduka.

MASMUR 22

Dhuh Allah kawula, punapaa dene kawula Paduka tegakaken?

22:1-31 (22:1-32)

22

1Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu:

Menjangan wadon ing wayah bangbang wetan. Masmur anggitane Prabu Dawud.

(22-2) Dhuh Allah kawula, Allah kawula, punapaa dene kawula Paduka

tegakaken?

Kawula munjuk kalayan sora, nanging Paduka tetep tebih saha boten mitulungi kawula.

2(22-3) Dhuh Allah kawula, ing wanci siyang

kawula sesambat,

nanging Paduka boten paring wangsulan, ing wanci dalu makaten ugi, nanging

kawula inggih boten tentrem.

3(22-4) Mangka Paduka punika Ingkang

Mahasuci ingkang lenggah ing dhamparing

kidung-pangalembananipun Israel.

4(22-5) Para leluhur kawula sami kumandel

(46)

JABUR 22.5–11 45 sami kumandel dhumateng Paduka,

nunten Paduka luwari;

5(22-6) Paduka ingkang dipun sebut, lajeng

Paduka entasaken;

sami pitados dhumateng Paduka, lan sami boten kawirangan.

6(22-7) Nanging kawula punika cacing,

sanes manungsa,

dados cacadaning tiyang, cinampahan ing tiyang kathah.

7(22-8) Tiyang ingkang nyawang dhateng

kawula sami moyoki sadaya,

kalawan ngencepi tuwin gedheg-gedheg, tembungipun makaten:

8(22-9) “Wong sumendhe marang Sang

Yehuwah, cikben dientasake ing Panjenengane,

cikben Panjenengane kang ngluwari! Wong iku rak dadi renaning panggalihe ta?”

9(22-10) Inggih, saestu Paduka ingkang

nglairaken kawula saking guwa garba; Paduka ingkang murugaken kawula

tentrem wonten ing dhadhanipun biyung kawula.

10(22-11) Wiwit lair mila kawula kasaosaken

dhumateng Paduka,

wiwit nalika kawula wonten ing kandhutaning biyung kawula, Paduka dados Allah kawula.

11(22-12) Mugi-mugi Paduka sampun

ngantos nebihi kawula,

amargi kasisahan sampun celak,

(47)

JABUR 22.12–19 46

12(22-13) Lembu-lembu jaler kathah

ingkang sami ngrubung kawula;

kawula kinepang ing lembu-lembu jaler saking Basan;

13(22-14) anggenipun sami ngangapaken

cangkemipun dhateng kawula

prasasat singa ingkang nubruk lan nggero.

14(22-15) Kawula ingesokaken kados toya,

sakathahing balung kawula sami pisah saking ros-rosanipun;

manah kawula kados lilin,

leleh wonten ing batos kawula;

15(22-16) kakiyatan kawula garing kados

beling,

ilat kawula kraket ing cethak kawula, sarta Paduka ingkang nyelehaken kawula

wonten ing lebuning pejah.

16(22-17) Amargi kawula karubung ing

segawon,

grombolaning durjana ngepang kawula, sami nyuduki tangan saha suku kawula.

17(22-18) Balung-balung kawula saged

kawula etang sadaya;

tiyang-tiyang sami ningali, sami nyawang kawula.

18(22-19) Sandhangan kawula sami dipun

dumdum,

saha jubah kawula dipun gebag ing dhadhu.

19(22-20) Nanging Paduka, dhuh Yehuwah,

(48)

JABUR 22.20–25 47 dhuh karosan kawula, mugi enggal karsaa

mitulungi kawula!

20(22-21) Kawula mugi Paduka uwalaken

saking pedhang,

saha nyawa kawula saking cengkeremaning segawon.

21(22-22) Mugi ngluwari kawula saking

cangkeming singa,

tuwin saking singating bantheng. Paduka sampun paring wangsulan

dhumateng kawula!

22(22-23) Kawula badhe martosaken asma

Paduka dhateng para sadherek kawula, Paduka badhe kawula puji wonten ing

tengahipun pasamuwan:

23(22-24) he para wong kang ngabekti

marang Sang Yehuwah,

padha nyaosna puji marang Panjenengane, he sakehing turune Yakub, padha nyaosna

urmat marang Panjenengane;

he sakehing turune Israel, padha duwea wedi asih marang Panjenengane.

24(22-25) Amarga Panjenengane ora mastani

asor lan ora jijik

marang kanisthane wong kang katindhes, sarta ora ngaling-alingi wedanane,

lan miyarsakake nalikane wong mau sesambat nyuwun tulung marang Panjenengane.

25(22-26) Margi saking Paduka kawula

(49)

JABUR 22.26–31 48 nadar kawula badhe kawula luwari wonten

ing ngajengipun para tiyang ingkang sami ngabekti dhumateng Paduka.

26(22-27) Wong andhap asor bakal padha

mangan nganti wareg,

wong kang ngupaya Sang Yehuwah bakal ngalembana Panjenengane;

atimu cikben urip ing salawase!

27(22-28) Poncot-poncoting bumi bakal eling

marang iku

lan banjur mratobat marang Sang Yehuwah;

Para bangsa turun-tumurun badhe sami sujud nyembah wonten ing ngarsa Paduka.

28(22-29) Amarga Sang Yehuwah kang

kagungan karaton,

Panjenengane kang ngereh bangsa-bangsa.

29(22-30) Wong gumedhe ing bumi bakal

padha sujud nyembah kabeh marang Panjenengane,

para wong kang tumurun ing lebu lan ora bisa nyambung uripe bakal padha jengkeng ana ing ngarsane.

30(22-31) Para tedhak-turune padha

ngabekti marang Panjenengane, sarta martakake bab Sang Yehuwah

marang para turune.

31(22-32) Iku kabeh bakal padha martakake

kaadilane

(50)

JABUR 23.1–6 49 marga iku wus katindakake dening

Panjenengane.

MASMUR 23

Gusti Allah iku pangen kang utama 23:1-6

23

1Masmur anggitane Prabu Dawud.

Sang Yehuwah iku pangenku, aku ora kekurangan apa-apa.

2Aku diplegungake ana ing pangonan kang

akeh sukete,

aku digiring menyang ing banyu ing panggonan kang tentrem;

3nyawaku diayemake,

sarta dituntun ing dalaning kabeneran marga saka asmane.

4Malah sanadyan lumaku ana ing jurang

palimenganing pati, aku ora wedi marang bilai,

margi Paduka ingkang nganthi kawula;

teken Paduka saha lantaran Paduka punika sami nglipur kawula.

5Paduka nata pasegahan kangge kawula,

wonten ing ngajengipun satru kawula; sirah kawula Paduka jebadi kaliyan lisah,

tuwung kawula kebak mancep-mancep.

6Amargi namung kabegjan lan kadarman

thok ingkang badhe ngirid lampah kawula,

(51)

JABUR 24.1–6 50 saha kawula badhe manggen wonten ing

padalemaning Sang Yehuwah ing salaminipun.

MASMUR 24

Rawuhe Ratuning Kamulyan ing Padalemaning Allah

24:1-10

24

1Masmur anggitane Prabu Dawud.

Bumi dalah saisine kabeh kagungane Sang Yehuwah,

mangkono uga jagad lan kang padha ngenggoni.

2Awit Panjenengane kang nitahake kalawan

ditalesi segara

ditetepake tumumpang ing kali-kali.

3“Sapa kang kepareng munggah ing gununge

Sang Yehuwah?

Sapa kang kepareng ngadeg ana ing padalemane kang suci?”

4“Wong kang resik tangane lan suci atine,

kang ora masrahake nyawane marang kaculikan,

lan ora nglairake sumpah goroh.

5Iku bakal kaparingan berkah dening Sang

Yehuwah,

sarta kaadilan dening Allah kang njalari karahayone.

6Iku bangsane wong kang padha takon ing

(52)

JABUR 24.7–25.2 51 ingkang sami ngupadosi wedana Paduka,

dhuh Allahipun Rama Yakub.” (Selah)

7He gapura, padha dhuwurna pucakmu.

He lawang langgeng, padha kangkata, supaya Sang Ratuning Kamulyan tindak

lumebet!

8“Sang Ratuning Kamulyan iku sapa?”

“Iku Sang Yehuwah kang kwaos lan prakosa,

Sang Yehuwah prakosa ing prang!”

9He gapura, padha dhuwurna pucakmu,

he lawang kawak padha kangkata,

supaya Sang Ratuning Kamulyan tindak lumebet!”

10“Sang Ratuning Kamulyan iku sapa?”

“Iku Sang Yehuwah, Gustine balatantra, Iku Sang Ratuning Kamulyan.” (Selah)

MASMUR 25

Donga nyuwun

pangapura lan pangayoman 25:1-22

25

1Anggitane Prabu Dawud.

Dhuh Yehuwah, nyawa kawula kawula angkat dhumateng ing ngarsa Paduka.

2Dhuh Allah kawula, kawula pitados

dhumateng Paduka,

mugi kawula sampun ngantos nandhang wirang;

(53)

JABUR 25.3–9 52

3Sayektos, tiyang ingkang ngantos-antos

dhumateng Paduka punika, mesthi boten kawirangan;

nanging tiyang ingkang nglampahi cidra tanpa sabab punika manggih wirang.

4Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka paringi

sumerep bab margi Paduka,

sarta karsaa nedahaken radinan Paduka.

5Lampah kawula mugi Paduka tuntun wonten

ing kaleresan Paduka, lan kawula mugi Paduka wulang,

amargi Paduka punika Allah ingkang paring karahayon dhumateng kawula;

Paduka ingkang kawula antos-antos sadinten muput.

6Dhuh Yehuwah, Paduka mugi enget dhateng

ing sih-palimirma sarta kadarman Paduka,

awit punika sadaya sampun wonten wiwit ing jaman purwa mila.

7Paduka mugi sampun ngengeti dhateng

dosa kawula nalika taksih nem tuwin dhateng duraka kawula, nanging mugi Paduka karsaa enget

dhumateng kawula manut sih-kadarman Paduka,

margi saking kamirahan Paduka, dhuh Yehuwah.

8Sang Yehuwah iku becik lan adil,

mulane wong kang kesasar padha ditedahi dalan.

9Wong kang lembah manah padha dituntun

(54)

JABUR 25.10–18 53 wong kang lembah manah padha ditedahi

margine.

10Kabeh margining Yehuwah iku katresnan,

kasetyan lan kabeneran

tumrap wong kang padha netepi prajanjian lan pepengete.

11Margi saking asma Paduka, dhuh Yehuwah,

mugi karsaa ngapunten kalepatan kawula, awit punika ageng.

12Sapa kang wedi marang Sang Yehuwah?

Iku mesthi ditedahi dalan kang kudu kapilih.

13Wong iku dhewe bakal tetep ana ing

kabegjan,

sarta turune bakal oleh warisan bumi.

14Pasrawungane Sang Yehuwah kang celak

iku karo wong kang padha wedi marang Panjenengane,

sarta iku padha diparingi sumurup bab prajanjiane.

15Mripatku tansah tumenga marang Sang

Yehuwah,

amarga Panjenengane bakal nguwalake sikilku saka ing kalajiret.

16Paduka mugi karsaa mirsani lan melasi

kawula,

awit kawula kepencil tuwin kesrakat.

17Paduka mugi karsaa nglonggaraken manah

kawula ingkang karupekan punika, mugi karsaa ngluwari kawula saking

karibedan kawula!

18Paduka mugi karsaa mirsani kasangsaran

(55)

JABUR 25.19–26.2 54 saha sakathahing dosa kawula mugi

kaapuntena.

19Paduka mugi karsaa mirsani mengsah

kawula, dene kathah sanget,

sarta anggenipun sengit sanget dhateng kawula.

20Nyawa kawula mugi Paduka reksa saha

mugi karsaa ngluwari kawula, sampun ngantos kawula manggih

kawirangan, awit kawula ngayom dhumateng Paduka.

21Kawula mugi kairingna ing katulusan saha

kajujuran,

awit Paduka ingkang kawula antos-antos.

22Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa

ngluwari Israel saking sakathahing karibedanipun.

MASMUR 26

Pandonga nyuwun kaleresake dening Sang Yehuwah

26:1-12

26

1Anggitane Prabu Dawud.

Dhuh Yehuwah, Paduka mugi paring kaadilan dhumateng kawula,

amargi lampah kawula kanthi lampah resik,

kawula pitados dhumateng Sang Yehuwah kalayan boten mangu-mangu.

2Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ndadar

(56)

JABUR 26.3–10 55 batos kawula saha manah kawula mugi

Paduka titi-priksa.

3Amargi katresnan saha kasetyan Paduka

ingkang kawula pandeng,

sarta lampah kawula wonten ing kaleresan Paduka.

4Kawula boten linggih nunggil kaliyan juru

apus

saha boten sesrawungan kaliyan tiyang lamis;

5kula sengit dhateng pakempalanipun tiyang

awon,

lan ugi boten linggih nunggil kaliyan tiyang duraka.

6Kawula ngwisuhi tangan kawula tandha

bilih boten kalepatan,

saha kawula lajeng ngubengi misbyah Paduka, dhuh Yehuwah,

7kanthi ngrepekaken kidung panuwun

kalayan swara sora,

saha martosaken sakathahing kaelokan Paduka.

8Dhuh Yehuwah, kawula tresna dhateng

papan padaleman Paduka

kaliyan dhateng papan kamulyan Paduka.

9Paduka mugi sampun ngukud nyawa kawula

sareng kaliyan tiyang dosa,

punapa dene gesang kawula sampun ngantos sareng kaliyan tiyang ingkang ngwutahaken rah,

10ingkang tanganipun nggegem pendamel

awon,

(57)

JABUR 26.11–27.4 56

11Naning gesang kawula kanthi manah resik;

kawula mugi linuwarna saha mugi Paduka welasi.

12Sikilku ngambah tanah kang rata;

aku bakal ngalembana marang Sang Yehuwah ana ing pasamuwan.

MASMUR 27

Ayem ana ing pangayomaning Allah 27:1-14

27

1Anggitane Prabu Dawud.

Sang Yehuwah kang dadi pepadhangku lan pamartaku,

sapa kang dakwedeni?

Sang Yehuwah kang dadi bebetenging uripku,

sapa kang marakake aku gumeter?

2Nalika para durjana padha nempuh marang

aku

arep mangan dagingku,

yaiku sakehing satruku lan mungsuhku banjur padha kajengklok lan tiba.

3Sanadyan akeh bala kang padha ngedegake

tarub ngepung aku, atiku ora giris,

sanadyan tuwuh peperangan, atiku tetep pracaya.

4Saprakara kang wus daksuwun marang

Sang Yehuwah,

(58)

JABUR 27.5–9 57 muga bisa manggon ana ing padalemane

Sang Yehuwah ing salawase urip, nyawang kadarmane Sang Yehuwah

sarta ngrasakake nikmate ana ing pasucene.

5Sabab Pangeran ngayomi aku ana ing

pasanggrahane, manawa ana bebaya;

ngaling-alingi aku ana ing papan kang ndhelik ing sajroning tarube.

Panjenengane mrenahake aku ana ing sadhuwuring parang.

6Saiki sirahku jejeg,

ngungkuli musuh kang ngepung aku; ana ing tarube aku bakal nyaosake kurban

panuwun kanthi surak-surak;

aku arep ngidung lan ngrepekake masmur kagem Sang Yehuwah.

7Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken

pasambat kawula ingkang kawula unjukaken,

mugi Paduka karsaa melasi kawula saha kawula mugi kaparingana wangsulan!

8Manah kawula ndherek dhumateng

pangandika Paduka: “Sira ngupayaa wedananingSun.”

Wedana Paduka inggih lajeng kawula upadosi, dhuh Yehuwah.

9Paduka mugi sampun nutupi wedana

Paduka dhateng kawula,

Paduka sampun nampik abdi Paduka klayan bebendu;

(59)

JABUR 27.10–28.1 58 kawula mugi sampun Paduka tampik

saha Paduka tilar,

dhuh Allah, Juruwilujeng kawula!

10Sanadyan bapa-biyung kawula nilar

kawula,

nanging Sang Yehuwah ingkang mupu kawula.

11Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka

paringi pitedah bab Paduka,

sarta lampah kawula katuntuna wonten ing margi ingkang wradin

margi saking wontenipun mengsah kawula.

12Kawula sampun Paduka ulungaken dhateng

hawa nepsunipun satru kawula, awit sampun wonten seksi-seksi dora

ingkang sami nglawan kawula,

kaliyan tiyang-tiyang ingkang kadunungan dereng badhe niksa.

13Sanyata aku ngandel yen bakal nyumurupi

kabecikaning Yehuwah ana ing bumining wong urip!

14Padha nganti-antia marang Sang Yehuwah!

Padha dipanggah lan ditatag atimu!

Padha nganti-antia marang Sang Yehuwah!

MASMUR 28

Sang Yehuwah iku tetamengku 28:1-9

28

1Anggitane Prabu Dawud.
(60)

JABUR 28.2–6 59 mugi sampun ngendelaken kawula,

sabab manawi Paduka ngendelaken kawula, kawula lajeng kadosdene tiyang ingkang

mandhap dhateng kubur.

2Paduka mugi karsaa miyarsakaken

swantening panyuwun kawula,

manawi kawula sesambat dhumateng Paduka nyuwun tulung,

tuwin njunjung tangan kawula

ngener dhateng padaleman Paduka ingkang mahasuci.

3Kawula sampun ngantos Paduka sered

sesarengan kaliyan tiyang duraka, utawi ingkang nglampahi awon,

ingkang tangkepipun sae dhateng sesaminipun,

nanging manahipun kebak piawon.

4Punika mugi sami Paduka wales satimbang

kaliyan pandamelipun,

saha manut pratingkahipun ingkang awon; mugi Paduka ganjar laras kaliyan pakartining

tanganipun

sarta kadhawahana piwales punapa ingkang katindakaken punika.

5Amarga padha ora nggatekake marang

pakaryaning Yehuwah,

sarta apa kang katindakake dening astane, mulane bakal padha katibakake

lan ora ditangekake maneh.

6Pinujia Sang Yehuwah, awit wus

miyarsakake

(61)

JABUR 28.7–29.2 60

7Sang Yehuwah iku kakuwatanku lan

tetamengku,

atiku kumandel marang Panjenengane. Aku wus kapitulungan, mulane atiku

bungah-bungah,

sarta aku ngunjukake panuwun marang Panjenengane kalawan

kekidungan.

8Sang Yehuwah iku dadi kasantosaning

umate,

Panjenengane dadi beteng karahayon tumrap wong kang dijebadi!

9Paduka mugi karsaa ngluwari umat Paduka,

tuwin karsaa mberkahi kagungan Paduka piyambak,

mugi Paduka angen sarta Paduka panggul ing salami-laminipun.

MASMUR 29

Kamulyane Gusti Allah ana ing prahara 29:1-11

29

1Anggitane Prabu Dawud.

He para kang manggon ing swarga, pratelakna manawa Sang Yehuwah,

ya mung Sang Yehuwah iku kang kagungan kamulyan lan kakiyatan!

2Sang Yehuwah kasaosana kaluhuraning

asmane,

(62)

JABUR 29.3–11 61

3Swantene Sang Yehuwah ana ing

sadhuwuring banyu,

Gusti Allah kang mulya gumludhug, Sang Yehuwah ing sadhuwuring banyu

gedhe.

4Swantene Sang Yehuwah kebak kakuwatan,

swantene Sang Yehuwah kebak kamulyan.

5Swantene Sang Yehuwah nugelake wit eres,

malah wit eres ing Libanon padha dirubuhake dening Sang Yehuwah.

6Panjenengane andadosake gunung Libanon

mlumpat-mlumpat kaya pedhet, lan gunung Siryon kaya pedheting

bantheng.

7Swantene Sang Yehuwah nyemburake geni

mulad-mulad.

8Swantene Sang Yehuwah ngoregake

pasamunan,

Sang Yehuwah ngoregake ara-ara samun Kadesy.

9Swantene Sang Yehuwah njalari menjangan

meteng padha manak,

malah njalari alas-alas padha gundhul, sarta kang ana ing padalemane padha

nguwuh: “Linuhurna!”

10Sang Yehuwah lenggah ing sadhuwuring

banjir,

Sang Yehuwah jumeneng Raja ing salawas-lawase.

11Sang Yehuwah muga karsaa paring

kakuwatan marang umate,

(63)

JABUR 30.1–5 62

MASMUR 30

Kidung pamuji sokur marga uwal saka ing bebaya

30:1-12 (30:1-13)

30

1Masmur. Kidung kanggo nucekake

Padaleman Suci. Anggitane Prabu Dawud.

(30-2) Dhuh Yehuwah, Paduka badhe kawula luhuraken,

amargi Paduka sampun ngentas kawula, saha boten marengaken manawi mengsah

kawula sami bingah margi saking kawula.

2(30-3) Dhuh Yehuwah, Allah kawula, kawula

sesambat nyuwun tulung dhumateng Paduka,

lajeng Paduka sarasaken.

3(30-4) Dhuh Yehuwah, Paduka sampun

ngentas nyawa kawula saking ing teleng palimengan,

Paduka nggesangaken kawula

wonten ing antawisipun tiyang-tiyang ingkang sampun lumebet ing kubur.

4(30-5) Padha ngidungna masmur kagem

Sang Yehuwah, he para wong kang dikasihi,

sarta padha nyaosna pamuji sokur marang asmane kang suci!

(64)

JABUR 30.6–11 63 nanging kamirahane tetep ing salawase

urip;

ing wayah bengi ana panangis,

ing wayah ngarepake esuk keprungu surak-surak.

6(30-7) Ing salebeting kabingahan kawula,

osiking manah kawula:

“Aku ora bakal gloyoran salawase!”

7(30-8) Dhuh Yehuwah, margi saking anggen

Paduka karenan,

kawula sampun Paduka papanaken wonten ing sanginggiling redi ingkang santosa; nanging sareng Paduka nutupi wadana

Paduka, kawula kaget.

8(30-9) Kawula munjuk kalayan sora

dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, lan kawula nyenyuwun dhumateng

Pangeran:

9(30-10) “Punapa paedahipun manawi rah

kawula wutah,

manawi kawula mandhap dhateng ing kubur?

Punapa lebu saged ngaturaken pamuji sokur dhumateng Paduka

sarta martosaken kasetyan Paduka?

10(30-11) Dhuh Yehuwah, Paduka mugi

miyarsakaken saha melasi kawula, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa

jumeneng dados juru tetulung kawula!”

11(30-12) Kawula ingkang sesambat Paduka

(65)

JABUR 30.12–31.3 64 kawula lajeng Paduka sabuki kaliyan

kabingahan,

12(30-13) supados nyawa kawula

ngidungaken masmur kagem Paduka lan sampun ngantos kendel kemawon. Dhuh Yehuwah, Allah kawula, kawula badhe

ngidungaken pamuji sokur dhumateng Paduka ing salaminipun.

MASMUR 31

Tentrem ana ing astaning Yehuwah 31:1-24 (31:1-25)

31

1Kanggo lurah pasindhen. Masmur

anggitane Prabu Dawud.

(31-2) Dhuh Yehuwah, kawula ngayom dhumateng Paduka,

kawula mugi sampun ngantos nandhang kawirangan.

Mugi Paduka ngentas kawula amargi kaadilan Paduka,

2(31-3) Paduka mugi nilingna dhateng

kawula,

karsaa enggal paring wangsulan!

Paduka mugi karsaa dados redi sela papan pangayoman kawula,

beteng santosa ingkang mitulungi kawula!

3(31-4) Awit Paduka punika redi sela tuwin

beteng kawula,

(66)

JABUR 31.4–10 65

4(31-5) Paduka badhe ngluwari kawula

saking kala,

ingkang kapasang dening tiyang kangge kawula,

amargi Paduka ingkang dados pangauban kawula.

5(31-6) Nyawa kawula, kawula pasrahaken

wonten ing asta Paduka;

dhuh Yehuwah, Allah ingkang setya tuhu, Paduka ingkang ngluwari kawula.

6(31-7) Paduka sengit dhateng tiyang

ingkang memuja dhateng brahala ingkang tanpa gina,

nanging kawula pitados dhumateng Sang Yehuwah.

7(31-8) Kawula badhe asurak-surak

sukarena margi sih-kadarman Paduka, awit Paduka mirsani kasrakatan kawula

saha nupiksani karupekaning nyawa kawula,

8(31-9) saha kawula boten Paduka

ulungaken dhateng ing tanganing mengsah,

nanging Paduka kekahaken lampahing suku kawula wonten ing omberan.

9(31-10) Dhuh Yehuwah, mugi kawula

Paduka welasi, awit kawula rumaos rupek;

mripat, nyawa tuwin badan kawula nglemprek saking prihatos.

10(31-11) Amargi gesang kawula katedha

(67)

JABUR 31.11–15 66 saha tauning umur kawula sami telas

dening pangesah;

kekiyatan kawula mundur margi saking kasangsaran kawula,

sarta balung kawula sami gopok.

11(31-12) Kawula dados cecampahaning

mengsah kawula,

lan njalari girisipun para tangga tepalih kawula,

punapa dene damel kagetipun para pitepangan kawula;

tiyang ingkang sami sumerep kawula

wonten ing margi, lajeng sami lumajeng.

12(31-13) Kawula sampun ical saking

pengetan kadosdene tiyang pejah,

kawontenan kawula kados barang ingkang sampun pecah.

13(31-14) Amargi kawula mireng tiyang

kathah sami bisik-bisik,

kawula kinepang ing pagiris --sami sekuthon badhe nglawan dhateng

kawula,

ngangkah dhateng nyawa kawula.

14(31-15) Nanging kawula kumandel

dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah, kawula matur: “Paduka punika Allah

kawula!”

15(31-16) Gesang kawula punika wonten ing

asta Paduka,

Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking tanganipun para satru kawula

(68)

Referensi

Dokumen terkait

Bapak Taslim Rochmadi, Ir., Dipl.Ing., Dr., selaku pembimbing di BPPT yang membantu penulis dalam menyediakan data yang dibutuhkan dalam penulisan skripsi ini, beserta seluruh

Karena dengan pembelajaran kooperatif tipe Numbered Head Together (NHT) akan menuntut siswa untuk lebih aktif dalam proses pembelajaran sehingga suasana belajar

Penelitian ini bertujuan untuk mengetahui pengaruh metode pengeringan (penyangraian dan pengovenan) terhadap kualitas terasi instan udang rebon yang dihasilkan dilihat dari

Sebelumnya penulis mengucapkan syukur dan terima kasih kepada Tuhan Yang Maha Esa sehingga dapat menyelesaikan tugas skripsi dengan judul : “Analisis dan Perancangan Program

Berdasarkan definisi diatas, maka pengertian analisis rasio keuangan adalah suatu cara untuk menganalisis kinerja perusahaan dengan menggunakan rasio-rasio

Tujuan dari perancangan basis data ini adalah untuk menganalisa dan merancang basis data pembelian, penjualan dan persediaan serta dapat merancang aplikasi dan laporan yang

Puji syukur kehadirat Allah swt, yang telah memberikan rahmat, taufik dan karunia-Nya, sehingga peneliti dapat menyelesaikan skripsi dengan judul “Upaya

By using a Wireless Router which transmits Internet develop monitoring CCTV network not only through the media of television that is connected directly to the cable, but