www.setyawara.tk | 1
SASTRA WAYANG
Wayang punika salah satunggaling kabudayan ingkang dumadi saking wewayangan ingkang sinungging, wayang wiwit wonten ing samadyaning jagad tiyang Jawi udakawis abad kaping-11 rikala jaman Prabu Airlangga kados ingkang sinerat salebeting kakawin Arjuna Wiwaha, pada 59 ingkang suraosipun salebeting basa Kawi (Jawi Kina) mekaten ;
Ña{no{nTonRi+gitMn+zisHsekelM?faifepPnHuwusW?]htuwi n YnWlul+aizuki/
{molhazucpHtu/ni+w+t`{sN+wisymlatnWiaiknrittWnYnMysannNi+
*wsilumn\.Ñ
"Hanonton ringgit manangis asekel muda hidepan huwus wruh wruh towin yan walulang ingukir molah angucap hatur ning wang tresnèng wisaya malaha tan wihikana ri tatwan yan maya sahananing bhawa siluman".
Tegesipun ;
"Mirsani ringgit ngantos nangis, bombong sarta kingkin manahipun, sanajan sampun wikan bilih kang dinulu namung lulang sinunggingan manungsa lan kados saged tata jalma, ingkang mirsani wayang (ringgit) kados déné tiyang ingkang kataman hardaning kanepson satemah kesupèn, lan boten nginten bilih sedaya kalawau namung wewayangan ingkang maya."
Mula bukanipun wonten wayang ngantos dinten punika taksih kirang terwaca awit kathahipun sarjana-sarjana mancanagri ingkang ngawontenaken panalitèn bab asal-usulipun wayang satemah kathah pemanggih antawisipun kadosta ing ngandhap punika ;
1. Golonganipun sarjana ingkang ngendikaaken bilih wayang punika asalipun saking Hindustan, pranyatan punika dipunjalari kaliyan wontenipun tetembungan Sansekerta
C C C
Cyanatk yanatk yanatk yanatk
(Chayanataka) ingkang tegesipun wewayangan ingkang kinanthi dolanan.Pramila saking punika lajeng sarjana manca kadosta; Krom, Pischel, Poensen lan Ras, ngendikaaken bilih wayang punika asal-usulipun saking tanah India.
2. Golonganipun sarjana ingkang ngendikaaken bilih wayang punika asalipun saking Tiongkok, pranyatan punika dipunjalari kaliyan wontenipun tetembungan Ying-hé ingkang mengku teges wewayangan mawi dolanan, ugi wonten tetembungan malih bilih wayang punika saking tetembungan basa Cina wayaah, basa Mandarin woying lan basa Kanton woyong. Pramila saking punika Gosling lan Kwee Kek Beng nggadhahi pemanggih bilih wayang asalipun saking Tiongkok.
3. Golonganipun sarjana manca ingkang ngendikaaken bilih wayang punika asli saking tanah Jawa, pranyatan punika dipunjalari maneka warna sebab antawisipun sejarah kasusastran Jawi ingkang sampun sepuh yuswanipun, ugi wontenipun tatacara tiyang Jawi kina ingkang pitados kaliyan roh arwahipun para luhur lajeng dipunsembah kanthi ndamel wewayanganipun. Wondéné sarjana manca ingkang nggadhahi pemanggih mekaten kadosta Brandes, Hazeu, Rentse, Kats lan Kruyt.
www.setyawara.tk | 2 Saking pemanggih tigang perkawis ing nginggil mracihnani bilih wayang punika boten namung dipunmangertosi lan sinaoni déning tiyang Jawi kèmawon malah kepara para sarjana manca kathah ingkang kepéncut nyinaoni bab punika. Wayang punika wiwit saking dipunwontenaken ngantos dumugi dinten punika sampun kathah ingkang dipunowahi.
Wondéné cak-cakanipun wayang kados ing ngandhap punika;
1. Jaman Mataram kina, Kediri, wandanipun wayang taksih arupi gambar ingkang sinungging ing lulang, wondéné cariyosipun mendhet cariyos saking lampahan- lampahan para pepundhèn lan leluhur tiyang Jawi.
2. Jaman Majapahit, wandanipun wayang taksih sami kaliyan jaman Mataram punapadéné Kediri namung sampun langkung pepak gegambaranipun, cariyosipun kathah mendhet saking lampahan Panji.
3. Jaman Demak, wandanipun wayang sampun dipunukir kadosdéné wayang-wayang jaman sakpunika. Ingkang dipunwiwiti déning para wali.
4. Jaman Mataram Islam, Kartasura, Surakarta lan Ngayogyakarta, wandanipun wayang sampun pepak kados ingkang saged dipunpirsani ngantos dumugi sakpunika.
Saklajengipun jinising wayang lan lampahan ingkang ginelar wonten pagelaran wayang ; 1. Wayang beber, wujudipun lulang ingkang sinungging, mendhet lampahan cariyos
Panji.
2. Wayang purwa, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran, mendhet lampahan cariyos Mahābhārata lan Rāmāyana.
3. Wayang madya, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran, mendhet lampahan cariyos Jaman Jayabaya, Gendrayana, Yudhayana.
4. Wayang golèk, wujudipun saking kajeng ingkang inukiran, mendhet lampahan cariyos mènak menawi ing Jawi lan Mahãbhãrata menawi ing tanah Pasundan.
5. Wayang kancil, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran mawi gegambaran sato kéwan. Mendhet lampahan cariyos para kéwan.
Saking jinising wayang ingkang sinebut ing nginggil kalawau namung wayang purwa ingkang kathah dipungandrungi déning tiyang Jawi, wayang punika mendhet lampahan saking babon Mahābhārata lan Rāmāyana ingkang sampun rinoncé déning para Pujangga Jawi satemah wonten bèntenipun kaliyan babon aslinipun ingkang saking India. Awit wayang punika rumiyin minangka salah satunggaling sarana dakwah para wali, pramila sarining cariyos India ingkang taksih mambet kaliyan Hindu dipunkirangi sekedhik mbaka sekedhik ngantos boten ketingal Hindunipun. Babon aslinipun ingkang saking India punika winastan kitab Mahābhārata lan Rāmāyana, Mahābhārata punika salah satunggaling kitab suci tumrap tiyang Hindu India ingkang isinipun nyariosaken gumelaring jagad wangsa Bhārata ingkang dipunwastani pandava lan kaurava ugi nyariosaken gumelaring perang ageng Bhãrata Yuddha
www.setyawara.tk | 3 (utawi perangipun darah Bhārata) wonten ing cariyos punika kawontenanipun perang boten namung dipunjalari rebatan negari namung ugi minangka pralambang tedhakipun avatar Wisnu minangka Khrisna ingkang nedya nggulung kamurkan saha kliliping jagad lumantar Arjuna lan para Pandawa, Mahābhārata punika ugi sinebut Asthadaça parva awit wujudipun wonten wolulas bab, saking wolulas bab punika namung wolung parwa ingkang ngantos wekdal punika pinanggih sinungging mawi sastra Jawi kina antawisipun wolung parwa punika;
1. Ādiparwa, nyariosaken yajna sarpa (ngurbanaken sekabèhing naga saklumahing jagad) déning Raja Janaméjaya putranipun Prabu Parikesit buyutipun Arjuna. lan asal usulipun Pandhawa – Kurawa ngantos dumugi dhaupipun Arjuna kaliyan Sembadra.
2. Wirātaparwa, nyariosaken lelampahanipun para Pandhawa ing nagri Wirata 3. Udyogaparwa, nyariosaken lampahan kresna duta.
4. Bhiçmaparwa, nyariosaken jumenengipun resi Bhisma minangka sénapati perang Kurawa lan Bhagawad Gita sarta perang ageng Bhārata Yuddha.
5. Āśramawāsaparwa, nyariosaken lampahan saksampunipun perang Bhārata Yuddha ingkang dipunmenangaken para Pandhawa.
6. Mosalaparwa, nyariosaken lampahan sirnaning bangsa Yadu kawulanipun prabu Kresna.
7. Prasthanikāparwa, nyariosaken jumenenganipun Parikesit minangka ratu ing nagri Astina.
8. Swargarohanaparwa, nyariosaken sédanipun para Pandhawa lan kawontenanipun ing Jaman kelanggengan
Mekaten ugi Rāmāyana, menawi salebeting Mahābhārata Wisnu tedhak ing ngalam donya minangka Khrisna salebeting Rāmāyana Wisnu tedhak ing donya minangka Rāmā ingkang kagungan jejibahan nggulung angkara murkanipun Rahwana ratu ing Aléngka. Kitab Rāmāyana wonten pitung kandha (bab) antawisipun;
1. Balakānda, nyariosaken lelampahanipun prabu Dasarata.
2. Ayodhyakānda, nyariosaken lelampahan alitipun Rãmã ngantos sayembara Sintha lan dhaupipun Rãmã kaliyan Sintha.
3. Aranyakānda, nyariosaken lelampahan Rāmā, Sintha, lan Laksmana ing madyaning wana, lan cariyos Rahwana nyulik Sintha.
4. Kiskhindhyakānda, nyariosaken lelampahanipun Subali lan Sugriwa.
5. Sundarakānda, nyariosaken lampahan Rãmã tambak lan cariyos Anoman obong.
6. Yuddhakānda, nyariosaken lampahan perang antawisipun Rāmā lan Rahwana (Dasamuka).
7. Uttarakānda, nyariosaken lampahan saksampunipun perang lan cariyos Sintha obong.
www.setyawara.tk | 4 Punika warnanipun kitab kalih ingkang dados babon lampahan ringgit ing pagelaran wayang purwa Jawi, nanging sinaosa babonipun punika cariyos saking kitab kekalih sampun dipun entha lan ronce miturut raos Jawi ingkang sampun salin rasuk agama rasul inggih punika Islam ingkang dinakwah déning para wali sanga saking kasultanan Demak Bintara.
Wondene urut-urutanipun cariyos punika ngantos dados pakem ing pagelaran wayang purwa;
Ubarampé salebeting pagelaran wayang purwa punika wigatos sanget awit lumantar punika wayang utawi ringgit saged dipunbabar lan tingali, wondéné ubarampénipun antawisipun;
1. Layar/Geber
Kelir kadamel saking bahan tekstil warni pethak pinalipit warni abrit utawi cemeng.
panjangipun 12 mèter.
wiyaripun 1.5 – 2 mèter.
2. Blèncong
Suluh (cara kinanipun) deles kapuk lenga klentik. Nanging sakpunika blèncong dipungantos mawi lampu bolam ( 200 W ).
3. Wayang / ringgit wacucal
Piranti baken ingkang kadamel saking lulang titatah lan sinungging utawi ginambar manut lakonipun.
4. Cempurit piranti ingkang kanggé nggapit wayang kadamel saking sungu kebo.
5. Simpingan kiwa lan tengen
Wayang ingkang tinancepaken ing gedebog jèjèr - jèjèr minangka paès. Ingkang siring tengen Brataséna (wayang ageng ) ngantos dumugi satriyan ( wayang ingkang alit ).
Ingkang siring kiwa Buta Raton ngantos dumugi wayang alitan.
MAHĀBHĀRATA RĀMĀYANA
8 parwa ingkang sinebut ing nginggil
Kakawin Rāmāyana
Serat Bratayudha Serat Rama Jarwa
PAKEM PEDHALANGAN RINGGIT PURWA Serat Pustaka Raja Purwa
www.setyawara.tk | 5 6. Kothak wadhah wayang
Kothak kadamel saking kajeng ; Panjang : 190 cm / 170 cm Wiyar : 85 cm / 85 cm Kandel : 12- 15 cm /12 cm 7. Cempala asta ( saka kayu )
Kajeng binubut endah panjang udakawis 1,25 jengkal ( kilan ), ginanipun kanggé ndhodhog kothak paring sasmitha tumrapipun para niyaga.
8. Cempala suku
Wesi gligèn binubut éndah panjang 1/2 kilan ( jengkal ) jinepit ing jempol suku kanggé nuthuk keprak.
9. Keprak ( saking wesi ) 10. Niyaga lan Pesindhèn
Tukang nabuh gamelan cacahipun wonten 12 – 15 tiyang utawi langkung ndhèrèk kabetahanipun. Pesindhèn / waranggana ingkang nglaras tetembangan.
11. Gamelan
Gamelan ugi dipunwastani gangsa, punika piranti ingkang kanggé ngiring lampahanipun ringgit. Wondéné gamelan punika wonten kalih warnanipun;
a. Gamelan Sléndro b. Gamelan Pélog
Ricikan Gamelan baku ( kedah wonten )
- kenD=: - ge[nF/ :
- gmB= : - s<nQem\ :
- femu= - [bon=
www.setyawara.tk | 6
- ke[n=o - kequkKemP-= :
- [g=o : - kemPul\ :
Ricikan tambahan
- suli= - cemPÓ|= :
- xbb\ :
Wayang purwa Jawi, ingkang mendhet lampahan cariyos saking babon kitab Māhabhārata lan Rāmāyana Sansekerta India, nanging wiwit bedhahipun kraton Majapait lan adeging kraton Demak, cariyos Māhabhārata lan Rāmāyana punika sampun dipunéntha malih déning para Wali lan pujangga Jawi satemah dados cariyos Māhabhārata lan Rāmāyana versi Jawa ingkang sampun bènten kaliyan versi aslinipun ingkang saking India, awit wayang kanthi cariyos Māhabhārata lan Rāmāyana punika kadamel dakwah Islam déning para Wali ing Tanah Jawa. Ing ngandap punika sarasilahipun Pandawa lan Kurawa manut versi India lan versi Jawa ;
www.setyawara.tk | 7 SARASILAH KAURAVA lan PANDAVA (INDIA)
Puru Dushamanta
YADAVA BHARATA
Hasti
Kuru
Gangga + Santanu + Satyavati + Parashara
Bhishma Chitrangada Vyasa Ambika + Vichitravirya + Ambalika
(Vyasa)
Vasudéva Kunti……….Kunti + Pandu + Madri Gandhari + Dhritarashtra
Balarama Krishna Subhadra
Kaurava Yudhisthira Bhima Arjuna Nakula Sahadéva (Duryodhana & 99 rayinipun)
Abhimanyu
Pariksit
Bangsa Yadava musnah Janamejaya
www.setyawara.tk | 8 SARASILAH KURAWA LAN PANDAWA (JAWA)
Bathara Guru
Brama Wisnu
Basurata (Wirata) Bremani………..+………Déwi Srihunon
Parikenan Basupati
Manumayasa
Sekutrem Basukesthi
Sakri Basukiswara
Parasara……….…+………Durgandini Durgandana
Ambika….+…… Abiyasa (Kresna Dwipayana)…..+…..Ambalika
Drestrarastra…+…Gandari Kunti...+... Pandu………..+……….Madrim
Kurawa Pandawa (Duryodhana lan 99 rayinipun)
Yudistira Werkudara Arjuna Nakula Sadéwa
Abimanyu
Parikesit
Janamejaya JANGKEPING KAWRUH PEWAYANGAN ;
Wayang kulit Jawa mliginipun wayang purwa, cariyosipun mendhet saking babon cariyos saking kitab – kitab bangsa Hindu (India) ; nanging cariyos punika sampun dipunothak – athik lan kajumbuhaken kaliyan swasana Jawa lan tedhakipun agama Islam. Wondéné cariyos punika antawisipun ;
Cariyos Arjunasasrabahu, cariyos punika kadadéyanipun nalika Bathara Wisnu manjalma /manitis dados prabu Arjunasasrabahu, paraga baken cariyos punika antawisipun ;
www.setyawara.tk | 9
⇒ Patih Suwanda / Sumantri
⇒ Sukrasana
⇒ Dasamukha
⇒ Arjunasasrabahu
⇒ Para déwa tridasa watak nawa
wis× a/junss]bau sumnÒ`i fsmuk
Cariyos Rāmāyana, cariyos kadadéyanipun nalika Bathara Wisnu manjalma / manitis dados prabu Rāmāwijaya, paraga baken cariyos punika antawisipun ;
⇒ Radén Ramawijaya
⇒ Déwi Sintha / Sita
⇒ Prabu Dasarata
⇒ Prabu Rahwana
⇒ Sarpakenaka
⇒ Radén Kumbakarna
⇒ Radén Gunawan Wibisana
⇒ Dewi Kekayi
⇒ Radén Barata
⇒ Radén Laksamana
⇒ Resi Sumali
⇒ Prabu Subali lan Sugriwa
⇒ Para déwa tridasa watak nawa
⇒ Radén Anoman, Anila, Anggada, lsp.
rmwijy sinT lkSMn fsrt
www.setyawara.tk | 10 fsmuk sug]iw subli a[nomn\
Cariyos Māhābharata, cariyos kadadéyanipun nalika bathara Wisnu manjalma / manitis dados prabu Kresna, paraga bakenipun antawisipun ;
⇒ Pandhawa Lima, Puntadéwa, Bima, Arjuna, Nakula lan Sadéwa.
⇒ Sata Kurawa, Duryudana, Dursasana, Burisrawa, lsp.
⇒ Resi palasara
⇒ Resi bhisma
⇒ Resi Durna
⇒ Prabu Kresna
⇒ Prabu Baladéwa
⇒ Prabu Kresna
⇒ Prabu Drupada
⇒ Prabu Matswapati
⇒ Dewi Kunthi
⇒ Prabu Drestharastra
⇒ Prabu Pandudewanata
⇒ Radén Yama Widura
⇒ Dewi Gandari
⇒ Para déwa tridasa watak nawa
⇒ Radén Abimanyu, Gatotkaca, Antareja, Antaséna, Lsp.
yfisTir we/kufr a/jun nkul
s[fw ant[sn k}sN f}sÒ`rsÒ`
www.setyawara.tk | 11 bisM k/n bl[fw g[totKc Salebeting Cariyos Wayang Purwa, lampahan punapa kémawon mesthi wonten paraganipun para panakawan utawi abdi wulu cumbu, panakawan punika wonten kalih ;
a. Panakawan ingkang momong Kabecikan (para satriya) wonten 4 cacahipun ; o Ki Lurah Semar Badranaya Aslinipun Bathara Ismaya
o Ki Lurah Nala Garéng,
o Ki Lurah Pétruk Kantong Bolong, o Ki Lurah Bagong,
kilurhsem/ kilurhg[r= kilurh[pt(k\ kilurhb[g=o b. Panakawan ingkang momong Kadurjanan (para raseksa) wonten 2 cacahipun ;
o Ki Lurah Togog, Aslinipun Bathara Tejamaya o Ki Lurah bilung Saraita,
kilurh[to[gog\ kilurhbilu=
Wondéné paraga wayang purwa Jawa ingkang baken wonten cariyos lampahan Arjuna sasrabahu, Ramayana lan Mahabharata, antawisipun ;
o Ki Lurah Semar o Ki lurah Garéng o Ki Lurah Pétruk o Ki Lurah Bagong
www.setyawara.tk | 12 o Ki Lurah Togog
o Ki Lurah Bilung
o Para Déwa tridasa watak nawa o Dasamuka
o Titisan Wisnu o Anoman
Péranganipun para paraga salebeting lampahan – lampahan kasebut ing nginggil, saged dipunpirsani ing ngandhap punika ;
o Jaman Arjunasasrabahu :
Titisan Wisnu manjalma dados Prabu Arjunasasrabahu
Para panakawan Semar, Pétruk, Garéng, lan Bagong momong Radén Sumantri (Patih Suwanda).
Para panakawan Togog lan Bilung momong Dasamuka Dasamuka
Para Déwa tetep sami o Jaman Rāmāyana :
Titisan Wisnu Manjalma dados Prabu Ramawijaya
Para panakawan Semar, Pétruk, Garéng, lan Bagong momong Prabu Ramawijaya).
Para panakawan Togog lan Bilung momong Dasamuka Dasamuka
Anoman
Para Déwa tetep sami o Jaman Māhābharata :
Titisan Wisnu Manjalma dados Prabu Kresna
Para panakawan Semar, Pétruk, Garéng, lan Bagong momong Radén Arjuna Para panakawan Togog lan Bilung momong para ratu sabrangan
Anoman
Para Déwa tetep sami