• Tidak ada hasil yang ditemukan

SE RAT KABAR KATHOLI EK

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2023

Membagikan "SE RAT KABAR KATHOLI EK"

Copied!
6
0
0

Teks penuh

(1)

No. 17

REGINIPOEN LENGGANA.N SWARA -TAMA:

I taoen . . . . f 6,-

!

1/2 .. , f 3.- njoewoen ka- 3 woelan . . . f 1,50 bajar roemijip.

Kenging mbajar saben woelan

24 April lJ'l_l Taoen 11.

Hoofdredacteur:

A. D

J

A

J

AS E P 0 ET RA.

-

kabantoe

RAGAD ADVERTEN1'1E: REDACTIE - COMlVIISSIE.

1 katja f 36.-.

1/2 .. f 18,65.

•1. ..

9,75.

1/s ,,

Saladjengipoen : saben l cm2 sekedik - kedikipoen : f 1,50.

5,25.

0,03:

SE RAT KABAR KATHOLI EK

Kabar premili alit - alitan : f 1.-

Moendoet kapatjak Jangkoeng saking sapi- san, oetawi dados lengganan, tepang rembag roemijin kalijan administratie.

Medal saben dinten Djoemoewah.

SAKING RADJA DA TENG PRESIDENT.

DEMOCRA TIE LAN DICTA TUUR

Swara Tama minggoe kapengker Ian inggih Sw. T. dinten poenika, (kaseboet ing kabar Mantja nagari) njarijosaken lalampahan pen tinging- kang doemados ing nagari Sepanjol.

Temenipoen Sri Nata Sepanjol dereng angoeloengaken nagarini poen dateng kantja republiek. Anggenipoen djengkar saking Sepanjol, poenika namoeng anjingkiri galagat ingkang boten sae. Amekani sampoen ngan- tos ret9ening pradja kaladjeng-la- djeng. Ewadene sanadjan makatena, saben tijang mangertos sapinten ra- mening perangipoen parte repoeblik.

Sarta nitik kawontenan sapoenika, semoe-semoenipoen golongan re- poeblik ingkang oenggoel ing joeda.

Boewenganing djagad tansah rnoe- beng. Semanten oegi pikiraning manoengsa boten nate mandeg. Tan- sah dipoenoelir- oelir ngoepados daja sarana ingkang andjaiari sake- tjaning sarira pribadi, brajat, sanak saderek, tanah siti woetah rahipoen poenapadene djagad internationaal.

Manawi kita matitisaken babad donja, rnangertos gilir goemantosing lelarn- pahan ingkang ngengingi barisaning titah ingkang oenggoel pijambak, inggih poen manoengsa. Roemijin tijang sami kajoengjoen dateng pa- prentahaning narpati, sapoenika sami anjembah paprentahaning demokrasi.

Aotokrasi, absoluute monarchi, sa- mi kaanggep tjara kolot, pantesipoen malebet ing moesejoem. lngkang sawegdipoenoenggoel-oenggoelaken boten won ten sanes kadjawi tjaraning marentah pradja model demokrasi.

Wiwit taoen 1923. kemoedining nagari Sepanjol tjinepeng model dictatuur. lngkang anjepeng oebeng ingering kemoedi dictatuur, pandje- nenganipoen ingkang misoewoer ing djagad Primo de Rivera. Nanging sareng paprentahan makaten poenika boten dipoenadjengi ing ngakatah, Primo de Rivera ladjeng seleh.

Parte kawoela ladjeng noempang wonten nginggil.

Ing djaman kinanipoen nagari Se- panjol pinarentah ing narpati. Margi derenging kawoela, sinangkan sarana reresah, kraman lss., ing taoen 1873 angleresi tanggaI) 1 Februari, Sepa- njol dados republiek. Kala sernanten ingkang dados president - ipoen

tw.

Figueras. Nanging republiek poenika waoe boten dangoe oemoeripoen, kinten -kinten namoeng sadasa woe- Ian. Bibrahing republiek Sepanjol, ingkang kawitan waoe kala 3 Dja-

noewari 1874.

Sabakdani po en poenika, bangbang pangaloem - aloeming nagari katje- peng ing parte militer. Kala seman- ten ebah-ebahan angwontenaken narpati ladjeng djoemedoel, wasa- nanipoen s~estoe kalampahan. Kala

· Djanoewari 1875, Alfonso XII, ka- djoemenengalq!n nata ing Sepanjol.

Sang Praboe Alfons XII, seda kala 25 Nov. 1885. Kala sedanipoen Alfonso XII, nilar poetra poetri kalih, saha poetra ingkang taksih wonten goewa garbanipoen prameswari Ma- ria Christina. Prameswari poenika kala 17 Mei 1886, am babaraken poe- tra kakoeng ingkang kala 17 Mei 1902, kadjoemenengaken Nata .Se- panjol, djedjoeloek Alfons XIII; dados inggih Nata ingkang sapoenika leng- gar saking nagari Sepanjol.

Makaten ringkesaning babad radja niti ing Sepanjol.

Manawi kita soemerep rninggah moedoening garis - garising babad kabangsan Sepanjol ing nginggil poenika, kita ladjeng mangertos pan- tjen boten gampil angrangkani bang- sa Sepanjol. Ingkang makaten waoe inggih boten anggoernoenaken, awit aloening modernism e ingkang anedya angleboer k o Io tis me bo- ten nama baen - baen, saestoe ageng daja kekijatanipoen, sarta inggih

Kaserat gandeng kalijan Ienggari- poen Praboe Alfons XI I! saking Sepanjol.

boten kirang parigel Ian tarampil anggenipoen angetrapaken daja srana toewin ihtijar warni -warni. Nitik kawontenan ing nginggil, inggih boten saged tijang bade mastekaken oetawi nanggel bilih republiek pa- n gar an - a ran ing Sepanjol weda- Ian taoen 1931 poenika bade lana adegipoen.

Saderengipoen wonten lalampahan

l~nggaripoen Sri Nata Sepanjol Alfons XIII kala minggoe kapengker, semoe- semoenipoen tetijang katah sami angadjengi paprentahan Sepa- njol kadamela model demokrasi tjara Parangakik. Dene golongan militer katah ingkang remen model dictatuur. Sarta para kaoem berah radikal ing Barcelona Ian kiwa te- ngenipoen sadjak- sadjakipoen ka- sawaban daja korninis. Mila inggih remen menawi Sepanjol pinarentah mawi tjara kominis.

Perangipoen tjara marentah tigang warni poenika, boten namoeng pi- nanggih ing nagari Sepanjol. Sade- rengipoen perang donja, ing djagad poenika tjaraning marentah kenging kaperang dados kalih warni ingkang ageng, inggih poenika: monarchien Ian republieken. Kala :semanten mo- del repoeblik poenika namoeng pi- nanggih ing Zwitserland (wiwit taoen 1591); Parangakik kala taoen 1870 Ian nagari Portegal ingkang kala taoen 1910 anoendoeng ratoe- nipoen. Kalq semanten, toemrap sadjawining Eropa, ingkang migoe- nakaken tjaraning marentah model repoeblik, i. p. ing Vereenigde Staten van Noord Amerika kala taoen 1776;

Latijnsche Amerika taoen 1811; Jan tanah Tiongkok wiwit taoen 1911.

Kadjawi ing nginggil, taksib won- ten republiek alit-alit oepami kita Hamburg, Bremen, Luebeck ing pra- dja Djerman. Margi dajanipoen Sovjet Uni, nagari Finiand, Estland, Letland, Lithauen, Ian Polen inggih sami migoenakaken tjara repoeblik.

Ing Oostenrijk tetijangipoen inge;ih toemijoeng dateng tjara repoeblik, ngantos andjalari toewoehipoen rep.

Czecho Slovakije toewin Hongarije.

Djerman dalah pradja alit- alit sa- lebetipoen tanah Duitschland inggih anoetoeti dados repoeblik. Semanten oegi Oriekenland inggih boten poe- roen kantoen.

Dados, pradja ingkang gadah ratoe namoeng kantoen Inggris, Itali, joe- goslavie, Roemenie, Bulgarije, Ne- derland, Belgi Ian nagari tetiga ing Sekandinavi. Nanging tjaraning ma- rentah nagari ingkang taksih gadah ratoe waoe inggih sarnpoen beda tinimbang tjara paprentahan narpati ing djaman kina. ·

Nanging, temenipoen kemawon wekdal sapoenika bedanipoen pa-

prentahan republiek kalijan monar- chie, sasat boten wonten; boten katawis tjeta kados djaman roemijin.

Margi makaten waoe, won ten ingkang amastani: n tjaraning marentah ing djaman anjar iki rnoeng ana warna loro, jaikoe demokrasi Ian dic- tatuur."

Sapoenika, poenapa bedanipoen paprentahan dernokrasi kalijan dic- tatuur?

Dern o k r a s i poenika tjaraning rnarentah ingkang babar pisan pi- tados dateng parleme11t; dados: tjam- poehing parte- parte poelitik, de bat mardika, pilihan saben tijang, sarta mardikaning pers. (De democratie gelooft geheel en al in een parle- mentairen regeeringsvorm, n.1. een rotatie van politieke partijen, open en vrije debatten, en een algemeen kiesrecht benevens vrije pers.)

Tjaraning marentah kados rnakaten waoe, oepami ing Nederland, Ame- rika, Parangakik, Djerman, lnggris, Zwitserland, Beigie, Czecho Slo- vakije, lerland, Ian pradja-pradja ing Scandinavie.

Dene di ct at u u r poenika boten pita dos dateng parlement. Parlement, toemrap golongan poenika, kawas- tanan boten mikantoekaken poenapa- poenapa. Sarni kemawon kalijan papan komidi omong, papan b a- n j a k bitjara nanging sedikit be k e rd j a. Dictatuur pitados da- teng satoenggiling tijang, oetawi golongan (groep) ingkang saged andjalari tetijang ladjeng temen- temen mbangoen toeroet, sarana aksinipoen ingkang kedah katindak- aken. Tjara makaten poenika, katah toemeloengipoen dateng militairis- me, sarta sanget anengenaken dateng nationalisme. Temboeng fascisme ingkang roemijinipoen narnoeng toe- mindak ing Itali, sapoenikanipoen ladjeng anggadahi teges: ebah- ebahan anti demokrasi.

Nagari- nagari ingkang pinaren- tah tjara dictatuur, i. p. ltali, Hon-

garije, Toerki, Polen, Yoego Slavie, lan Sepanjol saderengipoen dados republiek ingkang kala minggoe kapengker poenika.

Ing Djerman Ian Parangakik inggih won ten golongan alit - al it ingkang neda soewakipoen demokrasi.

Wonten ingkang anggagapi, ebah- ebahan fascisme poenika pinangka- nipoen boten saking !tali, nanging saking Amerika, amirid tradjangipoen pakempalan Klu Kiu11. Klan. Pakem- palan poenika tradjangipoen: ke- bangsan bledjet, sarta 100°/0 anti bui ten land sch.

Kanggenipoen djaman sapoenika, tetijang sami gadah panganggep: tja- raning marentah pradja ingkang sae inggih poenika tjara demokrasi.

Nanging poenika inggih boten ate- ges, amarentah tjara dictatuur oetawi Fascisme poenika mesti awon.

A. S. D.

PRADJA RAHAJOE.

NGELMOE RASA.

Dereng Iami koela dateng Poer- woredjo. Sarehning kala sernanten sampoen ragi si]ang, mangka en- djingipoen dereng wedangan, koela kapeksa kendel wonten panggenan gerdoe es (ijs depot) perloe toembas es setroep. Ingkang sade es waoe bangsa Tjina, e nas ! bangsa Tiong- hoa. Kala semanten ing ngrikoe wonten saderek Tionghoa oegi satoen jng ngrikoe, da- tengipoen angkoeng roemijin tinitn- bang koela. Ingkang dipoenrembag sadjakipoen angeling anggenipoen pados jatra.

Tionghoa sade es: ,, Wah saiki moela angel wong golek pangan, apa ta djalarane ?"

Tionghoa sandja: ,, Saploke en- tong digawa ngalor-ngidoel ki kok wong golek pangan angel temen.

Karo mbok wong koewi nganggo - anggo ki sing moerwat wae, wong entong dianggo tjoendoel<."

Koela waoenipoen dereng ngertos ingkang dipoenwastani entong, sa- reng mawi temboeng tjoendoek, lah poenika koela saweg ngertos, bilih entong · waoe kadjengipoen soesoek konde djenangan ingkang kados kepet poenika.

Tionghoa rnande mangsoeli: ,,Ja saploke lesoeng ditaboehi ngalor- ngidoel koewi *), ngalamate wong desa wis pada ora noetoe pari."

Mila njata sapoenika sareng Koe- toardjo wonten pabrik wos, pantoen awis - awis ingkang dipoentoetoe (gentang) pijambak, bakda panen deng, teroes goemledeg kabekta dateng pabrik wos, katah ingkang dereng minggah ngioemboeng. Ang- genipoen kasesa poenika djalaran selak kangge njaoer samboetan.

Saweneh tijang doesoen kala pan- toenipoen mratak sami njamboet dateng Tiong hoa. lngkang kangge djagi pane nan Ian dom - do man ke- bon rosan. Woesana dom - dornan

*) ketoprak.

katah ingkang bot en tamP.i. Koela taken etangipoen ing dalem beroek dipoenregeni kawan ketip gangsal sen. Lebar panen, sade pijambak saberoekipoen namoeng seketip, mal:th jen taksih woeloeh angsal tigang benggol. Jen kasade pantoen koela taken dateng tijang ingkang mentas sade, namer satoenggal f 2,70 doemoegi ingkang asor pi- jambak l datjin f 1,70, tjarijosipoen sapoenika medak malih. Semanten waoe sampoen doemoegi pabrik.

Dados etangipoen taksih kalong malih berahan pambektanipoen.

0, mesakake wong boeroeh, pi- djer ketekoek - tekoek. Sing pinter pidjer arep mblinger.

Koela mila asring ngoenandika:

,,Moela saploke ana batikan pari kesit, ki kok pari kesit temenan, angger mentas panen, pari pada mlajoe irit - iritan menjang pabrik.

(Jah meloe - meloe ngelmoe rasa).

Sigeg!

Sareng rampoeng anggen koela toembas es wonten margi koela kepetoek tilas moerid koela ingkang mentas mantoek saking Medan toe- moet kontrak, bokmanawi dipoen- antoekaken. Koela kendel taken:

"Lo kowe kok moelih?"

Lare: ,,Inggih."

Kaela: ,,Bajarmoe anang kana pira?''

Lare: Namoeng tigang dasa."

Koela: "Wah, ja akeh. Mestine sedeng dianggo mangan ta.''

~ Lare: ,, Pangestoenipoen inggih tjekap."

Koela: ,,Hara, pendak tanggal si- dji sore (bakda blandjan) bajarmoe kari pira?"

Lare: ,, Kantoen sepalih kemawon sampoen begdja."

Koela: ,,Lo, la nek tanggaI 2 sore, kari pira?"

Lare: "Adatipoen kantoen sapra- sekawan."

Kaela: ,, Elo, la nek tang gal 3 so- re, kari pira?"

Lare: ,, Adatipoen mesti sampoen telas."

EXAMEN NGLEBETI NORMAALSCHOOL

111111111111111111111111111111111n111111111n1111u11111111111m11n

MOEN TI LAN.

1111111111111111111111111111111111111111111111111111111111111111111111

Bendjing tanggal 21 Ian 22 Mei.

Kasep - kasepipoen saminggoe saderengipoen examen, para mantri goeroe angintoenna pratelaning moerid ing- kang bade nglebeti, njeboetaken nama kanti djangkep, bidji, kalakoean.

Normaalschool Moentilan boten mendet moerid sa- king Kaboepaten Temanggoeng, Karesidenan Semarang, Solo, sapangetan. Moerid - moerid saking panggenan waoe kenging nglebeti Normaalschool Ambarawa.

Direktoer Normaalschool Moentilan.

Adresipoen Redactle Ian Administratie

IGNATIUS~COLLEGE

DJOKJAKARTA

Telefoon no. 795.

Drukkerij .. Canisius." Ojokja

ISINIPOEN.

LEMBARAN. I.

Saking djagad dateng enz. - Ngelmoe ra- sa - Oetoesanipoen dewi Pretimah enz. - Djaman mleset - Goentingan pers - Sa- king pakempalan - Saking Djepang - Pa- ngandikanipoen enz. - Ontjen sekar gambir Melati - Oerap - sari.

LEMBARAN. II.

Djagad Wanita - Indonesia Ian Onder- wijs - Ing sapoetjaking panggoeng Ekono- mi - Rajat Indonesia - Kok r.gembang patje - Goeroe doesoen Missie Solo - Amerika Sarekat - Saking Betawi - Cor- respondentie.

GOENTINGAN PERS.

Ketel National.

Ketel National! Saben tijang ma- ngertos, ketel poenika poenapa.

Lan, national saben iroeng inggih mangertos.

Ketel National! Sampoen wiwit taoen kapengker, B i n ta n g T i- m o e r damel propaganda soepados Indonesier angangitjalana watak ,,Mentalite d' Esclave" ing- gih watak remen mbatoer oetawi tabiat boedak. Kadjengipoen Bin- tang Timoer, soepados sadaja pan- damelan oetawi jajasan poenika ka- mangsaka ,,ing Ketel Kabangsan", tegesipoen tinandangana tijang ngri- ki pijambak, dipoenbaoni Indonesiers pijambak. Dados pangangkahipoen:

sageda katah toko-toko Indonesier, pabrik tjap Indonesia, waroeng ga- dahanipoen lndonesier. Dados bo- ten kados kawontenan ing sapoeni- ka poenapa-poenapa lndonesier na- moeng dados gedibal. Saweg ing- kang nama sade bakmi kemawon, lndonesieripoen dados toekang mi- koel, bangsa sanes dados djoera- ganipoen. Bangsa mantja sami angedegaken toko ageng, lndone- sieripoen trimah ct.ados koelinipoen, njengka-njengkanipoen dados djoe- roe serat, mandor, boekhouder lss.

ingkang boten angitjalaken sisipatani- poen dados batoer.

Aksi makaten poenika, nama sae, pantes katindakaken ing sadengah lndonesier ingkang mangertos ka- wadjibanipoen dateng bangsa Ian siti woetah rahipoen. Indonesier golongan poenika, sampoen mesti kemawon prihatos manawi soeme- rep kawontenan ing kita-kita. Sinten ingkang gadah toko ageng - ageng andjenggarang ing saoeroeting mar- gi ageng? Sinten .•.. ? Sinten .... ? Sinten .... ? lss.

Jen bade angsal dame!, aksi poe- nika boten namoeng tjoentel wonten ing jakin, kepengin Ian prihatos ingkang woesananipoen awoedjoed mendekel mangkel tanpa kasil,malah mitoenani ageng ing ngagesang;

nanging kedah andajani ing tandang.

Kedah noewoehaken reka·reka ijasa, njantosaken oetawi njaeken ijasan ingkang sampoen wonten. Ngoedi soepados saged ngembari pendame- lan rnantja.

Ing djaman ngoedi kamoeljaning bangsa ing samangke poenika, pan- tes sanget aksi Ketel National waoe saged soemrambah ing poendi2

Lan pantjenipoen kedah sampoen ka- tindakaken wiwit kaia roemijin :mila.

Ketel National ingkang ateges oegi nresnani jajasaning bangsa, dados oegi mengkoe nresnani ja- jasaning golongan, poenika ageng sanget pigoenanipoen.

Wiwit taoen 1931 poenika, koela ngadjeng - adjeng sanget soepados wandawa Katoelik Djawi saja ageng katresnanipoen dateng jajas~rning

golonganipoen pijambak. Saja ma- ngertos dateng Ketel National.

Kita sampoen gadah koran pijam- bak, poenapa preloenipoen kit:i. mladjeng - rnladjeng angagengaken koran sanesipoen? Poenapa arta ingkang mlebet ing kantonging sa- nes waoe, boten saged kita angge njaekaken koran kita pijambak? Kita oepami sampoen gadah toekang penatoe Katoelik, ... poenapa pre- loenipoen koela njetrikakaken dateng toekang penatoe sanes? Koela sam- poen gadah ... Katoelik, poenapa preloenipoen .... enz ....

(2)

Manawi kita ageng sanget katres- nan kita dateng jajasaning golongan, koela tanggel jajasan Katoelik mesti bade soeboer. Kita anggeni- poen ngambah pergerakan, nitik oemoeripoen Sw. T. apesipoen sampoen sawelas taoen. Kenging poenapa dene saprika- sapriki pers kita namoeng weekblad kados sa- mangke? Poennpa sababipoen dene kita boten saged ngawontenaken dagblad? Bolen gadah pawitan? ...

0, anggoemoedjengaken wangsoelan makaten poenika! Awit, kita manger- tos wonten satoenggiling jajasan

Katoelik Djawi ingkang salebeti- poen sawatawis taoen sampoen ga- dah pawitan f 10.000. Koela manger- tos wonten Katoelik Djawi saged angedegaken taxionderneming ageng.

Wonten tijang Katoelik Djawi ing- kang saged anjadeni wos dateng poendi-poendi. Poenapa poenika, boekti manawi kita boten saged ngawontenaken pawitan kangge nge- degaken dagblad . ?

Saderek! Soerja sampoen inggil!

Dipoentanggap ing sasmita!

Prendjak Mataram.

SAKI NG PAKEMPALAN.

W. K. SOLO.

Kala tanggal 16 April 1931 W. K. Solo ngawontenaken parepatan warga manggen wonten ing vei:gaderzaal ngadjeng Koe- soemajoedan kawiwitan djam 5,30 sonten.

Ingkang rawoeh wonten saderek 30, ing- kang kintoen swanten 4, oetoesan K.W. 1.

Dene pandienenganipoen Rama Parampara oegi boten kantoefl. lngkang karembag:

1. Pamboeka.

2. Maos notulen, kaanggep absah.

3. Pakabaran. Ngrembag serat saking P. W. K. bab oeroen Conggres P. · W. K.

Ian oeroenan saben woelanipoen dateng P. W. K. Para warga sadaja roedjoek.

4. Verslag saking oetoesan P. W. K. Ka- pendet ingkang perloe - perloe kemawon inggih poenika bab: oesoel - oesoel ingkang sampoen karoedjoekaken. Sadaja pinanggih sae, nanging dereng sadaja kenging ka- tindakaken kabekta saking papan Ian I.s.p.

Ingkang saged kita tindakaken:

a). Bab mitoeloengi saderek ingkang ba- de agami.

b). Bab medalipoen W.K. Solo saking P.P.1.1. awit kita sapoenika nama tjabang.

c). Matjak verslag wonten ing Swara- Tama.

d). Oeroen karangan saben woelanipoen (kaangkah sagedipoen).

e). Bab sandangan penganggening !are alit-alit.

f). Wontenipoen Maria Congregatie.

Wiwit poenika sarehning pakempalan Congregatie poenika sanes nama sabae- ning pakempalan, mila kedah kita gatosa- ken saestoe.

Wiwit poenika para warga ladjeng njoe- woen Ian R. H. Koch inggih mrajogekaken wontenipoen woetjalan agami ing saben minggoe oetawi 2 minggoe sapisan kangge tjalon warga Maria-Congregatie. Bab ,,kin- derafdeeling" kita dereng saged ngedega- ken, kabekta saking sakedik saha angeling toemindakipoen.

Bakda poenika, panitra neroesaken rem- bag - rembagipoen, margi gegandengan Ian rnentas madegipoen B. P. (Badan Peran- taraan P. P. L I.) Ian ngrembag oegi bade wontenipoen Congres P. P. I. I. ing Solo, panitra nggijaraken sadaja pedamelan ing- kang tjalon linampahan poenika, moerih dadosa penggalihanipoen para warga, saha J boten kedjot, samangsa wonten panjoe- woenan dana oetawi baoe ing samestini- poen. Temtoenipoen bade boten sakedik padamelan ingkang kedah katindakaken.

Para warga sami soeka ing panggalih dene sampoen saged mireng poenika.

Saderengipoen parepatan katoetoep Pa- ngreh nampi warga enggal sawatawis kangge P4. A; kadjawi poenika W. K. oegi nampi warga enggal 6. Kita ngatoeraken sanget ing panoewoen t

6. Wantji djam satengah woloe pare- patan katoetoep kar:ti ngloehoeraken Asma Dalem.

Verslaggeefster.

Th. Albi.

PAHARGJAN TAOENAN R. K. D. B.

Saderengipoen RK.D.B. ngwontenaken pista taoeaan, kados ingkang sampoen nate karembag won ten ing madyaning ta- m an Soeara - Kathollek no. 9 tanggal 30 Maart 1931.

R. K. D. B. temtoe ngawontenaken Tri- Koe la: ,, Elo ( malih) la sing ko- pangan wiwit tanggal 4 tekan abis boelan apa?''

Lare: ,, Inggih ngebon. Jen betah jatra inggih njamboet."

Koela: ,,Dadi jen ngono kowe koe- wi kaleboe begdja, doeroeng bisa etoeng Wis bajar f 30. Pantjene ba- jar f 30 koewi, saben tanggal l kari f 29, tanggal 2 kari f 28, tanggal 3 . kari f 27 sabandjoere."

Lare: ,,lnggih teorinipoen mila ma- katen, dene praktikipoen bokmana- wi sadaja kados koela." ·

Koela: ,, Hoes, adj a moeni sadaja, moenia katah sanget ngono."

D.S. TEONEOW.

Bagel en.

SAKING DJEPANG.

Pamoelanganipoen para loehoer Djepang.

Sambetipoen Sw. Tm. No. 16.

Piwoelanging pamoelangan ing ngrikoe poenika leerplanipoen ka~

dame! sami kalijan pamoelangan negari. Nanging ratjakipoen ing saben t;:ioen wonten saprasakawan~

ing moerid sadaja ingkang boten saged minggah, tjatjahipoen ingkang taksih darah limrahipoen langkoeng katah tinimbang kalijan ingkang dede darah. N anging toemrap poetra ~ poetra dalem Sang Keizer ing sasaged~saged kadamel minggah.

Menggah bab pirantosipoen sinaoe koela mastani sae, malah bibliotheek ing afdeelingipoen lare djaler katah sang et boekoenipoen. Prakawis woelangan krida, djalera estria kedah saged anggambar, njoengging Ian menjanji. Lare djaler boten dipoenadjari naboeh pirantos moesik.

Ing afdeelingipoen lare estri manawi

dui.im \drie-daagscheoefening).Pambikaan Triduilm doemawah ing dinten malem Djoemoewah tanggal 9/10 April 1931 doe- moegi malem Minggoe tanggal 11/12 April 1931 (tigang sonten).

Wradin - wradin ingkang nderek Tri- du(im saben sontenipoen kirang langkoeng saderek Katholiek Djawi kakoeng poetri 35. Ingkang paring piwoelang Soetji sa- lebetipoen Triduilm waoe, pandjenengani- poen rama Strater saking Ngajogja.

Ing dinten Minggoe endjing tanggal 12 April 1931 djam 7,30 minangka panoe- toeping Tridui.im, dipoenwonteni koerban Mis Soetji wonten ing Oredja Kramat.

Ingkang ngoendjoekaken Koerban Mis Soetji, dalasan ingkang paring piw0elang Soetji ( preek) oegi pandjenenganipoen rama Strater. Saderek Katholiek Djawi ingkang nderek koerban Mis Soetji ki- rang langkoeng 45. Dene ingkang ngla- dosi Mis (Misdienen) saderek Djawi, sa- derek poetri sami toemoet menjanji won- ten ing koor. Salebetipoen Mis Soetji, nampi algemeene Communie.

Sabibaripoen Mis Soetji para saderek Katholiek kaseboet, ladjeng sami klem- pakan wonten ing gedong Pastoeran Kra- mat, ingkang pinadjang- padjang sanva adi peni. Wonten ing ngrikoe dipoenwon- ten.i kemboel sarapan (gemeenschappelijk ontbijt). Padoeka rama pastoor Strater boten kantoen, sarta mbikak pakempalan kanti adat Katholiek.

Pangarsa ngatoeraken soegeng rawoeh doemateng para tamoe, ladjeng kasam- betan menjanji (Jagoe Walandi-Roomsche- Blijdschap), ctening para saderek Siswa ing R. K. A. M. S.

Saderek Hardono E. Wadjib Hardjose- wojo) sesorah pandjang Ian terang (ba- sanipoen Waland; voor 't algemeen-be- lang der R. K. D. B.). Sasampoeni- poen andrawina, minangka panoetoep, saderek poetri menjanji lagoe Walan- di ladieng sembahjang Sembah bekti.

Sasampoenipoen poenika sadaja saderek dipoenpotret, Jadjeng bibaran.

* •

*

Dinten Minggoe kaseboet ing ngadjeng, wantji cljam 6,30 sonten, pahargjan ta- oenan R. K. D. B. kabikak dening pangarsa.

Tamoe ingkang rawoeh goenggoen g won- ten 54. Tetamoe agoeng (para Imam). Pa- doeka Pastoor Wubbe ( Provicaris saha Consulsor ing Kathedraal ); padoeka Pas- toor Dr. Jos. Kurris Ian Drs. Dopheide ing Menteng; padoeka Pastoor B. Schnei~

ders ing M.r. -Cornelis; padoeka Pastoor Beekman, padoeka Pastoor Directeur Vin- centiusgestich t ing Kram at, toewin pa- doeka Rama Strater ing Ngajogja.

· Kedjawi poenika wonten tamoe tiga oetoesan saking K. J. B. afd. I - II ing Batavia - Centru m.

Djam 9 sonten pahargjan katoetoep de- ning pangarsa, awit sampoen doemoegi

kanti marem toer boten koetjiwa. Won- dene bebaten margi pahargjan, inggih poenika, saderek Katholiek Djawi ingkang soewaoenipoen boten nate sesrawoengan ladjeng saged pinanggih wonten ing sa- lebeting pahargjan ngrikoe, toer ladjeng mawi karsa dados warga R. K. D. B.

Crescat, ploreat ! jacatra 17 April 1931.

.Raden Ph. Baskoel Djojomangoenpati.

OETOESANIPOEN DEWI PRETIMAH ING MERAPI.

Dereng dangoe poenika ing doe~

soen Kangkoengan, district Salam, kadatengan oetoesanipoen d w. Pre~

timah ing Merapi. Oetoesan waoe ingkaog kadjoedjoeg panggenan~

ipoen kebajan ing doesoen ngrikoe.

Sasampoenipoeo pinanggih dateng kebajan, oetoesan ladjeog nglairaken ingkang dados kekandoetanipoen,i. p.:

1 e. njrijosaken menawi dados oetoesanipoen dw. Pretimah ing ---Merapi; 2e. soeka kabar bilih ben-

djing dinten anoe, woelan anoe, dw.

Pretimah ing Merapi bade ngwon- tenaken arak - arakan malih ageng~

agengan; 3e. njrijosi bilih loerah-

njoewoen inggih kawoelangan na~

boeh piano. Bangsanipoen njongket Ian sanes~ sanesipoen ingkang radi aloes !are ~ lare estri sami boten dipoenwoelangi. Kadjawi gymnastiek ing saben dinten, boten dipoenwa~

djibaken oelah raga sanesipoen.

Tennis Ian dolanan mawi bal : kenging. Bakda oelah raga lare~

Iare estri waoe ladjeng dateng grija padoesan ingkang mawi sentong~

sentongan, lare satoenggal angsal sentong satoenggal, ingkang wonten pirantosipoen kangge siram saged mantjoer kados dene gembor ma~

katen. (g. Dj.). ·

Lare~lare estri sanget dipoenperdi sinaoe tata krama tjara Djepang, langkoeng2 ingkang magepokan ka·

lijan lelados wedang teh. Poenika patrapipoen boten gampil toer daM ngoe.

Toemrap lare~Iare djaler kenging dolanan bat mawi tangan Ian oegi bal~

balan limrah mawi soekoe. Oelah raga ingkang dipoenwadjibaken ing~

loerah Ian tijang ~ tijang ingkang sampoen sami pedjah margi lahar, poenika sapoenika wonten ing Me- rapi sampoen sami dipoenpatrapi padamelan ing sapaotesipoen.

Kebajan Ian tijang-tijang ingkang sami mirengaken sesorahing oetoesan, sami gawok kaworan miris. Saram~

poenging sesorah, oetoesan ladjeng djawab neda arta dateng kebajan, nanging kapinoedjon kebajan dong kesepen arta: milanipoeo kanti adjrih oetoesan kairid dateng kaloe- rahan ngiras bade njamboet arta.

Loerah ingrikoe dipoendatengi oetoesan saking Merapi, toewin dipoentjrijosi lelampahan ingkang bade ndatengi, katingal goegoep sadjak adjrib, nanging rehning roe- maos dados sesepoehing doesoen, nadyan kanti manah boten saketja, meksa enget Ian netepi dateng koe~

wadjibanipoen, i. p. lapoer dateng Kawedanan Salam.-. Oetoesan la- djeng kairid dateng Kawedanan.

Wooten ing Kawedanan oetoesan bade pratingkah kados wonten ing doesoen kaseboet, naoging ingkang Wadana boten gigrig, mandar oe~

toesan ladjeng dipoensentak, noen- ten, mbleret, njloeroet, poeroen linggih wonten ing djoebin; soewa- oe bade drodjog. drodjog won ten ing koersi, sarta boten poeroen ngaogge tem boeog krama.

lngkang Wedana ndangoe, nde~

des amrih pasadja Ian bares, ing poendi menggah asal~asalipoen, sarta sin ten tijang sepoeh Ian saderekipoen, Oetoesan mangsoeli bilih boten gadah bapa-bijoeng, sanak-saderek sarta kadang ~ karoeh; dereng nate dados !are alit, wiwit roemijin inggih djleg semanten poenika (+ oemoer 20 taoenan}. Pikantoek waogsoelan ing- kang kados makaten poenika, iog- kang Wedana boten goemoea, babar pisan boten pitados, malah oetoesan menawi boten poeroen waleh sawantahipoen, bade dipoen-

VAN

LITH~STICHTING.

JEJASAN ENGGAL

PO EN I KA

sagedipoen madjeng goemantoeng ,,PANDJENENGAN,,

SAD AJA.

I ..

Penningmeester V. L. S.

2e. Convict Moentilan N. I. S.

oendangaken Veldpolitie kapoerih nggebagi.

Rehning oetoesan waoe sedjatos~

ipoen lare doesoen 100°/0 , ingkang sadjak oegi dereng nate mambet pasinaon, mila sampoen samesti~

nipoen sareng mireng temboeng Veldpolitie, ladjeng ketingal nggra~

gap, wasana mantoer blaka, i. p.:

Namanipoen Paooet. saking doesoeo Kalangan (onder district Moeogkid), bapakipoen nama Kartapawira, sa- derekipoeo estri wonten il'lgkang toemoet Tiong Hoa. Oetoesan la~

djeng katahan.

Ing djaman kisroeh, kasangsaran, langkoeng - langkoeng, jen kawe~

wahan mawi malaise, kedah ngatos~

atos sanget; sampoen ngantos ke~

bloesoek! Goegon ~ toebon tjeta kedah kapapras! Mangga ingkang sampoen jakin, noelarna dateng tangga tepalih,. ingkang dereng mangertos dateng kotongiog goeM gon·toehon; maringana pitedahl

Tp. 20 April 1931.

SALAMHARDJA.

gih poenika: gymnastiek, lelangen, geloet, manah lan njendjata, poenapa malih anggar lan noempak kapal.

Manawi sampoen medal saking pamoelangan, lare-lare djalera, estria sami loemebet ing pakempalan, boten mawang darah oetawi dede darah, perloenipoen soepados saged kempal sawatawis rambahan ing dalem sa- taoenipoen. Tilas moerid estri ngem- palipoen wonten ing kamar pahar- gjan ing pamoelanganipoen. Dene tilas moerid djaler saben woelan sami dateng panggenan Clubipoen para loehoer perloe dame! sesorah.

Samangsa wonten moerid wedalan pamoelangan ngrikoe bade loemebet ing Universiteit, eksamenipoen ing- gih kadamel sami kalijan moerid wedalanpamoelangan sanes. Mestike~

mawon lare-lare ing pamoelangan- ipoen para loehoer waoe margi pa~

tepanganipoen gampil angsalipoen pandamelan, boten beda kalijan ing nagari sanes, namoeng kemawon para l.oehoer Djepang poenika jen katan~

PANGANDIKANJPOEN PARA KANGDJENG SAN.TO BAPA.

Ingatasipoen Pradja - nagari (de Staat).

K. S. Bapa Pius IX sampoen moetoes, nganggep panasaran dateng oengel-oengelan ing ngandap poenika:

1. Pradja-nagara poenika sarehne asal sarta toeking sadaja wewenang, mila nggadahi wewenang ingkang boten kenging winatesan.

(Allocutio: Maxima quid em 9 Djoe- ni 1862-Syllabus §VI. no XXXIX).

2. Piwoelangirig Pasamoewan Soe- tj-i soelaja kalijan karahajon Ian ka- betahanipoen tetijang ing salebettng Pradja-nagari.

(Encycliek: Qui pluribus 9 Nov.

1846-Syllabus

§

VI. no. XL.) 3. Jen anggeripoen poenggawa kekalih (inggih poenika Pasamoewan Soetji lan Pradja-nagari) sami pa- soelajan, anggering Pradja - nagari kadamel menang.

(Nawala Apostolik Ad Apostolicae 22 Agoestoes 1851-Syllabus § VI no. XLII.)

4. Tijang kenging mbangkang dateng ratoenipoen ingkang absah sarta malah kenging ngraman.

(Encycliek Qui pluribus 9 Nov.

1846-Syllabus § Vil no. LXlll.) K. S. Bapa Martinus V sampoen moetoes, nganggep panasaran da- teng oengel-oengelan poenika:

Sampoen dede pangageng Pradja- nagari, dede prelaat, dede biskop, jen kadoenoengan dosa ageng.

(Decreta Martini V ao 1418: Bull.

Rom. t. IV edit. Taurinensis).

K.

S.

Bapa Alexander

VII

kala taoen 1667 sampoen moetoes,ngang- gep panasaran dateng oengel- oengelan poenika:

Kawoela-alit boten dosa, dalasan jen tanpa sabab ingkang absah, boten ngangg€p dateng angger ing- kang sampoen kadawoehaken dening Sang Praboe.

(Bull. Rom. editio Taurinensis t.

XVII. p. 389; propositio XXVlll.)

Penget. Ing nginggil poenika piwoe- langipoen Pasamoewan Soetji, ingkang kangge antjer- antjer toemrap wandawa Katoelik. Sarehne oengel - oengelan ing nginggil poenika waoe sadaja panasaran, mila kosok-wangsoelipoen, ingkang djan piwoelangipoen Pasamoewan Soetji.

~~~~~~~~D~~r2

I N~::~~!!a b~?.~~l~i~~~a~~. ?~:~e I

~ o~ N ormaalschool estri ing Ambarawa bendjing tang gal 28 Ian 29 Mei 1931. Sinten ingkang bade nglebeti, ~~~

kenging njipeng wonten ing Zusteran.

0

c

~ Meisjes,. Normaalschool. ~

~ ZUSTERS FRANCISCANESSEN. ~

~~~~{]~{]~~~~

Ing serat kabar poenapa kemawon sami ngemot djaman mlesed, (ma- laise). Mila inggih mekaten; lang- koeng - langkoeng kange saderek koekoeban Merapi ingkang nembe kalaharan, saja anggenipoen mlesed- mlesed.

Wah kesangeten anggenipoen awis arta sederek; menawi artanipoen nga- ten inggih taksih adjeg, 1 sen inggih takih l sen, namoeng padosipoen ingkang rekaos; panjerat mireng sambat seboetipoen tijang sadejan kados tjala pita margi 1 e. kirang pepadjenganipoen 2e. rakaos pa- dosipoen bati, sampoen temtoe ke- ma·won kirang pepadjenganipoen inggih angel padosipoen bati, 3e.

kanggenipoen kita ingkang sampoen katredjang Gemeente saja kesoek malih ngraosaken, mergi saking awrating wragad wonten peken;

kados dene sewan bango ( sapon );

mergi peken saja sae- sae atoeran- ipoen; ndjalari katahing wragad- ipoen; dateng poendi padosipoen pepoelih, inggih srana nginggahaken sewan - sewan bango oet. sapon2;

la mangka kanggenipoen tijang se- sadejan roemaos boten wonten ka- indakanipoen pepadjeng~n; dados inggih, memper menawi sami ang- gresoela ngraosaken indaking wra- gad wonten peken. Menawi pinoe- djoe panenan, ngadjengaken bakda (wiwit Sijam tanggal sepoeh bakoel- bakoel boten patos kraos awratipoen, mergi anggenipoen sesadejan ragi loemajan pepadjenganipoen)~ (ragi laris), kosok-wangsoel sanget kalijan menawi pinoedjoe patjeklik', saja sapoenika djaman mlesed; wah repot sang et.

lngkang poenika moegi dadosa pengalihanipoen para wadjib; Ian koela atoeri midangetaken dateng pesambatipoen para bakoel ing peken2, langkoeng-langkoeng ing koekoeban Oemeente; menawi boten kapenggalih saestoe saged oegi da- dos moendoer oetawi pedjahing peken; kan gge tjonto malih: pa-

ding kalijan para loehoer tanah E- ropah, langkoeng loewes kempal- ipoen kalijan tijang dede darah. lng- kang kados makaten poenika poking ngepok boten margi saking dajaning pamoelanganipoen.

Poking ngepok pamoelangan wa~

oe anggenipoen saged damel sami in9"

babagan gesang sociaal poenika ka~

bekta saking anggenipoen tijang Dje~

pang gadah raos ngaosi dateng tin~

dak aloes ing lair. lngkang kados makaten poenika wiwit alit sampoen katingal, ngantos dalasan doemoegi oemoer limrahipoen lare sami oegal~

oegalan ratjak awis ingkang katingal kaglandang ing hawanepsoe. Terka~

dang wontening pamoelangan ngantos pinten-pinten minggoe oetawi woelan boten perloe goeroe njoekani oe~

koeman. Anggegoelang ngereh ba- danipoen pijambak ingkang kados makaten waoe, sanadjana namoeng ing lair, nanging jen teroes kema~

won dipoenetjakaken wonten ing ngadjengipoen kantja sekolah oetawi

doenoenganing panjerat wonten pe- ken-peken ingkang boten patos tebih letipoen. Peken ingkang satoenggal sampoen dipoensae-sae; ingkang satoenggal dereng; peken ingkang sae temtoe kemawon saponipoen langkoen6 awis; tinimbang ingk2ng dereng. Gegajoetan Ian kaoting sa- pon oet. sewan, bakoel inggih milih dateng peken ingkang taksih awon, namoeng loemajan.

Dangoe - dangoe peken ingkang sae mandar saja geringen, saged oegi dados Ian pedjahipoen; la rak eman-eman, wis dipik-pik kok mati.

Saweg poenggawanipoen kemawon sampoen katah; bajar-bajar lang- koeng katah; ning pekenipoen man- dar bade pedjah, ·boten patos won- ten tijangipoen.

Panjerat njoeloeh - njoeloehaken poenapa sebabipoen kok mekaten pekenipoen ( kok bade pedjah ), poenapa mergi bibar bakda? Kala saweg sedinten kalih dinten koela nginten inggih mergi tetijang taksih sami bakdan; namoeng sapoenika meksa taksih boten wonten tijang- ipoen, bakoel - bakoel sami ngalih dateng ingkang langkoeng mirah saponipoen; nitik djamanipoen ka- dos inggih memper bilih tijang boten patos betah sae-saenan, waton ma- jar.

Samanten roemijin.

]. Koes.

Kaela peparabi

Raden rara Julia Harini

anak ingkang no. 2 medal estri nalika tanggal

12-4~ 1931 wonten ing Soember- lawang, baji Ian tijang sepoeh sami wiloedjeng.

koela

R. Augustinus Soetijadi Poerwaatmadja.

goeroenipoen, boten sande temtoe ladjeng toemoes dateng ing soekma.

Ing nginggil poenika pangandikani~

poen Rama Overmans. Sanadjan pan~

djenenganipoen Rama ngandika, bi~

lih anggegoelang ngereh dateng ba~

clan pijambak sarta roekoen kalijan sesamining ngagesang ingkang sanes golongan, kados dene darah kalijan ingkang dede darah Ian sapanoenggil~

anipoen poenika pantes katiroe ing Eropah, ewasamanten pangraos koela oegi pantes katiroe wonten ing tanah Djawi ngriki, awit ing ngriki boten kirang~kirang prijantoen ing~

kang roemaos lingsem manawi sesra~

woengan kalijan tijang limrah, toer prakawis saged ngereh dateng ba~

danipoen pijambak poenika kangge tijang Djawi ingkang katah~katah

taksih kirang sanget. Nanging sasa- ged-saged ingkang kados makaten waoe kabekta saking batos sampoen sae, dados kabekta saking tata kra~

ma lair batos.

goes Djentik.

Referensi

Dokumen terkait

0.48 I was asking for help from my caregivers during pain 0.46 Labor pain becomes more intense 0.46 The severity of my labor pain was less than I had heard 0.45 I had enough