• Tidak ada hasil yang ditemukan

Semangat Peringatan Maulid Nabi

N/A
N/A
Ahmad Zamahsari

Academic year: 2024

Membagikan "Semangat Peringatan Maulid Nabi"

Copied!
6
0
0

Teks penuh

(1)

1

PENGURUS CABANG NAHDLATUL ULAMA

LEMBAGA DAKWAH NAHDLATUL ULAMA LDNU KABUPATEN KEDIRI

Sekertariat: Jl. Imam Bonjol 38 Kediri 64122

==============================================================================

KENGENG PUNOPO KITO NGAWONTENAKEN PERINGATAN MAULID NABI ?

َلاَو ْنَمَو ّهّبْح َصَو ّهّلآ ىَلَعَو ،ّللها ّلْوُسَر ٍدَٰمَحُم اَنّدّٰيَس ىَلَع ُماَلَٰسلاَو ُةاَل َٰصلاَو ، هّٰلِل ُدْمَحْلَا ،ُها

ْن َ أ ُدَهْش َ

أَو

َٰيّبَن ا َل ،ُهُلْوُسَرَو ُهُدْبَع اًدَٰمَحُم اَنَدّٰيَس َٰنَأ ُدَهْشَأَو ،ُهَل َكْيّرَش اَل ُهَدْحَو ُللها اَٰلّإ َهلّإ اَٰل

،ُهَدْعَب

ْيّف ّلّئا َقْلا ّرْيّدَقْلا ّٰيّلَعْلا ّللها ىَوْقَتّب ْيّسْفَنَو ْمُكْيّصْو ُ

أ يّٰنّإَف ،ُدْعَب اَٰم َ أ َرْيَخ ْ

لا اوُلَعْفاَو :ّهّباَتّك ّمَكْحُم

:جحلا( َنوُحّلْفُت ْمُك َٰلَعَل 77

)

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Saking inggil mimbar puniko, khatib paring wasiat dumateng kito sedoyo, terutami dumateng pribadi khatib piyambak, supados tansah nambahi anggenipun iman lan taqwa dumateng Allah subhanahu wa ta’ala kanthi nglampahi sedoyo kewajiban lan nilar saking sedoyo ingkang dipun haromaken.

Kaum Muslimin yang berbahagia,

Dinten puniko kito wonten ing dalem wulan Robi’ul Awal. Wulan maulid nabi. Wulan lahiripun kanjeng nabi. ing dalem wulan Robi’ul Awal, awit tahun dumugi tahun, awit awal perayaan maulid dipun tindaaken wonten abad sepisan tahun hijriyah, umat islam ing pundi-pundi negari sami ngawontenaken peringatan maulid nabi kanthi raos manah ingkang bingah, ananging perayaan maulid nabi wonten tahun puniko ing pundi-pundi negari mboten semeriah kados tahun-tahun sak derengipun, keranten musim pandemi ingkang dereng rampung.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Kengeng punopo kito ngawontenaken perayaan maulid nabi ?

Keranten lahiripun kanjeng nabi wonten alam donyo puniko minongko nikmah lan anugerah ingkang ageng saking Allah dumateng kito. Perayaan maulid nuninggih wujud syukur kito dumateng Allah atas anugerah nikmat ingkang ageng sanget meniko. Kanthi sebab kanjeng nabi, kito saged mengertosi Allah, namung Allah pengeran ingkang berhak lan wajib dipun sembah. Allah dzat ingkan maujudaken sedoyo ingkang wujud, Allah dzat ingkang mboten wonten ingkang nyekuthoni, Allah dzat ingkang mboten butoh dateng sedoyo makhlukipun. Kanthi sebab kanjeng nabi, kito saget mangertosi islam, namung islam agami ingkang leres minggahipun Allah, namung islam agami ingkang dipun ridlai dening Allah, agami ingkang dipun bekto lan dipun syi’araken dening sedoyo nabi lan rosul.

(2)

2

Perayaan maulid nuninggih wujud tresno kito dumateng manungso ingkang paling minulyo lan makhluk ingkang paling utami, nuninggih kanjeng nabi Rasulullah shallallahu 'alaihi wa sallam. Lantaran perayaan maulid meniko, kito dipun emutaken supados tansah tresno dumateng baginda Rasulullah shallallahu 'alaihi wa sallam.

Lantaran perayaan maulid meniko, kito lahiraken wonten manah umat islam raos tresno dumateng nabinipun. Nabi Agung Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam.

Nabi ingkang tresnanipun dumateng umat ngluwihi tresnanipun umat dumateng piyambakipun.

Salah setunggalipun bukti tresnanipun baginda Rasulullah shallallahu 'alaihi wa sallam dumateng umatipun ,nuninggih dhawunipun kanjeng nabi :

ّتَٰم ُ

أّل ًةَعاَف َش ْ ّتَِوْعَد ُت ْ

أَبَتْخا يّٰنّإَو ُهَتَوْعَد ٍٰيّبَن ُٰلُك َلَٰجَعَتَف ٌةَباَجَتْسُم ٌةَوْعَد ٍٰيّبَن ٰلُكّل ُهاَوَر( ّةَماَيّق ْ لا َمْوَي ْي

)ٌمّلْسُم

Artosipun : “Saben-saben nabi kagungan wekdal do’a ingkang mustajabah, pramilo sedoyo nabi nuwun enggal-enggal dikabulaken do’aipun, lan kawulo (kanjeng nabi) nyimpen do’a kawulo dados syafaat kagem umat kulo wonten dinten kiamat” (H.R.

Muslim)

Wonten dinten kiamat benjang, dipun dhawuhaken dumateng kanjeng nabi:

ْعَٰف َشُت ْعَفْشاَو َطْعُت ْلَس ُدَٰمَحُم اَي

Artosipun : “wahai Muhammad, nuwuno siro, mongko siro bakal aku paringi, nuwuno syafaat, mongko syafaat siro bakal diterimo”

Banjur kanjeng nabi jawab:

) ُٰيّئاَسَٰنلا ُهاَوَر( ْيّتَٰم ُ أ ْيّتَٰم ُ

أ ّٰبَر ْي َ أ

Artosipun : “duuh pengeran ingsung, umat kawulo umat kawulo” (HR an-Nasa’i)

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

Perayaan maulid ing wulan Rabi’ul Awal ngemutaken kito dumateng mulyanipun kanjeng nabi. Fadhilahipun, akhlakipun, perjuanganipun, gambaran bagus lan indahipun jasad minulyanipun kanjeng nabi. Naliko dipun waosaken pujian-pujian sholawat dumateng piyambakipun lan jama’ah maulid milahi nyebat asma- asmanipun kanjeng nabi, biasanipun kito badhe kabekto wonten suasana haru, ing dalem manah kito matur: “menawi kawulo saged pikanthuk kamulyan pinanggih kalian kanjeng nabi sinahoso ing dalem mimpi”

Tiyang mukmin sejati, mesti rindu dumateng kanjeng nabi, mesti kepingin pinanggih kalian kanjeng nabi senajan namung ing dalem mimpi.

Sahabat Bilal al-Habasyi radliyallahu ‘anhu sampun nate pikantuk kamulyan puniko,

(3)

3

Bilal sampun nate pikantuk kamulyan nalika ketemu lan mirsani kanjeng nabi kanthi langsung. rumiyen, bilal weruh ing impen pasuryane kanjeng nabi ingkang sumunar padhang. Sawise tangi, gelombang rasa kangen lan semangat katresnan nuntun bilal supaya kewan sing ditunggangi liwat ara-ara tandus. Dheweke nyepetake perjalanan ing wayah wengi lan esuk, supaya dheweke bisa cepet tekan Madinah.

Sak wuse Tekan Madinah, dheweke banjur jumeneng cedhak panggenan munajatipun kanjeng nabi, wonten ing cedhak makamipun kanjeng nabi. Tangis mili gedhe banget saka mripate bilal. Dheweke nangis eluh saengga bisa ngirangi rasa kangen sing ana ing sajroning ati. Nanging kepiye carane bisa kedadeyan. Bilal sing sadurunge mati, ngucapake tembung:

ْةَٰبّح َ

أ ْ لا ىَقْلَن اًدَغ ْهَبْح َصَو اًدَٰمَحُم

“Benjing wonten akhirot kawulo bakal manggihi tiyang-tiyang ingkang kawulo tresnani, nuninggih Muhammad lan poro sahabatipun”

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Kengeng punopo kito ngawontenaken perayaan maulid ? keranten kito kepingin wujudaken raos syukur dumateng Allah atas kelahiran nabi kito.

Nabi Muhammad ingkang paring piwulang dumateng kito supados tansah mensyukuri dinten kelahiranipun. Naliko kanjeng nabi dipun suwuni perso (dipun tangkleti) tentang poso sunnah dinten senin, banjur kanjeng nabi dhawuh :

ٌمْوَي َكاَذ ) ّلّئاَلَٰدلا يّف ُٰيّقَهْيَبْلاَو ُدَمْحَأ ُهاَوَر( ّهْيّف َٰيَلَع َلّزْنُأَو ّهْيّف ُتْدّلُو

Artosipun : “meniko (dinten senin) nuninggih dinten aku dilahiraken lan diparingi wahyu pertama” (HR Ahmad dan al-Baihaqi dalam Dala’il an-Nubuwwah)

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Perayaan maulid nuninggih wujud nindaaken dhawuhaken kanjeng nabi :

ّراَخُب ْ

لا ُهاَوَر( َنْيّعَمْج َ

أ ّساَٰنلاَو ّهّد َلَوَو ّهّدّلاَو ْنّم ّهْيَلّإ َٰبَحَأ َنْوُكَأ ىَٰتَح ْمُكُدَحَأ ُنّمْؤُي اَل ) ُٰي

Artosipun : “ora sampurno iman salah sawiji siro kabeh, sahinggo aku luwih ditresnani tinimbang wong tuwone, anake lan sekabehe manungso” (HR al-Bukhari)

Peringatan maulid nuninggih salah setunggal coro nglahiraken lan nyi’araken raos tresna dateng Rasulullah shallallau ‘alaihi wa sallam dumateng sedoyo generasi, supados manahipun dipun kebaki raos tresno kalian kanjeng nabi. Peringatan maulid ugi minongko salah setunggal amal ingkang langkung utami keranten nuduhaken kito pinuju raos tresno ingkang minulyo.nunggih raos tresno dumateng manungso pilihan ingkang sampun dumugi nyelametaken manungso saking

(4)

4

kesesatan, kezaliman, kebodohan, kemusyrikan lan kekufuran. Kanjeng nabi dhawuh:

ْ لا اَن َ

أَو َرْفُك ْ

لا َيّب ُللها ْوُحْمَي ْيّذ َٰلا ْيّحاَمْلا اَنَأَو ُدَمْحَأ اَنَأَو ٌدَٰمَحُم اَنَأ ىَلَع ُساَٰنلا ُر َشْحُي ْيّذَٰلا ُرّشاَح

)ّهْيَلَع ٌقَفَٰتُم( ٌدَح َ أ ُهَدْعَب َسْيَل ْيّذَٰلا ُبّقاَعْلا اَنَأَو ْيّمَدَق

Artosipun : “Aku Muhammad lan aku Ahmad. Aku Al-Mahi (sang penghapus) ingkang lantaranku Allah bakal nglebur kekufuran. aku al-Hasyir ingkang tiyang-tiyang bakal dikumpulaken wonten padang mahsyar ono ing mburiku. Lan aku al-‘Aqib ingkang ora ono wong suwiji kang diangkat dadi nabi sak wisku” (HR al-Bukhari dan Muslim) Lantaran peringatan maulid, kito sami belajar, mulang lan sami ngemutake bilih Rasulullah puniko manungso ingkang minulyo. Piyambakipun lah ingkang paring piwulang lan ngemutaken kito atas kamulyanipun, dhawuhipun kanjeng nabi:

َناَنّك ْنّم ا ًشْيَرُق ىَف َط ْصاَو َلْيّعاَمْسّإ ّدَلَو ْنّم َةَناَنّك ىَفَطْصا َللها َٰنّإ ٍم ّشاَه ْيّنَب ٍشْيَرُق ْنّم ىَف َط ْصاَو َة

)ٌمّلْسُم ُهاَوَر( ٍمّشاَه ْيّنَب ْنّم ْيّناَف َط ْصاَو

Artosipun : “ saktemene Allah sampun milihaken kinanah saking keturunan isma’il, lan sampun milihaken quraisy saking keturunan kinanah, lan milihaken saking quraisy bani hasyim lan sampun milih kawulo saking bani hasyim” (HR Muslim)

Kanthi mangertosi luhuripun derajat lan mulyanipun, insya Allah raos tresno kito dumateng kanjeng nabi badhe tambah kuat lan mantab. Tresno menikolah ingkang memotivasi kito supados tansah nglampahi perintahipun lan nderek ajaran- ajaranipun.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Ing dalem peringatan maulid, kito belajar tentang tandha-tandha fisik mulyanipun Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam. Sinten kemawon ingkang mirsani piyambakipun(kanjeng nabi) ing dalem mimpi, mongko dheweke bakal ningali kanjeng nabi wonten kawonten nglilir (mboten mimpi). Kados dhawuhipun :

)ّهْيَلَع ٌقَفَّتُم( ّة َظَقَ ْ

لْا ْ ّفِ ْ ّنِاَ َيَ َسَف ّماَنَم ْلا ْ ّفِ ْ ّنِاَََءَر ْنَم

Artosipun : “sinten kemawon ingkang ningali aku ing mimpi, mongko dheweke bakal ningali aku kawontenan tangi (ora ngimpi)” (HR al-Bukhari dan Muslim)

Ing dalem peringatan maulid, dipun Wontenaken waosan sirah nabawiyyah (sejarah sugengipun Nabi). Dicritaaken bilih kanjeng nabi tumbuh kawontenan yatim.

kawontenan yatim sampun ngantos dados penghalang kagungan akhlak kados akhlak-akhlakipun kanjeng nabi lan kagungan adab kados adab-adabipun kanjeng nabi.

(5)

5

Ing dalem waosan sejarah sugengipun Nabi, kito belajar jujur saking kegiatan dagangipun kanjeng nabi. Kanjeng nabi nuninggih tiyang ingkang jujur naliko berdagang sahinggo bondhonipun kanjeng nabi ketingal berkahipun.

Ing dalem waosan sejarah sugengipun Nabi, poro da’i sami belajar werni-werninipun coro dakwah kanjeng nabi. Piyambakipun milahi dakwah piyambakan, ngajak dumateng islam sahinggo agami puniko tersebar wonten sedoyo jazirah arab.

Kegiatan dakwah sak sampunipun sedhonipun kanjeng nabi dipun lajengaken dening poro sahabatipun. Sahinggo islam tersebar wonten sedoyo penjuru dunia.

Ing dalem waosan sejarah sugengipun Nabi, wonten piwulang kagem ummat supados kagungan akhlak ingkang minulyo. Kanjeng nabi dhawuh :

) ُٰيّقَهْيَب ْ لاَو ُراَٰزَب ْ

لا ُهاَوَر( ّقا َلْخَأْلا َمّراَكَم َمّٰمَتُأّل ُتْثّعُب اَمَٰنّإ

Artosipun : “aku diutus supoyo nyampurnaake akhlak-akhlak ingkang minulyo” (HR al- Bazzar dan al-Baihaqi)

Ing dalem rangkaian acara peringatan maulid nabi kathah sanget amal kesahenan ingkang dipun perintahaken dening syari’at. Kados waosan ayat al-Qur’an, sedekah dhaharan, do’a sareng-sareng lan dados panggenan shilaturrahim sarto nguwatake simbul-simbul persaudaraan sesami umat islam. Lan tamtu kemawon dados setunggal kegiatan kagem ngathah-ngathahen waosan sholawat. Kados dene dhawuhipun Allah subhanahu wa ta’ala:

:بازحألا( اًميّلْسَت اوُم ٰ ّلَسَو ّهْيَلَع اوُٰل َص اوُنَمآ َنيّذَٰلا اَهُٰيَأ اَي 65

)

Artosipun : “hai wong kang podo iman, ngakeh-ngakehno siro moco sholawat atas nabi, lan nuwuno keselametan siro kabeh dumateng nabi. (QS. Al-Ahzab: 56)

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Mekaten khutbah singkat wonten siang ingkang penuh berkah puniko. Mugi-mugi paring manfaat lan mbekto barokah kagem kito sedoyo. Aamin ...

ّماَٰلَع ْ

لا ّكّلَمـ ْ

لا ّللها ُما َلَك ّماَلَكلا َنَسْحَأ َٰنّإ َي ّهّلْوَقّبَو ُلْوُقَي ىَلاَعَتَو ُهَناَحْبُس ُللهاَو .

َنْوُدَتْهُمـ ْ

لا ْىّدَتْه

َنوُمَحْرُت ْمُكَٰلَعَل اوُت ّصْن َ

أَو ُهَل اوُعّمَتْساَف ُنآْرُق ْ لا َئّرُق اَذّإَو ميجرلا نا َطيشلا نم ّللهاّب ُذوُعَا ,

اَهُٰي َ أ اَي

اوُلوُقَو َ َٰلِلا اوُقَٰتا اوُنَمآ َنيّذ َٰلا ،اًديّدَس ا ًلْوَق

ْمُكَبوُنُذ ْمُكَل ْرّفْغَيَو ْمُكَلاَمْعَأ ْمُكَل ْحّل ْصُي نَمَو ۗ

اًميّظَع اًزْوَف َزاَف ْدَقَف ُهَلوُسَرَو َ َٰلِلا ّعّطُٰي ُرّفْغَتْس َ

أَو اَذهه ْ ّلِْو َق ُلْوُقَأ .ُمْيّحَٰرلا ُرْوُفَغ ْ

لا َوُه ُهَٰنّإ ،ُهْوُرّفْغَتْساَف ،ْمُك َلَو ْيّل َللها

(6)

6

Khutbah II

ُدْمَح ْ لَا ّلله

،ىَفَكَو ْيّٰل َص ُ

ُمّٰلَس ُ أَو أَو ىَلَع

اَنّدّٰيَس ٍدَٰمَحُم

،ىَف َط ْصُمْلا ىَلَعَو

ّهّلآ ّهّباَح ْص َ

أَو

ّلْه َ أ اَفَوْلا . ُدَهْش َ

أ ْن َ

أ اَٰل َهلّإ اَٰلّإ ُللها ُهَدْحَو َكْيّرَش اَل

،ُهَل ُدَهْش َ

أَو َٰن َ

اَنَدّٰيَس أ اًدَٰمَحُم

ُدْبَع ُه ُهُلْوُسَرَو .

اَٰم َ أ

،ُدْعَب اَيَف اَهُٰي َ

،َنْوُمّلْسُم ْلا أ ْمُكْي ّصْو ُ

ْي ّسْفَنَو أ ىَوْقَتّب

ّللها ّٰيّلَع ْ لا ّمْيّظَع ْ لا

اْوُمَلْعاَو َٰن َ

أ

َللها ْمُكَرَم َ ٍرْم َ أ

أّب

، ٍمْيّظَع ْمُكَرَم َ

ّةا َل َٰصلاّب أ ّماَل َٰسلاَو

ىَلَع ّهّٰيّبَن ّمْيّر َكْلا َلاَقَف

َٰنّإ : َ َٰلِلا ُهَتَكّئا َلَمَو

َنوُٰل َصُي ىَلَع

، ّٰيّب َٰنلا اَي

اَهُٰي َ َنيّذ َٰلا أ اوُنَمآ

اوُٰل َص ّهْي َلَع

اوُمّ ٰلَسَو

،اًميّلْسَت هٰ للَا

َٰمُه ّٰل َص ىَلَع اَنّدّٰيَس

ٍدَٰمَحُم ىَلَعَو

اَنّدّٰيَس ّلآ ٍدَٰمَحُم

اَمَك َتْيَٰل َص ىَلَع

اَنّدّٰيَس ْيّهاَرْبّإ

َم ىَلَعَو اَنّدّٰيَس ّلآ

َمْيّهاَرْبّإ ْكّراَبَو

ىَلَع اَنّدّٰيَس ٍدَٰمَحُم

ىَلَعَو اَنّدّٰيَس ّلآ

ٍدَٰمَحُم اَمَك

َت كَراَب ْ ىَلَع

اَنّدّٰيَس َمْيّهاَرْبّإ

ىَلَعَو اَنّدّٰيَس ّلآ

،َمْيّهاَرْبّإ ْيّف

َنْيّم َلاَعْلا َكَٰنّإ

ٌدْيّمَح ٌدْي ّجَم

هٰ للَا . َٰمُه ْرّف ْغا

َنْيّمّلْسُمْلّل ّتاَمّل ْسُم ْلاَو

َنْيّنّمْؤُم ْلاو

ّتاَنّمْؤُم ْلاَو ّءاَيْح َ

أ ْ لا ْمُهْنّم

، ّتاَوْم َ أ ْ لاَو للهما

ْعَفْدا اَٰنَع َءاَلَب ْ لا َءاَلَغ ْ لاَو

َءاَبَوْلاَو َءا َشْحَف ْ لاَو

َرَكْنُمْلاَو

َيْغَب ْ لاَو َفْوُي ُٰسلاَو

َةَفّلَتْخُم ْلا َدّئاَد َٰشلاَو

، َنَحّم ْلاَو اَم

َرَه َظ اَهْنّم اَمَو

، َن َطَب ْنّم

اَنّد َلَب اَذَه ًة َٰصاَخ

ْنّمَو ّناَد ْلُب َنْيّمّلْسُم ْلا

،ًةَٰماَع َكَٰنّإ

ىَلَع ّٰل ُك ٍء ْيَش ٌرْيّدَق

َداَبّع

،ّللها َٰنإ َللها ُرُم ْ ّلْدَع ْ أَي

لاّب ّناَسْحإ ْ لاَو

ّءاَتْيّإَو يّذ

َبْرُق ْ لا ىَهْنَيو

ّنَع ّءا َشْحَفلا

ّر َكْنُمْلاَو

، ّي ْغَبلاَو ْمُك ُظّعَي

ْمُكَٰلَعَل َنْوُرَٰكَذَت

. اوُرُكذاَف َللها

َمْيّظَع ْ لا ْمُكْرُكْذَي

ُرْكّذ َلَو ّللها

ُرَبْك َ أ .

Ustadz Nur Rohmad, Pemateri/Peneliti di Aswaja NU Center PWNU Jawa Timur dan Ketua BidangPeribadatan & Hukum, PD Dewan Masjid Indonesia Kab. Mojokerto

Referensi

Dokumen terkait

Demikian Proposal kegiatan Peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW 1435 H yang akan dilaksanakan oleh Masjid Besar Al - Mukhlashin, semoga kegiatan ini.. berjalan dengan tertib dan

SUSNAN ACARA MAULID NABI MUHAMMAD SAW

Puji syukur ke hadirat Alloh SWT atas nikmat, rahmat dan karunia-Nya dalam penyusunan Laporan Kegiatan Acara Untuk Memperingati Maulid Nabi Muhammad SAW ini

Maulid Nabi atau Maulud (bahasa Arab: يبنلا دلوم, mawlid an-nabī), adalah peringatan hari lahir Nabi Muhammad

Bersama ini kami segenap Panitia Peringatan Maulid Nabi memberitahukan kepada semua perantau dan warga Dusun Getrak bahwa di kampong kita akan diadakan Peringatan Maulid Nabi SAW,

Dengan adanya Proposal Kegiatan Maulid Nabi Muhammad SAW ini, kami berharap Siswa/i SMAN 1 TENJOLAYA dapat mengajak seluruh warga sekolah serta dapat berpartisipasi dalam menyambut Hari

Dokumen ini mengulas tentang kisah dan pengajaran Maulid Nabi Muhammad

Proposal kegiatan peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW 1445 H/ 2023 M bertema “Merefleksikan Figur Rasulullah SAW di Era