A. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d kang pratelane kokanggep bener!
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 1-6!
1. Layon karukti dening Raden Bharata. Jinise ukara kasebut yaiku…
A. Tanggap B. Tanduk C. Pitakon D. Camboran
2. Raden Bharata nyuwun supados Rama Wijaya ngasta keprabon ing Ayodya, nanging ingkang raka boten kersa. Kosok balene tembung raka yaiku…
A. Adhi B. Rama C. Ibu D. Putra
3. Duhkitane Prabu Dasarata amarga…
A. Raden Bharata ora kersa dadi raja.
B. Pisah karo Rama Wijaya.
C. Dewi Kekayi nyuwun supaya janjine diugemi.
D. Ora lila menawa kudu seleh keprabon.
4. Apa panyuwune Raden Bharata marang Rama Wijaya?
A. Ngrukti layon ingkang rama.
B. Kersa mimpin Ayodya.
C. Paring pangapunten dhateng Dewi Kekayi.
D. Saged legawa nampi sedanipun Prabu Dasarata.
5. Ana ngendi Raden Bharata pinanggih karo rakane?
A. xfikuqru=gu
B. refikuqruz\gu
C. refikuqru=gu
D. [rdiku qru=gu
6. Bharata nyuwun supados Rama Wijaya kondur Ayodya. Ukara kasebut menawa diowahi dadi ukara tanggap yaiku…
A. Bharata disuwun supados Rama Wijaya kondur Ayodya.
B. Rama Wijaya nyuwun supados Bharata kondur Ayodya.
C. Rama Wijaya dipunsuwun Bharata supados kondur Ayodya.
D. Bharata dipunsuwun supados Rama Wijaya kondur Ayodya.
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 7-9!
7. Pratelan kasebut kang ora cocog karo isine pethilan wacan kasebut yaiku…
A. Wong kang plesir ing pantai kasebut padha kuciwa.
B. Pulo Nusakambangan mapan ing Cilacap.
C. Pasire putih lan banyune segarane biru.
D. Wit-witan padha thukul ing sapinggiring segara.
8. Saliyane iku, wit-witan kang thukul ing pinggiring segara nambah endahing papan wisata kasebut. Tembung tanduk kang ana ing ukara kasebut yaiku…
Prabu Dasarata nandhang duhkita awit tinilar ingkang putra. Boten antawis dangu, lajeng seda. Layon karukti dening Raden Bharata. Sacekapipun ngrukti layon, Raden Barata lajeng ngundhat-undhat dhateng Ibu Dewi Kekayi awit rumaos dados jalaran sedanipun ingkang rama.
Raden Bharata boten kersa jumeneng nata, mila lajeng tindak dhateng wana saperlu nyusul ingkang raka.
Sapanggihipun wonten redi Kutharunggu, Bharata mratelakaken sedanipun ingkang rama lan nyuwun konduripun ingkang raka, inggih menika Rama Wijaya. Raden Bharata nyuwun supados Rama Wijaya ngasta keprabon ing Ayodya, nanging ingkang raka boten kersa. Rama Wijaya paring piwulang dhateng rayinipun amrih tetep nata ing Ayodya.
Pantai Teluk Penyu dadi jujugan plesir masarakat Cilacap amarga sesawangan alame kang endah. Pasire Pantai Teluk Penyu iku putih lan banyu segarane biru. Saliyane iku, wit-witan kang thukul ing pinggiring segara nambah endahing papan wisata kasebut. Saka Pantai Teluk Penyu uga katon Pulo Nusakambangan kang edi peni, ndadekake senenging ati kang plesir ing pantai kasebut.
A. Thukul B. Nambah C. Papan D. Pinggiring
9. Apa kang ndadekake Pantai Teluk Penyu dadi jujugan plesir masarakat?
A. sesw=znHlmK=[anFh
B. seswznHlmK=[lnFh
C. sesw=znHlm\k=[anDa\
D. sesw=znHlmK=[nFh
Geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 10-14!
Ginelar jagad ing pereng Ungaran Riptaning Gusti kang paring kanugrahan Laladan kang aran Desa Limbangan Asri loh jinawi nengsemake tenan
Tumibaning bun ing bumi Limbangan Tandha wiwiting laku gesang
Sapa aruh sanak kadang
Liru esem nyambung paseduluran Ing plataran paguyuban
Wreda mudha ngleluri budaya
Thungkil, jaran kepang warisan bangsa
Kairing swaraning gamelan kang ngemu prabawa Tlatah limbangan nganyungyun ati Mugi lestari pinayungan asihing Gusti 10. Laladan kang aran Desa Limbangan
Tembung kang tegese padha karo tembung laladan, kejaba…
A. Tlatah
B. Papan panggonan C. Jeneng
D. Dhaerah
11. Wreda mudha ngleluri budaya. Ukara kasebut ateges…
A. Padha ninggalake budaya amarga wis kuna.
B. Wong tuwa lan nom bebarengan nguri-uri budaya.
C. Bocah-bocah njaga budaya supaya tansah lestari.
D. Bebarengan nyambung paseduluran.
12. Adhedhasar geguritan kasebut, pitutur kang bisa kajupuk yaiku…
A. Njaga lestarine bumi Limbangan.
B. Nguri-uri budaya bangsa.
C. Swasana ing tlatah Limbangan.
D. Njaga paseduluran.
13. Mugi lestari pinayungan asihing Gusti. Lelewaning basa kang digunakake saka ukara kasebut yaiku…
A. Personifikasi B. Hiperbola C. Metafora D. Simile
14. Cacahing pada geguritan kasebut yaiku…
A. ppt\
B. lim C. telu D. [lo[ro
Cakepan tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 15-22!
Wonten pocapanipun, Adiguna Adigang Adigung,
Pan adigang kidang adigung pan esthi, Adiguna ula iku
Telu pisan mati sampyoh.
15. Guru lagu tembang gambuh yaiku…
A. u, u, i, u, o B. w, a, p, a, t C. o, a, a, a, e D. n, u, i, u, h
16. Watak tembang gambuh yaiku…
A. Grapyak semanak B. Bungah
C. Nelangsa kelara-lara D. Rumaket
17. Guru wilangan gatra kaping loro yaiku…
A. 9 B. 10 C. 11 D. 8
18. Adiguna Adigang Adigung
Tembung kang kacetak kandel kasebut ateges…
A. Watak kanthi ngendelake kapinteran.
B. Watak kanthi ngendelake kakuwatan.
C. Watak kanthi ngendelake bandha.
D. Watak kanthi ngendelake rupa.
19. Adigang iku mralambangake sipat kang wasis lan trampil. Sipat kang diduweni manungsa uga kewan. Sipat kasebut ndadekake kang kasinungan bisa apik utawa ala. Nalare…
A. Wong pinter iku apik nanging bisa gumedhe amarga kapinterane.
B. Wong trampil iku titikane seneng nyolong jupuk nggone liyane.
C. Wong pinter iku lumrahe anteng, ora kakehan gunem.
D. Wong trampil iku nyambut gawene sregep lan cepet.
20. Adhedhasar cakepan tembang ing dhuwur, pralambang adigang yaiku…
A. Gajah B. Ula C. Kidang D. Pesthi
21. Piwulang kang bisa dijupuk saka tembang kasebut yaiku…
A. Wong urip iku nduweni watak kidang, gajah, lan ula.
B. Wong kang pinter, kuwat, lan sekti iku butuh usaha.
C. Wong kang pinter, kuwat, lan kuwasa uga bakal mati.
D. Wong cilik, gedhe, lan sekti iku adu kekuwatan.
22. Tembung esthi ing tembang kasebut tegese…
A. Gajah B. Ula C. Kidang D. Pesthi
Yen ana ing Pantai Teluk Penyu bisa nyawang segara kidul. Kejaba iku uga bisa nyawang Pulo Nusakambangan. Ombaking segara kidul beda karo ombaking segara Lor. Ing Teluk Penyu, akeh prau lan kapal nelayan. Swasana sansaya endah, nalika srengenge wiwit angslup ing iring kulon. Swasana segara kidul pancen nengsemake. Sapa bae sing nate plesir menyang Pantai Teluk Penyu mesthi kelingan. Kejaba ana kapal-kapal gedhe lan prau nelayan, uga bisa nyawang Pulo Nusakambangan. Swasana Pantai Teluk Penyu tansah nabet jroning ati.
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 23-26!
23. Wacan ing dhuwur aran…
A. Narasi B. Argumentasi C. Dheskripsi D. Eksposisi
24. Apa ancase tradhisi Ngasa?
A. Supaya slamet sakabehane.
B. Wujud sukur marang Gusti Akarya Jagad.
C. Sarana ngugemi budaya leluhur.
D. Ngilangake pantangan supaya ora mbebayani manungsa.
25. Pratelan kang ora cocog karo wacan ing dhuwur yaiku…
A. Salah sawijining pantangan yaiku ora oleh nandur brambang.
B. Masarakat Jalawastu tansah ngugemi budaya leluhur.
C. Warga Dhusun Jalawastu namung dhahar asil saka laut.
D. Jalawastu mapan ing Brebes, Jawa Tengah.
26. Kang ndadekake Dhusun Jalawastu dadi jujugan plesir para plancong, kejaba…
A. Papan panggonan Dhusun Jalawastu endah.
B. Masarakat tansah ngugemi budaya warisane leluhur.
C. Warga dhusun nindakake kabudayan Sunda sanajan manggon ing Jawa.
D. Masarakat nduweni panganan kang nyleneh.
Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 27-29!
27. Pratelan ing ngisor iki kang cocog karo wacan ing dhuwur yaiku…
A. Segara kidul kang amba.
B. Swasana pantai kang endah.
C. Ombak segara kidul gedhe.
D. Dalan nuju Teluk Penyu.
Dhusun Adhat Jalawastu
Jalawastu mapan ing sadhuwure bukit kang kalebu ing Desa Ciseureuh, tlatah kidul Ketanggungan, Kabupaten Brebes, Jawa Tengah. Kejaba papan panggonan kasebut endah, masarakate uga ngugemi budaya. Kang narik kawigaten lan jujugan plesir saka Dhusun Jalawastu yaiku masarakate kang isih nglakokake tradhisi leluhure. Para warga tansah ngugemi kabudayan Sunda sinaosa etnike Jawa lan mapan ing Brebes, Jawa Tengah.
Ana pantangan utawa bab kang ora kena dilakokake dening masarakat Jalawastu. Pantangan ngenani panggawean yaiku ora oleh nandur brambang, ngingu sato kewan kaya ta: wedhus, kebo, manuk, lan liyane. Warga Dhusun Jalawastu uga nduwe pantangan bab panganan. Panganan pokok warga Jalawastu yaiku sega jagung kanthi lalapan gegodhongan, pala pendhem, pete, terong, lan tetanduran liyane. Pantang mangan sega saka beras, lan iwak-iwakan. Saliyane iku, ana upacara Ngasa kang dipunjerake ing pasarean Gedong kang mapan ing satengahing wana. Ancase kagiyatan kasebut minangka wujud sukur marang Gusti Akarya Jagad.
28. ?sWsnsnSy[anFh.
Wacane aksara Jawa kasebut yaiku…
A. Segara kidul kang amba.
B. Sapa bae sing nate plesir.
C. Swasana sansaya endah.
D. Swasana segara kidul pancen nengsemake.
29. Dalane munggah mudhun, lan sakiwa tengene akeh tetanduran. Ukara kasebut yen ditulis mawa ragam krama yaiku…
A. Marginipun munggah mandhap lan sakiwa tengenipun katah tetaneman.
B. Marginipun minggah mandhap lan sakiwa tengene kathah tanduran.
C. Marginipun minggah mandhap, saha sakiwa tengenipun kathah taneman.
D. Margine minggah mandhap saha sakiwa tengenipun kathah tetaneman.
Geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 30-36!
30. Kang dudu pitutur (nasehat) adhedhasar geguritan kasebut yaiku…
A. Dadi siswa wajib mempeng anggone nggolek ilmu.
B. Nggolek ilmu saiki kanggo sangu urip mbesuk.
C. Sanajan nggolek ilmu iku ora gampang, ning kudu sabar.
D. Pandonganing guru marang siswane.
31. Paraga kang cocog maos geguritan kasebut yaiku…
A. Murid B. Guru C. Wali murid D. Kepala Sekolah
32. Saka ngarep kelas kene, daksawang muridku siji mbaka siji, sing lagi nggarap ulangan. Kahanan murid kasebut bisa dirasakake kanthi sarana…
A. Mripat B. Talingan C. Rasa D. Swara
33. Irah-irahan utawa judhul geguritan kasebut yaiku…
A. skzrepKels\
B. skzxpKels\
C. skz[rp\kels\
D. skzxp\[kls\
34. (1) ……….
(2) Pamit ngaji, jebul dolan.
Ukara kang trep kanggo njangkepi parikan kasebut yaiku…
Saka Ngarep Kelas Dening Fajrin Dwi Artika Saka ngarep kelas kene
Daksawang muridku siji mbaka siji Sing lagi nggarap ulangan
Ana sing sepaneng Anteng
Mesam-mesem Ndhuk… Le Dakkandhani
Iki dalan sing kudu kokliwati Kanggo sangumu mbesuk Mecaki dalan neng donya iki
Saiki mbokmenawa kowe durung ngerti, Nanging mbesuk,
Nalika umurmu wis tambah, Kowe bakal ngerti,
A. Tuku graji, buntel koran.
B. Tuku aci, ing Sekaran.
C. Ja ngapusi, dak kapusan.
D. Mangkat ngaji, bareng-bareng motoran.
35. Pamit ngaji, jebul dolan.
Ukara kasebut nalika ditulis kanthi aksara Jawa yaiku…
A. ?pmitzji,jebu[lFoln\,
B. ?pmitZji,jebu[lFoln\,
C. ?pmitzji,jebu[lfoln\,
D. ?pmitZji,jebu[lFolnN.
36. (1) Tuku areng, ing pasar minggu (2) ………..
Ukara kang trep kanggo njangkepi parikan kasebut yaiku…
A. Dadi siswa, kudu sregep sinau.
B. Nduwe basreng, diaturake ibu C. Lagi seneng, lali ro aku.
D. Dadi wong, mbok sing gemati.
Cakepan tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan angka 37-40!
37. Ing ngisor iki kang ora kalebu jeneng liyane Rama Wijaya yaiku…
A. Ramacandra B. Ramadewa C. Ramasudewa D. Ramabadra
38. Apa kang kudu ditindakake para pamupu sayembara supaya nggarwa Dewi Sinta?
A. Bisa manah lan sugih mblegedhu.
B. Bisa dadi titisaning Dewa Wisnu.
C. Bisa ngalahake para danawa.
D. Bisa ngangkat lan menthang gendhewa pusakaning praja.
39. Bebungah apa kang bakal ditampa dening para pamupu kang kasil menang sayembara?
A. Disuwun nggarwa putrine para danawa.
B. Dhaup karo putri Negara Mantilidirja aran Dewi Sinta.
C. Diwisudha dadi raja Mantilidirja.
D. Kaangkat putra dening Ayodya.
40. Kang njalari Rama bisa kasil menang sayembara, kejaba…
A. Dewi Sinta kesengsem marang Rama.
B. Watake Rama kang wicaksana.
C. Wasis anggone manah.
D. Rama nduwe panah sekti.
Rama yaiku satriya bagus gagah merbawani kang unggul ing babagan manah. Saka kuwasisane kasebut, Resi Wismamitra njaluk tulung marang Rama supaya nyingkirake para danawa kang ngreridhu ing pertapane.
Senajan Prabu Dasarata sumelang marang keslametane, nanging kanyata bisa mungkasi gawe. Para danawa bisa disingkirake.
Sasirnane para danawa, Rama kang nama jangkepe Rama Wijaya uga jejuluk Ramaragawa, Ramacandra, Ramabadra, Ramadewa, lan Raguputra iku diprayogakake supaya menyang Negara Mantilidirja. Titisaning Dewa Wisnu iku supaya melu mupu sayembara amrih bisa dhaup karo putrine Prabu Janaka. Prabu Janaka, nata negara kasebut kagungan putri kang sulistya ing warna. Akeh para satriya kang kepengin nggarwa, nanging kabeh katampik. Sinta gelem kagarwa sauger ana sing bisa ngangkat lan menthang gendhewa pusakaning praja. Bener, nalika Rama nyengkuyung sayembara, gendhewa bisa kaangkat lan kapenthang. Wusanane Ayodyaputra kasebut kelakon nggarwa Sinta.
B. Wangsuli pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis!
1.
Gawea1 parikan bab pendhidhikan!
2. Sebutna tembung tanduk lan tanggap saka wacan kasebut!
3. Gawea ukara (kalimat) tanggap kanthi tembung lingga (kata dasar) “tuku”!
4. Tembung cengkar yaiku kurang loh utawa kurang subur.
Tulisen ukara kasebut mawa aksara Jawa!
5. Gawea geguritan rong pada (bait) wae adhedhasar gambar ing ngisor iki!
Sawise dielingake Dewi Kekayi, Prabu Dasarata saya susah amarga kudu milih antaraning Raden Rama Wijaya lan Raden Bharata sing dadi raja. Perkara kasebut wis dingerteni dening Raden Rama Wijaya, mula dheweke banjur ngalah. Raden Rama netepi unen-unen “wani ngalah, luhur wekasane”. Raden Rama Wijaya lan garwane milih lunga saka Ayodya, lelana saperlu ngetutake krenteging ati.