• Tidak ada hasil yang ditemukan

Latihan Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 6

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "Latihan Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 6"

Copied!
4
0
0

Teks penuh

(1)

LATIHAN SOAL MANDIRI

ULANGAN AKHIR SEMESTER GANJIL

TAHUN PELAJARAN 2016/2017

Alamat : Bukupaket.com

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama :

Kelas : VI (Enam) Skor/Nilai Paraf

Hari/Tanggal : - Guru Orang Tua

Waktu : -

Wacanen kang patitis wacan tembang macapat ing ngisor iki! Kinanti

1. Padha gulungen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, ing kaprawiran den kaesthi, pesunen sariranira,

sudanen dhahar lan guling. 2. Dadia lakunireku,

cegah dhahar lan guling, lan aja sukan-sukan, anganggoa sawatawis, ala watake wong suka, nyuda prayitnaning batin. 3. Yen wis tinitah wong agung,

aja sira nggunggung dhiri, aja leket lan wong ala, kang ala lakunireki, nora wurung ajak-ajak, satemah anelulari.

I. Pilihen wangsulan sing bener kanthi menehi tandha silang (x)!

1. Tembang ing dhuwur kalebu jenise tembang Macapat ....

a. kinanthi b. pucung c. asmarandana d. maskumambang

2. Wacana tembang Macapat ing dhuwur dumadi saka ... pada.

a. 1 b. 2 c. 3 d. 4

3. Saben pada wacana tembang ing dhuwur dumadi saka ... gatra.

a. 3 b. 4 c. 5 d. 6

4. Ing pada 1 wacana kasebut becike dadi siswa kudu bisa nglatih diri supaya ....

(2)

5. Ing pada 1 wacana kasebut becike dadi wong aja mung nggedhekake ....

a. mangan karo turu c. mangan karo sinau

b. mangan karo ngombe d. mangan lan dolanan

6. Tetembungan kaprawiran den kaesthi ing pada 1 wacana kasebut tegese kaprawiran kudu ditindaake kanthi ....

a. sembrana b. temen c. sabisane d. sakarepe

7. Bakune gagasan (pokok pikiran) sing bisa dijupuk saka pada 1 wacana kasebut, yaiku .... a. dadi wong iku santai wae

b. wong urip iku ora usah ngaya, mangan lan turu kudu cukup c. dadi wong iku antarane nyambut gawe lan istirahat kudu cukup

d. wong urip iku kudu akeh nglatih dhiri supaya pinter, aja mung nggedhekake mangan lan turu 8. Tegese ukara dadia lakunireku lan aja sukan-sukan ing pada 2 wacana kasebut, yaiku dadi wong

iku aja mung urip ....

a. sedhih b. susah c. prasaja d. seneng-seneng

9. Tegese ukara Yen wis tinitah wong agung ing pada 3 wacana kasebut, yaiku yen wis ditakdirake dadi ....

a. wong gedhe b. wong cilik c. wong mlarat d. wong apik 10. Tegese tetembungan nggunggung dhiri ing pada 3 wacana kasebut, yaiku ....

a. pinter b. wasis c. sombong d. prasaja

11. Paugeran(aturan/pedoman) ing tembang macapat ana 3, yaiku kang kasebut ing ngisor iki, kajaba ....

a. guru gatra b. guru wilangan c. guru lagu d. guru sastra 12. Cacahe gatra(baris) saben sapada ing tembung macapat diarani ....

a. guru basa b. guru sastra c. guru gatra d. guru wilangan 13. Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra ing tembang macapat diarani ....

a. guru sastra b. guru gatra c. guru lagu d. guru wilangan 14. Tibaning swara ing saben pungkasane gatra ing tembang macapat diarani ....

a. guru gatra b. guru wilangan c. guru lagu d. guru sastra 15. Ing ngisor iki bab-bab sing kudu digatekake anggone maca geguritan, kajaba ....

a. kudu apal isine geguritan

b. kudu nggatekake pocapan lan wiramane

c. bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep

d. mangerteni isi lan karepe geguritan kasebut, banjur dirasakake

16. Endahing geguritan dumunung ing bab-bab kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba .... a. nggunakake wirama utawa lagune

b. busanane basa kang maneka warna

c. pilihane tetembungan sing mentes, trep, lan mantesi d. tanpa nggunakake busanane basa kang maneka warna

17. Wawancara kang pitakone ora ditemokake luwih dhisik, gumantung marang swasanane wawancara, dene respondhen bebas njawab gumantung marang pitakone, kalebu wawancara ....

(3)

18. Tegese paribasan “durung pecus, keselek besus“ yaiku .... a. prakara cilik (sepele) dadi gedhe

b. pakulinan ala sing ora bisa ilang

c. urung sembada wis kepingin sing ora-ora

d. amarga bangete lomane nganti uripe dhewe kacingkrangan 19. Indonesia negara kang subur makmur, aman tentrem, karta ....

Tembung kerta ing ukara kasebut kudune dijangkepi nganggo tembung ....

a. raharja b. manungsa c. prahara d. rahayu

20. Raden Werkudara satriya kang gagah ....

a. prahara b. prakosa c. prastawa d. Pramila

II. Isenana cecek-cecek ing ngisor iki kanti jawaban kang bener!

21. Wit gedhang arane .... 22. Isine asem arane .... 23. Godhong asem arane ....

24. Witing jagung, mas, yen ... kudu dietung. 25. Roning mlinjo,sampun sayah nyuwun .... 26. Wohing aren, tansah ... marang Pengeran. 27. Anak dara arane ....

28. Anak macan arane .... 29. Gegamane yuyu arane .... 30. Entup iku arane gegamane ....

III. Coba gatekna tembang “ sinom “ ing ngisor iki!

Sinom

Nuladha laku utama

tumaraping wong tanah Jawi

wong agung ing ngeksigandha

Panembahan Senapati

kapati amarsudi

sudanen hawa lan nepsu

pinesu tapa brata

tanapi ing siang ratri

amemangun karyenak tyas ing sesama

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kang patitis ! 31. Sapa sing dikongkon nuladha manut wacan tembang “Sinom“? 32. Sapa sing dituladha manut wacan tembang “Sinom“?

33. Pitutur apa sing bisa dijupuk saka wacan tembang “Sinom“?

34. Tembang “Sinom” ing dhuwur ana pirang gatra?

(4)

Referensi

Dokumen terkait

Tembung sing bener kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku ...... Ceceg-ceceg ing ngisor iki wangsulana

tuku buku, menawa ditulis kanthi aksara jawa yaiku ….. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana nggo tembung

Sing duwe kasekten bisa mabur tanpa elar yaiku ..... Gathukna wangsulan ing sisih kiwa nganggo cara nulis aksarane ana ing njero kothak sing kok

Pasangan sing cocok kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku pasangan .'.. SasiApriltanggap warsane Raden Ajeng

35. Bab-bab sing kudu digatekake supaya bisa maca geguritan kanthi becik yaiku … a. pinter nggunakake tetembungan lan basa sing bener lan cocog karo isine b. nduwe swara landhung

Tembung sing durung owah saka asale diarani tembung ….. Tembung sing wis owah saka asale diarani tembung

Saka Pantai Teluk Penyu uga katon Pulo Nusakambangan kang edi peni, ndadekake senenging ati kang plesir ing pantai kasebut... Apa kang ndadekake Pantai Teluk Penyu dadi jujugan plesir

amarga Indonesia nduweni masyarakat kang akeh Jenis Soal :Pilihan Ganda Jawaban Benar :A 12 Waosen wacan ing ngisor iki kanthi premati!. Indonesia minangka negara kepulauan sing