(PERSAUDARAAN MASYARAKAT BUDAYA NASIONAL INDONESIA) DEWAN PENGURUS PERMADANI KAB.PURWOREJO
Sekretariat : Desa Redin Rt 03/04 Kecamatan Gebang Kabupaten Purworejo No Hp 085200346274
Tuladha Pambuka
Nugraha miwah sih Wilasaning Gusti Prasasat hambanyu mili mugi tansah tumedhak,tumanduk,kajiwo
kasariro,dumateng panjenengan sedaya dalasan
kula,sumrambah para keluarga waradin sagung dumadi lestantun raharjo.
Para alim para ulama’ ingkang hangugemi mring tuntunan kitab suci wahyuning illahi,kinaryo panuntun keblating
panembahan ingkang satuhu luhuring budi linangkung demateng Bp.KH Amirudin ingkang tansah kulo takdhimi.
Para sesepuh,pinisepuh,lan aji sepuh ingkang tansah paring pitutur luhur dumateng putra wayah ingkang SATUHU KINABEKTEN.
Para pangemban pangembating praja,kadang perangkat desa,lan bapak RT ,Rw ingkang pantes sinudarsana
Kadang besan kinasih,Bp.Harjono dalasan garwa lan para pangombyong pengantin kakung ingkang tansah CINAKET ING MANAH..
Kadang panawung kridha utawi panitia para muda taruna ingkang pantes nampi ing pakurmatan
Murwakani atur ,manga panjenengan sedaya tansah kulo
derekaken muji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT,kanthi kalimatu tahmid “alhkhamdulillahirabbil ‘alamiin”,awit saking keparengipun kula lan panjenengan sedaya saget Kempal nyawiji ing papan mriki,kanthi suka basuki.
Shalawat lan salam mugi tansah linuberno dumateng Mustikaning Jagat,panutaning umat Nabi Agung Muhammad SAW ingkang dipun antu antu Payung pitulunganipun wiwit ing ndunya dumugi ing delahan.
Sagung para tamu ingkang minulya,kulo ingkang kapiji…………..