• Tidak ada hasil yang ditemukan

Mitos Dan Cerita Rakyat

D. Bledug ing Kuwu

Prabu Ajisaka kagungan putra salah kedaden dadi ula kang gedhe banget. Ula mau sowan ing Sang Nata ngaku yen putrane. Sang Prabu dhawuh marang ula, didhawuhi mateni mungsuhe, yaiku baya putih ing segara kidul nganggo wineling ora kena liwat ing daratan, mundak gawe girise wong-wong, nanging didhawuhi metu ing sajroning lemah, baline iya mengkono uga. Yen klakon bisa bali entuk gawe, iya diaken putra.

Ula mangkat metu ing sajroning lemah, tekan ing Segara Kidul nuli pancakara karo Bayaputih, klakon Bayaputih sirna dening ula. Baline ula menyang ing kedhaton ing Medangkamolan rada tuna dungkap, durung tekan ngenggon wis mencungul. Bareng weruh yen kleru, nuli ambles maneh. Kang mengkono mau nganti rambah kaping sanga. Ing panggonan jumedhule ula mau saka ing sajroning lemah, ing kono ana embel, banyune asin, yaiku banyu segara kang katut mrono. Panggonan mau diarani bledug, yaiku bledug ing Kuwu, lan sakiwatengene. Mulane diarani bledug, marga kala-kala metu gase

nyemprot-nyemprot katutan endhut mawa suwara kaya barang mbledos.

Gunung Bathok

Dewaning Semeru kagungan putra wadon aran Juwita. Putri mau dilamar ing Raksasa, awake gedhe sagunung anakan. Sang Hyang Semeru ora pati lila nanging arep nulak ora wani, nuli kagungan pamundut marang Raksasa digawekna jagang ing sakubenging Brama, supaya lahar lan awune aja nganti tekan ing Semeru, jagang mau kudu rampung ing sajroning sawengi.

Raksasa nuli tumandang. Lemah ing sakubenge Brama dikedhuki nganggo bathok, suwarane gumludhug nggegirisi. Sang Hyang Semeru weruh yen penggaweane Raksasa meh rampung, banjur nuthuki lesung, jago-jago padha kluruk. Raksasa krungu unining jago kluruk atine ngedap. Bathok kang kanggo ngedhuki lemah anggone nyekeli nggregeli, tibane mengkureb, dadi gunung kang saiki aran Gunung Bathok, dumunung ing segara wedhi kaprenah sakulone kawah Brama.

Kali Winanga

Wong-wong kang dedunung ing saurute kali Winanga kang ngliwati ing kutha Yogyakarta sisih kulon yen slametan sasi Ruwah, sajene nganggo candu utawa tike disandingi papah kates minangka bedutane. Sajen kuwi

mau disetokake lan diemen-emenake dening wong-wong ing sakiwa tengene Kali Winanga. Dedongengane meng-kene: Dhek biyen ana abdi-dalem prajurit aran Kyai Jayuda (Brajayuda), tapa ing pinggiring kali nenuwun ing Pangeran diparingana kaluwihan. Ananging Kyai Jayuda mau ilang ora karuan, pengirane wong-wong, mrayang dadi lelembut, pasabane iya ana ing saurute kali Winanga mau. Dhek uripe kyai Jayuda pakaremane nyeret. Mulane wong slametan ruwahan nganggo sajen tike utawa candu, sabab yen ora mengkono, jare sok ditemoni sarana mrimpeni.

Pupak Puser

Bayi iku yen wis pupak pusere kudu dieleki ing tangga teparo utawa wong tuwa-tuwa. Bayi dipangku ing dhayoh genti-genti sawengi, esuk lagi kena diselehake ing peturon. Nalikane dipangku mau peturone bayi didokoki gandhik digambari mata, cangkem, irung nganggo enjet nuli digedong cara bayi, diglethakake ing tampah dilemeki godhong sente. Kejaba iku ing sakubenging omah dikentengi benang, saben pojoking omah didokoki keris-kerisan wilah diclonehi enjet, godhong nanas karo godhong apa-apa utawa alang-alang.

Karepe sarat mau mengkene: sapuputing puser, prabot-praboting bayi kayata: getih, kawah, coplokan puser, kunir landesan puser, kabeh padha dadi lelembut jenenge sarap sawan. Lelembut mau arep masesa bayi, nanging ora

wani mlebu ing omah marga weruh sarat-sarat mau katone kaya pedhang temenan. Ewasemono iya sok bisa mlebu ing omah njujug ing peturone bayi. Bayi dikerah ora pasah marga liniru ing gandhik, wasana padha mundur pelarasan, kapok ora bali-bali.

Kleting Kuning

Kleting Kuning arep nyabrang bengawan Silungga.

Sakawit njaluk tulung Yuyu Kangkang, nanging Yuyu Kangkang ora gelem nyabrangake Kleting Kuning, marga penganggone gombalan, pupure tembelek. Kleting Kuning banjur nyabetake sada lanang ing banyu. Padha sanalika bengawan mau asat. Kleting Kuning bisa nyabrang.

Andhe Andhe Lumut

Putraku si Andhe Andhe Lumut

Tumuruna ana putri kang ngunggah-unggahi

Putrine sing ayu rupane, Kleting Abang iku kang dadi arane Dhuh ibu, kula boten purun

Dhuh ibu, kula boten mudhun Nadyan ayu sisane si Yuyu Kangkang

Putraku si Andhe Andhe Lumut

Tumuruna ana putri kang ngunggah-unggahi

Putrine sing ayu rupane, Kleting Ijo iku kang dadi arane Dhuh ibu, kula boten purun

Dhuh ibu, kula boten mudhun Nadyan ayu sisane si Yuyu Kangkang

Putraku si Andhe Andhe Lumut

Tumuruna ana putri kang ngunggah-unggahi

Putrine sing ala rupane, Kleting Kuning iku kang dadi arane Dhuh ibu, kula inggih purun

Dhuh ibu, kula badhe mudhun Nadyan ala puniku kang kula suwun

Watu Telu

Ana bocah picak duwe watu telu peparinging dewa.

Watu iku yen diuncalakake mendhuwur karo muni apa kang dipengini sanalika iku uga banjur klakon karepe.

Bocah mau nguncalake watune siji karo muni mengkene, ―Dhuh Dewa, kula nyuwun mripat ingkang wiar bawera, supados saged ningali ing samukawis.‖

Sanalika bocah mau diparingi mata amba, meh ngebaki sakubenging rai. Bungah banget dene weruh apa-apa kang maune durung tau weruh. Nanging ora suwe ana lesus nggawa bledug nampeg ing raine bocah mau. Mripate krasa pedhes, banjur njungkel ngrasakake larane. Batine,

―Kok ora kepenak ngene. Mata amba kuwi mau marakake ribed bae.‖

Bocah mau nguncalake watune, dadi saiki wis kalong loro. Calathune, ―Dhuh Dewa, kula nyuwun mripat

ingkang ciut kemawon.‖ Sanalika iku uga mripate malih ciut, mlingup mung saelenging dom. Kabeh kang sinawang katon nglangut. Bocah mau iya wis trima, tinimbang ora weruh babar pisan. Nanging ora suwe ana cleret barungan.

Bocah mau kaget banget. Batine, ―Ya ora enak senajan mripatku mengkene.‖

Bocah mau banjur nguncalake watune kari siji karo muni, ―Dhuh Dewa, kula nyuwun wangsul picak malih kemawon.‖ Sanalika iku uga bocah mau banjur picak maneh.

Timun Emas

Timun Emas ngenger ana omahe Mbok randha Dadapan. Ana ing desane Mbok randha, Timun Emas diparani buta arep dimangsa. Nuli dikon sumingkir disangoni uyah, trasi karo tebu. Buta weruh yen Timun Emas wis sumingkir saka ing desa kono, banjur matak aji penggandan, nuli dilacak, suwe-suwe katon banjur dituruti.

Bareng wis cedhak, Timun Emas mbuang tebune, tebu thukul dadi alas. Buta rekasa lakune, nasak-nasak ing alas tebu. Kala-kala iya leren karo mangan tebu. Timun Emas bisa sangsaya adoh. Suwe-suwe buta kelingan marang beburone, banjur ditututi maneh. Bareng wis cedhak Timun Emas mbuang uyahe, dadi segara. Buta rekasa banget anggone nyabrang, nanging suwe-suwe iya bisa nututi.

Timun Emas meh kecandhak, nuli mbuang trasine, trasi

malih dadi embel, buta mau keblader-blader ing embel, saka sayane suwe-suwe ora bisa obah, wasana mati ambles ing embel.

Kang dadi jejering kandha: menungsa bisa malih macan, malihe iku nalikane isih urip utawa sawise mati.

Kang kecrita akeh wong bisa malih macan iku ing alas Lodaya (Blitar) lan ing desa Gadhungan bawah Pare (Kediri). Dongenge iya rupa-rupa banget, jare menungsa meguru menyang macan.

Nalika Sinuwun Paku Buwana ing Kartasura lolos saka praja marga ana geger Pecina, ana ing dalan ketagihan candu. Patih Cakrajaya nuli musus tangane karo ngesti puja, sanalika bisa nyaosi pamundhute gustine. Wiwit iku Sang Nata ndhawuhake presapa mengkene, ―Anak putuku aja ana kang duwe pakareman nyeret, mundhak gawe ribed.

Tujune iki mau isih ana wong tiyasa kaya wakne cakrajaya.

Anua rak sida bilai temenan.‖

Prasapa Panembahan Senapati

Nalika Raden Ngabehi Sutawijaya mangsah prang mungsuh Arya Penangsang ing Jipang, titihane jaran isih belo batilan Jaran mau kena ditumbak ing Arya Penangsang, njola-njola. Nuli mbandang sarosane ora kena dipekak. Arep dijambak ora kena marga ora ana surine.

Suwe-suwe iya kena dipekak. Raden Ngabehi ndhawuhake

presapa, ―Saturun-turunku yen mangun perang, aja ana sing nunggang jaran batilan.‖

Pepali Ki Ageng Sela

Ki Ageng Sela lagi ngemban putrane ngagem sarung mung disuwelake bae. Bareng ana geger teka, Ki Ageng rada karepotan, mlayu ing latar kesrimped-srimped ing wuluh, sarunge mlorot meh kawirangan. Ki Ageng banjur presapa,

―Saturun-turunku aja ana sing nandur waluh, mangan waluh iay ora kena.‖

Ipat-ipate Sunan Mangkurat

Nalika Sunan Mangkurat gerah santer ing Aji-barang, mundut degan menyang Pangeran Adipati Anom.

Pangeran Adipati dhawuh marang abdine ngunduh degan, nuli dicaosake wis parasan sarta banjur dibolong pisan.

Sunan semu runtik, ngendika mangkene, ‖Thole, taktrima banget anggonmu aweh degan, nanging rehning wis parasan, iku ateges kowe nggege mangsa. Ya ta, mangsa wurunga kowe gumanti nata, nanging ambok aja kesusu.

Ing wuri turunmu ora bisa nutugake lelakonku. Karo maneh saturun-turunmu, aja ana sing nyadran menyang kuburku.‖

Wong Tani karo Anak-anake

Ana wong tani duwe anak lanang lima, kabeh padha cecongkrahan. Nuju ing sawiji dina anak-anake diundang.

Bareng wis mara, diulungi sada sabongkok. Celathune bapakne, ―Coba, sapa sing bisa nugel sada iki takganjar sapi siji.‖

Anak-anake padha tumandang, nyoba nyoklek sada mau kalandhesake ing dhengkul, nanging ora ana sing bisa.

Bapakne banjur njupuk sada mau, diuculi taline nuli dicokleki siji-siji, gampang bae. Anake kang tuwa dhewe calathu, ―Mesti mawon Pak, kula neggih saged yen ngaten.‖

Bapakne mangsuli, ―Iya, kabeh uwong iya bisa.

Kowe ngretia: sada iki prelambange awakmu saksedulur.

Yen kowe padha crah, gampang bisamu nemu pakewuh utawa bebaya, mengkono uga mungsuh, iya gampang bae yen arep gawe cilakane awakmu sasedulurmu kabeh.

Nanging yen kowe rukun karo sedulur-sedulurmu, angel bisamu tumeka ing sangsara. Mula eling-elingen ujaring bebasan: Rukun agawe santosa, crah mahanani bubrah.‖

Dewi Ragil Kuning

Dewi Ragil Kuning putri nata ing Jenggala lolos saka ing kaputren. Ana ing tengah alas dioyak-oyak utusane raja Bugis arep dipundhut garwa. Ragil Kuning nyegur ing kali banjur keli, nuli ditulungi ing juru nambang, dijak mulih, dipasrahake marang bojone, disedulurake karo anake wadon aran Brambang, diparabi Si Bawang.

Bojone juru nambang iku siya banget menyang anake pupon. Penggawean saomah sing nandangi Si

Bawang. Brambang mung ngenak-enak mangan turu bae.

Mbok juru nambang uga duwe anak lanang isih bayi, jenenge Trasi. Si Bawang penggaweane saben dina umbah-umbah, nyapu, ngangsu, olah-olah. Yen ora kebeneran setitik bae diujar-ujari.

Nuju ing sawiji dina Si Bawang olehe ngumbah popok keli siji, beruke uga keli. Tekan ngomah disrengeni biyunge, dikon nggoleki maneh sing nganti ketemu. Bawang banjur bali menyang kali, takon ing panggonane mbah Buta Ijo. Popok karo beruk ditemu Buta Ijo. Bareng ditembung sing duwe, Bawang dikon mususi berase dhisik karo nggawakake mulih. Tekan ing omahe Buta Ijo dikon olah-olah ing pawon, weruh dandange gembung uwong, enthonge epek-epek, mangkoke cumplung. Bawang dipek anak Buta Ijo.

Ana utusane sang nata ing Jenggala jenenge Bancak karo Dhoyok nggoleki gustine nganggo disranani mbarang jantur. Lakune suwe-suwe tekan ing gunung Wilis ing dhangkane Buta Ijo, ditanggap. Bareng wis wengi Buta Ijo lanang wadon padha arip suwe-suwe keturon. Dewi Ragil Kuning kondur didherekake Bancak Dhoyok.

BAB IV