3. Bebed, Nyamping, Kain atau Sinjang
2.2.6. Filosofi Batik Tutur
Menurut buku “Ensikopedia seni budaya Blitar, n.d” mengatakan bahwa motif batik tutur saat ini ada 15 jenis, setiap motifnya mempunyai sasmita dan tutur yang berbeda-beda. Semua motif tersebut diambil dari kehidupan pribadinya
dan juga kental akan nilai budaya orang Jawa serta juga menggambarkan kejadian yang terjadi di Blitar seperti letusan gunung Kelud.
1. Batik Tutur Awu Nanas
Sasmita : Kotrang-katring mucuk eri, sluket, rendhet, turu ayub.
Gajah nilas teja. Rerambatan mobahake bledug.
Tutur : Manungsa kuwi kudu paham lan waskitha ngenani sakabehane kedadeyan alam .
Makna : Manusia harus paham dan waspada dengan semua kejadian alam.
Gambar 2.36. Batik tutur awu nanas Sumber : Dokumen Pribadi
2. Batik Tutur Celeret Dubang
Sasmita : Nggajah elar, jejer sardula aswa, sesandingan peksi andulu ula, lelemek klasa gumelar pager sabuk pangider-ider.
Tutur : Pralambange wong gedhe lan santosa. Yen dadi panguwasa tansah tumindaka becik, aja seneng pamer, lan aja gawe sengsarane wong cilik, dadia abdi negara sing becik.
Makna : Tanda-tanda orang sukses dan sejahtera. Jika menjadi penguasa selalu melakukan kebaikan, jangan suka pamer, dan jangan menyengsarakan rakyat kecil, jadilah abdi negara yang baik.
Gambar 2.37. Batik tutur celeret dubang Sumber : Dokumen Pribadi
3. Batik Tutur Cindhe Gadhing
Sasmita : Gajah tumbuk kancil mati, tengah ana cecak nguntal empyak ora kaya dijuju upamane manuk nganti dikempit kaya wade.
Sesawangane katon cepaka sewakul, janma tan kena kinaya ngapa awit jalma limpat sepraprat tamat, aja nganti sinebar kaya beras wutah arang mulih marang takere.
Tutur : Wong tuwa kudu ngerti kuwajibane maring anak. Ibu bisa ndhidhik putrane wiwit isih ana kandhutan. Bapa wajib golek nafkah kanggo nyukupi kabutuhan saben dinane. Wong tuwo lelorone kudu bisa ndadekake manungsa utama ing tembe mburine.
Makna : Orang tua harus tahu kewajiban nya kepada anak. Ibu bisa mendidik putra-putrinya sejak masih dalam kandungan. Bapak wajib mencari nafkah untuk mencukupi kebutuhan sehari-hari. Kedua orang tua harus bisa menjadikan manusi utama di belakang hari.
Gambar 2.38. Batik tutur cindhe gadhing
4. Batik Tutur Galih Dhempo
Sasmita : Thathit ngima ngnuthit, sesingidan nemu macan, ana gajah ngidak rapah, gagak nganggo lare merak, sapa gawe buwana balik? Apa ana jawuh ing sela? Aja dadi emprit ambuntut bedhug! Tangeh ketapang ngrangsanggunung.
Tutur : Panguwasa sing senengane pamer donyane, jabatane, lan kekuwatane iku diarani nerak wawalera dhewe. Panguwasa ngono kuwi isih aji wong cilik kang luhur budi pakertine. Nasibe manungsa kuwi wis kinodrat, mula aja seneng nggedhek –nggedhekake perkara sepele. Aja duwe panjangka sing mokal kelakone.
Makna : Penguasa yang suka pamer kekayaan, jabatan, dan kekuasaannya dikatakan melanggar aturannya sendiri. penguasa seperti itu masih lebih baiki rakyat kecil yang lehur budi pekertinya. Nasib manusia sudah digariskan, makannya jangan suka membesar-besarkan masalah sepele. Jangan memiliki harapan yang tidak mungkin diwujudkan.
Gambar 2.39. Batik tutur galih dhempo Sumber : Dokumen Pribadi
5. Batik Tutur Gambir Sepuh
Sasmita : Embat-embat clarat, gajah lar nir wikara durniti karetna hadi yoga anyangga yogi.
Tutur : Sakabehing pakaryan lan gegayuhan kang becik (luhur) kudu bisa ngemong rasa pangrasa murih bisa kuwat lan santosa. Awit kekuwatane praja (keluwarga) iku mapan ing rasa pangrasa. Jejering
wong tuwo, guru, lan pini sepuh bisa dadi tepa teludha tumrap putra putri. Dimen migunani tumraping nusa lan bangsa.
Makna : Semua pekerjaan tjita-tjita jang luhur harus memiliki rasa saling pengertian agar memiliki kekuatan dan keberhasilan. Karena kekuatan keluarga adalah karena adanya rasa saling pengertian. Orang tua, guru dan pini sepuh harus bisa menjadi contoh bagi putra-putri. Agar berguna bagi nusa dan bangsa.
Gambar 2.40. Batik tutur gambir sepuh Sumber : Dokumen Pribadi
6. Batik Tutur Gobog
Sasmita : Melar jamak sima anggereng-anggereng. Pethit sesingidan gelar emprit ambuntut merak. Tetukone tanpa rega gelem nora pamrih nyanggupi minyak karep.
Tutur : Duwe pepenginan gedhe kuwi becik. Nanging aja sombong jalaran bisa ngilangi kawaskithan. Bisa ngolah pikir lan ngasah rasa. Tumindak bebener iku tan kena diregani, mula aja golek pamrih lan aja mung golek bathine dhewe.
Makna : Memiliki cita-cita itu baik, tapi jangan sombong karena bisa menghilangkan kewaspadaan. Harus bisa mengunakan fikiran dan hati. Berlaku baik tanpa pamrih, maka jangan mencari pamrih dan hanya mencari keuntungan semata.
Gambar 2.41. Batik tutur gobog Sumber : Dokumen Pribadi
7. Batik Tutur Jalu Watu
Sasmita : Asu belang kalung wang, meneng bathok isi bolu, ancik-ancik pucuke eri, aja nggege, arep jamure emoh watange, sinapih cuplak andheng-andheng ora prenah panggonane.
Tutur : Wong katone asor nanging sugih bandha donya lan kebak trapsila. Sakabehe tumindak, pangucap, lan pangrasa iku mujudake kapinteran kang sejati. Migunani maring liyan, ora minteri. Duwea rasa was sumelang yen tumindak luput. Gelem kepenak emoh rekasa iku dudu sipat satriya, mulane kudu di singkiri dimen nemu kamukten lan karahayon.
Makna : Orang yang kelihatannya miskin ternyata kaya dan santun.
Semua perilaku, ucapan, dan perasaan itu mewujudkan kepintaran sang sejati. Berguna bagi orang lain, tidak menipu. Milikilah rasa was-was jika bertindak salah. mau enak tapi tidak mau berusaha bukanlah sifat kesatria, sehingga harus disingkirkan agar menemukan kemuliaan dan kesejahteraan.
Gambar 2.42. Batik tutur jalu watu Sumber : Dokumen Pribadi
8. Batik Tutur Mirong Kampuh Jingga
Sasmita : Keh durga amurung kerta kahanane alesus gumeter, anungkula Bima makutha wayu watak Hyang Kalingga Surya.
Tutur : Akeh penggedhe utawa panguwasa kang ora adil kang njalari rusake tatanan. Watak Bima luhur, budi jujur pakerti kang bisa miradati. Arif Wicaksana, seneng tetulung. Gelem weweh lan sabiyantu mring kang mbutuhake.
Makna : Banyak penjabat atau penguasa tidak adil yang menyebabkan rusaknya aturan. Watak Bima yang berbudi luhur, pekerti jujur yang bisa memperbaiki. Arif bijaksana, suka menolong. Mau memberi dan membantu yang membutuhkan.
Gambar 2.43. Batik tutur mirong kampuh jingga Sumber : Dokumen Pribadi
9. Batik Tutur Mupus Pupus
Sasmita : Ana gadjah alingan soeket teki, adja kaja thathit ngima ngoenthit, tiwas sesingdan nemoe matjan, nadjan ta gagak oepamane gawea lare merak. Adja idhep-idhep nandoer paridjero, adja adji mompoeng doek sandhing geni mengko tiwas nemoe gambret singgang mrekatak ora ana sing ngoendhoehi. Jen nekat takoempamakane enggon weloet didoli oedhet, apa bapa bijoeng koedoe nembak tamboeh tambong lakoe?
Tutur : Para putra-putri lan putue, sira kabeh adja seneng pamer lan adja goemedhe. Betjike, andhap asor lan welas asih miring sesami,.
Niroea ngelmoene pari saja isi tansaja toemoengkoel. Jen sesrawoengan lanang lan wadon koedoe ngerti wates. Terutama pituture bapa bijoeng kang waskitha.
Makna : Anak dan putu, kalian semua jangan suka pamer dan sombong. Sebaiknya, sendah hati dan memilik rasa belas kasih kepada sesama. Contohlah ilu padi semakin berisi semakin menunduk. Dalam pergaulan pria dan wanita harus tahu batas. Patuhilah nasihat bapak ibu yang bijaksana.
Gambar 2.44. Batik tutur mupus pupus Sumber : Dokumen Pribadi
10. Batik Tutur Pedhut Kelut
Sasmita : Rerunget ri ngubengi mosike sato kewan, sesamar singidan gunung menyan. Awu muwur angleyang gegana, tan samar kesempyukwas-wasing rasa. Hyang Widi lebur ing ning nong nung.
Tutur : Saben tumindak becik lan gegayuhan kang luhur iku mesthi akeh sandhungane. Andhepana kanthi tatag. Aja gampang duwe rasa kuwatir, percaya marang pitungane Gusti Kang Maha Kuwasa.
Makna : Semua hal baik dan cita-cita luhur pasti banyak rintangannya. Hadapilah dengan tegar. Jangan gampang memiliki rasa khawatir, percayalah kepada Tuhan Yang Maha Kuasa.
Gambar 2.45. Batik tutur pedhut kelut Sumber : Dokumen Pribadi
11. Batik Tutur Podang
Sasmita : Ana gajah ngadhep, reroncen melati ngebaki rerambatan.
Seleret kumleyang semboja.
Tutur : Dudu mung lelamisan. Rasa tresna, wesan, lan asih, serta aluse budi iku jiwaning biyung marang putra-putrine.
Makna : Baikan hanya basi-basi. Rasa cinta, belas kasih serta kehalusan budi itu manja ibu kepada putra-putrinya
Gambar 2.46. Batik tutur podang Sumber : Dokumen Pribadi
12. Batik Tutur Prumpun
Sasmita : Merak ngider, sima jejogedan.
Tutur : Yen bener ucapna bener nadyan kalang mega peteng.
Urip iku yektine gawe hurup. Watak satriya dadi pestine tuladha.
Makna : Sampaikan kebenaran walaupun sulit. Hidup itu sejatinya adalah bisa berguna bagi orang lain. Milikilah watak kesatria.
Gambar 2.47. Batik tutur prumpun Sumber : Dokumen Pribadi
13. Batik Tutur Simo Samaran
Sasmita : Gegambarane asu gedhe menang kerahe, dumiti karetna adi, embat-embat clarat, nggugah lar, giri lusi janma tan kena ing ngina jaman iku owah gingsur, nir baya nir wikara, obah mamah, yoga anyangga yogi.
Tutur : Pemimpin kuwi kudu pinter, jroning pangucap lan tumindak kudu ngati-ati, bisa ngayomi lan mulyakake kawulane dadia tepa tuladha kang becik. Aja dumeh, luwih becik andhap asor. Tansah elinga lan waspadha, sarta aja lali manembah mring Gusti.
Makna : Pemimpin itu harus pintar, setiap ucapan dan tingkah laku harus berhati-hati, harus bisa mengalami dan mensejahterakan rakyatnya, bisa menjadi contoh yang bsaik. Jangan tinggi hati, lebih baik rendah hati.
selalu ingat dan waspada, dan jangan lupa berdoa kepada Tuhan.
Gambar 2.48. Batik tutur simo samaran Sumber : Dokumen Pribadi
14. Batik Tutur Tanjung Manila
Sasmita : Mung sardula ngiteri aswa, dolanan ula mandi, sesliweran kukila, lemek klasa gumelar, angembang turi dadhap celung abang hurub obor.
Tutur : Yen dadi panguwasa tansah tumindaka jujur lan luhur, aja seneng ngumbar tumindak angkara. Tansah elinga lan waspada, aja ngeremehake wong asor (cilik). Sapa sing ngati-ati bakal nemu slamet sing sembrana bakal nemu cilaka.
Makna : Jika menjadi pengusaha harus bertindak jujur, jangan suka mengubar kebengisan. Harus ingat dan waspada, jangan meremehkan rakyat kecil. Siapa yang berhati-hati akan menemukan keselamatan yang ceroboh akan celaka.
Gambar 2.49. Batik tutur tanjung manila Sumber : Dokumen Pribadi
15. Batik Tutur Winih Semi
Sasmita : Ana catur mungkur, angon mangsa, nyilakne banyu pinerang, golek banyu bening, kudhung godhong gedhang apupus cindhe, gawang-gawang katone, kebo bule mati setra. Ngalor ngidul kawuk ora weruh marang slirane. Wewangunane lahang karoban manis.
Tutur : Patrap kang becik ora gelem ngrungokake rerasan ala.
Sakabehing reribet (masalah) bisa dipecahake sarana paseduluran. Dadi nom-noman aja seneng padudon (tukar padu), ora ana gunane. Aja seneng nggunem alane liyan. Wong bodho aja ngaku pinter lan aja gampang seneng dialembana wong.
Makna : Tingkah laku yang baik tidak mau mendengarkan gosip.
Semua masalah bisa diselesaikan melalui musyawarah. Jadi anak muda jangan suka bertengkar, tidak ada gunanya. Jangan membiarkan kejelekan orang lain. Orang bodoh jangan mengaku pintar dan jangan gampang suka dipuji orang.
Gambar 2.50. Batik tutur winih semi Sumber : Dokumen Pribadi