• Tidak ada hasil yang ditemukan

Garèng dènnya lumayu/ malbèng pasawahan tan kadulu/ ingkang potangsaking doh samya balangi/ sirah Garèng nora luput/ kêna

Dalam dokumen SERAT PARTADEWA (Halaman 54-58)

balang cêplascêplos// [91]

47. Ya ta sang among gandrung/ sirna pêpêtêng ruwêting kalbu/ kunêng wontên ingkang kawuwusa malih/ sinimpên têmbange gambuh/ durmarangsang kang gumantos//

~ PUPUH XV ~ D U R M A

1. Kawarnaa sribupati ing Gumiwang/ sakundurira saking/

Batanakawarsa/ sangêt cuwaning driya/ cinarita tigang ari/ kadya kantaka/ atajin dhahar guling//

2. Ingkang mangka sandeyaning driyanira/ ing karsa bok tinampik/ de sirnaning mêngsah/ tan mawi sarana prang/ marmanggung sumpêking galih/ mung Dahyang Druna/ kang anggung bêbolèhi// 3. Ya ta wau wusing sirna duka cipta/ enjing miyos tinangkil/ anèng

pasanggrahan/ pêpak punggawèng ngarsa/ kang cakêt kya patih kalih/ tan lyan sinabda/ mung dènnya cuwèng galih//

4. Tan pantara ing jawi swara gumêrah/ praptaning catur mantri/ kang pinatah têngga/ kutha Cintakapura/ sigra tinimbalan aglis/ kapat wus prapta/ ngarsaning sribupati//

5. Angandika Sang Prabu Suryaanggana/ mring punggawa kang prapti/ hèh pagene sira/ mulih dudu karsèngwang/ tan karana sun timbali/ manawa ana/ karya kang angluwihi//

6. Ya ta matur manêmbah catur bupatya/ pukulun sribupati/ pramila kawula/ mundur saking pajagan/ wontên sinatriya prapti/ saking aldaka/ Kelasawarna giri//

7. Ingkang apanêngran Bambang Partadewa/ atmajaning maharsi/ Sang Kilatarupa/ prapta jujug jro pura/ kawula dipuntimbali/ kang abdi sowan/ sakanca malbèng puri//

8. 8)Amba lawan kanca sami dhinawuhan/ makatên kang wê-

[92]wêling/ wis padha muliha/ ingsun kang ngrêksa praja/ sun iki mitra sapati/ lawan Pandhawa/ dudu karyamu yêkti//

9. Matura mring gustimu Si Suryanggana/ dene kongsi mungkasi/ aturing punggawa/ sigra narik musala/ kapat punggawa binabit/ dening musala/ kapat sirah gumlinting//

10. Sinampar ing suku sirah kapat mêsat/ tibèng glundhung tiba têbih/sigra Satrutama/ nyandhak gêmbung punggawa/ ginèrèt mêdal ing jawi/ ya ta sang nata/ dukane tan sinipi//

11. Angandika marang Gajah Antisura/ sira dangdana aglis/ lawan anggawaa/ prajurit sawatara/ kêpungên Cintakapuri/ lawan miliha/ bocah buta kang bêcik//

12. Buta mangka pangarêping lakunira/ nanging sira ywa kongsi/ wani malbèng praja/ dene ing karyanira/ bok Si Partadewa mijil/ têka jro pura/ iku sun kuwayani//

13. Lakunira yèn kapranggul trah Pandhawa/ aja nganti sumingkir/ bandanên awya wal/ yèn budi patènana/ mrênaha papan kang bêcik/ sun dhewe seba/ mring rama sribupati//

14. Sigra mundur Gajah Antisura/ sapraptanirèng jawi/ miji kang punggawa/ buta wusnya siyaga/ mangkat buta andhisiki/ sang nata budhal/sumiwa ing rama ji//

15. Duk satêngah dina lampahe ki patya/ panganjur ingkang yêksi/ myatingkang sujanma/ lèrèn ngisor mandera/ buta gêbayan nulya glis/marpêki arsa/ têtanya kang lumaris//

16. Kunêng ditya wuwusen Partatênaya/ lèrèn sor man-[93]dera sri/ lankawan têtiga/ myarsa swara kêmrêsêg/ lan mambu gandaning yêksi/18)sigra rahadyan/ jêjagan abêbiting//

17. Abêborang nglumpukkên prajuritira/ têpung ngalang

ngubêngi/ngisor myang gêgana/ Bimanyu wus kajiwa/ mring

Hyang kangmisesèng bumi/ nahên saksana/ yêksa kèh

andhatêngi//

18. Pangarêpe yaksa pun Kala Prêmeya/ kang akèh jagèng wuri/ sang yaksatêtanya/ babo sapa ranira/ lan apa karyamu dening/ liwat nglêngkara/ lumaku marang margi//

19. Anauri Bimanyu sun Partasuta/ sira buta ing ngendi/ lan sapa ranira/ tingkahmu gora godha/ kang tinanya anauri/ sun buta dêmang/ ayer ngiras pulisi//

20. Sira apa sêntananing wong Pandhawa/ ngakua aja mukir/ yèn sirabêlaka/ dak-ganjar lungguh dêmang/ ngiras dadia gêlidhig/ Bimanyunabda/ sun putra Pandhusiwi//

21. Kaponakan dening narpati Pandhawa/ arêp apa siranjing/ wil Prameyalatah/ kalingane ta sira/ bêburone gusti mami/ andadak minggat/ mring êndi gonmu ngungsi//

22. Angungsia mring têlaking sang nagendra/ tuwin ing Suranadi/ mangsa ta wurunga/ kêcanthil nyawanira/ lah nuruta sun talèni/ Bimanyu mojar/ sira buta pêkathik//

23. Kewan alas padhaning jêjinisira/ tan mawang myat sujanmi/ sun baguswarata/ sakojur tanpa cacat/ rupamu pating bêsasik/ pantês mung mangan/ bê-[94]buron ukur cacing//

24. Krodha nyandhak suligi Kala Prameya/ Bimanyu kang binabit/ sumêbut akebat/ Partatanaya oncat/ kinayang dènira babit/ antuk landhêsan/ yêksa lir ginalintir//

25. Tiba klumah yaksa sru angathang-athang/ Petruk kêbat nututi/ mripate Premeya/ cinocok ori carang/ yaksa anggung gobag-gabig/ tangi narajang/ tumandang mung andèrpati//

26. Netra wuta anggung numbuk gora rupa/ ginuyu dening yaksi/ yêksa wira mangsah/ têlu barêng tumandang/ kinarubut Partasiwi/ dening tri yaksa/ tinubruk nganan ngering//

27. Radèn Jayênggati tan kewran ing solah/ kinarubut ing yaksi/ anapuk andugang/ nampiling nêbak jêjak/ saya kèh yaksa ngêmbuli/ sigra rahadyan/ trêngginas anarik kris//

28. Ditya ingkang ngarubut sinrang gumlimpang/ kagarut ganja mati/ Bimanyu malumpat/ mamrih papan kang padhang/ sigra amusthi jêmparing/ kang narawantah/ lumêpas mring wiyati//

29. Kêthèn wendran bêlêg sumawur ngawiyat/ tibane lir garimis/ sêrsêg tumpa-tumpa/ nibani kang raseksa/ ting gulimpang bangkening wil/ atumpa-tumpa/ kang mlayu dèntututi//

30. Sayêkti doh de rosaning kang [95] panawa/ wuwusên kyana patih/ têtindhih ing wuntat/ senapati manungsa/ manggala pangirit baris/ Sang Antisura/ kanggêg dènnya lumaris//

31. Buta ndhêlik ing êrong tinuding panah/ ting talêsêp ngulati/ kacandhak tinanam/ mung busêk gumalimpang/ panah baut mandi-mandi/ upama udan/ binuncang dening angin//

32. Sayêkti doh de rosaning kang [95] panawa/ wuwusên kyana patih/ têtindhih ing wuntat/ senapati manungsa/ manggala pangirit baris/ Sang Antisura/ kanggêg dènnya lumaris//

33. Myarsa swara gumuruh gora gurnita/ kadya manêngkêr langit/ sumiyuting wrêksa/ ron kabur kamarutan/ tan dangu udan jêmparing/ adrês ing wiyat/ nibani kang prajurit//

34. Wus anyakra Patih Gajah Antisura/ yèn wadya wil ing ngarsi/apranggulan kang/ satêmah wawan ing prang/ garjita rêkyana patih/ sigra amênthang/ panulaking jêmparing//

35. Musthi ingkang bramastra nyandhak wisesa/ minantra wus umijil/ dahana angalad/ sungsun atumpa-tumpa/ dalêdêg wijiling hakni/ kumantar-kantar/ wrêksa wana kabêsmi//

36. Kang sanjatanira wantah sirna gêmpang/ pinangan sanjata hagni/ kagyat Partasuta/ myat prabawa dahana/ sukèng Dyah Jahnawisiwi/ èngêt kataman/ cobaning sang maharsi//

37. Ingkang eyang Begawan Jayawilapa/ tambah sudirèng galih/ sigra- sigra nyandhak laras/ ingkang panah warayang/ mênthang langkapnya gumêrit/ tumêngèng wiyat/ sanjata mijil angin//

38. Gumaludhug prahara gora sinêrang/ bayu bajra tumindhih/ kèh patih sulaya/ wrêksa rubuh kaharah/ bramastra kabuncang angin/ hruning warayang/ sumêbut mobat-mabit//

39. Sumpêk nampêk kapalêpêk wadya sabrang/ gègèr lumayu ngisis/ ngungsi senapatya/ Ki Patih Antisura/ têtêg tan nêdya gumingsir/ Bi-[96]manyu sigra/ marpêki senopati//

40. Asta kiwa wiraga ngasta kang langkap/ têngên Hardhadhedhali/ alon atêtanya/ hèh sabrang ranmu sapa/ sikara nyidra ing jurit/ apa wus adat/ tan parikramèng jurit//

41. Kagyat mulat mring bagusing radyan putra/ gèdhèk-gèdhèk ki patih/ gung angunjal napas/ nyakra dudu manusa/ groyok dènira nauri/ yèn tambuh mring wang/ ing sabrang sun pêpatih//

42. Raningsun Patih Gajah Antisura/ taliti sutèng patih/ marmèngsun labuh prang/ jêr buta kancaning wang/ sapa aranmu wong sigit/ manawa sira/ jawata pindha janmi//

43. Anauri ingsun putra Madukara/ satriya Plangkawati/ Bimanyu raningwang/ ya Arya Partasuta/ atmaja surayèng widhi/ Hendratanaya/ Badra siswa ya mami//

44. Apèparab kyatingrat Jahnawisuta/ Pamadyasuta mami/ Sang Arjuna Weka/ Tenaya Widasmara/ atmaja Prabu Kalithi/ prawinaning prang/ Suraya andon rêsmi//

45. Kadangingsun putra waranggana Surendra/ kabêh nêmbah ing mami/ Patih Antisura/ malongo duk miyarsa/ nauri gumuyu ngikik/ asugih aran/ tumpuk atumpang tindhih//

46. Lah nututa wong bagus sira sun gawa/ milih mring praja mami/ ywa nganti kawêngan/ ing gusti srinarendra/ rabènana anak mami/ punjul sapraja/ têmbe dadia patih//

47. Lurah Sêmar matur mamrih tumulia/ matêmpuh ing ajurit/ nyêmpal pang mandera/ pinanduk kêning jaja/ kagyat Antisu-[97]ra narik/ curiga nrajang/ Bimanyu pinrang kêris//

48. Wanti-wanti panggocone kyana patya/ Bimanyu datan busik/ gigir lambung jaja/ jimpe rêkyana patya/ kang curiga gurèwèli/ akon malêsa/rahadyan narik kêris//

49. Kalanadhah ki patih jaja kataman/ gumêbruk wus ngêmasi/ sigra pra punggawa/ wruh lurahe palastra/ gumrubyuk têmbang ginanti/ durma sinimpar/ pangkur ingkang gumanti//

~ PUPUH XVI ~

Dalam dokumen SERAT PARTADEWA (Halaman 54-58)