• Tidak ada hasil yang ditemukan

PUPUH IX ~ DHANDHANGGULA

Dalam dokumen SERAT PARTADEWA (Halaman 32-37)

1. Tan winuwus lampahing kang baris/ kawuwusa wong Praja Ngastina/ kang pêrak marga wismane/ kèh samya andêdulu/ untabing kang baris lumaris/ dêlêdêg tanpa kêndhat/ sawênèh

kang wêruh/ untabing prajurit sabrang/ akèh ingkang tutup lawange kinunci/ jrih solah gora godha//

2. Ya ta ingkang kawuwusa malih/ pandhita ing Wukir Saptaarga/ ing Martawu pratapane/ trahing Hyang Brama Wisnu/ tan ingucap uruting ngluri/ ing carita rinupak/ mung kang dadi catur/ panêngraning kang pandhita/ Rêsi Krêsnadipayana lawan malih/ Bagawan Abiyasa//

3. Apêparap Palasarasiwi/ pandhita trang anetra bathara/ jinurung barang ciptane/ kang durung mijil wus wruh/ lan winêca bakal baboni/ ing rat Jawa satêrah/ ing sabrang kinumpul/ wungu tyas Dipayana/ katêdha-[55]kan Hyang Wisesa amêmisik/ ing purwa myang wasana//

4. Wusing purna wisiking dewa di/ nulya sêmedi Sri Dipayana/ anglela trang pamawase/ luwaraning panêkung/ pan sakala musna sang rêsi/ nunggal mring pinangkanya/ tan ngrika tan ngriku/ ya kabèh ya Dipayana/ wus kinumpul cipta rasa dadi siji/ ginulung kang bawana//

5. Ya ta sanalika wus anunggil/ nata Pandhawa Sri Darmatmaja/ sirna

mulih mring purwane/ sakadang garwanipun/ saisining

Cintakapuri/ wêwêngkon jroning kitha/ kabèh sirna gêmpung/ bêburon siji tan ana/ kari wadhah isine kabèh wus mulih/ mring jaman kalanggêngan//

6. Yèn ujaring wong kang ahli tèki/ larangan yèn ingucap sumewa/ mudharake bêbundhêlane/ paranta yèn winuwus/ nganggo seba Hyang Udipati/ miwah kang amisesa/ dating sira iku/ marêm lamun winasesa/ yèn karêpe sastra boya jajar carik/ mung ngumpul miwah nunggal//

7. Kunêng muksaning Sri Pandhawa ji/ kabèh isining Praja Ngamarta/ Sang Biyasa sudibyane/ karya sasmita samun/ ana ingkang galagah langking/ tuwuh ing Balekambang/ gandanya rum marbuk/ akêmbang rêtna sumunar/ ujwalane surêm Hyang Pratanggapati/ mênuhi tri bawana//[56]

8. Lan tan ana swara kang kapyarsi/ kêkayon gung tan ana kukila/ kupu kinjêng ilang kabèh/ tirta minane suwung/ mung pangliking jagat kapyarsi/ pindha karunaning dyah/ angrês-rêsi kalbu/ winasesa tanpa sesa/ mangsa naa wong myarsa mung winitawis/ lendhe mangsa bodhoa//

9. Kang miyarsa caritaning tulis/ sampun duka dhatêng kang ngrumpaka/ endah punapa èstune/ wong juru tulis gunung/ rak alane wong duwe abdi/ kêmaruk ajang klapa/ kawruhe paruthul/

prayogane mung sapala/ de tan sêdya winêntar lyaning sujanmi/ mung rinasuk priyangga//

10. Kadya taman kocape ing ngarsi/ têmbung nalika Sri Dipayana/ katêdhaka jawatane/ mung mrih prayogeng têmbung/ êndi ana Hyang Udipati/ anganggo têka lunga/ dene kaya dhukun/ satêmêne iku layak/ nalikane sang rêsi nungku sêmedi/ sirna Sri Dipayana// 11. Sirna têng pundi ênggène ngalih/ sirna satuhu sarira tunggal/

kumpul kêmpêl sayêktine/ tuwin ucape wau/ Dipayana nganggo diwisik/ bisikan ajêng napa/ kapyarsa nyalimut/ kang satuhu Dipayana/ tanpa karna nanging pamyarsa tan gêmpil/ sèwu wong binisikan//

12. Tanpa lidhah Palasarasiwi/ pamuwuse lir gêlap nêm kirna/ cêtha tan pelo wuwuse/ tanpa netra sang wiku/ sabuwana nglela kaèksi/ bok won-[57]têna punapa/ mas Biyasa gih wruh/ ingsêpe tanpa gêrana/ panggandane sajagad niki katiyubing/ anggêpe wasis wijang//

13. Elo gih mas sampun salah tampi/ botên gruwung Rêsi Dipayana/ saès dènkapitan wanèng/ êmpun maneka banjur/ sakarsane gène mastani/ botên sasriking manah/ lo mas yêktosipun/ mung ampun kenging gêpokan/ kadursilan niku mas sing kula puji/ manjing mawon lak nêdha//

14. Kawuwusa sang srinarapati/ ing Gumiwang sangsaya wus pêrak/ pan binantêr ing lampahe/ tan kandhêg rintên dalu/ kang kamargan wong desa miris/ jrih samya ngili marang/ jurang miwah gunung/ rajakaya tinuntunya/ malbèng wana gumrumung swaraning tangis/ rantab lampahing janma//

15. Enêngna sangsaraning wadya lit/ natèng sabrang praptèng jaban kutha/ kanggêg manguning driyane/ myat ngiwa nêngên suwung/ nora myarsa swaraning janmi/ bêburon rajakaya/ sêpi tan kadulu/ pangumbaran jroning kandhang/ lan tan ana swaraning sata lan pêksi/ cuwa tyasnya sang nata//

16. Saya nêngah ngambah jroning nagri/ sinalasah sang nata parentah/ wisma linebonan kabèh/ wonge nora kadulu/ gêdhong-gêdhong binukak sêpi/ wadhah kèh ginaledhah/ anggalodhang suwung/ isine kabèh tan ana/ inêbing kang lawang tan ana kinunci/ bingung tyas srinarendra//

17. Taksih manggung gègèr munggèng èsthi/ kyana patih anung- [58]gal saplana/ sang nata lon andikane/ eyang paran ing kayun/ luwih anèh lakon puniki/ manira boya duga/ Sangkuni lon matur/ sinuwun watawis kula/ muwung ingkang janma ngalêmpak mring puri/ sumiwi ing sang nata//

18. Ing kaparênging karsa sang aji/ sinêngkakna lampahe kang wadya/ lan kinêpungan purane/ saking watawis ulun/ sang aprabu Cintakapuri/ wus tan sumedya lawan/ jrih prabawèng prabu/ giris myarsa gunging wadya/ nanging wontên watawis kawula malih/ wontên purwaning lingga//

19. Jêr Pandhawa sawung kang upami/ mangka ing mangke botohe minggat/ tan wontên kang nandhingake/ ngandika sang aprabu/ kadi pundi ngangge tinandhing/ Sêngkuni ngoso mojar/ sumangga sinêrung/ bok mênawi sêlak minggat/ dyan sang nata pun dewadaru ginitik/ anggrêng jumangkah rikat//

20. Sawadyane pinêlak umanjing/ praptèng jawi lun-alun pamedan/ sang nata gêla ing tyase/ kanggêg tyas kapirangu/ lir kagêman kacuwèng rêsmi/ mêdhun saking dwipangga/ dharat sang aprabu/ nênggêl mangidul lampahnya/ ngalun-alun paglaran tan ana kang nangkil/ minggah mring sitibêntar//

21. Suwung gomblang sang nata lumaris/ wus angancika praptèng palataran/ balinguh ing paningale/ janma myang swara suwung/ têbah jaja srinarapati/ sêsèndhèn wit drêsana/ gandrung amangkung/ kawangwang kusumaning [59] dyah/ salin cipta ngrêrêpa sabda rum manis/ dhuh intêning Gumiwang//

22. Gambiring rat sadhat wisa mandi/ wrêksaning ron kang pindha tyas kamal/ karya gêla wêkasane/ manabda ing ngaluhur/ Minak Luyubraja ing ngarsi/ Kramasarana aprang/ mrih bêdhah praja gung/ wêwalêrtumraping sastra/ tyas kacuwan saha kang pinurih jurit/ wurung nêmbramèng sira//

23. Sakala èngêt srinarapati/ sigra manjing mring jro prabasmara/ jinajah mring saubênge/ gêdhong-gêdhonge suwung/ sakèh wadhah wus tanpa isi/ mring kêbon lêlangenan/ tan ana kadulu/ Patih Gajah Antisura/ Satrutapa sarêng prapta awotsari/ lon matur ing sang nata//

24. Dhuh pukulun sang srinarapati/ kawula wus jajah jroning praja/ èstu tanwontên banèke/ Sêngkuni lon umatur/ padukanggèr kataman ing sih/ saking eyang paduka/ Dhêstarata wiku/ miwah kang para pandhita/ rintên dalu tansah dènira sêmedi/ mangayu- ayu bagya//

25. Estu ampuh sabdaning maharsi/ ing sirnane pun nata Pandhawa/ lan isining praja kabèh/ pinulung kinakêcut/ de mitrane Sang Hyang Pramuni/ inggih Bathari Durga/ jêr pun Pandhèwèku/ sinihan pinutraputra/ kados-kadosing dêdugi botên têbih/ marma jêng srinarendra//

26. Sampun dhahat sungkawaning galih/ jêr drubiksa ajrihing linila/ sang nata lon andika-[60]ne/ hèh patih ro sirèku/ ingsun mundhut dayanireki/ prayogane linakyan/ kya patih umatur/ anjawi karsa paduka/ tinilara yèn tinêngga tanpa kasil/ dêduka tanpa lawan// 27. Mung tinêngga acatur bupati/ lawan prajurit mung winatara/

pratandha kagêm prajane/ ing têmbe yèn wus katur/ ing ramanta srinarapati/ sakarsaning sang nata/ jêr paduka sampun/ anglampahi ing karyèndra/ lan kabêgjan tanpa prang rajane anis/ wus manjing dhatulaya//

28. Namung sêrike gusti sakêdhik/ pundi ingkang winastan jayèng prang/ dene tanpa panrêngane/ rajane tan kapikut/ jêjarah têtawan sêpi/ katujune ki lurah/ Plasapita tumut/ ngêngondhangi ing paduka/ mangka sêksi bêdhahing Cintakapuri/ ing solah wus kapriksan//

29. Lipur dukanya srinarapati/ wus ngundhangan lir ture kya patya/ amaju pat pabewake/ pinilih ingkang tugur/ bupati kang prawira sêkti/ nyatus prajurit dharat/ tur samya gul-agul/ risaksana srinarendra/ wus anitih dwipangga lawan Sêngkuni/ kêbut sawadyanira//

30. Beda lawan angkate sang aji/ rêrikatan ing mangke lon-alonan/

mandhêk mayong kêrêp lèrèn/ mung agung kapirangu/

amirangrong saya ngranuhi/ munggèng rêngganing liman/ gandrung amangungkung/ manguna-[61]ndikèng wardaya/ kaya paran ing karya lamun tinampik/ suka matiyèng paran//

31. Dhuh saiba ucape wong cilik/ yèn sun muliha Praja Gumiwang/ nora katon dhèncèng-dhèncèng/ kusuma wadung pantun/ prajurit prang anggung kalindhih/ dhahat anganiaya/ nora milu kondur/ tan sae myat ing sujanma/ puput jiwa bêdhug têngaraning jurit/ kataman matyèng rana//

32. Saya liwung tyasnya sribupati/ sru kacuwan tan linawan ing prang/ tambuh-tambuh wiyogane/ mèh tan panon sang prabu/ anggulèyèh luhuring hèsthi/ gupuh Kya Patih Soman/ rinangkul sang prabu/ Patih Gajah Satrutapa/ amrêpêki matur mring Arya Sangkuni/ kados pundi ki lurah//

33. Yèn kalawan pinujuning galih/ wayah paduka srinaranata/ prayogi kinundurake/ supados lêrêmipun/ liwunge tyas antuk panggalih/ nèng Dhukuh Sokalima/ kataman ing wuruk/ ing Sang Dhahyang Kumbayana/ mung ki lurah ngaturna lampah puniki/ mring jêng srinaranata//

34. Pinujune ki lurah pinaring/ mangka pamomong wayah paduka/ dhuh lurah paran dadose/ tan bodho sang aprabu/ anauri Arya

Sêngkuni/ kulup iya prayoga/ ngong61) iya miturut/ wus mudhun saking wahana/ nyengklak kuda kundêr lampahing turanggi/ dadya sowang-sowangan//[62]

35. Kacarita Dyan Arya Sangkuni/ wus tumamèng ngabyantara nata/ katur kabèh pratingkahe/ lan undure sang prabu/ ing Gumiwang dhahat prihatin/ sang nata myarsa eram/ kunêng kang winuwus/ kang Kahyangan Cakrakêmbang/ Sang Bathara Kamajaya lawan sori/ Dêwi Ratih wranggana//

36. Sang bathara angandika aris/ kaya paran wartane rinira/ têka jênak panunggune/ mukti anèng swarga gung/ siniwi mring pra widodari/ baya tan eling marang/ kang kari nèng dunung/ mokal yèn tan kawangwanga/ ing Cintakapura rinubiru dening/ raja têka ing sabrang//

37. Ing samêngko yayi sribupati/ lan sagotra ing Cintakapura/ sinimpên trêtib ênggone/ praptaning ratu mungsuh/ tan umiyat janma sawiji/ isi wadhah binerat/ têkan sato suwung/ umatur dayita dewa/ yèn makatên prayogi sêkar sinalin/ kang sae salobongan//

~ PUPUH X ~

Dalam dokumen SERAT PARTADEWA (Halaman 32-37)