• Tidak ada hasil yang ditemukan

PUPUH XXI ~ ASMARADANA

Dalam dokumen SERAT PARTADEWA (Halaman 75-79)

1. Sri Baladewa lingnya ris/ mring ari Narendra Krêsna/ kaya paran wekasane/ tanya [124] tur bêdhahing praja/ lan jêngkare rinira/ ing Pandhawa kang wus murut/ puluh-puluh kaya ngapa//

2. Sun iki tuntunên yayi/ dènkaya bocah tratèan/ prayogane kang linakon/ trêsnèngsun maring Pandhawa/ ubayaning wardaya/ jagad nêksèni wuwusku/ yèn kongsi cidrèng ubaya//

3. Pandhawa kataman janji/ mulih kabèh mring kamulyan/ sun mung binarêngna bae/ mangka pura ing Cintaka/ ana trêsna Nangkula/ ngungsir wong sabrang kang ngrêngkuh/ papat bupati miruda// 4. Lo mung iku yayi aji/ kang dadi kodhênging driya/ ya saking

tyasingsun bodho/ mung kang aran Partadewa/ sih têmên amêmitra/sêmono anggone labuh/ sokur kalamun lulusa//

5. Bok loro-loro ing pikir/ luru êncik olèh babah/ anêlabung pamurihe/ lêgine wong ngêmut gula/ eman yèn linêpeha/ lan mênawa yayi prabu/ wus wruh gone amêmitra//

6. Yayi ing Cintakapuri/ lan kang aran Partadewa/ ngong durung wruh salawase/ umatur Sri Padmanaba/ lamun ari paduka/ ing Cintakapura prabu/ arêmit sabarang karsa//

7. Sang Arjuna anambungi/ umatur mring Padmanaba/ mung

sakêdhik ing lepate/ saking pamanah kawula/ dadak nis tilar praja/ punapa inggih ta sampun/ kantenan sor ungguling prang//

8. Pocapane dèrèng busik/ têka lajêng tilar praja/ dahat damêl bingunging wong/ Sêmbadra nolih ing garwa/ sarwi lon aturira/ sintên kang wit damêl bingung/ dadak anutuh mring [125]

kadang//

9. Milane kula kapati/ anrangbaya nêmpuh ing byat/ kang minihi gih slirane/ kang raka masa bedaa/ mila nis tilar praja/ nglalu tinilar sadulur/ nglawana prang mêsthi kalah//

10. Kêrêngan seje pinikir/ duwea aji sagrobag/ parak yêktine kêlalèn/ pundi margane jayèng prang/ aluwung ngocatana/ kêdhungsangan sing anusul/ sing disusul ngenak-enak//

11. Kok baut têmên ngarani/ wong slirane ingkang murwa/ gawe bingunge wong akèh/ Krêsna nolih mring Sêmbadra/ sarwi nyalênthik pundhak/ ngandika sarwi mrêngut/ kok sing-sing kang winicara//

12. Arjuna gumujêng ngikik/ sarwi bêksa lincak-lincak/ ngiwi-iwi melatmelot/ sang rêtna rêngu mring garwa/ nyuklèk pang kayu pilang/ ginêpyok pungkuranipun/ Parta dèngkèng sarwi milar// 13. Pungkuran kathah tatu ri/ ngêsas-ngêsês Sang Arjuna/ mingkar

nêbih ing lampahe/ kunêng gantya kawuwusa/ kang nèng Nagri Ngastina/ Duryudana sang aprabu/ enjing wus miyarsa warta// 14. Praptaning Arya Sangkuni/ sang nata mijil mandhapa/ nulya mijil

pawongane/ ingkang kinon nimbalana/ mring Dahyang

Kumbayana/ lawan Arya Sangkuni wus/ kalihe praptèng

ngarsendra//

15. Cakêt dènira alinggih/ sang nata lon angandika/ paman matura dènage/ paran laku pakênira/ lan kakang ing Ngawangga/ têka tan barêng sirèku/ lan apa margane pisah//

16. Umatur Arya Sangkuni/ [126] anggèr sang srimaharaja/ lampah kawula wiyose/ dinuta mangka kêkondhang/ ing raka jêng paduka/ Basusena sang aprabu/ mring Nagri Cintakapura//

17. Sayêkti sampun pinanggih/ lan kang nama Partadewa/ pinanggihan jro kadhaton/ sinugata warna-warna/ sangkêp kang sêsêgêran/ dhatêng kawula pukulun/ sampun miranti sugata//

18. Duk raka paduka prapti/ panêmbramane prayoga/ andhap alus wicarane/ nor raga amêlas arsa/ dènira amèt prana/ kadi nilakramèng wiku/ amanis wijiling sabda//

19. Sawusnya sami pambagi/ raka paduka Sri Karna/ dhawuhkên timbalan katong/ sabda paduka tan gethang/ malah gung pamriyoga/ têlas wijiling pamuwus/ tumuntên Sang Partadewa// 20. Ngangsuli timbalan aji/ amanis wijiling sabda/ rèrèh netya sumèh/

sinuhun kawula eram/ pan botên gung-gung mêngsah/ umatur sayêktosipun/ ing naya tan mantra-mantra//

21. Tampi dêdukèng narpati/ srêng sabdaning kang dinut/ yêktining pratingkah awon/ bok inggih mawi kwatgata/ ing netya cêlum miwah/ kabranang hardaning kalbu/ têtêg tanggon ing pangucap//

22. Makatên dènnya mangsuli/ rubaya dhatêng katêdha/ pangandikane sang katong/ paring pangèstu mring amba/ kang murih ing kamulyan/ kawula sangêt pangêmbun/ matamaning jiwa angga//

[127]

23. Namung sabdaning ing wuri/ kawula kataman tarka/ darbe manah melik ing don/ mêngku nagri ing Ngamarta/ punika amangkana/ êmbok inggih sang aprabu/ sampun mawi hardalepa//

24. Rubaya pangraos mami/ sang nata tan kêkilapan/ saobah osiking kang wong/ wondene saking kumêdah/ minihi ing dêduka/ punika mêdal ing catur/ adrênging manah kawula//

25. Milamba purun ngêkahi/ praja ing Cintakapura/ wit Puntadewa sang katong/ tuwin sagotra Pandhawa/ mitra sae kalayan/ tanpa dosa mitra ulun/ sinikara mring wong ing sabrang//

26. Marmamba tan nulungi/ pikajêng srinaranata/ Ngastina jêr sadhèrèke/ pantês lamun mrinanana/ satêmah tinêmaha/ awrating arsa amêngku rat Jawa siniwèng raja//

27. Sinuhun dènnya ngangsuli/ mring sang dipati Ngawangga/ dadak mèsêm pamuwuse/ ngrêrogoh kang jroning guwa/ tan mawi winaranan/ tumanduk ing tyas cumlêkut/ raka paduka sru duka// 28. Duk arsa ngasta nak aji/ kumlawe lêngên cinandhak/ kang katuju

gêlugêle/ kinipat malêsat têbah/ enggaling tur kawula/ raka paduka sangprabu/ mêdalkên sudiraning tyas//

29. Krodha wangkingan tinarik/ wanti-wanti panggoconya/ wangkingan malêndho mleyot/ Parta atadhah lêgawa/ sarwi mèsêm ngujiwat/ Kurawa ambyuk têtulung/ kenging ing pa-[128]ngaribawa//

30. Têmah salah ing pangaksi/ udrêg ulêng sami rowang/ sami liwung ing krodhane/ dangu samyambruk ing papan/ anak Dipati Karna/ kantaka satêngah lampus/ mundur sarwi rinarampa//

31. Marma pun kakang dipati/ ing Ngawangga tan sumiwa/ wit sangêt ing kantakane/ ing mangke kula sumangga/ pun bapa tadhah duka/ lêgêg ing tyas sang aprabu/ ngandika mring Dahyang Durna//

32. Nêdha bapa kadi pundi/ sintênta ingkang prayoga/ anutugna ing karyane/ kakang Narapati Karna/ umatur Dahyang Durna/ anjawi karsa sang prabu/ yèn pamanggihe pun bapa//

33. Lamun linawan ing jurit/ dènbyuka tiyang sapraja/ tanpa damêl sayêktine/ ing ngajêng sampun nuladha/ kasore pra Kurawa/ padudon lan rowangipun/ ing wingking mangsa sandeya//

34. Wong lêksan banting-binanting/ prasasat karya klangênan/ tuwas ngunggar tyasing mungsoh/ ngandika srimaharaja/ bapa mangsa bodhoa/ prayogane kang tumanduk/ lêlawan lan Partadewa//

35. Lumawana ing ajurit/ awya nganti mindho karya/ punapi wayahe dhewe/ anak prabu ing Gumiwang/ gumuyu Dahyang Durna/ sarwi lon dènnya umatur/ dhuh-dhuh adhuh prabuningwang//

36. Pun bapa botên ngilani/ dibyane pun Suryanggana/ têmên langkung lan pra katong/ ananging linêbêtêna/ ing duking Partadewa/ prasasat rêncêk katunu/ sulung malêbèng tumangan// 37. Kawula myarsa pawart-[129]i/ sêsumbaring Partadewa/ ing manah

kathah karaos/ dhukuhe Kilasawarna/ putra Kilatarupa/ punika pêtênging kalbu/ twin pangintêne pun bapa//

38. Awrat sinanggi ing jurit/ marma yèn parênging karsa/ klilana kawula mangke/ badhe yêktoskên kewala/ warana myang solahbawa/ upami tiyang dêdumuk/ latu kang munggèng tumangan//

39. Miwah anyabrang bênawi/ pun bapa anjajag-jajag/ cêthèk utawi lêbête/ yèn saupami pun bapa/ èstu sagêd lumawan/ kawula mrih saking alus/ punika manawi pasah//

40. Angandika sribupati/ hèh bapa ing Sokalima/ ing pratingkah mangsa borong/ manira pan wis pitaya/ bapa mring pakênira/ miwah marang kaki prabu/ mung sauga kêlakona//

41. Umatur Durna maharsi/ pukulun srinaranata/ mung pangèstu paduka nggèr/ mugi pun bapa sagêda/ malês sih jêng paduka/ Dahyang Durna sigra mundur/ sang prabu kondur ngadhatyan// 42. Laju sowan nata rêsi/ umatur karyaning Karna/ ing sasolah-

solahing wong/ ngungun Prabu Dhêstarata/ nahên lampahing Durna/ saking panangkilan mundur/ praptèng Dhukuh Sokalima// 43. Lan kang garwa wus kapanggih/ Rêtna Karpini lan Arya/ Karpa

Swatama rowange/ awit kang surya giniwang/ sadalu pagunêman/ ya ta ing wanci mèh bangun/ gumrah swaraning kang sata//

44. Kumrusuk swaraning paksi/ Dahyang Durna wus umangkat/ mung Aswatama rowange/ eling tyase [130] Kumbayana/ aji jaya maruta/ winatak sakala mamprung/ ing lampah kadya pawaka//

45. Mung sawatara wus prapti ngambah jajahan Ngamarta/ linêrêm- lêrêm lampahe/ samarga awirandhungan/ lumampah lawan muja/ pujane maruta sunu/ muga hyang miji misesa//

46. Anglilanana pun patik/ buwang wong murka candhala/ sagung titah ing hyang manon/ byar rahina kawatgata / myat srining pasawahan / kèhing wong padesan mêtu / gawa pirantining karya//

47. Baskara lumampah wukir /sakala ana maruta / umung gumuruh swarane/ barat angirit jalada/ pêtêng ing sanalika/ prapta udan awor lesus/ kèh wrêksa kombul kabucang//

48. Durna saliranya atis/ anggung dhêrodhog wel-welan/ monyor- monyor sêsambate/ kinêkêp dening Swatama/ lumaku taruntunan/ lir wong dhèmpèt èsthinipun/ rikuh dènira lumampah//

49. Kèndêl dènira lumaris/ anèng Dhukuh Kadêmangan/ antara sirêp udane/ kèndêl sami abêdhiyan/ ngiras ngêpe busana/ malêm- malêm sang awiku/ lajêng dènira lumampah//

50. Sinêrang lampahing prapti/ sabêt sapuning Ngamarta/ winangwang sêpi ing wonge/ tan tumingal raja kaya/ ana wisma jênggarang/ tinon saking jaba suwung/ tan ana bawaning janma//

51. Ribèng Baratmadyasiwi/ anggung dènnya ngunandika/ bayèki biyèn tuture/ Ki Prabu Suryaanggana/ tan ana ingkang wing [131] wang/ kunêng gantya kang winuwus/ kinanthi salining têmbang//

~ PUPUH XXII ~

Dalam dokumen SERAT PARTADEWA (Halaman 75-79)