Yen sampeyan duwe akun Google™, sampeyan bisa nggunakake aplikasi Gmail™ ing piranti kanggo maca, nulis lan ngatur pesen email. Sakwise ngatur wiwitan akun
Google™ ing piranti, sampeyan uga bisa ngobrol karo kanca kanthi nggunakake aplikasi Google Talk™, nyelarasake aplikasi tanggalan nganggo Google Calendar™, lan
ngundhuh aplikasi lan game saka Google Play™.
Layanan lan fitur sing diterangake ing bab iki bisa uga ora didhukung ing kabeh negara utawa wilayah, utawa karo kabeh jaringan lan/utawa panyedhiya layanan ing kabeh wilayah.
Ngatur wiwitan akun Google™ ing piranti
1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Tambah akun > Google.
3 Tindakake tuntunan pandhaptaran kanggo nggawe akun Google™, utawa mlebu yen wis duwe akun.
Sampeyan uga bisa mlebu utawa nggawe akun Google™ saka pandhuan atur wiwitan nalika sepisanan nggunakake piranti. Utawa sampeyan bisa nyambung online lan gawe akun ing
www.google.com/accounts.
Kanggo mbukak aplikasi Gmail™
1 Saka Layar Ngarep, tunyuk .
2 Temokake banjur tunyuk Gmail .
Nggunakake email
Nggawe lan ngirim pesen email
1 Pesthekake sampeyan wis nyiyapake akun email.
2 Saka Layar Ngarep, tutul , banjur temokake lan tutul Email.
3 Yen nggunakake pirang-pirang akun email, tutul ing ndhuwur layar banjur pilih akun sing arep dienggo.
4 Tutul banjur tutul Menyang lan tik jeneng utawa alamat email panampa, utawa tutul lan pilih siji panampa utawa luwih saka dhaptar Kontak.
5 Tik judhul email lan teks pesen, banjur tutul .
Nampa pesen email
1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Email.
3 Yen sampeyan nggunakake pirang-pirang akun email, tutul ing ndhuwur layar banjur pilih akun sing arep dipriksa. Yen sampeyan arep mriksa kabeh akun email bebarengan, tutul Deleng gabungan.
4 Kanggo ngundhuh pesen anyar, tutul .
Yen wis nyetel wiwitan akun email perusahaan, sampeyan bisa nyetel frekuensi pamriksa menyang Otomatis (Push).
Kanggo maca pesen email
1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tunyuk Email.
3 Yen nggunakake pirang-pirang akun email, tutul ing ndhuwur layar banjur pilih akun sing arep dipriksa. Yen sampeyan arep mriksa kabeh akun email
bebarengan, tutul Deleng gabungan.
4 Ing kothak mlebu email, gulung munggah utawa mudhun banjur tutul email sing arep diwaca.
Nggunakake panel pratinjau email
1 Saka Layar Ngarep, tutul , banjur golek lan tutul Email.
2 Yen sampeyan nggunakake sawetara akun, tutul banjur pilih akun sing arep dipriksa. Yen sampeyan arep mriksa kabeh akun email bebarengan, tutul Deleng gabungan.
3 Tahan piranti horisontal. Panel pratinjau email katon.
4 Gulung munggah utawa mudhun ing kothak mlebu email banjur tutul email sing arep diwaca. Email mbukak ing panel pratinjau. Kanggo ndeleng informasi liyane bab email, tutul panah mudhun ing jejere jeneng pangirim. Ing kolom teks, jiwit driji loro, utawa biyak, kanggo nyilikake utawa nggedhekake.
5 Kanggo ndeleng email ing format layar wutuh, tutul garis pamisah (sing panggonane ing antarare dhaptar lan awak email) sakcukupe. Ing format layar utuh, gunakake panah ngiwa utawa nengen kanggo maca pesen sing sakdurunge utawa pesen sakbanjure.
6 Kanggo bali menyang tampilan kothak mlebu, tutul garis pamisah sakcukupe.
Sakdurunge nggunakake panel pratinjau, uripake setelan panel pratinjau.
Dhelikake panel pratinjau, tahan piranti vertikal, utawa nggenti setelan panel pratinjau.
Nggenti setelan panel pratinjau email
1 Saka Layar Ngarep, tunyuk , banjur temokake lan tunyuk Email.
2 Pencet , banjur tunyuk Setelan.
3 Tutul Umum > Panel pratinjau, banjur pilih pilihan.
Ndeleng lampiran pesen email
1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Email.
3 Golek lan tutul pesen email sing amot lampiran sing arep dideleng. Email sing nganggo lampiran dituduhake dening .
4 Sawise pesen email mbukak, tutul , banjur tutul Deleng.
Nyimpen alamat email pangirim menyang kontak
1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Email.
3 Goleki lan tutul pesen ing kothak mlebu email.
4 Tutul jeneng pangirim, banjur tutul OK.
5 Pilih kontak sing ana, utawa tutul Gawe kontak anyar.
6 Owahi informasi kontak, yen gelem, banjur tutul Rampung.
Mbales pesen email
1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Email.
3 Ing kothak mlebu email, golek banjur tutul pesen sing arep dijawab, banjur tutul .
4 Tutul Wales utawa Wales kabeh.
5 Ketik balesan, banjur tutul .
Nerusake pesen email
1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Email.
3 Ing kothak mlebu email, golek banjur tutul pesen sing arep diterusake, banjur tutul .
4 Tutul Terusake.
5 Tutul Menyang banjur tik alamat email panampa kanthi manual, utawa tutul kanggo milih panampa saka kontak.
6 Tik pesen teks, banjur tutul .
Mbusak pesen email
1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tunyuk Email.
3 Ing kothak mlebu email, golek banjur tutul pesen sing arep dibusak, banjur tutul .
Ngurutake email
1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tunyuk Email.
3 Yen nggunakake pirang-pirang akun email, tutul ing ndhuwur layar banjur pilih akun sing arep dipriksa. Yen sampeyan arep mriksa kabeh akun email
bebarengan, tutul Deleng gabungan.
4 Pencet , banjur tunyuk Urutake.
5 Pilih opsi ngurutake.
Nlusur email
1 Saka Layar Ngarep, tutul , banjur golek lan tutul Email.
2 Tutul ing sisih ndhuwur layar banjur pilih akun sing arep ditlusur.
3 Tutul .
4 Tik teks telusur, banjur tutul Bukak ing papan tombol.
5 Kasil tlusur katon ing dhaptar sing diurutake miturut tanggal. Tutul email sing arep dibukak.
Kanggo nggenti pilihan tlusur, tutul banjur pilih pilihan sing beda.
Ndeleng kabeh folder ing akun email siji
1 Saka Layar Ngarep, tutul . Banjur goleki lan tutul Email.
2 Tutul ing sisih ndhuwur layar lan pilih akun sing arep dipriksa, banjur tutul maneh lan pilih Tampilake kabeh folder kanggo ndeleng kabeh folder ing akun iki.
Nggenti kekerepan pamriksan kothak mlebu
1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Temokake banjur tunyuk Email.
3 Pencet , banjur tunyuk Setelan.
4 Pilih akun sing arep dianggo nggenti kekerepan pamriksan kothak mlebu.
5 Tunyuk Frekuensi mriksa kothak mlebu banjur pilih salah siji.
Nyetel jawaban-otomatis Out of Office ing akun Exchange Active Sync
1 Saka Layar Ngarep, tutul , banjur temokake lan tutul Email.
2 Pencet , banjur tutul Setelan.
3 Pilih akun EAS (Exchange Active Sync) sing arep dianggo nyetel jawaban otomatis Metu Saka Kantor.
4 Tutul Metu kantor.
5 Tutul ing jejere Metu kantor supaya genti dadi .
6 Yen dibutuhake, tandhani kothak centhang Setel kisaran wektu banjur atur jangka wektu kanggo jawaban otomatis.
7 Tik pesen Out of Office ing kolom teks isi.