Gunakake sambungan kabel USB ing antarane komputer karo piranti supaya gampang ngirim lan ngatur file. Sawise piranti loro mau disambung, sampeyan bisa nyeret lan nyelehake isi ing antarane piranti sampeyan karo komputer, kanthi nggunakake panjelajah file komputer.
Yen sampeyan lagi ngirim musik, video, gambar utawa file media liyane menyang piranti, sing paling apik nggunakake aplikasi Media Go™ ing komputer. Media Go™ ngowahi file media supaya bisa digunakake ing telpon.
Ngirim isi antarane piranti karo komputer kanthi nggunakake kabel USB
1 Nggunakake kabel USB, sambungake piranti karo komputer. Simpenan internal sinambung katon ing garis status.
2 Komputer: Bukak Microsoft® Windows® Explorer saka desktop banjur enteni nganti panyimpenan internal piranti katon minangka disk njaba ing Microsoft® Windows® Explorer.
3 Komputer: Seret banjur selehake file sing disenengi ing antarane piranti lan komputer.
Ngirim file nggunakake mode kirim Media liwat Wi-Fi
®Sampeyan bisa ngirim file ing antarane piranti lan piranti liyane sing kompatibel MTP, kayata komputer, nggunakake sambungan Wi-F®. Sadurunge nyambungake, sampeyan kudu luwih dhisik nggathukake piranti loro kasebut. Yen sampeyan lagi ngirim musik, video, gambar utawa file media liyane ing antarane piranti lan komputer, sing paling apik nggunakake aplikasi Media Go™ ing komputer. Media Go™ ngowahi file media supaya bisa digunakake ing piranti sampeyan.
Supaya bisa nggunakake fitur iki, sampeyan butuh piranti sing mbisakake Wi-Fi® sing ndhukung kirim Media, contone, komputer sing nganggo Microsoft® Windows Vista® utawa Windows® 7.
Nggathukake piranti karo komputer kanthi nirkabel nggunakake mode kirim Media
1 Priksa manawa mode kirim Media ing piranti wis bisa aktif. Mode iki biasane wis bisa aktif kanthi gawan.
2 Sambungake piranti menyang komputer nggunakake kabel USB.
3 Komputer: Sawise jeneng piranti katon ing layar, klik pangaturan Jaringan lan turuti instruksi kanggo nggathukake komputer.
4 Sawise rampung nggathukake, pedhot sambungan kabel USB saka piranti loro-lorone.
Instruksi ing ndhuwur mung bisa digunakake ing komputer sing nginstal Windows® 7 lan komputer disambungake menyang Access Point Wi-Fi® liwat kabel jaringan.
Nyambungake piranti sing digathukake kanthi nirkabel ing mode kirim Media
1 Priksa manawa mode kirim Media ing piranti wis bisa aktif. Mode iki biasane wis bisa aktif kanthi gawan.
2 Saka Layar Ngarep, tutul .
3 Golek banjur tutul Setelan > Xperia™ > Sambungan USB.
4 Tutul piranti sing digathukake sing arep disambungake ing Piranti dipercaya.
5 Tutul Sambung.
Pesthekake yen fungsi Wi-Fi® wis diuripake.
Medhot sambungan piranti sing digathukake kanthi nirkabel ing mode kirim Media
1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Xperia™ > Sambungan USB.
3 Tutul piranti sing arep dipedhot gathukane ing Piranti dipercaya.
4 Tutul Pedhot sambungan.
Medhot gathukan karo piranti liya
1 Saka Layar Ngarep, tutul .
2 Golek banjur tutul Setelan > Xperia™ > Sambungan USB.
3 Tutul piranti sing arep dipedhot gathukane.
4 Tutul Lalekake.
PC Companion
PC Companion iku aplikasi komputer sing menehi sampeyan akses menyang fitur lan layanan tambahan sing ngewangi sampeyan nransfer musik, video lan gambar menyang lan saking telpon. Sampeyan uga bisa nggunakake PC Companion kanggo nganyari
telpon lan entuk versi piranti lunak paling anyar sing kasedhiya. File instalasi kanggo PC Companion disimpen ing telpon lan instalasi dibukak saking telpon nalika disambungake menyang komputer nganggo kabel USB.
Sampeyan perlu komputer sing nyambung menyang internet lan nginstal salah siji saka sistem operasi iki supaya bisa nggunakake aplikasi PC Companion:
• Microsoft® Windows® 7
• Microsoft® Windows Vista®
• Microsoft® Windows® XP (Service Pack 3 utawa luwih anyar)
Miwiti PC Companion
1 Priksa manawa PC Companion wis diinstal ing PC.
2 Bukak aplikasi PC Companion ing PC, banjur klik Start kanggo mbukak salah sawijining fitur sing pengin digunakake.
Media Go™
Aplikasi komputer Media Go™ mbantu sampeyan nransfer lan ngatur konten media ing telpon lan komputer. Sampeyan bisa nginstal lan ngakses Media Go™ saka aplikasi PC Companion.
Sampeyan perlu salah siji saka sistem operasi iki supaya bisa nggunakake aplikasi Media Go™:
• Microsoft® Windows® 7
• Microsoft® Windows Vista®
• Microsoft® Windows® XP, Service Pack 3 utawa luwih anyar
Nransfer konten nggunakake aplikasi Media Go™
1 Sambungake telpon menyang komputer nggunakake kabel USB sing didhukung.
2 Telpon: Ing garis status, Simpenan internal sinambung ditampilake.
3 Komputer: Bukak aplikasi PC Companion ing PC dhisik. Ing PC Companion, klik
Media Go kanggo miwiti aplikasi Media Go™. Ing sawetara kasus, sampeyan
kudu ngenteni Media Go™ diinstal.
4 Nganggo Media Go™, seret banjur selehake file antarane komputer lan telpon.
Nyambungake telpon karo pesawat TV
Sambungake telpon karo pesawat TV kanthi nggunakake kabel HDMI™ (High Definition Multimedia Interface), lan wiwiti ndeleng isi telpon ing layar sing luwih gedhe. Yen nyambungake telpon menyang pesawat TV, aplikasi Galeri bakal mbukak. Aplikasi iki mbantu sampeyan muter file media saka telpon ing TV laning piranti liyane.
Ndeleng isi ponsel ing TV nggunakake sambungan kabel HDMI
1 Sambungake ponsel karo pesawat TV nggunakake kabel HDMI™. katon ing garis status ponsel sawise ana sambungan.
2 Aplikasi Peluncur TV wiwit kanthi otomatis. Tindakake instruksi ing layar ponsel kanggo ndeleng file media ing TV.
Sampeyan perlu tuku dhewe kabel TypeD kanggo HDMI™. Supaya asile apik, gunakake kabel Sony IM-820.
Ndeleng pitulung babagan cara nggunakake remot kontrol TV
1 Seret garis status mudhun kanggo mbukak panel Kabar nalika kabel HDMI™ disambung karo telpon lan pesawat TV.
2 Tutul HDMI disambungake kanggo ndeleng instruksi babagan carane nggunakake tombol kontrol ing remot kontrol TV.
Sampeyan uga bisa menet tombol kuning ing remot kontrol TV kanggo mbukak panel Kabar. Kompatibel karo piranti sing ndhukung BRAVIA Sync. Fungsionalitas winates didhukung ing meh kabeh TV sing ndhukung HDMI™.
Kanggo medhot telpon saka pesawat TV
• Medhot kabel HDMI™ saka telpon utawa pesawat TV.